Jemek Supardi, Kesenin Nylametake Uripe

Anyar Katon, Flash - Posted by on April 1, 2013

Ora akeh seniman sing konsisten nggilut kesenian sing jenenge pantomim. Jemek Supardi, klebu salah sijine. Ing kutha Yogja, malah ing Indonesia, jeneng Jemek Supardi iki klebu seniman pantomim tulen. Bisa diarani, pantomim kuwi wis dadi dalan uripe Jemek.

 

"Aku ora arep leren main pantomim sak durunge mati," akune Jemek

“Aku ora arep leren main pantomim sak durunge mati,” akune Jemek

“Aku ora arep leren main panto­-mim sak durunge mati,” akune Jemek serius.

Lha, sakdurunge jago pantomim kaya saiki, Jemek sing rambut ngarepe dicukur plonthos niru Jet Lee iki pra­-nyata duwe sejarah urip sing burem. Jemek cilik urip njegur ana ruwete Pra­­wirotan, terminal bis kutha Yogja wektu kuwi.

Umume  pawongan sing urip ana jagade terminal, Jemek ngrasakake banget rekasane urip. Nalika bengi, Jemek ngebyar ngentekake wengi ana Stasiun Tugu. Awane, Jemek adus kri-nget dadi tukang parkir ing Malioboro. Nyopet ing Sekatenan, cliwik, main ker­tu, lan srawung klawan wong we­­dok nakal ing rel sepur, kabeh mau wis dadi donyane Jemek.

Kali Gajah Wong uga dadi salah sijining papan pantomime Jemek

Kali Gajah Wong uga dadi salah sijining papan pantomime Jemek

Amarga lelakon urip sing burem iki. Jemek sing lair ing Pakem, Sleman, Yogyakarta, 4 Maret 1953 iki, wusana-ne anggone sekolahe mawut. Nalika SD, Jemek ora munggah kaping telu. Dheweke mung lulus SMP, kuwi wae sak uwise ping pitu gonta-ganti se-kolahan, lan telung sasi ngicipi sekolah ana Jurusan Seni Lukis Sekolah Me-ne­ngah Seni Rupa Indonesia.

Ananging dalan uripe Jemek wu-sanane malik. Kuwi mau kabeh amar­­-ga dheweke kenal marang sing je­-nenge kesenian. Critane, udakara ing taun 1970-an, Yogya kuwi kutha seni sing grengseng. Malioboro dikebaki seniman rambut gondrong lan urakan.

Sakdurunge nggilut ana jagad kesenian, Jemek ngakoni menawa uripe mrosal

Sakdurunge nggilut ana jagad kesenian, Jemek ngakoni menawa uripe mrosal

Ing Malioboro iki, seniman kayata Ashadi Siregar, WS Rendra, Emha Ainun Nadjib, Adi Kurdi, Azwar AN, utawa Linus Suryadi AG asring nong-krong. Jemek gumun nyawang para seniman kuwi. Jemek cubriya, aja-aja wong-wong mau bajingan kaya dheweke, sing mbeba­-yani lan kudu diawasi solah bawane.

Ananging mbasan ngerti menawa wong-wong kuwi seniman, sing ‘egaliter’ lan gampang srawung marang wong-wong pinggiran, Jemek dadi sansaya ketarik. Teater sakbanjure Jemek eloni, kanthi nggabung marang maneka kelom-pok teater, kayata Teater Alam, Teater Dinasti, lan Teater Boneka. Ananging Jemek ngakoni, dhe-weke ora kuwat ngapalake naskah. Teater sing ngandelake marang dialog, pranyata ora cocog kanggone Jemek. Dheweke paling-paling kebageyan peran sing ora perlu dialog. Peran sing ora perlu dialog mau, banjur dikembangke Jemek, sing saiki sinebut pantomim mau.

Sajroning sesasi, paling akeh Jemek main pantomim kaping pindho

Sajroning sesasi, paling akeh Jemek main pantomim kaping pindho

Lha, kapan sakjane Jemek pisanan pentas pantomim? “Per-sise aku lali. Nek ora salah, kira-kira taun 1976. Wektu kuwi, pi-sanan aku melu pentas pantomim ana Teater Alam pimpinane Azwar AN, judule Malin Kun-dang. Pentase ing Ge-dhung Seni Sono, Yogja. Ing pentas kuwi, Aku ora ketok wutuh. Sing ketok mung tangan karo sikil thok. Wektu kuwi aku mung dadi figuran sing meranake obahing banyu. Saka kono aku banjur mangerteni fil-safate banyu. Urip iki pancen kudu kaya ba-nyu, mili ana ngendi wae menawa diperlokake,” tuture Jemek.

