Ngruwat Pendhapa Pesanggrahan Ambarukmo

Mas Dhalang Ari Gunadi nyiapake wayang sangarep kelir

Ing donyane Pariwisata, Hotel mujudake salah sijine fasilitas pariwisata. Digunake kanggo nginep dening para wisatawan manca apadene ngenggon sajrone tindak wisata. Amrih  wisatawan luwih krasan pihak Hotel banjur nggelar salwiring acara mengku rasa kabudayan. Kayata Beksa Jawa klasik, Dolanan anak, Macapatan. Malahan ana kang nggelar ringgit wacucal. Kaya kang digelar Manajemen Hotel Ambarukmo Yogyakarta durung suwe iki.

Ringgit wacucal njupuk lakon Ar­-juna Wiwaha digelar dina Jemuah Pon wanci jam sanga bengi mapan ing Pringgitan Pendhapa Agung. Pendhapa kang dadi bageyan Pesanggrahan Ambarukmo yasan dalem Sultan Ha­-mengku Buwana V. Wewangunane  di-sampurnakake lan diagem dening Sul­-tan Hamengku Buwana VII nganti sa­-sedane taun 1921. Ing sakiwa te­ngene dina kamardikan RI Pesang­grahan Ambarukmo nate dinggo Kantor Bupati Sleman wiwit taun 1947-1964. Taun 1949-1950 nate dinggo Pendidikan Inspektur Polisi Sek.Pol RI Mertoyudan. Lan dinane iki dadi bageyan manaje-men Hotel Ambarukmo.

Sirah Maesa lagi dikalungi reroncening mlati bawang sebungkul

Dhalang Ari Gunadi (35) nalika di-suwuni priksa sadurunge acara, kan-dha yen lakon Arjuna Wiwaha kang digelar saliyane kanggo narik wisata-wan uga minangka sarana ngruwat Pendhapa Pesanggrahan Ambarukmo. Kang dadi jalaran perlu diruwat, awit GM Hotel Ambarukmo J Sudarsono nate nyumpena weruh kahanane Pen-dhapa kang kebak bangsane alus. Sa-jrone nyumpena uga weruh ana salah sijine pawongan kepethuk sawijining wewejudan buta gedhe nalika methik godhong ing plataran sisih njero Pe-sanggrahan. Kajurung marang sum-pena kuwi, GM Hotel Ambarukmo ban-jur rerembugan lan Mas Manu salah sijine Dosen ing Fakultas Ilmu Budaya UGM. Asile rerembugan bakal nggelar ringgit wacucal njupuk lakon Arjuna Wiwaha minangka sarana ngruwat Pesanggrahan. Gelare ringgit wacucal mirid Naskah Brantakusuman.

Upacara ngubur sirah Maesa

Nalika ditakoni apa bedane Lakon Arjuna Wiwaha naskah Brantakusuman karo naskah liyane, upamane karo naskah Surakarta, dhalang turun telu saka Gita Taryana dhalang asal Bener Tegalrejo Yogyakarta kandha prabe-daning carita, ing naskah Brantaku-suman ana bageyan carita kang ora tinemu ing Naskah Surakarta. Ing kono ana bageyan carita kang njlen-trehake dumadine umpak wot ogal-agil ing tepis wiring kawah candradi-muka. Umpak wujud gunung sakem-baran karan Gunung Sukarini lan Pra-bota sayekti wujud panjalma kwanda-ning Prabu Niwatakawaca sawise kapra-jaya dening Arjuna.Uga bab dumadine Kawah Geni Segara wujud panjalmaning Ditya Kala Mamangdana wadyabala Prabu Niwatakawaca, kang kasil dipateni dening Bathara Bayu.

