Guwa Made lan Maewu Misterine

Anyar Katon, Rena-rena - Posted by on July 26, 2012

Atur Pangiring: artikel ing ngisor iki sedyane bakal ka-pacak ing Panjebar Semangat minggu kepungkur. Nanging rehne tine­mu kesalahan teknis, tulisan lagi bisa sowan para maos ing minggu iki. Wasana nyuwun gunging pangaksama lan sugeng maos.

Luweng tambahan, tilas kedhukan eskavasi taun 2006

Kasilep rengkede wit-witan jati  sarta rungkuding gegrumbulan, blegere situs Guwa Made meh ora katon sinawang saka ratan cilik kang nyigar alas kukubane Perhutani Mojokerto  kuwi. Siji-sijine pituduh mung arupa seng teyengen kang tumemplek uwit, udakara 100 meter saka situs. Senajan mlebu we­wengkon Perhutani Mojokerto nanging situs Guwa Made mapan ana Dhukuh Ke­dungwatu, Desa Made, Kecamatan Kudu, Kabupaten Jombang, Jawa Wetan.

Guwa Made kena diarani guwa tiban merga tinemu kanthi ora sengaja dening warga desa taun 1982. Sesepuh desa Ma­­-de, Bakri (86 taun) ngandharake, desa ing lengkehe Gununge Pucangan kuwi ibarat pethi bandha karun. Sebab lemahe ngan­dhut maneka rupa pernak pernik (frag­men) barang kuna, klebu kang pina­lipit emas utawa perak. Cuwilan-cuwilan ba­rang kuna mau asring ditemokake de­ning warga kanthi ora kasengaja. Saking akehe, imbuhe Bakri, terkadhang barang-barang kasebut menthungul dhewe sa­wise lemah perengan mlotrok kagerus udan. “Paribasane nyampar nyandhung,” kandhane Bakri.

Anacleto Spazzapan nalika mandhegani eskavasi 2006

Akehing temonan nyebabake sapera­ngan warga oper haluan dadi penambang emas tradhisional. Panggonan-panggo­nan kang diyakini mendhem logam mulia  banjur dikedhuk. Salah sijine lokasi sing dikeruk yaiku Petak 61. Nalika jerone kedhukan nggayuh wolung meter, pe­nam­bang emas mau nemokake bolongan saemper urung-urung rinengga tatanan bata kang pucuk-pucuke gathuk kaya segi telu. Tinemune urung-urung kober narik kawigaten, saengga akeh warga sakiwa tengene Made kang mara nonton guwa tiban mau. “Wektu semana nganti di­karcisake barang,” kandhane Bakri.

Bareng penontone selot suda, guwa  banjur mangkrag ora kopen. Apamaneh sawise penambange emas nglungani pa­pan kono. Nanging lemah tilase kedhukan diumbar mluwa wujud luweng. Wektu te­rus ngglindhing. Ing pethiting taun 80-an, Per­hutani ngetokake kawicaksanan anyar: aweh kalodhangan marang warga melu ngolah lemah ngiras ajak-ajak ngreksa les­tarine alas. Warga sing duwe karep ngolah lemahe Perhutani cukup akeh, kle­bu Bakri. “Nalika diundhi, aku oleh eng­gon ing Petak 61,” celathune.

Rehne lemah jatah olahane ngepasi lokasi guwa tiban, mula ing saselane ngga­rap kedhokan, Bakri uga nyambi ngrumat urung-urung mau amrih ora ke­longsoran perengan. Grumbul ing kiwa tengene luwengan dibabadi. Sawise ma­taun-taun tanpa pangakuwan, Balai Pe­les­tarian Peninggalan Purbakala (BP3) Trowulan lagi nglirik situs kasebut taun 1992. Taun kuwi uga Bakri katetepake mi­nangka pekuncen guwa.

***

Koleksi topeng prunggu duweke Paolo Bertuzzi kang diakokake saka Guwa Made

Mei 2006, panggonan situs kang seka­wit sepi samun iku dumadakan reja. Me­sin keruk ditekakake. Tenaga kedhuk ca­cah nenem, kang dumadi saka warga de­sa kono wae, dipiranteni. Dipandhegani arkeolog Itali, Anacleto Spazzapan, urung-urung  banjur dikedhuk luwih jero,  ditlusuri alang ujure nganti luwih saka 20 meter. Proses eskavasi iku, hebate, katin­dakake tembayatan antarane pamarentah Indonesia karo Itali. Eskavasi ora mung saderma nlusuri urung-urung, nanging  ana pamrih siningid, yaiku nglacak sisa-sisane barang-barang purbakala ing te­lenge guwa sing diyakini cacahe isih akeh.

Kepriye mula bukane nganti arkeolog donya sakelas Spazzapan nduweni kaka­repan kang adreng kepengin ngedhuk   Gu­wa Made, bisa ditlusur wiwit 1995. Ing taun-taun kuwi barang-barang kuna saka Desa Made, klebu kang arupa topeng lo­gam dalah artefak prunggu, digawa bakul barang antik menyang Bali. Spazzapan, sing uga pedagang barang antik lan kebe­neran lagi manggon ana Bali, klebu sing ditawani dening makelar. Deal, Spazzapan nuku sawatara barang antik kang saben barang siji diregani antarane Rp 1 – 1,5 juta. Engga 1997 proses dol tinuku ba­rang-barang langka kasebut mlaku sesi­dheman. Ora kurang saka barang kuna 300 digawa menyang Itali, diseselake karo kiriman kerajinan mebel.

