Dongenge Pitik karo ebek

Dina iki dadi dina sing paling  nyenengake kanggone si Blorok, amarga endhoge siji mbaka siji padha ne­tes. Si kuthuk kang lagi netes padha piyep-piyep nggoleki simboke. Kanthi rasa asih si Blorok ngarasi anake siji-siji.

Endhog lima wis netes, kari siji sing durung. Si Blorok setya ngenteni netese sinambi ngekep anak-anake liyane. Ing njero ati si Blorok mbatin, kok endhoge sing siji durung netes, aja-aja kopyor alias ora dadi.

Ora let suwe saka pangirane si Blorok, endhog sing paling pungkasan iku pra­nyata netes uga. Kabeh padha nyekseni metune si “kuthuk” mau.

Mak jleb, lha kok praupane beda? Ora mung ulese kang beda karo anak-anake liyane, nanging bentuk awake uga beda, luwih gedhe saka liyane. Si “kuthuk” iku tetep nggoleki simboke, sanajan ora pi­yep-piyep kaya sedulure liyane.

“Mbok, kok dheweke beda karo awake dhewe? Rupane ala kaya ngono?” celuluke salah sijine kuthuk.

“Iya Mbok, gek-gek dudu anake sim­bok, aku wegah seduluran karo dheweke, aku isin, rupane elek,” kancane siji nimpali.

Blorok kang ora tega nyawang anake kang beda dhewe iku rumangsa keranta-ranta.

“Ayo, mreneya cah bagus anake sim­bok, aja ning kono wae, mundhak ka­nyepen.”

Si Blorok kang ora mbedakake kabeh anake narima si aneh kasebut. Kabeh pa­dha golek anget ing suwalike suwiwine si Blorok, amarga dina iku pancen mentas udan.

***

Awan iki si Blorok ngajak saba anak-anake ngadoh saka kandhang. Kabeh pa­dha dolanan sinambi guyon. Si Blorok bu­ngah atine ngerti anak-anake wis padha bisa gegojegan.

Nanging ana sesawangan kang gawe Blorok kebak pitakonan, si Ala sajak nan­dhang sungkawa. Dheweke ora melu do­lanan karo sedulure liyane.

“Kena ngapa ta anake simbok sing ba­gus iki kok praupane aclum wae?” pita­kone Blorok kebak rasa tresna.

“Aku ora oleh dolanan karo sedulur-sedulur, jarene aku ala, gedhe tur medeni” wangsulane si Ala karo mbrabak.

“Wis ora usah kok lebokke ati, pancen panemu kabeh wong iku beda-beda, sing penting kita kabeh kudu nglakoni bab sing becik, ati becik iku luwih wigati tinimbang rupa.”

Krungu wejangane simboke si Ala ora sedhih maneh. Dheweke mlayu nyoba pe­ngin melu dolanan karo liya-liyane.

Nanging durung nganti melu dolanan, dumadakan ana swara njaluk tulung kang gawe giris. Tibake ana salah siji anake Blo­rok kang kejegur blumbang. Kabeh padha ora wani nulungi merga wedi kejegur pi­san. Blorok kang kebingungan amung bisa nangis gidro-gidro.

Nanging ora mangkono tumrape si Ala, ngerti sedulure ana ing bebaya, dheweke langsung njegur blumbang. Dheweke can­cut taliwanda nulungi sedulure kuwi, ora mikirke bakal selamet apa ora. Dheweke kelingan welingane simboke yen urip iku kudu tansah ngelakoni kabecikan, rupa ba­gus utawa ala ora dadi ngapa.

Wusanane si kuthuk kang kecemplung kuwi bisa diselametake dening si Ala. Ka­beh padha tetangisan seneng.

“Lho, kok si Ala bisa nglangi?” ujare sa­lah sijining kuthuk.

Kabeh padha nggatekake si Ala kang ciblon sajak penak anggone dolanan ba­nyu. Gumun.

Sanajan isih gumun, nanging Blorok gagenan aweh wejangan marang anake kabeh.

“Dina iki bisa disekseni, dulurmu kang kok celuk si Ala kuwi mentas nindakake kabecikan kayadene satriya. Saiki kabeh padha matur nuwun, aja mbedak-mbe­dakake maneh. Kabeh iki dulurmu dhewe,” kandhane si Blorok marang anak-anake.

Krungu ngendikane simboke, kabeh kuthuk padha sadhar yen sasuwene iki padha nglakoni bab kang salah, kabeh pa­dha njaluk ngapura lan ngucapke matur nuwun marang kadange kang mbiyene diceluk si Ala iku.

Si Ala kang seneng banget krungu pangucape sedulur-sedulure iku langsung munggah ning ndharatan. Dheweke nge­kep simbok lan dulur-dulure. Kabeh padha kekepan kebak rasa tresna asih, ora ana sing dibedakake maneh.

Nganti saiki si Ala ora paham kena apa dheweke bisa nglangi nanging simbok lan sedulure ora bisa.

Ya mesthi wae dheweke bisa nglangi, wong sejatine dheweke iku dudu anak pitik, ananging anak bebek!

Bram lan Macan Loreng

Bram lan Macan Loreng

Wacan Bocah | Posted by | May 24, 2013

Bram mlayu sipat kuping amrih bisa lolos saka macan  loreng  sing mapag lakune. Mbuh kepriye asale, dheweke kok bisa pisah ...

Sapepake

Jaran nggoleki Menungsa

Jaran nggoleki Menungsa

Wacan Bocah | Posted by | May 6, 2013

Zaman mbiyen sadurunge jaran dadi manut kaya saiki, ana Jaran Sumba sing gedhe, dhuwur lan wulune alus. Jaran kuwi durung ...

Sapepake

Manuk Bango lan Kura Mabur

Manuk Bango lan Kura Mabur

Wacan Bocah | Posted by | April 16, 2013

Manuk Bango Jambul lan Bango Gundhul urip bebarengan ing sacedhake tlaga. Kekarone manuk bango loro kuwi prasasat golek panguripan ing ...

Sapepake

Tukang Angon Wedhus

Tukang Angon Wedhus

Wacan Bocah | Posted by | March 26, 2013

Jaman mbiyen ing kutha Bagdad ana tukang angon wedhus jenenge pak Abu. Dheweke iku saben dinane mung angon wedhus bae. ...

Sapepake

Page 1 of 1012345...10...Last »