Mas Ambar mendhem endhog pitik minangka sarana ngruwat

Amarga gelaring ringgit minangka sarana ruwatan, mula sesaji kang disiap-ake kepara jangkep. Mas Manu pangarsa-ning lampah kandha menawa wernane sesaji kabeh ana 13 yakuwi sirah maesa dikalungi roncening mlathi bawang se-bungkul sarta sekar karang melok, tum-peng robyong, tumpeng pungkur, sekul wuduk, sekul punar, apem ketan kolak, gedhang suruh ayu, jenang, jajan pasar, pala kependhem gumantung kesimpar, empon-empon, sarakit gegodhongan pari klapa juwawut canthel sarta kembar ma-yang.

Sajrone lampah Mas Manu sakanca lungguh ngadhep salwiring sesaji kang ka-tata ing sawetan lenggahe Mas Dhalang kepara ngarep simpingan tengen. Anjaga amrih kukuse dupa ratus tan pegat. Uga nyaranani wayang Arjuna apadene Niwa-takawaca nganggo reroncening sekar mlathi. Sajrone lampah Mas Manu kandha yen mripate maesa mili luh mbarengi acara pawiwahan R Arjuna lan Bathari Wara Su-prabha.

Wanci jam sanga luwih telulas menit GM Hotel Ambarukmo J Su-darsono ngeplak kendhang miwiti gelaring ringgit. Mas Dhalang Gu-nadi kang mbengi kuwi ngagem pranakan njabut kekayon lan miwiti lampah kanthi Jejeran Kahyangan Bendarata. Kahyangan Bendarata yakuwi kahyangane Bathara Indra. Ing Mintaraga Gancaran sinebut Indraloka. Dene kedhatone sinebut Maliyarata. Dumunung ing sawe-tane pepucuke Gunung Mahameru.

Prabu Niwatakawaca wawan pangandikan lan R Arjuna

Manut naskah Brantakusuman lakon Arjuna Wiwaha nyaritake dhaupe R Arjuna lan Bathari Wara Supraba ing Bendarata sawise kasil numpes tapis Prabu Niwatakawaca sawadya kang nedya ngung-gahi Jonggringsalaka. Ing lakon kuwi sayekti mengku pralambang jati upayane R Arjuna ngga-yuh ngelmu kasampurnaning rohani. Kayadene le-lampahane Werkudara ngupadi Tirtakaman-danu. Dhaupe R Arjuna lan Bathari Wara Supraba mengku pralambang menawa prabaning jawata wis kasil kagayuh dening R Arjuna sawise purna olehe amangun tapa. Sampurnaning lampah dumadi sa-wise ragane R Arjuna karuwat dening Sang Sukma Sejati. Sajrone ngruwat Sang Sukma Sejati kang ora liya wujud panjalmaning Bathara Guru, mateg Aji Trilokasarana. Unine :

Lah ta yayi Sang Raga Sejati, dhuh ya nora sedya paran-paran, sedya awon nganggur baé, sed-yané manah ulun, aja uga kaduk ing tampi, rèhning juhul manira, lumaku winuruk, tata titining atapa, paran baya kang antuk jati-ning urip, urip aja kapiran.

Lan malih kadi ulun puniki, ayun atakèn marang ing kita, arsa wruhèng jatine, unggwan ulun lumaku, atunggal kalawan kitèki, padholah kapan(dh)itan, nging ulun durung wruh, ing kamukya-ning atapa, sedyèng ulun anedha kita tuduhi, sayogyaning atapa.

Paran mulané kita ateki, teki lampah tekaning mabrata, anir tang bawa kamuktèn, paran kang kita dunung, nga(dh).ep ing twas kang pinusthi, ning driya saprahara, ing yujana luhung, jroning sembah nemu paran, yèn suwunging ahawa tuwas angling, tar pagunèng tapa.

Raga Sejati : Lah ta kakang Sang Suksma Sejati, mawarah ulum wimbaning sabda, adheping tapa datan lèn, Suksma Sejati : leres nggonira muwus, maksih bakal kawruh kitèki, tan tumekèng atapa, lakuné kaétung, katawang ing yujananta, yeku tapa kalampung pañcadriyadi, tan mangkana ri lekas.

