Kisah Rama lan Juliet
“Jul, sorry ya? Hubungan asmarane awake dhewe mung bisa tekan sakmene wae.”
“Nanging Romeo…”
“Tuut tuut tuut…” durung nganti Juliet ngrampungake ukarane, ing sisih kana Romeo wis mateni telpune. Juliet mung bisa nangis mingseg-mingseg. Romeo pria sing paling ditresnani Juliet, saiki wis ngiyanati katulusan tresnane.
Yen mbiyen gelem manut ngendikane bapake, nasibe Juliet mungkin ora kaya saiki, digawe cuwa dening kang kinasih Romeo. Nalika semana bapake wis ngelingake menawa Romeo kuwi pemuda kang playboy, seneng gawe dolanan cewek. Nanging wektu kuwi Juliet ora mirengke ngendikane bapake, amarga Romeo kuwi bagus tur pinter ngrayu, Juliet gampang banget kena rayuwan manise Romeo. Juliet tetep nindakake hubungan asmarane utawa pacaran klawan Romeo tanpa sapangerten bapake.
Akhir-akhir iki Juliet lagi sadhar temenan yen ngendikane bapake kuwi bener. Semingguku kepungkur nalika Juliet lagi dolan-dolan karo Septi kanca rakete, Juliet weruh Romeo mlaku bareng cewek liya. Yen mung mlaku biyasa ngono Juliet ora bakalan sujana, ananging wektu kuwi Romeo mesra banget kanthi ngrangkul pundhake cewek mau. Kepriye Juliet ora jengkel weruh pepujaning ati tumindak kaya ngono kuwi. Nanging ing wektu kuwi Juliet isih nyoba sabar, Juliet mung mendhem ing atine lan nganggep Romeo ora bakal ngianati tresnane. Sing bisa dilakoni Juliet nalika iku kanggo nyadharke Romeo amung nyindhir-nyindhir nalika omong-omongan karo Romeo. Nanging Romeo ya pancen Romeo pemuda kang Playboy, arepa disindhir kepiye wae tetep ora sadhar.
Juliet iku sabar lan pangerten, kepiye wae tingkahe Romeo mesthi Juliet gelem narima, amarga Juliet tresna banget karo sing jenenge Romeo kuwi. Pria sing kanggo dheweke dadi first love, amarga sadurune ngenal Romeo, Juliet durung tau ngrasakake rasa tresna kang kaya mangkono karo priya liya. Mulane nalika weruh Romeo dolan karo cewek liya, Juliet isih nyoba sabar. Nganti kedadeyan telung ndina kepungkur, nalikane Juliet ngonangi Romeo mlaku maneh karo cewek sing dheweke ora cewek mau. Ananging krungu apa sing diomongake Romeo lewat telpun entas iki, nyata menawa Romeo milih cewek mau tinimbang Juliet. Atine Juliet kejojoh-jojoh lan kuciwa banget.
***
Dina iki Juliet mangkat kuliyah tanpa ana semangat. Kelakuane Romeo isih wae mbayangi dheweke, Juliet durung bisa legawa ngeculake Romeo, tapi kepiye maneh Romeo wis ora ngarepake dheweke. Mula saka iku ing jam kuliyah mau Juliet bola-bali ditegur dening dosene amarga konangan ngalamun ing jam kuliyah. Nalika ditegur kaya ngono kuwi, Juliet amung bisa meksa mesem.
Jam kuliyah wis rampung, arep mulih menyang kos nanging kok sepi, Septi kanca rakete sing uga sak kos-kosane lagi sibuk karo tugas kuliyahe. Biyasane jam 7 bengi utawa bakda isak lagi wae balik menyang kos-kosan. Juliet amung jagong ing bangku taman kampus karo isih mikirake Romeo. Juliet meneng anteng karo sepisan-sepisan ngelap eluh kang metu saka mripate.
“Heii, kok nangis ta?”
Juliet kaget nalika ana suwara kang ngagetake lamunane, Juliet mengo nggoleki asale suwara mau.
“Ohh, sampeyan ta Ma, ora nangis kok, entas wae kliliben lebu iki, angine gek gedhe kok,” jawabe Juliet ngapusi.
