TIRTA
Bocah nggantheng sing lagi bergaya
iki jenengé :
MUH. WIRA TIRTA KAUTSAR SANJAYA (TIRTA),
lair ing Sidoarjo tanggal 30 Juni 2008, putra mbarepé
Bapak BAGUS DWI SANJAYA sarta Ibu RANI RADESTI
sing pidalem ing Jl. Cempaka E. 14 Perum GTCK, Sidoarjo.
Mas TIRTA sing minangka putra mbarep saka sedulur loro iki
cita-citané péngin dadi TNI. Ing kalodhangan iki atur sungkem kagem Bapak saha Ibu ing dalem, Akung Broto sarta
Uti Sanah ing Surabaya, Kakèk Rahmat S sarta Nènèk Sri Rahayu ing Bandung, akung Nono lan Mayang ing Sidoarjo, budhe Endah pakdhe Edi ing Surabaya. Ugi katur para sepuh kula ingkang mboten kasebat asmanipun mbaka setunggal ing dalemipun sowang-sowang.
Mas TIRTA nyuwun donga lan pangèstu, mugi ing tembé
dados tiyang ingkang sholèh, bekti dhateng tiyang sepuh,
tansah séhat, pinter, keturutan cira-citanipun sarta migunani tumrap negari, bangsa lan agami. Amien !!!
Titip salam kanggo kanca-kanca sing njlonèt
saNuswantara kabèh. v
HADI
Jenengé : JAUPAN HADI SUBEKTI, lair tanggal 23 Juli 2008, putrané Bp. TATAG RINTO SUBEKTI sarta Ibu PUTRI EKA HADI WIJAYANTI,





