Carane Mangerteni Website Aman Saka Virus

Kaya kang kita mangerteni kabeh, Internet mu­judake salah sijine sumber informasi kang jembar banget lan gampang diakses sapa wae.

Website utawa blog mujudake media kang aweh informasi ing internet. Lan kanggo bias ngakses informasi kang lagi digoleki (informasi komputer, kesehatan, pen­didikan, sosial lan berita-berita apik liyane) kita kudu niliki utawa mbukak website apadene blog kang nye­dhiyakake informasi mau.

Kanggo golek informasi utawa berita kang paling gres lan up to date, kita bisa manfaatake mesin pencari kaya­dene Google, Bing, Yahoo, apadene mesin pencari liyane mung kanthi nglebokake kata kunci wae. Lan sabanjure bakal muncul sawenehing dhaftar web utawa blog kang nyedhiyani informasi adhedhasar kata kunci mau.

Nanging ana kalane saka sawenehing web utawa blog kang muncul mau mbebayani yen dibukak.

Biasane blog kang mbebayani ngene iki merga ngandhut unsur virus, script jahat, malware utawa sajinise kang bisa ngrusak system keamanan komputer kita.

Mula yen para maos ragu-ragu mbukak sawijining situs, website utawa blog becike discan dhisik kanggo mangerteni apa web utawa blog ksb aman ditiliki.

Ing ngisor iki kita aturi sawijining alamat web kang bisa kanthi cepet nyecan web-web kang bakal kita bukak mau, saengga kita bisa mangerteni website utawa blog kang arep kita bukak ksb aman. Iki alamate:  http://www.urlvoid. Com/   

 

Carane migunakake uga gampang, cukup nglebokake alamat url kang arep di-scan ing kothak kang sumadya banjur klik Scan Now. Mula Web utawa blog ksb bakal dianalisa lan bakal katon asile aman dibukak apa ora.

Minangka conto website Panjebar Semangat iki aman banget kanggo ditiliki utawa dibukak.

Sumangga. (d)***

DiskBoss, File lan Utility Software ing sawijining Paket Komplit (2)

DiskBoss, File lan Utility Software ing sawijining Paket Komplit (2)

Aiti, Anyar Katon | Posted by | June 3, 2013

Kanggo nganalisa harddisk, file duplicate lan sapanunggalane bisa kita deleng lumantar tampilan kaya gambar iki: Conto drive C kang l

Sapepake

DiskBoss, File lan Utility Software ing Sawijining Paket Komplit (1)

DiskBoss, File lan Utility Software ing Sawijining Paket Komplit (1)

Aiti, Anyar Katon | Posted by | May 28, 2013

Selaras klawan mutere wektu, komputer kita uga ngalami mudhun performane, salah siji penyebabe yakuwi akehe file ing njero harddisk. Paribas

Sapepake

Carane Mbukak File IPD ing Komputer

Carane Mbukak File IPD ing Komputer

Aiti, Anyar Katon | Posted by | May 24, 2013

Nalika kita mbackup Blackberry (BB) kita mula dhatane tansah jroning format file .ipd. File iki isi kabeh dhata kang ana ...

Sapepake

Carane Nguji Flashdisk

Carane Nguji Flashdisk

Aiti, Anyar Katon | Posted by | May 10, 2013

Tau ketemu flashdisk sing regane rada miring alias murah meriah?. Ngati-ati lo yen duwe utawa arep tuku flashdisk kaya ngene ...

Sapepake

Page 1 of 1712345...10...Last »