Panjebar Semangat

Paula Meliana; Inspirasi kebak Impen
Wanita lulusan Fashion Institute of Design and Merchandising, Los Angeles iki, kondhang kanthi konsep feminitas-e kang tansah disuguhake tumrap saben  rancangane. Mula ora nggumunake yen kabeh koleksine Paula Meliana tansah bisa nampilake blegere wanita kang multi-di­mensi. Kaya ing ajang JFW (Jakarta Fashion Week) 2012 ke­pungkur, Paula nampilake busana-busana malam kang mawa tema Burlesque  sarta busana-busana manten mewah kang dadi andel-andele. Ya Paula Meliana pancen sawijining perancang bu­sana gamben kang diduweni negri kita. Senajan kena diarani kontradiktif, nanging kekarone koleksi Paula iki kasil ngramekake panggung mode Indonesia.

Kanthi keyakinan kang kuwat lan uga matenge konsep ing saben koleksine, Paula bakal ngramekake maneh Panggung JFW 2013 iki. Koleksi-koleksine Paula pancen tansah kasil nglam­bangake maneka perangan wanita minangka inspirasi kang ora tau entek ditampilake.

Mula kanggone para sutresna kang nedya dadi manten ing taun iki, koleksi busana manten kang dirancang Paula Meliana kanggo Eva Bun Bridal iki bisa dadi pilihan.

Kesengsem Bathik

Sauntara kuwi panganggone bahan-bahan tradhisionil kaya­dene bathik, tenun lan songket dadi tren perkembangan fa­shion ing Indonesia dinane iki. Ora mung potensial diolah nanging mesisan bisa dadi alat misi budaya.

Lan, meh kabeh perancang tanah air saikine padha nglirik bahan tradhisi iki tumrap rancangane. Saben desain nduweni kaunikan dhewe. Semono uga Paula Meliana.

“Dak titeni tren ing kalangan desainer saiki yakuwi padha migunakake bahan saka tradhisi utawa maneka daerah Indonesia, apa kuwi bathik, tenun utawa songket” ujare Wawan Soe­harto, sawijining koreografer.

Kanthi dicekel tangan desainer kang mumpuni, bahan-bahan tradhisional iku bakal dadi apik banget. Saliyane iku, bahan tra­dhisional uga ngusung misi budaya lan nganti saiki pasar Eropa tetep kagum banget klawan teknik nggawene.

“Ing luar negeri, kayata Eropa, wong-wong mau padha ngu­ngun nalika mangerteni piye proses nggawene bathik utawa te­nun kang angel lan mbutuhake wektu suwe ksb,” tambahe Wawan.

Minangka desainer, Paula ngamini kandhane Wawan kuwi. Ujare, sawise cukup suwe ambyur ing babagan busana manten, dheweke ngakoni saiki uga kesengsem klawan bathik. Beba­rengan klawan Miranty Dewi, salah sawijining pelanggane, Paula banjur ngembangake desain bathik. “Kabeh iki asale saka in­spirasi kebak pangimpen lan gairah” ujare lulusan sekolah modhe saka Los Angeles, Amerika Serikat iki.

“Bathik bisa dikombinasi klawan renda lan apa wae, mung kari nyocogake selera wae,” imbuhe putri sulung pengusaha bridal, Eva Bun, iki.

Ing saben ndesain, dheweke oleh maneka inspirasi saka sa­ben lunga menyang dhaerah, ndeleng lingkungan kono, lan bathik kang maneka motif.

Minangka publik figur, diakoni yen busana bathik uga ora kalah klawan busana utawa gaun liyane. Justru motif lan warnane kang akeh yen dirancang kanthi becik bakal aweh tampilan kang apik.

Miranty Dewi uga ngandhakake bab kang padha. Dheweke ndeleng yen perkembangan fashion ing Indonesia maju banget, lan bisa dadi salah sijine destinasi fashion dunia.

