Festival Rujak Uleg ing HUT Surabaya
Anyar Katon, Flash, Yak Opo Kabare - Posted by admin on July 5, 2012

Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini (x), didhampingi sawatara nonik-nonik manca negara, lagi ibut nguleg bumbu rujak
Festival Rujak Uleg kanggo mahargya Hari Jadi Kota Surabaya kang ka 719 kaleksanan kanthi regeng banget, Minggu (13/5) kepungkur. Regenge festiwal jalaran sing melu pacakane ‘menor’ lan migunakake sragam warna-warna, saengga narik kawigaten. Apamaneh panggung gedhe mawa back ground abang putih kang nutup Jalan Kembang Jepun iku, ndadekake swasana festival saya regeng.
Ana 243 meja kang dicepakake lan dikebaki 1.340 peserta Festival Rujak Uleg. Saben peserta siyap ngadhep cowek lan mawarna-warna racikan rujak kang wis ana ing mejane dhewe-dhewe. Wiwit saka lonthong, timun, cingur, dalah bumbu-bumbune ora kari yaiku petis-e. Para peserta iki menganggo sragam sarwa maneka warna kang aneh-aneh. Ana kang dandan kaya lumrahe Gathut Kaca, sragam khas Madura, Bali, Dayak, Indian, engga Gypsy.
Dandanane sakehing peserta liyane uga ora kalah anehe. Upamane, peserta dandan modhel kewan tomcat-sing mentas iki nyerang kutha Surabaya-, kucing garong, bantheng abang, baya, lelembut, lan syetan.
Kahanan iki saya regeng jalaran saben peserta duwe yel-yel kang dibengokake makaping-kaping. Adrenge peserta pancen kalebu ngedab-edabi.
Ing acara kang dibukak jam 13.50 WIB iki, pesertane wis padha siyap karo yel-yel lan dandanan aneh-aneh wiwit jam 11.00. Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini kang rawuh jam 12.00 uga langsung ngubengi panggonan festival. Ora lali, wong nomer siji ing Kota Pahlawan iki uga ngaruh-aruhi para peserta.
Kepala Dinas Pariwisata Kota Surabaya Wiwiek Widayati ngandharake, Festival Rujak Uleg iki dileksanakake saben taun, trepe ing saben mahargya HUT Surabaya. Supaya luwih regeng, festival uga dirancang kanggo golek peserta paling apik, unik lan nyentrik. Tim juri mbiji kompake peserta, sragam sing aneh dhewe, lan yel-yel kang paling apik. Ora mung iku wae, juri uga mbiji karesikan, rasa, lan pasugatan rujak kang paling endah.
Ing antarane kabeh peserta kang teka, tim juri milih 40 peserta terbaik klawan bebana dhuwit saben peserta Rp 1,5 yuta. Sabanjure, ing antarane 40 peserta iki, dijupuk peserta lima kang paling apik dhewe, dene bebanane arupa sepedha gunung. “Arane wae festival. Dadi ora ana juwarane,” ujare Wiwiek Widayati.
Saliyane nyambangi para peserta, Risma uga nyengkakake melu jejogedan ing ndhuwur panggung. Peserta saka Bank Tabungan Negara kang menganggo sragam rupa emas lan dandan modhel ratu klawan pacakan wulu-wulu banyak ing sirahe, ngajak wali kota lenggak-lenggok ing panggung. Ing kalodhangan iki, Konjen AS Kristen F. Bauer lan anggota DPR Indah Kurnia uga melu jejogedan.
Marang para peserta, Risma ngajap Festival Rujak Uleg iki didadekake minangka salah sijine heritage Surabaya. Kegiyatan iki uga bisa digunakake kanggo njaga kebersamaan lan kerukunan warga. “Surabaya saya tuwa. Muga-muga tambah maju lan tambah mutu. Muga-muga festival iki bisa terus kaleksanan nganti ing taun-taun sabanjure,” pratelane.
Ing kalodhangan iki Risma uga melu nguleg rujak rame-rame bebarengan karo tamu undhangan ing cowek gedhe ukuran sameter. Bareng karo iku, kabeh peserta festival uga melu nguleg rujake dhewe-dhewe.
Ing tengahing taun iki, Surabaya mbudidaya ngajokake acara rujak uleg kasebut menyang tingkat donya, yaiku UNESCO. Rencana iku satemene wis dipikirake wiwit taun kepungkur kanthi cara ngirimake wakil menyang UNRSCO kanggo nepungake rujak ing lomba cagar budaya.
Risma ngakoni, perlu anane bukti-bukti kang trep supaya rujak uleg Surabaya bisa antuk akon-akonane donya. Mula saka iku, pihake mempeng ngumpulake bukti-bukti kasebut. “Foto-foto kang ana ing kampung, bocah-bocah mangan rujak, engga didhasar ing restoran, kabeh dikumpulake,” tandhese Risma. (Bsh)