Ana ing Teater Alam mau, jeneng Jemek ‘di-baptis’ dening  Supardi. “Aku diparapi Jemek amarga menawa main pantomim, senengane ngguling-guling ana panggonan sing teles,” akune Jemek mbukak wadi.

Kinanti Sekar Rahina, dadi tamba atine Jemek lan Treeda

Kinanti Sekar Rahina, dadi tamba atine Jemek lan Treeda

Saka main pantomim mung samben  ngisi ing maneka acara, wusanane Jemek pentas tunggal taun 1979 ing Seni Sono, Yogya. Sakbanjure, puluhan karyane lair. Pantomime Jemek kerep kebak sensasi. Dheweke seneng main pantomim ing papan-papan sing ora semesthine. Misale ing uwuh, kuburan, sepur, kali, ndalan, utawa ing Rumah Sakit Jiwa, Magelang.

Pagelaran pantomime Jemek sing ora kalah nggegerake yaiku nalika dheweke mentasake ‘Bedhah Bumi’ ing taun 1998. Ana ing pentas kasebut, Jemek ‘mati’ lan ‘dikubur’ ing kuburan Kintelan, papan para pahlawan Revolusi disarekake. Ana 10 tukang becak sing disewa Jemek kanggo nggawa 10 bandhosa. Salah siji-ne bandhosa mau isine Jemek. Tekan ing kuburan Kintelan, 10 bandhosa mau di-delehake, lan modin macakake donga kanggo wong mati.

Rampung modin ndonga, mak jega-gik Jemek metu saka bandhosa mung blebetan nganggo mori. Dheweke banjur mubeng kuburan lan nakoni kijing-kijing sing bisu kuwi: ana ngendi kuburku?

Diparapi Jemek amarga senengane ngguling-guling ana panggonan teles

Diparapi Jemek amarga senengane ngguling-guling ana panggonan teles

Lha, ngomongake bab kuburan, sakteme-ne ora nggumunake menawa kuburan kuwi dadi inspirasine Jemek dadi pantomim. Mak-lum, kuburan kuwi papan sing wis rumaket kanggone dheweke. Malah, saka kuburan iki dheweke tau entuk re-jeki sing ora sithik kang-go nyambung uripe.

Jemek nyritakake, ora suwe bubar pras-tawa G30S PKI, ana kuburan Belanda ing daerah THR, Yog-yakarta sing dibongkar. Kuburan kuwi arep didadekake terminal. Wektu kuwi Jemek durung nyegur ing donya kese-nian, umure lagi udakara 19 taun.

Awan-awan, Jemek melu ndelok kuburan-kuburan kuwi dibongkar. Bengi-ne, Jemek bali maneh nuju kuburan, lan mbongkari bandhosa-bandhosa Belanda mau. Nalika bandhosa kuwi kebongkar, jrangkong-jrangkong me-nungsa ketok ngawe-awe.

“Rasane kaya ngalami dhewe ana ing film-film horor,” ujare Jemek. Dhe-weke gage-gage nglumpuk-ake barang-barang, kayata salib, ali-ali, utawa barang penganggo liyane. Malah, gejengan bandhosa uga di-sikat Jemek. Kabeh barang colongan mau miturut Je-mek klebu barang antik saka Belanda. Esuke, kanthi gam-pang Jemek adol barang-barang antik mau nanggone sindikat barang-barang antik. Jemek suwe nglakoni gaweyan sing serem banget kuwi.

“Kancaku nyolong, akeh sing banjur lara. Critane, dhemit-dhemit mau padha nesu. Lha, aku sehat-sehat wae,” akune Jemek.

Jemek seneng main pantomim ing papan-papan sing ora semesthine

Jemek seneng main pantomim ing papan-papan sing ora semesthine

Ana maneh crita sing lucu, piye usile Jemek nggunakake kuburan Belanda kanggo nyadhong rejeki. Ana ing kuburan sing biasane Jemek operasi, ana kijing sing dikramatake. Miturut kabar, ing kijing mau disare-kake wong Belanda sing jenenge Tuan Joni.

Mangkakna, miturut Jemek, neng kono wis ora ana maneh jisime Tuan Joni. Saben malem Jumat Kliwon, ana pengusaha Cina sing ziarah ing ku-buran Tuan Joni kuwi. Didherekake Pak Darno si juru kunci, pengusaha Cina mau menehi sajen sing dise-nengi Tuan Joni nalika urip, yaiku me-nyan, kembang setaman, buah-buah-an, wiski lan cerutu.