Sabdaning guru sampun kawingkis, tatarana tekap ning yujana, nir kanyut solah bawané, baburus tamtam laku, wus tilar sawiji-wijining, wus lilang bras.a warna, tumeka ing suwung, kang kathah katamwèng pa(dh).a, kwèh kasan(dh).ung ing rata tar winigati, tan tuk mukyaning tapa.

Ana kawi kawisésa kaki, dèn prayitna kitèng sariranta, haywa tungkul ing bratané, tanpa gawé ing laku, taha tatar pagawé iki, sida tapa wandénya, tan pened lumaku, brata kang tekèng sunyata, pan swatmaja winisik tapa sajati, kajatèning sarira.

Hèh ta yayi sun warah sayekti, yan tika kaki mungsuhing tapa, karana tan tekèng dwané, kang taki-taki laku, mangro tikang tiga winarni, tan pisah anèng raga, ywa sira trinipun, prasidamaworing tunggal, tan ana pisah tan ana pupul yan ta jati, pan nora patuduhan.

Tiga uriping bawana yayi, panguriping ingkang jagattraya, tatar wenang wighnane, tan pisah ingkang telu, sira kang ta nrak tikang tri, tatar salah adhepnya, sida woring suwung, amroké tan patuduhan, wus kawenang jenenging janotamadi, manungsadikarèngrat.

Pawiwahan rinengga beksan golek Lenggodbawa

Kasampurnan kang anjalari R Arjune sidhik ing paningaling nendra apadene paningaling rasa. Ngerti dunung pangapesane Prabu Niwatakawaca. Kanthi panah Pasopati peparinging dewa bisa nyorog Aji Gineng kang dumunung ing ilate Sang Prabu.  Ilange Aji Gineng anjalari sirnane Prabu Niwatakawaca. Sirnane Prabu Niwatakawaca mengku pralambang sirnane saliring godha rancana sajrone amangun tapa. Kuwandaning Prabu Niwatakawaca kang salin wujud dadi umpak wot ogal-agil mengku pralambang sampurnaning lampah. Awit wot ogal-agil kuwi dadi kori pambuka mahujude kasampurnan rohani. Sampurnaning lampah rohani kapratandha prabaning jawata ngayomi rasaning diri pribadi. Cahyane praba kagambarake lir cahyane mbulan nuju kapurnaman.

Purnaning pawiwahan ing Kahyangan Bendarata, Mas Manu kairing Mas Ambar sakanca ngirit Sirah Maesa tumuju ing plataran sisih mburi. Sirah Maesa banjur kapethak ing jugangan kang jerone kurang luwih semeter. Sawise rinumpaka sekar sari, jugangan kaurug. Sekar sari kasawurake ing ndhuwur punthukan. Banyu tawa kasiramake amrih sesarining lampah manunggal lan pertiwi. Katerusake mendhem endhog pitik cacah lima ing pojokan Pendhapa. Katindake dening Mas Ambar juru kuncine Pesanggrahan Ambarukmo. Katutup atur pandonga ing pojokan Pendhapa sisih kulon dening Mas Manu. Pratandha purnaning lampah ngruwat Pendhapa Pesanggrahan Ambarukmo. Kang rawuh banjur kembul bojana andrawina ing Pendhapa mbarengi mletheking sang surya.***

Tradhisi Riyaya Nyepi ing Tarokan

Tradhisi Riyaya Nyepi ing Tarokan

Anyar Katon, Flash, Kebatinan | Posted by | May 23, 2012

Dhek dina Jemuah Legi, 23 Maret 2012 kepungkur, umat Hindu padha ngra­yakake riyaya Nyepi 1934 Saka. Sedina sa­durunge Nyepi padha ...

Sapepake

Ritual Kungkum, Ngluru Supaya Makmur

Ritual Kungkum, Ngluru Supaya Makmur

Anyar Katon, Flash, Kebatinan | Posted by | March 26, 2012

Kanggo tulak balak prahara sing bakal jumedhul ing taun 2012 iki, Dewi Sri Sapawi, salah sijine spiritual kondhang sing dadi ...

Sapepake