Santosa, Dhalang lan Pengrajin Wayang Thengul

Pak Santosa

Pak Santosa

Arang ana dhalang sing uga pinang­ka pengrajin wayang, apamaneh dadi dha­lang ora mung mligi dhalang sajinis, se­mono uga kerajinan wayang sing digarap.

Nanging ora mangkono kanggone Pak Santosa, dheweke bisa ndhalang lang ngga­we wayang 3 jinis, yaiku pinangka dhalang wayang Thengul. Wayang Krucil lan Wayang Kulit. Kanggo gawe wayang telung jinis mau klebu mumpuni.

Dipethuki ana dalame, Kalangan Ping­gi­ran, Desa Padangan, Kecamatan Pada­ngan, Kabupaten Bojonegoro lagi nggle­put nggarap wayang Krucil lan wayang Thengul pesenane priyayi Bandung sarta pesanane Dinas Kebudayaan lan Pariwi­sata Kabupaten Bojonegoro.

Pak Santoso kang miyos tanggal 16 Agustus 1945 iki, asline pinangka dha­lang wayang Thengul. Wayang Thengul mujudake wayang golek khas Bojone­go­ro. Protholan Sekolah Teknik Negeri (STN) klas loro iki nekuni dadi dhalang wiwit umur 15 taun, yaiku taun 1955-an jaman kuncarane wayang Thengul.

Sekolah ditinggalake banjur nekuni pinangka dhalang wayang Thengul, senajan kala semana isih bocah. Bisa ndha­lang mung sarana tekun nonton pa­gelaran wayang Thengul kang katin­dakake dhalang Samijan sing kondhang kanthi sebutan dhalang Geyer. Dhalang Samijan, mujudake pencipta wayang Thengul, kang tembene dadi ikon Bojo­negoro. Anggone ngripta wayang The­ngul, kadayan saka pagelaran wayang Menak saka Kudus, kang nalika semono sering digelaraken ing wilayah Cepu, Blora.

Menak Jingga, wayang Thengul karyane Pak Santosa

Menak Jingga, wayang Thengul karyane Pak Santosa

Bareng tanggapane dhalang wa­yang Thegul saya laris, Pak Santosa ban­jur yasa wayang dhewe. Taun 1958-1961 Pak Santosa anggone ndhalang nganti tekan Jatirogo, Rengel, Merakurak sali­yane laladan Bojonegoro dhewe. Pra­nya­ta kajaba dadi dhalang wayang The­ngul uga banjur ndhalang wayang kulit taun 1970 lan kang pungkasan pinangka dhalang wayang Krucil taun 2000.

Kajaba nggawe wayang Thengul lan wayang Krucil, uga nate nggawe wayang kulit, nanging mung sak kothak. Wiwit taun 1987 mugen nggawe wayang The­ngul lan wayang Krucil. Durung suwe iki, nampa pesenan rong kotak wayang Krucil lan wayang Thengul saka Pak Abun Ban­dung sarta sak kotak wayang Krucil saka Bupar Bojonegoro.

Pinangka dhalang lan pengrajin wa­yang Krucil, Pak Santosa wis ndhalang lan pameran ana Jakarta antara liya ma­pan ana Taman Mini, ana Monas, me­nyang Bali kaping 3, hotel Hayat Suraba­ya, Taman Budaya Surabaya wis bola-bali, pungkasan sasi Juni 2012 kepungkur pa­meran ana Bali.

 

Pengalaman kang ora bisa dilalekake

Mentahan wayang Thengul lan wayang Krucil

Mentahan wayang Thengul lan wayang Krucil

Pinangka dhalang wayang Thengul kang laris ing taun 1958, nate antuk tang­gapan 8 dina 8 bengi dhur ora le­ren. Ing tanggapan dina kang pungka­san, ana desa Banyu urip, kawengan sing meh ndadekake kedrawasan. Be­ngine bubar ndhalang ana Dhukuh Bru­jul, Padangan sedina sewengi. Esuke dheweke turu, karepe mung sedhela mangka awan iku nganti bengi ndha­lang maneh ana Banyu urip. Turu ana ngomahe Sumadi ing desa Banjarjo, sing duwe omah ngerti yen awan iku isih tanggapan, mula marga turune kepenak ora digugah. Tangi-tangi wis jam loro, kamangka mesthine jam 10.00 kudu wiwit ndhalang. Sing nanggap kongkonan nggoleki, nanging ora ketemu. Ora sabar nggoleki dhewe karo ngancam yen ketemu arep dipa­teni, merga dianggep nggawe wirang. Rong sasinan Pak Santosa dhelikan golek slamet merga digoleki terus karo sing nanggap gagal mau. Wani ndha­lang maneh, bareng wong Banyu urip sing nanggap batal dilakoni mau, mati sawatara sasi candhake.

Damarwulan, wayang Krucil karyane Pak Santosa

Damarwulan, wayang Krucil karyane Pak Santosa

Wis 5 taun iki Pak Santosa ngayahi ndha­lang ing adicara bersih desa utawa manganan ing Kedinding, Desa Ngraho, Kedungtuban, Blora. Saben arep jejer, lam­pune listrik ing papan pagelaran (da­leme Pak Kamituwa) mesthi mati. Let li­mang menitan, urip maneh tanpa didan­ani. Isih ana ing Kedinding iki, yen nggelar wayang Krucil aja nganti ngetokake para­ga ula, amarga mesthi ditekani ula tenan. Mangkono uga pengalamane Pak Santo­so, nalika nggelar wayang kang ana para­ga ula, tanpa dingerteni sangkan parane, dumadakan ana ula ing ngarepe. Bareng paraga ula dicabut ula ing ngarepe mau rumangsane Pak Santosa mletik (menco­lot) ora karuwan parane. Para niyagane ya nggumun.