Jemek namatake, sakuwise ngun-tapake bali pengusaha Cina mau, Pak Darno banjur njupuk sajen kuwi. Mula, saben malem Jumat Kliwon, sakdurunge juru kunci lan pengusaha kuwi teka, Jemek ndhelik menek wit ringin.

Nalika juru kunci nguntapake peng-usaha kuwi bali, Jemek medhun saka wit ringin, banjur nyaut sajen, digawa lunga. Pak Darno gumun campur wedi, aja-aja ana dhemit sing njupuk sajen mau.

Jemek dadi cucuk lampah ana acara musik Ngayogjazz

Jemek dadi cucuk lampah ana acara musik Ngayogjazz

Kedadeyan kuwi kaambal kaping telu. Pak Darno suwe-suwe cubriya, mesthi ana menungsa sing nyolong sajene. Mula, Pak Darno nggoleki mrana mrene, wusanane nemokake, malinge kuwi Jemek. Pak Darno ora duwe alasan nesu marang Jemek. Sebab, miturut Jemek, Pak Darno wis ngapusi pengusaha Cina kuwi.

Wusanane Pak Darno lan Jemek kompak. Saben ana sajen kanggo Tuan Joni, sajen kuwi dibagi loro karo Jemek. Saben malem Jumat Kliwon, Jemek mesthi entuk jatah kayata wiski utawa cerutu, tanpa dheweke kesel-kesel menek wit ringin lan dadi ‘dhemit’.

Mula, Jemek muji syukur banget nalika ketemu marang sing jenenge ke-senian. Akune Jemek, sing nylametke uripe iku kabeh amarga kesenian. “Ana-nging, ora ateges karana kesenian aku bisa mari total saka tumindak elek. Ora, tekan saiki aku ora rumangsa mari total.  Kanggoku, bisa nyuda anggone tumindak elek kanggoku wis cukup, kok, arepa mung sethithik,” imbuhe Jemek.

Jemek nyritakake, sakdu-runge nggilut ana jagad kese-nian, Jemek kondhang bocah enom sing uripe mrosal, se-neng kerengan, brandhalan, lan seneng kluyuran ing wa-yah wengi. Jemek ora ngerti, kena apa nalika enom dhe-weke kecegur ana donya sing peteng mau. Ing donya pe-teng kasebut, dheweke duwe ‘bakat’ nyopet. Amarga se-neng kluyuran bengi lan wulete anggone nyopet, Jemek diparapi Kampret. Sa-nadyan awake cilik methisil, Pardi Kampret iki padha di-wedeni kanca-kancane ing Geng Lawa Ijo. Maklum, Je-mek Kampret iki pancen licik nalika nyopet. Jemek wasis banget mraktekake teknik-teknik nyopet, kayata ngutil barang utawa pangan, lan ngemut leseh (nyopet dhompet).

Wis tau, Jemek nyoba ngutil galun-dheng ing Pasar Bringharjo. Galundheng iku dibuntel ana njero plastik. Plastik siji isine rolas galundheng. Miturut teknik ngutil, kudune dheweke njupuk plastik sing paling dhuwur. Amarga kesusu, Jemek malah njupuk sing paling ngisor. Akibate, tumpukan galundheng mau bubar, ngglundhung kabeh. Sing dodol dadi ngerti, bengok-bengok lan ngoyak Jemek. Untunge, wektu kuwi Jemek ora kecekel.

Jemek klawan anak bojone, Sekar lan Treeda

Jemek klawan anak bojone, Sekar lan Treeda

Ananging, ana wae dina apese Jemek. Dheweke wis tau kecekel ing Cirebon. Malah, Jemek uga wis tau ‘nginep’ ana Polsek Ngupasan seminggu suwene. “Idhep-idhep ngaso,” ujare Jemek nyrita-kake dina apese mau.

Jemek ora mung sugih pengalaman bab nyopet, ananging uga tumindak mro-sal liyane. Misale, ing dhaerah kekuasa-ane, ana wong wedok nakal sing kon-dhang ulet lan kuwat. Kanca-kancane Jemek ngajak ‘kencan’, bubar kuwi nyoba ngapusi, supaya bisa ora mbayar. Ana-nging kanca-kancane Jemek ora kasil, mangkakna, kanca-kancane Jemek mau kondhang jago ‘menggratiskan diri’ bab kencan klawan wong wedok nakal. Jemek penasaran, dheweke yakin bisa ngakali wong wedok kuwi.

