Kesehatan Badan Kuswaraga
Anyar Katon, Kasarasan - Posted by admin on March 20, 2012
Kuswaraga iku kalebu golongane Gendhing Jawa. Kuswa iku tegese mambu (kadalu warsa, basi) ora enak dipangan. Kuswaraga badan basi tegese Nasibe Kurang Becik. Cakepane Bawa Sekar Tengahan Kuswaraga iku mangkene : Sri Mahajawata katong, handaka wulune wrekta? Jrone nendra gung kaepi, buja wreksa kawi wuwus, panggya handika kusuma, bale nata rondon pari, paran margane wak mami, kepithing kang sabeng rawa, nguswa raganta wong ayu.
Tembung-tembung Jawa kang ana ing tembang iku akeh kang dumadi saka tembung garba, tembung wancahan, tembung saroja, wangsalan lsp. Miturut Buku Kembang Setaman (Karyane Mas Suwita) Penerbit Intan Pariwara Taun 1988: Tembung Garba iku Tembung Gembolan (garba tegese weteng, perut, kerep nggembol yaiku nyingitake barang. Tembung Garba tegese ana saweneh aksara kang disingkatake. Contone prapta ing dadi prapteng, narpa endah dadi narpendah, yaiku-yeku.
Tembung wangsalan yaiku unen-unen wujud cangkriman kang batangane wis ana ing ukara kasebut. Contone, Sri Maha Jawata Katong, ratune para dewa iku Bathara Endra. Handaka wulune rekta, kewan bantheng kang wulune abang iku sapi. Banjur dadi ukara: jrone nendra gung kaepi (senajan tilem tansah katon-katonen sliramu dhimas) Buja wreksa iku pang kayu. Kawi wuwus, omongan ing basa Kawi iku ngendika, dadi ukara panggya handika kusuma. Bale nata, omah mbale kagungane ratu iku Pendhapa. Rondhon (ron dhaun) pari arane Dami (damian=damen) dadi ukara: Paran margane wak mami. Kepithing sabeng rawa iku Yuyu, nguswa raganta wong ayu (nasibe ora apik). Nguswa raga yaiku badan kang gandane ora enak. Bau badan tidak sedap. Gandane awak kang ora enak iku mertandani badan ora sehat.
Kesehatan Bau Badan iku dadi rembug gayeng ana Koran Suara Merdeka dina Minggu tanggal 6 Oktober 1991 halaman VI. Saweneh Mahasiswi asmane Novi ing Perguruan Tinggi Swasta Semarang. Dheweke gumun saben uwong kang dicedhaki kok padha nyingkiri. Novi iku cantik ukuran badan tinggi semampai, wajah alus tanpa jerawat. Nanging saiki pacare ngajak putus cinta. Kepiye iki?
Kasus kaya kang dialami Novi iku kerep dumadi marang sapa wae kang kurang njaga karesikane badan. Kejaba gandane badan, kalebu uga gandane mulut kerep nuwuhake halangan pergaulan pasrawungan. Anehe, akeh-akehe uwong kang gandane badane ora sedhep iku ora nyadari. Mula saka iku kita kudu perfect (tliti) marang kahanane badan kita iki. Badan lan sandhangan apa wis resik tenan.
Penampilan iku ora mung butuh necis lan praktis wae. Nanging kejaba perfect kang penting yaiku Sehat! Busana kang rega larang iku ora njamin kesehatan. Kang njamin Kesehatan iku Karesikan lan Heigenitas. Miturut para pakar kesehatan, baune badan iku ora jalaran saka Kringet! Sebab asline kringet kang milir, mili saka badan iku ora ana gandane. Ganda iku dumadi awit lapisan kulit bagean atas ana zat asam. Kringet Asam iku dadi bau.
Lha yen bau mulut iku sebabe uga maneka warna banget. Upamane sebab untune kropos, sebab duwe maag, pileg, fluensa lsp. Sebab saka panganan kayadene daging, jengkol, ikan laut lsp. Lha carane ngatasi yaiku kepiye? Carane yaiku kudu nyingkiri apa wae kang bisa nyebabake ambune badan nyegrak ora enak. Kudu resikan.
Miturut pakar kesehatan Ibu Whenny SK ana ing Koran Suara Karya Minggu tgl 14 Agustus 1983 kaca 2 ngendika yen Bau Badan iku bisa disebabake kringet, utamane kringet kelek lsp. Gandane kringet iku disebabake rasa uwas kawatir, emosi sedhih kang ngluwihi wates, hawa panas lsp. Kabeh iku kudu diwaspadani.
Miturut pengalaman Dina LS ana ing Majalah Ummi Nomer 7/1993 carane nyegah Bau Badan kudu nyegah pangan kang ngandhut Zat Volatil (zat kang gandane ora enak). Gunakna sabun entiseptik.
Rambut kelek kudu diresiki supaya ora dadi sarang kuman. Kelek kang resik uga nyebabake kringet enggal nguap, dadi ora mambu. Migunakake talk kang ora zat parfum nanging duwe zat antiseptic. Ngakeh-akehi ngunjuk banyu putih. Migunakake busana bahan katun sarta nyiriki kain kang ora ngisep kringet. Yen siram migunakake tawas lan godhong suruh. Dhahar sayur sing gandane arum wangi. n

