SL 15 / 2013

Anake akeh banget

Bodrek : “Kewan apa yen manak akeh banget? Ora kena diitung!”

Bandri :  “Wah-wah kok angel cangkrimanmu! Iwak segara!”

Bodrek : “Sih luput banguuet!”

Bandri : “Tinimbang bingung katog bae wis, coba kewan apa?”

Bodrek : “Sing cetha ya gajah, ta!”

Bandri : “Njur cethane priye?”

Bodrek : Anak gajah rak bleduk! Yen kena angin rak mobal-mobal!”

Bandri : “O, ya-ya bener kowe timbang wong othon!”

(kir. Sukip Djunairi Kandangan Kediri)

 

Buntute ana ngendi?

Sablah   :          “Jaran mlaku ngetan buntute ana endi, Bloh?”

Sebloh   :          “Sing cetha ya ana kulon, je!”

Sablah   :          “Salah!”

Sebloh   :          “Na nggone bakul toto gelap!”

Sablah   :          “Salah! Buntutan saiki wis dilarang!”

Sebloh   :          “Cethane njur na endi, Blah?”

Sablah   :          “Ya na adate, ta! Cedhak bokonge jaran!”

Sebloh   :          ???!!!” (kir. Sukip Djunairi Kandangan Kediri)

 

Wayang simpingan

Kenong   :        “Wayang simpingan kae kok ditata ungkur-ungkuran iku apa werdine, Kang?”

Bonang   :        “Sing dicritakake lelakon sing kepungkur, dudu saiki.”

Kenong   :        “Iku rak kanggomu.”

Bonang   :        “Yen kanggomu njur kepriye?”

Kenong   :        “Yen ditata adhep-adhepan, mengko yen lagi geger tawuran dhalange bingung anggone misah, ta!”

Bonang   :        “Ya wis, bener banget tinimbang wong kenthir!!!”

(kir. Sukip Djunairi Kandangan Kediri)

 

Isih cilik

Bonaris   : “Apa sebabe anak kucing karo anak asu yen ketemu kerah?”

Bonandi  :   “Genah cetha wis kodrate ngono kok!”

Bonaris   :  “Salah!”

Bonandi : “Njur apa kok salah?”

Bonaris   : “Sing cetha kabeh isih cilik senengane tukaran!    Mengko yen gedhe wis sekolah rak ngerti dhewe.”

Bonandi :  “Wo,….? Dhengkulmu kesleo!!!”

(kir. Sukip Djunairi Kandangan Kediri)

 

Sing tuwa dhewe

Sardan   :         “Wayang apa sakothak kae sing tuwa dhewe?”

Sarmin   :         “Semar!”

Sardan   :         “Salah banget.”

Sarmin   :         “Dewa Ruci.”

Sardan   :         “Ya salah maneh.”

Sarmin   :         “Yen kabeh salah aku judheg. Sing bener wayang apa?”

Sardan   :         “Sing cetha yaiku wayang sing wis rusak, ta!”

Sarmin   :         “Ya, wis trima kalah aku!”.

(kir. Sukip Djunairi Kandangan Kediri)

 

Jeneng kewan iberan

Suta    :            “Ya, jeneng kwan iberan nanging ora bisa mabur jalaran ora duwe swiwi, ora duwe endhas, ora duwe sikil, apa ya bedhekane?”

Naya   :            “Ya cetha kewan iberan sing isih piyik ta?”

Suta    :            “Dudu kewan iberan sing isih piyik, malah sing sanyatane jeneng kewan iki duwe pimpinan jeneng bupati, camat, kepala desa, Rt/Rw.”

Naya   :            “Wah wah, kok saya ngayawara, jeneng kewan iberan kok duwe pimpinan bupati, camat, kepala desa lan Rt/Rw, nyerah ah.”

Suta    :            “Lha nek wis nyerah, sing tak karepake kewan iberan iku jenenge Manukwari ing Irian.”

Naya    :           ???!!!

(kir. Suchamad Ampelgading Pemalang)

SL 14 / 2013

Sing Lucu | Posted by | April 23, 2013

Kentut Rony : “Wan, kowe mau ngentut ta?” Wawan            :           “Ora kok!” Rony : “Alaaa ... ngaku wa

Sapepake

SL 13/2013

Sing Lucu | Posted by | April 16, 2013

Pari Slamet :            “Ni, saiki bedheken! Pari apa sing ora bisa didadekake beras?” Beni     :           

Sapepake

SL 12 /2013

Sing Lucu | Posted by | April 1, 2013

Kutha Dira :  “Ra, goleka jeneng kutha sing nganggo tembung rangkep (kata ulang) cacah 5.” Sura :  “Wah aku ngertine mung siji ...

Sapepake

SL 11 / 2013

Sing Lucu | Posted by | March 26, 2013

Stasiun Semut Cak Mad :       “Dul, ing ngendi bae saben kabupaten mesthi ana pabrik gula, ning Surabaya kok ora duwe ...

Sapepake

Page 1 of 1412345...10...Last »