Lha, sawijining bengi, wong wedok nakal mau digawa Jemek ana emperan sekolahan. Bubar kencan, Jemek ora langsung mbayar. Dheweke omong, arep adus dhisik ana sumur. Wong wedok kuwi ora gelem ngeculake, lan ngetutke Jemek nuju sumur. Nalika Jemek nimba, wong wedok mau ngrangkul kenceng-kenceng, sumelang yen Jemek bakal mlayu. Jemek ora kentekan akal. Ember isi banyu sing ditimba durung tekan ndhuwur, “Gejengke timbane iki dhisik, aku tak mbenakke kathok,” ujare Jemek sing kathoke arep mlotrok.

Kepeksa wong wedok nakal mau nyekeli timba, kanthi mengkono anggone ngrangkul Jemek diuwali. Jemek ora ngunggahke kathoke, ananging nglungani wong wedok mau karo tangane dhadha. Amarga wedi konangan sing jaga sekolahan, wong wedok mau ora wani mbengok. Menawa tali timba diculake, suwarane bakal jumegur, lan sing jaga sekolahan bakal ngonangi. Kanthi ati sing ngondhok-ondhok, wong wedok mau kepeksa terus nimba, sinambi meruhi Jemek ngece lan nglungani dheweke. Jemek pancen Kampret tenan.

Makelar Bandhosa

Kinanti Sekar Rahina, anake Jemek

Kinanti Sekar Rahina, anake Jemek

Kanggone Jemek, urip mung ngendelake bayar saka main pantomim jelas ora cukup. Diakoni Jemek, seni pantomim iki arang banget dipentaske. Sajroning sesasi, paling akeh Jemek main pantomim kaping pindho. Malah, kerep-kerepe sesasi kuwi ora main babar blas.

“Menawa ana tanggapan, biasane aku dibayar Rp 500.000,- Duwit semono kanggo urip sesasi jelas ora cukup. Karana kuwi, Jemek perlu gawean sambilan sing cemepak ana ngarepe.

“Aku nyambi dadi makelar bandhosa. Lumayan, saka bandhosa sing payu, aku entuk komisi 10 %,” akune Jemek. Makelar bandhosa iki pranyata nulung banget marang ekonomine Jemek.

“Biasane, wong golek bandhosa kuwi ing wayah bengi, mangkakna tokone wis tutup. Lha, aku banjur nglantarake, ndhodhoki toko bandhosa mau. Sakuwise dol tinuku rampung, aku entuk komisi saka sing tuku lan sing dodol bandhosa.

Pancen, dadi menungsa iku angel. Paling ora, lelakon kuwi sing dialami Jemek saksuwene uripe iki. Ananging, angel apa gampang, dheweke wis ditakdirke dadi menungsa. Karana kuwi dheweke gelem ora gelem kudu nampa.

Contone nggon babagan ekonomi, waton bisa nyukupi kanggo sedina iki, miturut Jemek kuwi wis cukup. Prinsip urip sing sakmadya iki temtu ora bisa uwal saka sejarahe Jemek dhewe. Dheweke nampa rekasane golek dhuwit kuwi wis dadi dalan uripe. Karana kuwi, Jemek duwe prinsip sing sederhana: ora sah mikir piye sesuk, waton dina iki ana sing dipangan, kuwi wis cukup.

Jemek ngakoni, lelakone jaman biyen pancen burem. Ora mungkin dheweke bisa uwal nyingkiri karmane lelakon. Mula Jemek pasrah lan nampa, menawa pacoban kuwi tetep ngetutake uripe. Pancen, tekan saiki Jemek isih dicoba maneka perihe urip. Treeda, bojone sing banget nresnani lan ditresnani Jemek, amarga lelakon abot sing dialami keluwargane, banjur keserang dhepresi. Menawa kumat, bojone Jemek iki sok-sok tumindake nganeh-anehi.

Bejane nalika sehat, Treeda Mayrayanti iki bisa nglukis kanthi normal. Jemek lan Treeda sansaya syukur maneh, amarga sakloron diganjar anak wedok sing sehat, ayu, lan bekti marang wong tuwane. Anake Jemek lan Treeda mau jenenge Kinanthi Sekar Rahina. Sekar, mangkono dheweke kulina diundang, yaiku lulusan saka Institut Seni Indonesia jurusan tari. Ing kutha Yogja, Sekar klebu penari sing laris ngisi ana maneka acara. Kabeh mau dadi tamba atine Jemek lan Treeda.

Ketimbang biyen, uripe Jemek saiki wis luwih temata. Kala-kala, lukisane Treeda payu. Kala-kala, Jemek entuk rezeki saka anggone pentas pantomim, utawa makelar cilik-cilikan. Kanthi rezeki sing ora ajeg mau, Jemek lan Treeda nglakoni uripe. *** (Agung Hartadi)