Wanita Kurang Damang Marang para Pahlawane?

Siti Rohana Kuddus
“Siti Rohana Kudus? Sapa kuwi?”
Kerep banget pitakonan kaya iku keprungu, ing antarane sasamaning wanita. Mrangguli bab mengkene, tumrape Sri Sintasari, utawa kang kerep diundang Bu Neneng Iskandar, kerep krasa risi. Bab mau mratelakake, yen kawruhe wanita kang magepokan karo para pahlawane yekti durung maremake. Mula iku, ngiras pantes mengeti wiyosane Raden Ajeng Kartini, lumantar bebadan kang sinebut Wastra Prema (tegese paguyuban sutresna wastra/kain, wigatine kain tradisi, kaya ta bathik lan tenun), Neneng Iskandar dalah para sumitrane ing Wastra Prema, banjur cancut taliwanda. Ngadani kagiyatan kang ancase, kejaba ngelingake kaum wanita supaya eling lan ngerti, yen yektine akeh wanita Indonesia sing dadi pioneer (pelopor), ambyur ing jagading perjuangan kanggo njunjung drajade wanita, uga nguri-uri lumantar pameran kain tradisi adati, sing wis tuwa sarta kuna, nanging isih endah sarta mranani.
Kagiyatan kang karan”Puspa Pesona Wastra Tokoh Perempuan Indonesia”, sarta diadani ing Museum Nasional Jakarta, wiwit tanggal 4 nganti 14 April 2013. Maune dirancang nganti tanggal 7 April, nanging awit akeh masarakat sing kepranan, banjur diundur nganti 14 April. Kejaba mujudake pendidikan kanggo para wanita tumrap para pahlawane, yaiku sepuluh wanita pejuang sa tanah air, uga sinambi mamerake wastra tuwa adati, minangka kaskayaning bangsa.
Dene wanita sepuluh mau, yaiku,

Para tamu sing ngrawuhi bincang-bincang wastra kembangan
1. Raden Ajeng Kartini, kenya kang miyos 21 April 1879, kang sawise diwasa digarwa dening Bupati Rembang, KRM Adipati Ario Singgih Joyo Adiningrat, kang yektine wis kagungan garwa ampil cacah 3. Eman RA Kartini katimbalan nalika isih mudha yuswa 25 taun, 17 September 1904, sawise mbabarake putra kakung siji asma RM Soesalit 13 September 1904 Tumrape wanita Indonesia, RA Kartini mujudake pejuang kang diaji-aji, awit lumantar perjuangane, wanita bisa sekolah ora beda karo priya. Jaman semana, pamikir kang mletik iki luwih maju ndhisiki jamane. Mula tanggal wiyosane mau tansah diprengeti minangka Hari Kartini, kang dadi tandha yen wanita yekti ora beda karo priya sarta duwe hak kang padha, kang katelah emansipasi.
2. Cut Nyak Dien(lair ing Aceh 1859), mujudake prajurit wanita kang peng-pengan, bebarengan karo kakunge Teuku Umar lumawan Walanda. Emane Teuku Umar gugur ndhisiki 11 Pebruari 1899 ing tanah wutah getihe yaiku Meulaboh. Pasareyane ing tengah alas gung liwang liwung, ing gumuk kang ndeder. Dene Cut Nyak Dien nerusake berjuang kanthi gerilya, mlebu metu alas. Wusanane uga ketangkep Walanda, banjur diselong ing Sumedang Jawa barat, 11 Desember 1905, nganti lan tiwase sarta disarekake ing kana. Yekti ngeres-eresi, jalma loro kang atine kaiket tresna, makame pinisah adoh, Sumedang lan Meulaboh.

Ora sethithik ekspatriat sing gumun karo bathi adati kang dipamerake
3. Johana Sunarti Nasution Gondokusumo (miyos ing Surabaya, 1923) kang kerep disapa Bu Nas. Awit katresnane marang sasama, Bu Nas aktif kanthi ngedegake sawatara organisasi sosial. Antara liya, Yayasan Sayap Ibu, kang isih madeg nganti saiki, mapan ing jalan Barito Kebayoran Baru. Yayasan sayap Ibu aweh pangayoman sarta ngopeni bayi-bayi terlantar, sarta kang dipasrahake wong tuwane awit ora kuwawa ngopeni. Kejaba iku isih ana sawatara yayasan sosial liyane, saengga panjenengane wola-wali antuk kanugrahan saka Pamarentah, kaya ta Satya Lencana Kebaktian Sosial, Lencana Satya Bhakti Utama Persit Kartika Candra Kirana lan liya-liyane.
4. Laili Roesad, lair ing Padang 19 September 1916, kasil nggayuh gelar Doktor Hukum saka University of London. Awit saka kawasisane mau, Laili dadi diplomat wanita, kang sabanjure dadi Duta Besar wanita sing sepisanan ing Belgia lan Luxemburg, nganti nampa Bintang Jasa saka negara loro mau. Kejaba iku uga nate njabat minangka Perwakilan Tetap Republik Indonesia ing PBB, New York. Kiprahe isih akeh maneh, mratelakake yen Laili Roesad yekti wanita gamben.
5. Lamidjah Hardi(Purworejo, 14 April 1918), klebu wanita kang pikirane wis maju. Kejaba ngedegake YLKI (Yayasan Lembaga Konsumen Indonesia), ngedegake Paguyuban Wanita Pejuang, ngedegake Himpunan Wastra Prema, lan sapanunggalane.