Manganan ing Gayam, maune ngang­go pagelaran wayang Krucil, nanging banjur ganti kethoprak. Bubar iku, se­dhang panggonane manganan banyune dadi abang. Bareng nanggap wayang Krucil maneh lan dhalange Pak Santosa, banyune malih bening maneh nganti saiki.

 

Pengalaman nggawe wayang

Nate dipeseni nggawe wayang The­ngul karo Pamuji, warga desa Banjarjo Pa­dangan, kang uga dhalang lan pemain wayang wong. Tansah eling dinane wiwit nggawe wayang, dina Jemuah Legi. Pak Santosa nggawe paraga kanggo ratu Sa­brang. Balungan sirah wis rampung. Na­nging esuke nalika arep digarap maneh, ndadak bojone Pamuji njaluk wayang siji mau ora entuk diterusake lan supaya di­bu­wang menyang bengawan. Ditakoni, kena apa ora oleh diterusake, bojone Pa­muji mung ngomong “Pokoke ringgit sing sampeyan garap dhek wingi sonten am­pun diterusake, sampeyan larung dha­teng bengawan”.

Pak Santosa lagi ngecet wayang Thengul

Pak Santosa lagi ngecet wayang Thengul

Marga adreng panjaluke lan katone ngandhut bab-bab kang ora nalar, wayang klakon dibuwang menyang Kali Budhug, anak bengawan Solo ing tapel wates desa Kuncen karo Banjarjo. Nanging esuk ba­reng arep nggarap maneh, endhas wa­yang ratu sabrangan sing wingi sore dibu­wang ana kali Budhung, wis gumlethak campur bebakalan wayang liyane. Pak Santosa kaget, apamaneh bareng bojone Pamuji mara lan kipa-kipa, supaya wa­yang mau dibuwang, embuh menyang endi terserah. Akhire wayang digawa Pak No, menyang Balun. Embuh kawusanane kepriye.

Kapindho, Pak Santosa dipeseni puna­kawan Sabdapalon-Nayagenggong karo Gatot Sudjarwo, budayawan/uga pelestari wayang Krucil. Wayang Sabdapalon meh dadi, Pak Santosa malah perangan udel. Nalika natah, dumadakan mletik metu ge­nine. Diambali maneh, uga mangkono ma­­neh. Panggarepe dilereni, sesuk arep dikandhakake sing pesen.

Bengine Pak Santosa ngimpi, ing pe­ka­rangane ana pawongan angon jaran. Di­takoni (sajrone impen) jare ngaku utusane Mbah Gusti, mundhut banyu de­gan ijo. Esuke Pak Santosa langsung me­nyang omahe Pak Gatot Sujarwo, kandha yen ora wani nerusake natah wayang Sab­dapalon. Akhire wayang dipundhut pak Gatot, lan nganti saiki kasimpen.

Mangkono pengalaman nyalawadi nalika nggawe wayang. Sing nggelakake, dhek taun 1980-an, puluhan asil karyane wayang Krucil digawa kanca menyang Bali jare arep didolake, pranyata sak sen bae ora entuk dhuwit. Sing dadi keprihatinane Pak Santosa, angel nganakake regene­rasi. Kamangka yen ditekuni, dadi peng­rajin wayang Thengul apadene wayang Krucil, bisa ngayani. Eman durung ana ge­nerasi enom sing ketarik dadi peng­rajin. (J.F.X. Hoery)

 

Candhi Sukuh, Wujud Protes Sosial

Candhi Sukuh, Wujud Protes Sosial

Anyar Katon, Kawruh Sapala | Posted by | March 18, 2013

Candhi Sukuh sing dumunung ing Dusun Sukuh Berjo Ngargoyoso Karanganyar Jawa Tengah klebu candhi Hindhu sing unik. Awit cakrike beda ...

Sapepake

Miyak Misteri Jenglot lan Bethara Karang

Miyak Misteri Jenglot lan Bethara Karang

Anyar Katon, Flash, Kawruh Sapala | Posted by | March 14, 2013

Akeh wong kerep ngomongke bab mahkluk gaib sing jenenge Jenglot lan Bethara Karang, nanging mbokenawa ora akeh wong  mangerteni kahanan ...

Sapepake

Omah UGM, Punjering Gerakan Pusaka

Omah UGM, Punjering Gerakan Pusaka

Anyar Katon, Flash, Kawruh Sapala | Posted by | March 5, 2013

BIYASANE jeneng ndalem joglo ing Kotagede, Yogyakarta kanthi asmane para piyayi kang kagungan dalem iku. Kaya ta Ndalem Proyodranan merga ..

Sapepake

Angele Ngrumat Naskah Kuna ing Museum Sonobudoyo

Angele Ngrumat Naskah Kuna ing Museum Sonobudoyo

Anyar Katon, Flash, Kawruh Sapala | Posted by | February 12, 2013

Muji Kartono, saka bagian Laborat Museum Sonobudoyo KANGGONE Pardiyono (55) staf bagian Pustaka Museum Sonobudoyo, Yogyakarta, naskah utaw

Sapepake

Page 1 of 1012345...10...Last »