Ipat-ipat Setu Paing

Cerita Cekak - Posted by on August 16, 2011

Nalika Rara Sukartiyah teturon marga kesel nggagas na-sibing urip, utusan saka Pajang kang dipandhegani de­ning Tumenggung Surapati mlebu ing pendhapa kadi­paten Wirasaba. Adipati Wi­rasaba kang wektu semono lagi lenggahan ing pendha­pa sinambi ngrungokake ocehing manuk kang abur-aburan ing pang mbagek­ake kanthi gupuh.

“Mangga-mangga teras kemawon mlebet ing pen­dhapa. Lho iki kaya adhimas Tumenggung Surapati,” aloke kanjeng Adipati karo ngrangkul tamune kang pan­cenwisdiwanuhi nalika isih dadi prajurit ing Demak Bintara.

“Iya kakang adipati, aku sing pancen dipercaya minangka duta­ning ratu dening njeng sultan supaya mlaku-mlaku menyang Kadipaten Wi­rasaba kene”, Tumenggung Surapati genti nyalami Adipati Wirasaba.

Sawise tuntas kringete utusan saka Pajang lanwisdisugata ngunjuk karo dhahar, Kanjeng Adipati Wirasaba Wargahutama pengin ngerti apa mak­sude para utusan saka Pajang rawuh ing Kadipaten Wirasaba.

“Adi Surapati,wissuwe aku ora ke­temu sliramu. Paling ora saploke kapra­jan pindhah saka Demak Bintara me­nyang Pajang. Amarga nalika iku, aku ketemu karo sliramu nalika sowan Sultan Trenggana ing Demak Bintara. Lha saiki apa darurane sliramu kang ngga­wa prajurit pengawal mlaku-mlaku me­nyang tlatah Wirasaba”, takone Adipati Wargahutama.

“Aja kurang ing pamengku kakang adipati, sepisan aku diutus kanjeng Sultan Hadiwijaya kon nliti wilayah Pajang sisih kulon. Kaping pindho, aku dadi du­taning nata supaya sacepete kakang adi­pati sowan menyang Pajang, yen bisa bebarengan karo rombonganku. Kaping telu, kanjeng sultan uga prentah, mena­wa kakang adipati sowan Pajang supaya nggawa bocah wedok saka Wirasaba kang isih suci, supaya gelem dilatih tari bedhaya srimpi ing kasultanan Pajang,” Tumenggung Surapati njlentrehake apa keperluane teka menyang Kadipaten Wi­rasaba.

“Entenana sedhela ya dhi, aku tak rembugan dhisit karo anak-anak lan bo­joku, apa bisa aku mangkat awan iki uga”, ujare Adipati Wirasaba.

Awan iku uga, adipati Wirasaba re­rem­bugan karo nyai adipati, Rara Su­kartiyah dalasan para putra lan mantu.Parakulawarga kadipaten Wirasaba sa­rujuk yen Adipati Wirasaba arep tindak menyang Kasultanan Pajang. Uga setuju yen Rara Sukartiyah melu menyang Pa­jang disuwitakake menyang Sultan Pa­jang minangka penari bedhaya. Nanging nurut rembuge kulawarga ora dina iki, sebab Setu Paing pas dina pasaran Wira­saba.Parakaum tani, pedagang lan war­ga kadipaten yen sore isih akeh sing sowan ngepasi dina pasaran. Menawa para warga Wirasaba arep sowan njur sapa sing bakal nemoni yen adipatine tindak.

“Kados kirang prayogi, menawi kakang adipati badhe tindak samenika. Menapa malih samenika dinten pasa­ran Setu Paing, biasanipun kathah warga ingkang seba dhateng kadi­paten”, ujare nyai Adipati. Saliyane kuwi, nyai adipati uga kurang sarujuk yen kanjeng Adipati arep tindak me­nyang Pajang nitih jaran ules bang dha­wuk, merga turangga kuwi kaha­nane saiki lagi kurang becik, salah siji sikile pincang.

Heee mbakyu, Rara Sukartiyah iku tesih resmi dadi bojone Mangun senajan tesih suci ning durung dadi randha, ateges yen ana gawe parigawe kudu nganggo idine Mangun

Nanging Rara Sukartiyah kang pan­cenwisora betah neng omah malah meksa nyuwun mangkat dina iki uga, senajan ana alangan apa bae bakal didhadhagi. Apamaneh mangkate me­nyang Kasultanan Pajang dikanthi de­ning prajurit Pajang kang dimanggalani dening Tumenggung Surapati kangwisdiwanuhi becik dening Adipati Wira­saba.