Sulam bangku, carane nggawe rumit
6. Maria Walanda Maramis (Kema, Sulawesi Utara, 1 Desember 1872). Nadyan sekolahe mung Sekolah Dasar, nanging pamikir sarta pengabdiane ora sembarangan. Awit ngrumangsani yen kalungguhane ibu lan anak mono wigati tumrap dina tembene Bangsa, mula banjur ngedegake Percintaan Ibu Kepada anak turunannya (PIKAT), kang ancase ndhidhik wanita ing bab nata rumah tangga, njahit, ngopeni bayi lan liya-liyane. Awit kasil kanthi becik, PIKAT ngrembaka lan didegake ing ngendi-endi.
7. Raden Dewi Sartika, (Bandung, 4 Desember 1884). Perjuangane kanggo para wanita liwat tulisan ing koran, kang merjuangake pendidikan kanggo wanita, anti poligami (wayuh) sarta anti prostitusi (pelanyahan).Awit kalungguhane wanita nalika jaman penjajahan biyen kasiya-siya banget, mula Dewi Sartika kasil ngedegake sekolah mligi kanggo wanita, kang karan Sekolah Istri.
8. Siti Rohana Kuddus (Kotagadang, 20 Desember 1884). Rohana kang ora nate sekolah formal. Nanging dening ramane, diwulang maca lan nulis. 11 Februari 1911, Rohana ngedegake sekolah Kerajinan Amal Setia. Kejaba iku, awit nglenggana yen lumantar tulisan bisa minterake wanita, mula 10 Juli 1912, Rohana ngedegake Soenting Melajoe. Koran iki yekti saka, dening sarta kanggo wanita tenan. Awit kabeh penulis sarta redaksine kabeh wanita. Kejaba iku isih mbudidaya supaya jagading sulam saya maju, mula banjur ngedegake Amal Setia, wadhah kanggo wanita nyinau sarta ngundhakake pengasilan kanthi nyulam.

Neneng Iskandar
9. Hj. Siti Latifah Herawati Diah (Tanjung Pandan, 03 April 1917), garwane wartawan Burhanudin Muhammad (BM) Diah. Mujudake wanita kang beja kemayangan awit bisa nggayuh pendhidhikan sarta wanita Indonesia sepisanan sing kasil lulus saka Universitas Columbia, Amerika Serikat, jurusan Sosiologi. Ing jaman penjajahan aktif ing KBI (Kepanduan bangsa Indonesia), aktif ing Perwari (Persatuan Wanita Republik Indonesia), sarta ngedegake Ikatan Sarjana Wanita Indonesia (ISWI). Ing antarane para pahlawan wanita, amung bu Herawati iki kang isih sugeng. Kejaba sabiyantu Pak BM Diah ngemudheni koran Merdeka, Bu Diah uga ngedegake majalah Keluarga, lsp.
10. Hj. Siti Nurani Bambang Utoyo (Palembang, 19 Juni 1925). Minangka garwa prajurit, Siti Nurani sabiyantu kakunge perang gerilya, munggah mudhun gunung. Sawise mardika, Siti Nurani aktif ing kabudayan sarta kesenian, miwah nresnani sapepadhaning tumitah, wigatine asung ketresnan marang para bocah. Mula ing sadawaning Uripe uga aktif ing sawatara oraganisasi sosial, upamane Bank Mata, Dekranas, ngopeni bocah cacat lsp.
Kajaba pameran, tanggal 7 April ing dina Akad, uga ana bawa rasa (bincang-bincang utawa talk-show) ngenani kain kembangan (bangsane sindur, slendang, rimong). Miturut Ibu Asmoro Damais kang dadi nara sumber, barang-barang mau pranyata umure luwih tuwa tinimbang bathik. (Naskah lan foto KuBro).
Revitalisasi Museum Benteng Vredeburg
Swasanane Museum Benteng Vredeburg kang dumunung ing sawetane Istana Kepresidenan Gedhung Agung Yogyakarta esuk kuwi katon beda. Temboke kat
Sunan Kalijaga iku Maestro Budaya
Sunan Kalijaga ora mung dikenal minangka salah sijining wali kang nyebarake agama Islam ing tanah Jawa. Wali kang miyos kanthi ...
Fahrudi “Ora Irama”, Tukang Cukur Memper Rhoma Irama
Fahrudi alias Ora Irama wektu ketemu Rhoma Irama sing asli SOsok H. Rhoma Irama sapa wae mesthi wis kenal. Jeneng ...