“Salah sijine kang potensial, migunakake bahan tradhisional bathik, kang dirancang selaras klawan selera pasar, bahan tradhisional mujudake ciri khas kang identik klawan indonesia” ujare. (d)

Carane Mbukak File IPD ing Komputer
Nalika kita mbackup Blackberry (BB) kita mula dhatane tansah jroning format file .ipd. File iki isi kabeh dhata kang ana ing ponsel bb kita. Piranti kang kita aturake iki gunane mengko bisa dipigunakake kanggo mbalekake dhata ing bb kita yen diperlokake, utawa kang kadhang2 kita perlu mbukak file ipd iki ing komputer kita kanggo modifikasi dhata ing njerone lsp.

Magicberry mujudake aplikasi kang gratis kang bisa kita manfaatake kanggo mbukak lan manipulasi file ipd kanthi gampang, bisa maca meh kabeh dhata ing file IPD. Magicberry bisa uga ngekstrak pesan SMS, call log, buku alamat (address book), service book, tugas (task), memo lan dhata kalender saka file IPD ksb.

Kita bisa uga nggabungake sawenehing file IPD kanthi migunakake aplikasi gratisan iki, saengga kita bisa nggabungake pirang-pirang file backup (cadhangan) blackberry. Magicberry bisa dioperasekake ing sistem operasi Windows XP, Windows Vista, Windows 7.

Donlot wae ing kene http://www.ziddu.com/download/14752257/MagicBerry.zip.html

Intranet Messenger migunakake MSMQ

Nganti saiki kita wis ngerti akeh banget conto panganggone MSMQ (Microsoft Message Queuing Service) kanthi .NET. Nanging kita durung weruh conto real-time kang bakal mbantu kita kanggo pegaweyan sedina-dina. Aplikasi iki bakal mbantu kita kanggo sawenehing kebutuhan, kaya upamane ngirim, nampa, nyimpen pesan ing intranet, kepara nalika kita ora nglakokake aplikasi iki utawa sistem. Ing ngisor iki sawenehing fitur saka aplikasi MSMQ:

Satleraman bab MSMQ:

Microsoft Message Queuing yakuwi teknologi saka Microsoft kanggo aplikasi pesan asynchronous. Saben kita ana kabutuhan aplikasi kanggo ngirim pesan siji karo liyane, MSMQ bisa digunakake. MSMQ bisa nindakake komunikasi antarane mesin remote, kepara liwat internet migunakake http / https. Iki gratis lan wis teka bebarengan ing njerone Windows, nanging ora diinstal sacara default. Jroning upaya kanggo ngintegrasi iki. NET, Microsoft nyedhiyani lan dipaket ing komponen COM amrih nggampangake nganggone. Dadi, kita bisa migunakake teknologi iki kanggo nyalurake/ngirim pesan (instan) antarane pengguna intranet, utawa antarane komputer LAN ( Local Area Network ) upamane ing lapkom kampus, warnet, kantor, lsp.

Aplikasi iki dibangun ing sandhuwure NET Framework. Sawenehing fitur ‘paten’ saka aplikasi iki yakuwi:

Bisa mbantu kita ngirim pesan menyang sistem intranet kang wis nduweni MSMQ diinstal ing njerone.

Bisa mbantu kita nampa pesan saka saben sistem intranet.

Bisa mbantu kita kanggo nyimpen obrolan ing sawijining file teks kanggo referensi sabanjure.

Bisa mbantu kita nampilake pesan, kang ditampa nalika aplikasi utawa sistem wis dipateni.

Nampilake timing kanthi pas ngirim lan nampa pesan.

Si Poltak kang Laris diincer Klub Elit
Radja Nainggolan

Sawise Inter Milan, saikine ganti klub Liga Primer Inggris, Southampton, kang ngincer Radja Nainggolan.

Pemain tengah klub asal Belgia kang keturunan Indonesia iki sajake pancen lagi laris dadi inceran klub-klub elit Eropa.

Laporan media Inggris dina Rebo ke­pungkur (17/04) ngandhakake yen direktur Southampton, Nicola Cortese, ngarepake banget Nainggolan lan kanca sak time ma­neh ing Cagliari, Davide Astori, bisa ngga­bung ing klube.

Nainggolan, pemain keturunan Batak In­do­nesia iki dinuga bakal dituku kanthi rega £15 yuta (limalas yuta pounsterling).

Saliyane mlebu radhare Southampton, media Inggris uga ngandhakake yen pe­main umur 24 taun iki pranyata uga wis su­we diincer dening Manchester City, Ju­ventus lan Napoli.

