Modif Mio Minimalis lan Kawasaki Daritz

Modif Mio Soul kang kita tampilake ing nomer iki dumadi saka maneka aliran modifikasi kang beda-beda. Lan kita kumpulake dadi sawijining ‘kesatuan’ modifikasi amrih luwih akeh khasanah modifikasi Mio Soul iki kanggo kawruhe kanca-kanca kabeh.

Luwih saka kuwi, modifikasi Yamaha Mio Soul iki bisa dicakake kanthi style minimalis tumrap kanca-kanca kang pengin ngirit budget, jalaran ing modifikasi iki bisa ditindakake kanthi cukup migunakake airbrush wae, utawa malah arupa modifikasi drag kanggone kang seneng desain motor drag race.

Kabeh terserah kanca-kanca sing padha duwe motor Mio soul bakal nindakake modifikasi motor kanthi style modifikasi sing kepriye kang manut kanca-kanca bisa makili kreatifitas lan hobyne dhewe-dhewe ing babagan modifikasi saengga dadi krasa PD nalika nunggangi motor asil modifikasi iki ing dalan-dalan.

Sauntara kuwi motor liyane kang kita tampilake yakuwi Kawasaki KZ200. Motor kawak sing siji iki tampil kanthi gaya art deco.  Darizt Design Workshop kasil ngowahi tampilane Kawasaki KZ200 ksb dadi luwih eksotik.

Ing tangane Agus Darizt, sang builder, ngrombak total aura KawasakiZ200 iki dadi luwih ‘macho’. Rupane retro dituduhake ing lampu ngarep modhel bunder. Tangki kombinasi modhel kothak lan bunder kanthi aksen kuningan gaya art deco.

Kursi model single mawa gaya cafe racer. Campur tangane kuningan katon ing tangki, yakuwi ing pucuke setang lan footstep. Rodha 17 inci kanthi velg ruji kelir putih.

00Workshop kang lokasine ing Sleman iki tetep nggandholi mesin asli KZ200 weton 1983. Mesin iki  disandhingake klawan muffler custom. Dene suspensine migunakake duweke Yamaha Byson.

Kawasaki KZ200 ‘Darizt’  kang diwenehi jeneng’12th Attempt’ iki pranyata bisa nyedhot kawigatene wong mancanegara.

Buktine sawenehing situs lan blog saka luar negeri padha aweh review asil custom kang ditindakake marang Kawasaki KZ200 iki.

“Kanca-kanca mesthi kaget merga sepedhah motor iki nduweni kapasitas mesin cilik (paling ora kanggo ukuran Eropa lan Amerika Serikat), nanging kanggo Indonesia kegolong gedhe” mangkono tulise situs Autoevolution. [d]

 

Ngramut Motor kang Kebanjiran

Ngramut Motor kang Kebanjiran

Anyar Katon, Udhuk | Posted by | March 18, 2013

Ing mangsa udan kaya ngene iki kita kudu ngati-ati nalika numpaki sepedhah montor. Akeh-akehe bikers males ngetokake sepedhah motore m

Sapepake

Modifikasi Airbrush Yamaha Mio Sport 2007

Modifikasi Airbrush Yamaha Mio Sport 2007

Anyar Katon, Udhuk | Posted by | February 5, 2013

Modifikasi Airbrush Yamaha Mio Sporty 2007 Perang ing jalur Gaza ndadekake donya kaya-laya pecah dadi loro. Amerika luwih seneng mbela ...

Sapepake

Modifikasi Motor Yamaha Mio Soul 2011

Modifikasi Motor Yamaha Mio Soul 2011

Anyar Katon, Flash, Udhuk | Posted by | December 30, 2012

Kanggo nyulap tampilan motor jinis iki (mio utawa sporty) kita bisa nindakake modifikasi luwih dhisik tumrap sikil-sikile. Gumantung pi­l

Sapepake

Nyulap Yamaha V-ixion dadi Chopper

Nyulap Yamaha V-ixion dadi Chopper

Anyar Katon, Udhuk | Posted by | November 11, 2012

Modifikasi Yamaha V-ixion amrih nduweni kaunikan dhewe pancen dudu perkara gampang. Apa­maneh motor 150cc iki klebu kang paling akeh dimo

Sapepake

Page 1 of 212