Paula Meliana; Inspirasi kebak Impen
Wanita lulusan Fashion Institute of Design and Merchandising, Los Angeles iki, kondhang kanthi konsep feminitas-e kang tansah disuguhake tumrap saben rancangane. Mula ora nggumunake yen kabeh koleksine Paula Meliana tansah bisa nampilake blegere wanita kang multi-dimensi. Kaya ing ajang JFW (Jakarta Fashion Week) 2012 kepungkur, Paula nampilake busana-busana malam kang mawa tema Burlesque sarta busana-busana manten mewah kang dadi andel-andele. Ya Paula Meliana pancen sawijining perancang busana gamben kang diduweni negri kita. Senajan kena diarani kontradiktif, nanging kekarone koleksi Paula iki kasil ngramekake panggung mode Indonesia.
Kanthi keyakinan kang kuwat lan uga matenge konsep ing saben koleksine, Paula bakal ngramekake maneh Panggung JFW 2013 iki. Koleksi-koleksine Paula pancen tansah kasil nglambangake maneka perangan wanita minangka inspirasi kang ora tau entek ditampilake.
Mula kanggone para sutresna kang nedya dadi manten ing taun iki, koleksi busana manten kang dirancang Paula Meliana kanggo Eva Bun Bridal iki bisa dadi pilihan.
Kesengsem Bathik
Sauntara kuwi panganggone bahan-bahan tradhisionil kayadene bathik, tenun lan songket dadi tren perkembangan fashion ing Indonesia dinane iki. Ora mung potensial diolah nanging mesisan bisa dadi alat misi budaya.
Lan, meh kabeh perancang tanah air saikine padha nglirik bahan tradhisi iki tumrap rancangane. Saben desain nduweni kaunikan dhewe. Semono uga Paula Meliana.
“Dak titeni tren ing kalangan desainer saiki yakuwi padha migunakake bahan saka tradhisi utawa maneka daerah Indonesia, apa kuwi bathik, tenun utawa songket” ujare Wawan Soeharto, sawijining koreografer.
Kanthi dicekel tangan desainer kang mumpuni, bahan-bahan tradhisional iku bakal dadi apik banget. Saliyane iku, bahan tradhisional uga ngusung misi budaya lan nganti saiki pasar Eropa tetep kagum banget klawan teknik nggawene.
“Ing luar negeri, kayata Eropa, wong-wong mau padha ngungun nalika mangerteni piye proses nggawene bathik utawa tenun kang angel lan mbutuhake wektu suwe ksb,” tambahe Wawan.
Minangka desainer, Paula ngamini kandhane Wawan kuwi. Ujare, sawise cukup suwe ambyur ing babagan busana manten, dheweke ngakoni saiki uga kesengsem klawan bathik. Bebarengan klawan Miranty Dewi, salah sawijining pelanggane, Paula banjur ngembangake desain bathik. “Kabeh iki asale saka inspirasi kebak pangimpen lan gairah” ujare lulusan sekolah modhe saka Los Angeles, Amerika Serikat iki.
“Bathik bisa dikombinasi klawan renda lan apa wae, mung kari nyocogake selera wae,” imbuhe putri sulung pengusaha bridal, Eva Bun, iki.
Ing saben ndesain, dheweke oleh maneka inspirasi saka saben lunga menyang dhaerah, ndeleng lingkungan kono, lan bathik kang maneka motif.
Minangka publik figur, diakoni yen busana bathik uga ora kalah klawan busana utawa gaun liyane. Justru motif lan warnane kang akeh yen dirancang kanthi becik bakal aweh tampilan kang apik.
Miranty Dewi uga ngandhakake bab kang padha. Dheweke ndeleng yen perkembangan fashion ing Indonesia maju banget, lan bisa dadi salah sijine destinasi fashion dunia.
“Salah sijine kang potensial, migunakake bahan tradhisional bathik, kang dirancang selaras klawan selera pasar, bahan tradhisional mujudake ciri khas kang identik klawan indonesia” ujare. (d)
Carane Mbukak File IPD ing Komputer
Nalika kita mbackup Blackberry (BB) kita mula dhatane tansah jroning format file .ipd. File iki isi kabeh dhata kang ana ...
SL 17 / 2013
Superman Bono : “Ben, kowe seneng nonton film?” Beni : “Iya Bon. Aku paling seneng
DYANA
0Bocah ayu iki jenengé : MEGDYANA PUTRI (DYANA), lair ing Rembang tanggal 28 Juni 2012, putriné bapak EDY SISWANTO, S.Pd.SD s