Cortese njlentrehake, dheweke siap tuku sawenehing pemain anyar taun iki amrih bisa tetep nangkring ing divisi elit Liga Primer.

Southampton sempat nyedhaki zona re­le­gasi kang ndadekake pemilik klub kuwi mecat manajer Nigel Adkins Januari ke­pung­kur.

Klub Inggris kidul iki dhewe saikine dita­ngani dening Mauricio Pochettino lan mang­gon ing papan tengah klasemen sementara.

Jroning pertandingan tanggal 13 April kepungkur, Southampton main imbang 1-1 lawan West Ham United.

Asil seri iki saya mantepake kekarone tim amrih tetep main ing Liga Primer.

Saliyane ngincer Nainggolan lan Astori, Southampton uga dikandhakake keseng­sem klawan pemain tengah Queens Park Rangers, Esteban Granero.

Inter Kebelet Banget

si Poltak

Inter Milan santer dikandhakake pengin banget nggeret gelandhang Cagliari ketu­runan Indonesia, Radja Nainggolan, iki me­nyang klube. Manut laporan Corriere dello Sport, Nerrazuri – julukan tumrap Inter Milan – ngincer Nainggolan kanggo ningkat­ake performa tim ing mangsa bal-balan nga­rep iki.

Rega kang ditawakake Nerrazuri kanggo nuku Nainggolan  kurang luwih 13 yuta euro utawa Rp 167 milyaran.

Pemain campuran Batak lan Belgia iki wis tampil kaping 28 jroning pertandhingan ing musim iki saperlu mbela tim Cagliari.

Nainggolan lair ing Anwterp, Belgia, 25 taun kepungkur. Bapake, Marius Nainggo­lan, mujudake WNI saka Medan,  dene ibu­ne, Lizi Boegaerd, mujudake warga negara Belgia. Senajan wiwit lair dheweke wis war­ga­ negara Belgia, nanging jenenge (mar­ga) bapake tetep tumempel ing je­nenge dheweke.

Wiwit cilik Nainggolan pancen tansah dipecut dening ibune amrih dadi pemain bal-balan profesional.

Dheweke melu pendidikan ing klub bal-balan Belgia, Germinal Berrschot. Sawise rampung pendidikan, taun 2004 Nainggolan hijrah menyang Itali saperlu nyengkuyung klub Piacenza.

Taun 2010, Nainggolan direkrut Cagliari lan isih kaiket kontrak tumekane saiki engga taun 2015 mengko. Kaprigelane nggiring bal gawe gawoke ngakeh sasuwene mbela tim Sardinia. Bab iki kang ndadekake Nerra­zuri ngincer banget marang Nainggolan.

Rencanane sasi Juni mengko, Radja Naing­golan, uga bakal teka menyang Indonesia. Tekane Nainggolan iki disponsori dening sawijining perusahaan merchandise bal-balan ing Jakarta, The Footballicious.

“Seneng yen wusanane bisa teka me­nyang negara kang spesial banget kanggo­ku” ujare Nainggolan kaya kang ditulis ing akun Twitter @footballicious.

Pemain umur 24 taun iki pancen ndu­weni sutresna cukup akeh ing Indonesia. Saliyane merga dheweke keturunan Indonesia, uga merga prestasine ing lapangan kang cukup nengsemake. Mula tekane ba­nget diantu-antu. (d)***

10 Keajaiban Alam Paling Populer
1. Chocolate Hills (Filipina)

Kasumurupan wiwit 1.268 Chocolate Hills, wujud pereng-pereng awangun ke­rucut  kang ukurane padha. Ambane lu­wih saka 50 kilometer persegi (20 mil per­se­gi). Ana maneka hepotesis ngenani we­wangunan perbukitan iki. Antara liya pela­pukan kapur prasaja, vulkanisme sub-laut kang kaangkat saka dhasaring samodra gung. Ana teori anyar sing nyatakake papan kono mujudake gu­nung geni kuna sing aktif, nuli njur kan­thi muntahake watu-watu gedhe kang sabanjure ditutup nganggo watu kapur, nuli disurung metu saka dhasaring samodra.