Bakri, pinisepuh desa lan tilas pekuncen Guwa Made

Taun 1999, kanthi dikancani Suebnu,  kolektor barang antik saka Trowulan, kanggo sing sepisanan Spazzapan mara menyang Made saperlu njupuk sampel fragmen topeng prunggu terakota. Sa­banjure sampel mau ditliti ana Labora­torium Arcadia, Milan, Itali. Dudutan asil panaliten  gawe gawok. Sampel topeng kang awangun aneh (merga memper praupane alien, makhluk imajiner luwar angkasa) mau dinuga asale saka jaman 1.000 taun Sadurunge Masehi, kang ateges umure wis 3.000 taun. Luwih tuwa katimbang kabudayan prunggu Dong Son ing Vietnam.

Spazzapan saya adreng. Taun 2000 dheweke kirim layang marang Duta Besar Indonesia ing Itali, Soendoro Rachmad, amrih ngayomi situs Guwa Made saka penjarahan. Setaun candhake Spazzapan diwenehi palilah dening pamarentah Indonesia mlebu menyang Guwa Made kang­go ndhokumentasi barang-barang kuna kang tinemu ana kono. Ing taun kuwi uga Spazzapan ketemu kolektor barang antik Paolo Bertuzzi ana acara pameran barang antik internasional ing Itali. Spazzapan nawakake barang antik koleksi saka Guwa Made. Nyumurupi asile panaliten Laboratorium Arcadia, Bertuzzi ora kabotan mborong topeng-topeng Guwa Made.

Ndulu umure barang kang ngedab-edabi, Bertuzzi ora eman cucul dhuwit kang­­go ngragadi eskavasi susulan ing Guwa Made. Lan taun 2006, tim gabu­ngan pamarentah Indonesia lan Itali, ka­biyantu arkeolog Pusat Eskavasi Arkeologi ing Asian Institut Italia untuk Studi Afrika dan Asia Timur (IsIAO) kadhapuk. Tenaga lokal tumandang njebol guwa, nlusuri urung-urung ngiras nggoleki barang-ba­rang kuna kang dinuga isih akeh sumim­pen ana telenge lemah. “Njero urung-urung ciyut banget, mlakune kudu miring merga sumelang lemahe ambrol,” kandhane Hari, salah sijine pawongan kang wektu semana melu nindakake eskavasi.

Eskavasi kasebut nemokake topeng prunggu wutuh siji sarta kang awujud cu­wilan-cuwilan dadi saenggon.  Temonan-temonan mau banjur kaangkut menyang kantor BP3 Trowulan ing Mojokerto. Ke­pala Seksi Pelestarian lan Pemanfaatan BP3 Trowulan, Edhi Widodo ngandharake, nalika digawa menyang kantore, barang-barang mau isih kinemulan lendhut. Na­nging Edhi sangga runggi marang kea­sliane topeng. Sebab barang purbakala ora lazim tinemu saenggon. Apamaneh bareng didemek topeng ngandhut wedhi engga gampang diresiki. “Yen barang purbakala asli, regedane angel diresiki,” kandhane Edhi.

Laboratorium BP3 Trowulan banjur tumandang nliti umure topeng, Mei taun kepungkur. Kanthi migunakake maneka metodhe panaliten barang kuna, ing antarane pacoban diobong lan direndhem ing larutan kimia, tim peneliti yasa  topeng tiron saka bahan lem Alteco lan lem Ra­jawali. Jebul asile panaliten mau ngaget­ake. “Umure topeng kuwi kurang saka 50 taun, lan dinuga palsu. Sebab asile pa­coban, antarane topeng Guwa Made dalah topeng tiron kang dicithak saka lem Alteco lan Rajawali pranyata padha wae,” kandhane Edhi.

Rekomendhasine Laboratorium BP3 Trowulan mau njalari Spazzapan lan Be­truzzi kebrongot. Sebab topeng Guwa Ma­de sing sekawit diakokake umur ewonan taun dening Laboratorim Arcadia mau di­mentahake dening BP3. Kejaba kuwi, ga­ra-gara rekomendhasine BP3 mau niyate Betruzi nggelar pameran topeng Gu­wa Made ing Indonesia taun iki kaan­cam wurung.  Nanging Edhi ayem wae. “Sing daktindakake iki panaliten ilmiah, perkara wong-wong manca ngaku-aku to­penge umur ewonan taun urusane kana,” kan­dhane Edhi.

Sing nuwuhake tandha pitakon, apa bener topeng duweke Spazzapan sing wekasane didol marang Betruzzi mau asale bener-bener saka telenge Guwa Ma­de? Sebab miturut Bakri, sasuwene dhe­weke ngreksa situs mau engga dieskavasi taun 2006, durung tau ana pawongan kang  mlebu urung-urung.  Sebab njero urung-urung ora ana oksigen. Sapa kang nekad mlebu mesthi ngemasi. Merga gawate urung-urung nalika eskavasi 2006 tenaga kang nyemplung urung-urung ka­biyantu mawa piranti ambegan saka ta­bung oksigen. Bakri uga ora yakin yen sadurunge eskavasi ana wong colong jupuk isen-isening guwa tanpa kasumu­rupan. “Desa kene sepi, saben obahe uwong mesthi weruh. Apamaneh ana wong mlebu urung-urung,” ujare Bakri.

Sawise eskavasi 2006, Guwa Made bali sepi. Sepi kang ngemu wadi. Sebab yen pangakuwane Bakri bener, ateges topeng prunggu Guwa Made kang ngge­gerake donya mau mung akal-akalan….

(Kukuh SW)