“Dinten menika kirang prayogi ka­kang Adipati”, ature nyai adipati ngam­bali.

“Ora nyai, gandheng iki dhawuhe Sultan, aku arep ngestokake. Apamaneh aku dipapag dening Tumenggung Surapati sing pancen tak akoni kekendelane”, adi­pati Wirasaba tetep ngotot arep mangkat.

“Menawi makaten mangga panjene­ngan kakang. Ning sinten ingkang dipun pinercaya nggantosi panjenengan ing ka­dipaten Wirasaba mriki ?” nyai Adipati isih takon.

“Anakmu Jaka Kahimanwisbisa diper­caya theg kliwere Wirasaba, mula akuwiskongkon karo Kahiman. Dene adhi-adhine kon mbiyantu.”

Wis ora bisa dicandhet maneh, dina iku uga pas dina Setu Paing, Adipati Wira­saba mangkat sowan Sultan Pajang nge­jak putra wuragile Rara Sukartiyah, didhe­rekake dening Prajurit Pajang kang dipan­dhegani dening Tumenggung Surapati, sarta prajurit saka Kadipaten Wirasaba.

***

Bubar pasaran Setu Paing, pancen akeh warga kang marak sowan menyang kadipaten Wirasaba. Kabeh warga tinam­pa kanthi becik dening Raden Jaka Kahi­man, putra mantune Adipati Wirasaba kang dibantu dening adhi-adhi ipene.

Nanging ngarepake srengenge mu­dhun saka pucuking janur, rayi dalem Adipati Wirasaba ya Demang Toyareka rawuh ing ndalem Kadipaten dikanthi pu­trane Mangun.

“Njanur gunung paman, rawuh panje­nengan ing ndalem kadipaten. Menapa wonten wigatos ingkang saged kula bi­yantu paman”, ujare Raden Jaka Kahiman.

“Ora ngger, aku mung kepengin kete­mu kakang adipati, menyang ngendi kok sepi? Uga aku kepengin ketemu karo pu­triku Rara Sukartiyah, apa ana ing ka­mare?” takone Demang Toyareka.

“Kanjeng rama tindak Pajang nembe kemawon, menapa prayogi kaliyan kan­jeng ibu, mangke dalem susul dhateng wingking”, ujare Jaka Kahiman.

“Mengkono iya prayoga”, Demang Toyareka mangsuli.

Ora kudu diprentah kaping pindho, Jaka Kahiman banjur mlebu ing gandhok mburi, nemoni kanjeng ibu marasepuh iya nyai Wargahutama.

Weruh tekane adhi ipe ya Demang Toyareka, atine nyai adipati rada nratab. Merga nyai Adipatiwispaham watak wan­tune adipati kang galak lan kasar. Nanging bareng emut yen ing kono ana Jaka Ka­himan, mantune kang duwe prebawa alus lan tegas, atine rada ayem.

“Adi Toyareka,wissuwe tekamu dhi? Apa ana sing perlu dirembug rawuh ing ndalem kadipaten?” takone nyai Adipati Wirasaba.

“Nembe wae mbakyu, malah iki mau karo Mangun. Waleh apa mbakyu, aku teka mrene bareng karo Mangun merga aku ditangisi karo anakmu Mangun.Wissawetara dina iki Rara Sukartiyah ora balik menyang Wirasaba, jare emoh dadi bojone Mangun. Lha  saiki kakang adipati karo Rara Sukartiyah ana ngendi mbak­yu?” takone Demang Toyareka.

“Adhiku dhi, kangmasmu lan putrimu Sukartiyah, nembe sawetara wektu iki nitih turangga kyai dhawukbang tindak menyang Pajang. Sepisan, ditimbali kan­jeng Sultan Hadiwijaya supaya ngadhep. Kaping pindho, kangmasmu adipati dikon ngaturake putrimu Rara Sukartiyah me­nyang Pajang, jare arep diajar tari bon­dan. Malah iki mau bareng karo utusan Sultan Pajang Tumenggung Surapati”, nyai Adipati terus terang marang De­mang Toyareka.

Krungu ature nyai Adipati, Demang Toyareka raine mrabak abang. Dhasar wonge pancen cugetan, ilang subasitane marang mbakyune, kanepsone diutah­ake ing kono uga tanpa rasa saru siku.

