Nusakambangan

Wengi iki Segara Anakan dadi seksi

Rembulan ngambang ing pucuking mahoni

Saka kadohan nggembuleng medeni

Pindha raseksa ndhekemi bumi

Nusa kumambang kratone sang dewi

Nyai Roro Kidul Sang Prameswari

Raja Mataram duk ing nguni

 

Nusakambangan pancen nyata

Suker angker kebak wewaler

Kinupeng samodra tanpa winates

Kinemulan alas gung liwang liwung

Dadi kedhatone jim peri perayangan

Isih akeh sato wana kang ngrenggani

Ula sardhula kidang lan menjangan

Janma mara janma mati

 

Walanda pancen pinter

Bumi angker kanggo nyengker

Para durjana kang den uber

Kebak pakunjaran kang kineker

 

Biyen ana Nirbaya Karang Tengah lan Gliger

Limusbuntu lan Karanganyar

Batu Besi Kembang Kuning lan Permisan

Saiki tambah Narkoba ing Pasir Putih

 

Najan mengkono satemene bumi iki endah

Sisih wetan ana pulo Karang Bandung lan Majeti

Papan tuwuhe kembang Wijaya Kusuma

Uga ana mercusuar Cemiring lan Benteng Klinker

Guwa Ratu, Guwa Putri, Guwa Lawa lan isih akeh maneh

Sisih kulon ana Pantai Pasir Putih lan Karang Syahrir

 

Pantai Permisan papane amisudha kopasus

Lan Guwa Masigit Sela kanggo tetirah lan tirakat

 

Nusakambangan ya Nusakambangan

Pancen nyata pulo suker lan angker

Nanging endah lan nengsemake

Iku mau kabeh riptane Gusti Sing Maha Kuwasa

Bapa

Geguritan | Posted by | May 28, 2013

Bapa, sliramu wis sowan marang Gusti Nalika putra-putramu ngelak pitutur luhur Iki donyane wis ajur mumur Akeh manunga sing urip ng

Sapepake

Arisan

Geguritan | Posted by | May 24, 2013

Esuk iki hawane seger. Kesaput angin midid Sarampunge subuhan, mlaku-mlaku nglemesake sikil Sajroning lumaku maknyut batin kerut ilini

Sapepake

Crita Bebek

Geguritan | Posted by | May 6, 2013

Bebek-bebek ajar nglangi Kepengin njajagi jerone bengawan Ngungak jembaring panguripan Ngetung sandhungane laku Kang ajeg tinemu

Sapepake

Bibit kanggo Bibit

Geguritan | Posted by | April 23, 2013

Amit pasang kaliman tabik Tinebihna ing sapu dhendha Linepatna ing tulak sarik Guritku iki aku kelingan mbah mbahku kang kudhung ce

Sapepake

Page 1 of 1612345...10...Last »