Kurban Pelanggaran HAM Bakal Nampa Kompensasi

Anyar Katon, Flash - Posted by on July 5, 2012

LIwat anggota Wantimpres, Presiden SBY atasnama negara kagungan niyat arep njaluk ngapura tumrap salwiring pelanggaran HAM Berat pemerintah jaman kawuri. Sing narik kawigaten, lumantar lembagane sing kadhapuk, para kurban HAM mau bakal antuk rehabilitasi lan kompensasi dana (ganti rugi).

 

Luweng Nggrubug ing Semanu (Gunung Kidul), taun 1965 kondhang kanggo mbuwangi wong-wong PKI

NANI Nurani (71) penyanyi Istana jaman Presiden Soekarno, dhek Nopember 2011 wingi gugat menyang Presiden RI. Merga dicap PKI, dipenjara Orde Baru nganti 7 taun, karier PNS-e ilang, hak PNS uga wasalam. Marang Pak SBY sing dadi  Pre­siden RI saiki, dheweke gugat ganti rugi Rp 7,4 milyar. Eman gugatan mau men­tog. Kejaba Pak SBY ora nate ngrawuhi persidangan, pihak Pengadilan Negeri Jakarta Pusat dhewe rumangsa ora wenang ngadili perkara iki.

Banjur saka Rembang (Jateng), Mbah Permadi Waluyo (85), sutresna PS wiwit taun 1955, uga crita nasibe sing ketula-tula. Gara-gara jenenge disebut dadi Ke­tua Seksi Sosial ing rapat SB (Serikat Buruh) Departemen Perhubungan, taun 1965 dipecat saka PNS merga dicap PKI. Kamangka dheweke ora melu rapat mau. Suwalike atasane sing omah dinese di­enggo rapat, malah mung dimutasi. Taun 2004 nate gugat, uga ora ana kabul ka­wusanane. “Kamangka umurku saiki wis 85 taun, selak keburu ngajal,” pratelane Mbah Permadi jroning layange.

Janji aja dibaleni

Lelakone Nani Nurani lan Mbah Per­madi Waluyo sing katur ndhuwur, mung conto sapala tumrap korban pelanggaran HAM liyane sing maewu-ewu gunggunge. Ing awal-awale Orde Baru, pancen akeh banget wong sing cedhak karo Bung Karno banjur disingkirake. Aja maneh sing kelas mentri lan petinggi TNI kelas: Su­bandrio, Chairul Saleh, Achmadi, Omar Dhani, Pranoto Reksasamodra; dalasan wong cilik kaya Nani Nurani mau, merga kerep nyanyi ing Istana kontan dicap PKI. Mangka sa­uger wis dicap mengkono, nga­la­mat bakal tamat karier-e, klebu kulawar­gane pisan.

Ora ana gludhug ora ana thathit, dhek pethite sasi April wingi Albert Hasibuan SH anggota Watimpres (Dewan Pertim­bangan Presiden) mratelakake, menawa Presiden SBY kagungan niyat bakal njaluk ngapura marang para korban HAM Berat pemerintah jaman Orde Baru. Presiden ngendikakake, “Yen sanggan Sejarah Indonesia iki wis bisa dirampungake, ma­sarakat Indonesia mengarep bisa luwih mardika.”

Jinis pelanggaran HAM Berat mau di­sebutake, Tragedi 1965, Kasus Tanjung Priok (1983), Peristiwa 1998 kalebu Kasus Semanggi I-II. Manut Albert Hasibuan SH, Watimpres dinane iki lagi ngimpun draft “permintaan maaf” kasebut. Yen wis di­setujoni Presiden, liwat mandat presiden bakal kadhapuk lembaga sing bakal ngatur cak-cakaning rehabilitasi sarta dana kompensasi; marang para korban HAM.

Komnas HAM lan kalangan LSM (Lem­baga Swadaya Masyarakat) ma­nga­­yubagya banget marang lekase Presiden SBY. Mung poma-dipoma, bab iki dudu mung abang-abang lambe, kudu tuwuh saka ati nurani Presiden SBY dhewe, sarta dudu merga kepentingan politik ngadhepi Pe­milu 2014. “Ning jan-jane ora cukup mung njaluk ngapura, pemerintah uga kudu saguh mberesake asiling penyelidikan kasus HAM Berat sing wis ana,” pratelane Ridha Saleh, Wakil Ketua Komnas HAM.

Cundhuk karo panemune Komnas HAM, Pungky Indarti Direktur LSM Imparsial uga ngajap pemerintahan SBY enggal mbe­resake ganti rugi, kenowa kanggo tamba trauma phisik lan kajiwan kang dadi sang­gane para korban pelanggaran HAM. Jare­­ne Pungky, “Pemerintah saiki uga kudu janji ora bakal mbaleni utawa neniru kalu­putane pemerintahan sing kawuri.”

Tragedi 1965

PKI asli karo sing korban pitenah, dicampur dadi siji, dicidhuk lan digawa menyang Kodim

Senajan janji iki durung kawetu lang­sung saka lesane Presiden SBY, nanging mujudake tengara yen pemerintah bakal migatekake para korban pelanggaran HAM mau. Awit sasuwene iki, kabeh gu-gatan sing magepokan karo bab pelang­garan HAM, racake mung ilang katiyup ing samirana. Aja maneh sing mung kang­gone rakyat umum, salagine nasibe man­tan Presiden RI, Bung Karno, nganti dina­ne iki pemerintah uga durung gelem nja­bel TAP MPRS No. XXXIII/MPRS/1967 sing nyebutake Sang Proklamator mau ke­sangkut G.30.S/PKI.

