Pusat Pusering Kesehatan Medis Iku Ruhani
Tembung Ruhani iku dumadi saka Lingga RUH. Iki basa Arabia, ing basa Jawa disebut ROH. Sarehne Ruhani iku dadi Pusat lan Sumbere Kesehatan Kedokteran, mula yen kepengin Sehat Lahir lan Batin kudu mangerteni ing babagan ROH iki. Mulane ROH iku dadi sengkerane Allah swt. Al Qur’an 17:85 ana Nash kang tegese ngene: Roh iku saweneh prakara Sengkerane Allah swt. Manungsa iku mung diparingi pangerten lan kaweruh bab ROH mung sithik wae.
Apa satemene ROH iku? Roh iku kalebu barang Ghaibiyah. Barang Alus kang ora bisa sinawang mawa Pacandriya. Senajan ora katon, nanging Bisa Dirasakake Daya Pengaruhe yaiku Rasa Sejatine Hurip. Akal lan Nalare manungsa iku ora bakal gaduk mikirake ROH. ROH iku kerep disebut JIWA. Akeh banget maceme Ilmu Jiwa kaya dene Psikologi Wanita, Psikologi Remaja, Psikologi Etnis, Psikologi Empiris, Psikologi Individual, Psikologi Sosial, Psikologi Metafisis, Psikologi Pedagogis lsp. Nanging jiwa iki dudu ROH.
Para sarjana beda-beda anggone merdeni ROH kuwi. Miturut Syekh Mushtafa Al Hadidi Atthoir ana ing Kitab Penyuluh Arwah (Penerbit Pustaka Amani Tahun 1987 Masehi) kaca 21: Roh itu zat yang halus dan transparan merayap diseluruh tubuh manusia. Miturut N.A.Baiquni dkk ana ing Kitab Kamus Istilah Agama Islam (Penerbit Indah Surabaya Taun 1996 Masehi) kaca 387: Roh (Rohani) adalah susunan Badan Halus dan Ghaib yang keberadaanya menjadi syarat utama manusia bisa hidup di dunia ini.
Apa ta Nupus iku? Katerangane Abdul Qodir Hassan ana Kitab Qamus Al Qur’an (Penerbit Tinta Emas Jakarta & Al Muslimun Bangil Taun 1977 Masehi) kaca 225. Nufus iku Para ROH. ROH kang akeh jinise. Kumpulane ROH. Nupus iku Angin kang metu ngiwa nengen ing badan. Nunggal ing Keteg Gulu. Plawangane ing Mripat. Nupus iku Taline Rahsa yaiku Getih. Mapan ing Manah Fuad yaiku Getih Putih. Nupus iku Woding Jantung. Nupus iku Carbon Oksigen (CO2). Nupus iku Zat Asam Arang.
Kocape Napas iku duwe Tuntutan marang Manungsa. Kitab Tarjamah Duratun Masihin (Mutiara Nasihat/Pitutur Luhur) karyane Abu Romadhon (Penerbit Mahkota Surabaya Taun 1987 Masehi) kaca 1044 nerangake mangkene. Setiap jam orang bernapas sebanyak 180 kali. Maka sehari semalam orang bernapas sebanyak 180 x 24 jam = 4320 napas. Setiap Napas ada Tuntutan dua macam. Pertama, setiap menghirup oksigen adalah menggunakan milik Allah swt. Apa balasan amalnya manusia? Kedua, setiap keluarnya napas adalah membuang Asam Arang yang mengotori bumi milik Allah swt. Lalu apa balasan amal manusia?
Ana ing Kitab Pintar Agama Islam karyane Syamsul Rijal (Penerbit Cahaya Salam Taun 2007 Masehi) kaca 593 ngrembug bab Angin. Sawutuhe mangkene. Bayangkan betapa panas terik Mentari, waktu siang hari yang menyengat tanpa kompromi itu. Apa lagi jika tidak dibarengi Angin Segar Sepoi Basah. Mulane Angin kuwi mujudake rahmat kang gedhe gunane saka Allah swt. Ana kalane Angin iku nggawa mendhung kang nyebar udan. Mendhung digawa Angin iku ana kalane ngusung Salju kang manfaat kanggo manungsa (Q 24:43). Angin iku uga wigati kanggo ngawinake sarine kembang kang kanthi mangkon wit-witan kasebut bisa duwe woh (Q 15:22)
Ana ing Kitab Amazing Secrets of Mistic East karyane Dr. Norvell (Penerbit Dahara Prize Taun 1999 Masehi) ngrembug Daya Prana (Pernapasan). Kocape Napas iku bisa Nyambung Micro Cosmos (Manungsa) karo Macro Cosmos (Jagad Raya) kang aweh daya pangari bawa ing panguripan alam ndonya iki. Daya Kosmis kuwi nyinari lan madhangi Badan, Batin, lan Rohe Manungsa. Dr. Norvell uga nerangake yen Alam Semesta iku uga duwe Kecerdasan Kosmis, Energi Kosmis lan Sinar Astral. Sinar iku Cahya, Astral, Astro, iku Kartika, Lintang. Sinar Astral iku ana warna sanga, yaiku: biru, kuning, ijo, abang, ungu, dadu, ultramaria, ireng lan putih.
Warna Biru iku dadi pralambang urip mulya kebak barokah saka Allah SWT. Biru iku nuduhake rasa Ayom lan Ayem. Tentrem dene rupa Kuning iku mujudake isyaroh Rasa Bagya Mulya ora ana kara-kara. Kuning iku sanepane Kencana Rukmi, Logam Emas kang larang regane. Kuninge ora bisa luntur, tansah panggah sumorot ora owah. Warna Ijo iku mujudake sasmita sumbere Penyembuhan Penyakit, obat mujarab mungguhe suker sakit, satemah badan dadi seger sumyah kabak barkah. Warna Ijo iku Warna Surga lambang wit-witan kang hayom seger waras. Warna Ijo iku sipate nyedhot hawa panas. Mulane yen ngayom ing ngisor wit-witan krasa luwih seger katimbang yen ngeyub ing ngisor gentheng. Ijo royo-royo kanggo ngaso anggloso.
Warna Abang iku lambange Katresnan. Abang iku uga lambang wani lan kendel. Mula uwong yen pas nandhang kasmaran kaduk tresna, anane mung kendel lan wani samubarange. Abang iku uga tandha larangan, stop kudu mandheg aja mbacut. Warna Wungu iku wujud pasemon ROH kang anteng. Warna Dadu (Oranye) iku lambang remaja. Warna Ultramarin iku semioka saka kasugihan. Warna Ireng iku pasemon Abadi ning negatif. Putih iku Resik, Positif lan Kabecikan. Ing babagan kesehatan, warna wolung warna iku perlu tumrap badan. (*)
Suplemen Napas kang Sehat Sampurna
Ing wulan kepungkur wis dakaturake Kesehatan Daya Prana mawa gaya Elementer (Ringkes lan Prasaja). Ing artikel kono dakaturake mung pokok-po
Ilmu Pernapasan SHAHO LIN Ngumpulake Hawa Murni
Tembung Hawa Murni iku ing Buku Pernapasan Shaho Lin disebut Unsur JI. Carane migunakake Telapak Tangan supaya Gelombang Arus JI ...
Hawa Esuk Pernapasan SHAHO LIN
Hawa Esuk iku seger lan resik. Becik banget kanggo kesehatan jasmani lan rohani. Majalah Tarbawi tanggal 3 Maret 2005 Masehi ...

