Inggris Nggiring Landa Indonesia Rembugan Serdhadhu NICA Nyebar Teror

Anyar Katon, Sejarah - Posted by on July 26, 2012

Mentri telu saka Rep Indonesia njenengi pertemuan ing Hoge Veluwe (Nederland)

KAYADENE sing wis diaturake ing ngarep, sing kajibahan nguwasani apa ngatur wilayah Hindia (Wa­­landa) salebare Perang Pasifik, dudu Amerika, ning Inggris karo Australia. Jendral Macarthur dening Pemerintah-ane dhewe ing Washington ming di-wenangake ngrebut bali Tarakan lan Samarinda; salebare kuwi kudu terus mrawasa Pilipina.

Manggalaning Angkatan Perang Inggris, Sir Louis Mountbatten masra-hake pengaturane tanah Jawa Marang andhahane Sir Philip Christison. Prentah sing dikuwasakake nyang sang Letjen sarwa dadakan bae; polahe si Jepang anggone pasrah bongkokan iya secara mendadak. Dadi, tata laire kabeh-kabeh njur sarwa dadakan.

Iya merga saka kuwi persiapane banjur sarwa mendadak pisan. Kapal-kapal pengangkut sing seperangan akeh isih ana wilayah Timur Tengah mula Christison mangkat nyang pulo Jawa iya kanthi apa anane; migunakake pasukan sing bisa dianggo.

Satemene bae, kanggone sang Letjen, sing gawe aboting atine kuwi, ngenani para serdhadhune. Jejer dadi menungsa lumrah, wis kesuwen ana papan palagan, udreg ander pati ing peperangan. Saiki bareng perange rampung, kepengin bali mulih, kumpul kulawargane dhewe-dhewe.

Banget wajare lan banget lumrahe. Wah maneh, saiki iki sing kudu diurusi satemene dudu urusane. Iki urusane wong liya; urusane Landa. Dadi, rasa-ning ati setengahe iya tambah abot. Gawe saya gawoking atine sang Letjen, bareng kelakon ndharat ing Jakarta, nyumurupi manawa kenyataan-kenyata-an sing sanyatane babarpisan ora kinira ing sakawit. Kabeh-kabeh kekuwasaan pemerintahan kare-gem ing tangane pe-merintah Republik Indonesia.

Saluran listrik, air minum, kebersihan kota lan liyane maneh sing mujudake keper-luane pasukane, Letjen Christison ora bisa njaluk nyang Van Mook utawa nyang anak buahe. Pihak Inggris kudu hubung-an karo Walikota Soewirjo, walikotane Pemerintah Republik Indonesia.

Ora ndadak mikir dawa, kejaba sing praktis bae, pihak Inggris uga sarembug karo pemerintahan kota; rikala nemoni Soewirjo iya kepeksa nyebut: “Mr Mayor..” TuanWalikota. Tidak bisa lain! Kuwi sing ngenani keperluan sedina-dinane ing Jakarta. Mangka, tugase Sekuthu sing diwakili Inggris, ora ming mandheg tekan kuwi bae. Pasukan Sekuthu kudu nglucuti gega-mane serdhadhu Jepang, banjur ngangkut jurit-jurit kate mau bali nyang dhangkane kana. Pasukan Sekuthu (Inggris) uga kudu mbebasake tawanan perang sing disebut RAPWI (Relief Allied Prisoners of War and Internees).

Kenyataane maneh, sadurunge Sekuthu teka ange-Jawa, serdhadhu-serdhadhu Jepang wis akeh sing dilucuti luwih dhisik dening pemudha Indonesia; wis diinternir, dikumpulake ing kamp. Manggone ing dhaerah pe-dalaman sing satus persen dikuwasani Republik. Idem ditto tawanan RAPWI, seperangan gedhe isih ana dhaerah pedalaman; iya tawanan wanita iya sing tuwa-tuwa dalah sing isih bocah pisan.

Tanpa bantuane pihak Republik, sengara Letjen Christison bakal bisa mungkasi ayahane kanthi becik, slamet lan beres. Yen ta si Jendral arep migu-nakake kekerasan, kajaba pasukane isih durung nyukupi, tertamtu bakal njaluk kurban akeh banget. Malah-malah yen ora kepener, tawanan bangsa Eropa sing ana pedalaman bakal dibelehi kabeh dening kaum ekstremis. Durung serdhadhu Jepang sing ana dhaerah pedalaman sing isih puluhan ewu cacahe; uga mu­-judake problem.

Kabeh-kabeh mau dadi peng-galihane sang Letjen. Mula, uga banjur sajak nggiring pihak loro-lorone, iya pihak Republik iya pihak Landa, amrih enggal gele-ma rembugan; mraceka apa sing dadi underaning perkara. Mangka, persoalane wis genah, cetha ngegla. Sing siji kepengin tetep dadi bangsa merdika, emoh-emoh tenan dadi bangsa jajahan maneh. Dene pihak liya-ne: banget anggone kepengin bali njajah maneh, dadi bangsa yang dipertuan ing wilayah sing banget jembare, sing banget endahe, banget subure, sugih sabarang kalir, guru bakal guru dadi. Iya sing tinemu ing dharat-an iya sing tinemu ing samodra-laya.