Yen ana kemajuwan, mbok menawa jaman Presiden Gus Dur. Panjenengane wani bukak pintu; pelarian luar negeri merga dicap PKI, kena mulih lan ora bakal ana tuntutan apa-apa. Jamane Gus Dur uga layang katrangan “Bebas G.30.S/PKI” dijabel, ora perlu diwetokake maneh de­ning pihak kepolisian. Awit jaman se­mana, urusan apa wae kudu sinartan layang “Bebas G.30.S/PKI”. Sing lucu, se­najan rikala peristiwa pembrontakan PKI (30 September 1965) mau dheweke isih ana pucuk pring (durung lair – Red), ba­reng ngurus gaweyan kudu ngompliti layang tandha bersih lingkungan.

Sing jeneng “bersih lingkungan” iku jan sing megah-megahake. Senajan sing kesangkut PKI mung bapake; anak-anake, putune, ponakan dalah mantune pisan, golek gaweyan PNS dadi angel. Menko Polkam Sudomo dhewe marang majalah Tempo (1988) nate ngakoni, cara-cara iku dicakake kanggo nyegah ba­haya latent PKI. “Awit durung ana alat sing krana ditempelake mbathuk, banjur konangan yen dheweke komunis,” pra­tela­ne kala semana.

Banjur pira gunggunge korban pe­langgaran HAM ing “Tragedi 1965” kuwi? Durung tinemu angka sing gumathok. Yen manut data Kopkamtib, ana 1.000.000, sing 800.000 ing Pulo Jawa, sing  200.000 dumadi ing Bali lan Sumatera. Nanging yen manut Oei Tjut Tat SH mentrine  Bung Karno sadurunge ditahan, wewaton release (pratelan resmi) ana 78.000. “Ah, aku ra percaya,” ngendikane Bung Karno  klesak-klesik. “Lha nggih dipingke pitu mawon Pak…..” Wangsulane Oei Tjut Tat maneh.

Kuwi lagi korban “Tragedi 1965”. Yen ditambah karo pelanggaran HAM liyane, bangsane Peristiwa Tanjung Priok, Ta­lang­sari (Lampung), Kasus Semanggi I-II, Timor Timur, Aceh, Petrus (Penem­bak­an Misterius), gunggunge kurban kese­we­nang-wenangan rezim Orde Baru bisa me­lar maewu-ewu. Mula mujudake pita­kon­an anyar, apa sakirane pemerintah sa­iki kuwagang ndhadhagi sakehing ganti rugi sing asipat materi? Awit yen mung Rp 100 yuta upamane, kebangeten se­thi­thik. Nanging yen Rp 1 milyar saben jiwa, keuangan negara apa ora kobol-kobol?

Mandheg ing notifikasi

Albert Hasibuan SH

Mligine para kurban “Tragedi 1965”, dhek taun 2004 wis nate nggugat mantan Presiden Soeharto dalah para peneruse, liwat Lembaga Perjuangan Rehabilitasi Korban Rezim Orde Baru (LPRKROB) sing diketuwani Sumaun Utomo. Taun 2005 wis ngancik notifikasi (pemberitahuan umum) ing PN Jakarta Pusat. Nanging gan­dheng cumpening dana lembaga sarta sithike publikasi liwat media massa, notifikasi kasebut durung bisa dimanger­teni kanthi mratah. Lire, para kulawarga kurban “Tragedi 1965” kasebut arep melu LPRKROB apa ora.

Ana pitung golongan sing gugat ma­rang pemerintah, yaiku: 1. Sing dipecat kantore merga stigma (cap) PKI lan golek gaweyan liyane dadi angel, nuntut ganti rugi = Rp 937.500.000. 2. Sing durung nate entuk pensiun saka TNI/Polri =        Rp Rp 1.562.500.000. 3. Korban litsus (penelitian khusus) sing banjur dipecat merga ora “bersih lingkungan” =             Rp 1.572.000.000. 4. Wong dicabut tunjangan Veteran lan jasa-jasane =      Rp 480.000.000. 5. Wong sing dirampas apa dirusak omah lan pekarangane =      Rp 1 milyar. 6. Wong sing diwetokake saka pendhidhikan utawa ora bisa sekolah merga  dicap  kesangkut  G.30.S/PKI – Rp 2.500.000.000. 7. Seniman sing dijegal kreasi senine = Rp 2.400.000.000 (ditam­bah ganti rugi imateriil Rp 10 miliar).

Angka-angka sing dituntut LPRKROB pancen lumayan, ning pemerintah sakira­ne apa ora kewran? Awit kurban “Tragedi 1965” kuwi maewu-ewu yen durung bisa disebut yutan. Kuwi sing lagi kelangan sum­ber rejekine. Durung karo sing kebacut ke­langan nyawa, saengga kulawarga sing ditinggal kapiran kapirun merga didakwa kapir.

Sing genah, wiwit notifikasi taun 2005 nganti saiki durung ana kabare maneh. Iki nunggal nasib karo Peradilan HAM sing wis nate kadhapuk dhek awal-awale refor­masi, sing saiki uga wis ilang saka pocap­an. Muga-muga wae janjine Presiden SBY maujud dadi kanyatan, saengga yen lereh ing Oktober 2014 mbesuk bakal dikenang rakyate minangka presiden sing paling mer­duli pelanggaran HAM.

(*)