“Heee mbakyu, Rara Sukartiyah iku tesih resmi dadi bojone Mangun. Senajan tesih suci, ning durung dadi randha. Iku ateges yen ana gawe parigawe, kudu nganggo idine Mangun. Dadi adipati ora ngerti aturan, sak kepenake dhewe, ora idhep isin, anake diedol. Yoh titenana, arep tak susul Bagus Suwarga menyang Pajang, arep tak wirang-wirangake War­gahutama,” kandhane Demang Toyareka kanthi nesu kang keladuk. Saka tutuke ka­wetu omongane kang kasar kang ora samesthine dietokake dening Demang Toyareka, apamaneh sing diuman-uman iku kangmase dhewe tunggal rama bi-yung.  Karo nggandheng anake ya si Ma­ngun, Demang Toyareka metu saka ndalem kadipaten.

Mbokmenawa yen nyai adipati Wira­saba ora dikancani dening Raden Jaka Kahiman, Demang Toyareka bisa ngamuk ing kadipaten. Nanging Demang Toya­reka rada ering menyang Jaka Kahiman.  Jaka Suwarga ngerti lan paham, sapa Jaka Kahiman, putrane angkat Ki Ageng Kejawar turunan saka Brawijaya lan Sili­wangi kang lantip lan digdaya sekti man­draguna. Jaka Kahiman dudu tandhinge Demang Toyareka kang gedhe ing omong nanging cethek ing ulah jaya ka­wijayan.

Kanthi nggawa ati kang kobong ke­brongot dening kanepson, Jaka Suwarga utawa Demang Toyareka dikantheni de­ning putrane Si Mangun, nyusul kang­mase Adipati Wirasaba menyang Kasul­tanan Pajang mlaku dharat. Ora nganggo mampir omahe ing Kademangan Toya­reka. Krenteging ati, Demang Toyareka lan Mangun arep mirang-mirangake kang­mase ing ngarsane Sultan Pajang.

***

Rombongan Adipati Wirasaba kang didherekake dening para prajurit Kasul­tanan Pajang mlaku dharat ngurut ilining kali Serayu. Putri Kadipaten Rara Sukar­tiyah, ditumpakake jaran dhawuk bang kang sikile rada pincang. Senajan mlaku, nanging gandheng lakuning prajurit, mula rampak lan banter.

Dalan saka Wirasaba menyang Pa­jang pancen adoh lan rumpil. Saliyane ngliwati kali kang tanpa kreteg, uga ngliwati gunung lan jurang. Nanging gandheng rombongan mau nggawa lambanging negara, mula kademangan utawa kadi­paten kang diliwati tansah paring kawi­gaten kang mirunggan. Keja­ba entuk pasugatan unjukan apa dhe­dhaharan kang murwat, kademangan kang diinepi uga paring hiburan marang rombongan.

Upamane kudu nginep ing sate­ngahing alas, para prajurit kangwisdilatih ing samubaranging gawe, tansah siyaga ora nguciwani. Mula senajan laku dharat kang adoh, rombongan prajurit Pajang kang dipandhegani dening se­napatining negara Tumenggung Sura­pati, bisa gancar tekan ing kutharaja Pajang.

Sepuluh dina mlaku saka Wirasaba menyang Pajang, dina kang kasewelas, rombongan Adipati Wargahutama tekan ing kutharaja Pajang. Tekane rombongan disugata kanthi mirunggan dening Sultan Hadiwijaya. Merga adipati Warga­hutama dadi adipati paling adoh kang kapisan rawuh ing Pajang saploke Jaka Tingkir winisudha dadi Sultan Pajang.Paranayakaning ratu padha guyub lan rukun mapag tekane sang adipati ing tengahing alun-alun kutharaja.

Sawise ngaso sauntara, ngunjuk lan dhahar, bengine Kanjeng Sultan Hadi­wijaya nganakake pasugatan mligi ka­gem nyugata rawuhe Adipati Wirasaba. Saliyane kuwi ana ing pasugatan mau, kanjeng Adipati Wirasaba ngaturake rasa tundhuk lan tuhu menyang kasultanan sing tembe lair iku. Ora lali masrahake pu­trine ragil kang banget diasihi me­nyang kanjeng Sultan Hadiwijaya.

 (Ana Candhake)