Alexandra Asmasoebrata, antarane Brangasan lan Kaluwesan

Jagading balap mobil wis ora asing maneh kanggone Alexandra Asmasoebrata. Putri pasangan Alex Asmasoebrata lan Sofia Muri Mardiana iki pancen ora gampang kaya ngurepake tangan jroning methik kasuk­sesan, jalaran dheweke wis nindakake kebut-kebutan mau wiwit isih cilik.

Apamaneh kanthi anane panyengkuyung saka wong tuwane sakloron ndadekake Andra saya manteb wae napaki langkahe ing balapan mobil, apa kuwi tingkat nasional utawa internasional.

Mula ora nggumunake yen Andra tansah katon ‘brangasan’ ing arena sirkuit, mangka satemene dheweke kuwi sawijining cewek kang feminim. Ing sanjabane arena balap, penampilane Andra adoh saka kesan nglanangi (tomboy). Suwalike, kenya lencir kang dhuwure 165 cm kanthi bobot 55 kg iki tansah tampil modis nanging feminim. Andra ora mung faseh ngomong bab mobil lan arena balap wae, nanging uga bab kecantikan lan fashion.

“Ing sanjabane arena balap, aku uga pengin kaya wanita umume, pengin katon ayu” ujare Runner Up Asean Formula Renault (AFR) 2011 kanggo Kategori Asia iki. Ora nggumunake, senajan dikenal minangka cewek kang tomboy lan ora perdulen nanging sawise ngancik diwasa Andra wis beda penampilane. Dheweke wis ora cuek marang penampilane maneh, Andra tansah katon ayu lan kinclong. Saiki yen pengin ndeleng dheweke tomboy, mung nalika ing arena balap wae, ing sanjabane kuwi tampilan Andra bakal beda. Yen lagi akeh wektu, kenya kanthi jeneng pepak Allida Alexandra Nurlutfia iki ngaku seneng saba salon kecantikan. Biasane dheweke nindakake spa rambut, manikur, pedikur lan pera­watan kecantikan liyane. Bab rambut, pancen dadi prioritase, apa­maneh rambute dawa, merga dheweke pengin rambute mau ora mung katon sehat nanging uga kinclong.

“Ora gampang lho ngramut rambut dawa. Kudu tlaten. Sing repot yen ngepasi balapan. Sebab, kanggo keramas lan nggaringake wae butuh wektu sakjam dhewe. Nanging aku seneng kok” ujare ambassador shampoo Clear kang wis welasan taun ngingu rambut dawa iki.

Sauntara kuwi kanggo mepaki penampilane, Andra uga seneng menganggo aksesoris lan sepatu modis.

“Yen make up sih aku wis bisa nindakake dhewe” ujare. Sate­mene, imbuhe Andra, dheweke dudu wong kang serius nggatekake perkembangan fashion. Apa kang dienggo, dudu mung merga fashion, nanging mung merga kepenak wae. Semono uga bab sepatu, kang cukup akeh koleksine kuwi. Modis wis mesthi, na­nging sing paling penting kudu kepenak, ujare gadis kelairan 23 Mei 1988 ksb.

Pengin dadi pembalap F1

Alexandra Asmasoebrata, pembalap ayu iki wis kerep gawe arume jeneng Indonesia ing kancah balap internasional. Bab iki kabukten saka penghargaan kang tau ditampa saka maneka ka­juwaran kayadene Champion National Kart Championship, World Championship Junior Rotax Max lan China Formula Campus Asian Division.

Nanging senajan wis menangi maneka kajuwaran balap in­ternasional, Andra ngaku isih durung marem marang prestasi kang wis ditampa ksb.

“Yen ditakoni wis marem apa durung klawan karirku, aku mesthi kandha ora. Aku ora kok kurang muji syukur, nanging ka­lo­dhangan karirku rak pancen isih dawa lan isih akeh kang bisa tak tindakake” kandhane Andra.

Saliyane pengin luwih ndhudhah kemampuane, pranyata Andra uga nduweni pepenginan bisa balapan tekan Eropa. “Aku kan saiki isih ing Asia, sawijining dina mengko aku pengin tekan Eropa uga” kandhane Andra.

Nanging Brand Ambassador for Youth Telkomsel iki nduweni cita-cita kang cukup istimewa. Cita-cita iku ora liya pengin bisa ngarumake Indonesia kanthi dadi pembalap F1.

“Aku pengin banget dadi pembalap F1. Pengin ngrasakake numpak FI, test drive F1. Sajake klasik banget ya, nanging kenapa ora. Duwe impen dhuwur kena-kena wae ta? Dadi ana pembalap Indonesia kang bisa tekan F1 ngono lo” pamungkase Andra. (d)***

 

Urip Go Green manut Laura Muliadi

Urip Go Green manut Laura Muliadi

Anyar Katon, Tetepungan Remaja | Posted by | April 23, 2013

Samubarang kang sarwa praktis lan instan ndadekake wong saikine padha seneng migunakake plastik mi­nangka wadhah sedina-dinane. Saliyane pr

Sapepake

Tasha said; Ketagihan Nganti Saiki…

Tasha said; Ketagihan Nganti Saiki…

Anyar Katon, Tetepungan Remaja | Posted by | April 16, 2013

Industri hiburan sajake ora tau kentekan stok bintang anyar. Saka panggung presenter acara TV, muncul blegere Tasha Said, kang kanthi ...

Sapepake

Poppy Sovia, Luwih Ngutamakake Gaweyan katimbang Pacaran

Poppy Sovia, Luwih Ngutamakake Gaweyan katimbang Pacaran

Anyar Katon, Tetepungan Remaja | Posted by | April 1, 2013

Minangka aktris, biasane wajib njaga penampilan, merga saliyane figur publik, uga dadi conto ing masyarakat. Mangkono uga tumrape Poppy Sovi

Sapepake

Yovita Agustina Lesmana; Seneng Bisa Aweh ‘Sangu Urip’

Yovita Agustina Lesmana; Seneng Bisa Aweh ‘Sangu Urip’

Anyar Katon, Tetepungan Remaja | Posted by | March 26, 2013

Nalika akeh-akehe mahasiswa padha mburu status karyawan ing maneka perusahaan sawise oleh gelar sarjana, Yovita Agus­tine Lesmana malah bed

Sapepake

Page 2 of 1712345...10...Last »