“Hehe, ora sah ngapusi Jul, aku ngerti kawit mau kok,” kandhane Rama.
Juliet amung bisa meringis krungu kandhane Rama kuwi, saiki dheweke wis ora bakal bisa ngapusi maneh.
“Geneya Jul kowe kok nangis,” takone Rama.
Ditakoni kaya mangkono, kanggone Juliet dadi peluang anggone bisa nyuntakke rasa kang ana ing atine, apa maneh Rama kuwi bocahe penak kanggo curhat. Akhire Juliet crita kabeh masalahe. Rama ngrungokake karo sepisan-pisan manthuk lan aweh panglipur yen ngepasi crita kedadeyan sing gawe Juliet nangis.
“Ohh ngono ta Jul critane,” kandhane Rama sawise Juliet rampung anggone crita. “Pranyata critamu meh padha karo critaku Jul,” Rama nerusake.
“Meh padha kepiye Ram?” Juliet penasaran.
Rama banjur cerita yen dheweke ya entas wae pisahan karo Shinta. Kenya kang sasuwene iki ngrenggani atine. Rama crita menawa Shinta wis ngiyanati tresnane kanthi luwih milih Indra tinimbang dheweke. Shinta wis ora ngelingi mbiyen nalika Rama mati-matian mbelani dheweke nalika diganggu karo Rahwana, kanca SMA ne sing wis terkenal nakale lan nyimpen rasa seneng karo Shinta. Nalika semana Rahwana pengin Shinta dadi pacare, nanging Shinta ora gelem, Rahwana banjur ngganggu supaya Shinta gelem. Carane Rahwana gawe Shinta keweden, lha ing wektu kuwi Rama mati-matian mbelani Shinta. Nanging kuwi crita rongtaun kepungkur, saiki Shinta wis ora kelingan marang pangorbanane Rama nalika kuwi.
Krungu critane Rama mau Juliet ya amung manthuk-manthuk, pancen wong ki nek ditresnani kadhang njur sok nglunjak, rumangsane dheweke ki sing paling apik lan rumangsa gampang nggolek tresnane wong, dadine bisa cedhak karo sapa wae sing disenengi, yen kaya nasibe cah 2 kuwi mau. Dikhianati karo wong kang ditresnani.
“Jul awake dhewe ora sah kesuwen anggone sedhih, kepiye wae awake dhewe tetep butuh motivator supaya ora terus-terusan anggone sedhih,” kandhane Rama mbuyarake lamunane Juliet.
“Iya bener, lha piye ya Ma?” takone Juliet.
“Jul, piye yen awakmu dadi motivatorku, aku uga janji bakal dadi motivatormu Jul,” jawabe Rama.
“Hemm, piye ya?” jawabe Juliet bingung, “Ya dicoba dhisik wae ya, tapi aku janji kok bakal nyoba sabisaku,” Juliet nerusake jawabane. Juliet mesem, Rama uga mesem.
“Jul, yen kisah Romeo Juliet lan Rama Shinta kuwi amung dongeng masa lalu ya?” kandhane Rama.
“Iya Ma, saiki Rama lan Juliet sing bakalan dadi crita paling romantis sak donya,” jawabe Juliet mantep.
“Bisa wae ta Jul,” jawabe Rama karo njiwit pipine Juliet sing tembem, disusul guyune bocah loro sing gawe merine sing padha weruh.
Kanggo para remaja, ngapa terus-terusan sedhih nalika kabeh bisa diakhiri kanthi happy ending. Masa lalu iku pancen endah, nanging nalika masa lalu iku sirna, elinga menawa masa depan iku isih dawa. (*)
Kanca Lawas
Jam setengah siji kuliah lagi rampung. Arfa langsung njujug parkiran. Pikirane isih judheg jalaran file-file tugase ing laptope ilang kena .
Wong Ngamen iku
Sak jane, aku wis ngerti yen aku ora oleh kaya ngene. Dadi anak kuwi kudune ngabekti marang wong tuwa. Iya, ...
Isih Ana Jenengmu ing Atiku
“Wis ta Bal, ora sah kok gelani maneh, sing wis ya wis. Kowe kuwi lho, kaya ra ana cah wedok ...