Van Mook cs. Iya ngadhepi ka-sunyatan, manawa dheweke ora bisa apa-apa, kejaba manut miturut apa sing dadi karepe Christison. Nadyan ta abot atine, kepeksa nekani undangane Christison, nganakake sapatemon karo pihak Republik ing padununge Jendral Inggris mau.

Sapatemon mau mula ming mujud­-ake sapatemon lumrah bae; lan iya ing prastawa mau Van Mook kepethuk karo Presiden Soekarno sing mula uga dadi tamune Christison.

Kanggo numpes Republik Indonesia lan ngrebut bali Hindia-Wetan, pemerintah Landa nganakake milisi

Mesti bae sapatemon mau banjur dilaporake nyang pemerintah pusat ing Den Haag kana; lha pemerintah Landa ngerti yen Van Mook kelakon sapate-mon karo Ir Soekarno, Presiden Repu-blik Indonesia dadi muring-muring. Malah Ratu Juliana barang melu nesoni Van Mook. Ya, karep-karepmu konooo…

Sauntara iku ing kalangane Peme-rintahan Republik ana owah-owahan; sing ing sakawit nduweni Kabinet Pre-sidentil (sing dadi Perdana Menteri Pre-siden), saiki dadi Kabinet Ministeriil. Jejunggule Kabinet sebutane: Perdana Menteri. Wektu kuwi sing dipercaya dadi PM, Sutan Syahrir S. ing isih lagi yuswa 36 taun. Pertemuan sabanjure dianakake maneh; mung bae saiki sing mimpin pihak Indonesia sang PM dhewe, Sutan Syanrir. Menteri-menteri-ne sing melu: Amir, Syariffudin, Ir Abdulkarim, Ir Putuhena. Pihak Landa: H. J. Van Mook, Dr. Idenburg; Prof. Baron Van Asbeck karo Van der Plas.

Pihak Inggris iya lengkap dipimpin Letjen Christison dhewe, kayadene sing wis bisa diramalake: ora bakal gawe kerampungan apa-apa. Yen ta ana sing kena disebut “kerampungan”, diputus-ake manawa pertemuan sabanjure, bakal dianakake limang dina maneh. Ning, nyatane pertemuan mau ora nate kelakon, polahe pihak Republik gemang teka. Minangka protes atas sikape ser-dhadhu-serdhadhu NICA sing wis rada suwe kelakon ndhompleng ndharat nyang Jakarta.

Serdhadhu NICA dumadi saka Landa-Landa karo bangsa Indonesia dhewe, sing kelakon direkrut rikala pihak Landa kelakon bali nguwasani Indonesia bagian Wetan lan Lor Wetan; nampa srah-srahan saka pihak Australia. Malah miturut sumber Landa dhewe ing dhaerah Papua wis wiwit 1944 wis bali pulih maneh peprentahane kaya dhek sadu-runge perang.

Satemene iya kadang kita wong Indonesia dhewe, sing gelem diedu karo nunggal bangsa, kudu diwelasi. Dimesaka-ke. Iya merga saka kepengine golek pangupajiwa, tenagane dikurbanake kanggo merangi bangsane dhewe sing wis merdika. Kathik kesuwure pisan, NICA-NICA Inlander iki deksiya, bengis dalah kejeme nyang bangsane dhewe ora gelem kalah karo bendarane, tuan Landa kuwi. Mangka, kulite para NICA-Inlan-der mau iya ora kacek adoh banget karo sedulur bangsane. Malah-malah kulite si NICA-Inlander ana sing luwih coklat, luwih ireng tuntheng katimbang kulite padha bangsa.

Ing ngendi bae, para serdha-dhu NICA iya sing Landa iya sing Inlander (pribumi) tumindak sa-wenang-wenang marang bangsa-ne dhewe, bangsa Indonesia. Ora mawang wadon, priya, tuwa, anom, bocah pisan ora sethithik sing dadi kurban. Saben kampung ing kutha Jakarta wis nate ngalami terore NICA iki. Sing banget kurang ajare, rikala nyerbu karo nggledhah Kantor Besar Polisi Indonesia sarta kantor polisi liyane. Kaya dene ing Senen

Mesthi bae pihak pulisi Indonesia nganakake perlawanan; ning umume kalah cacahe katimbang pihak pe-nyerbu. Kayadene sing kelakon ing Senen, pulisi Republik cacahe 12 jiwa kabeh gugur dibedhil mati serdhadhu NICA. Iki kabeh dumadi ing awale revolusi, rikala Republik Indonesia isih umur 3-4 sasinan. Lha iya merga saka kurang ajare NICA kuwi mau, pihak Indonesia banjur gemang sapatemon maneh karo pihak Landa; minangka protes.

Van Mook nanggapi tindake pihak Republik mau kanthi gampang mbiwa-rakake, manawa rembugan antarane pihak Indonesia karo Landa mandheg, polahe pihak Republik sengaja ngen-dhegake sapatemon. Ning lawanging rembugan tetep bukak; mung bae kudu pihak Republik sing kudu miwiti. Van Mook, Van Mook… (*)