2. The Rock Wave (Australia)

The Rock Wave mujudake formasi wa­tu-watu alam kang dumunung ing Australia kulon. Cundhuk karo jenenge, watu iki kaya ombaking segara kang dhu­wur. Ambane nganti pirang-pirang hektar. Dhu­wure Wave Rock iki sakupenge 15 me­ter dene dawane 110 meter. Wewa­ngunan kang melu ing kontur iki awujud bendungan kanggo mbudidaya supaya banyu udan bisa ditampung. Wewangu­nan kang adi luhung lan banget nge­dab-edabi iki dibangun taun 1951 de­ning Departemen Pekerjaan Umum. Australia

3. Hell Gate (Uzbekistan)

Pedunung ngenggon nga­rani “Lawang menyang Ne­raka”.  Papan iki mapan ana ing sacedhake kutha cilik Dar­vaz. Para ahli kang nindakake pengeboran gas 35 taun kang wis kawuri, dumadakan ne­mok­ake sawenehing guwa sa­ngisoring lemah. Ora ana kang wani mlebu ing guwa mau se­bab dikebaki dening gas. Rom­bongan nuli nyumet guwa mau sa­engga ora ana gas ra­cun bisa me­tu saka gu­wa kang nalika semana wis kobong. Ora ana sing meruhi pirang ton akehe gas kang nduweni mutu berkwalitas mau sing na­te kobong nganti ma­taun-taun ora ana wa­tese.

4. Giants Causeway (Irlandia)

Mapan ing pesisir lor wetan Irlandia Lor, saperangan kolom awangun hek­sa­go­nal. Senajan ana uga kang awa­ngun segi papat, segi lima, segi pitu, lan kang paling dhuwur sakupenge 12 meter (36 kaki) sarta lava kang wis atos ing pereng kang kandele 28 meter ing maneka pang­gonan. Sawenehing jajak pendapat 2005 saka para pamirsa Radio Times, nyatak­ake yen dalan lintas kasebut dijenengake minangka keajaiban alam ka papat pa­ling gedhe ing Britania Raya.

5. Blue Lake Cave

Pawongan sing jeneng Mato Groso nindakake survey menyang wilayah Sul di Brasil (utamane menyang kutha sing tentrem yaiku Bonito). Ing kono dheweke nawakake sakehing telaga sing ana sa­ngisoring lemah sing mencutake: “Gruta do Lago Azul”, (Blue Lake Cave). Telaga mau uga mujudake monumen alam sing interior diwangun dening alam arupa sta­laktit, stalagmit lan sawenehing telaga biru sing bawera kang banget nengsem­ake. The Blue Lake Wave kasinungan ma­neka formasi geologi kang banget nge­lam-elami lan kondhang sakjagad.

6. Eve Of the Sahara (Mauri­tania)

Wangune lahan iki spekta­ku­ler. Dumu­nung ing Mauritania isih lor kulone Gurun Sahara kang ba­wera kanthi diameter 30 mil sing bisa disawang saka ruwang ang­kasa. Wangune kang wujud ling­ka­ran isih mujudake misteri nganti tumekaning saiki.

7. Crystal Cave of thye Giants (Mek­siko)

Ditemokake biyen ana area tambang ing Meksiko Chihuahua kidul. Kristal iki diwangun ing sa­jeroning guwa

alam kang tinutup wewatuan gedhe. Guwa kang ke­bak dening Kristal spektakuler kang pa­dha karo dhuwure wit pinus iki wernane kaya dene emas lan perak kang tembus pandhang lan kasinungan wangun sing nge­dab-edabi. Guwa Kristal ditemok­ake ing wayah wengi sajeroning watu gam­ping kang tansah su­morot rina lan wengi.

8. Great Blue Hole (Belize)

Perangan sangka Lighthouse Reef Sys­tem,

The Great Blue Hole mapan ana ing sakupenge 60 mil sanjabaning dha­ratan Belize City. Ing kono ana bolongan gedhe pa­pan kanggo nyilem. Bolongan iki isine arupa banyu kang jerone 480 kaki (145 m). Ya golongan mau sing njalari war­na biru engga nyebabake struktur mau banget kaloka, kang sabanjure pa­pan kang ora ana tunggale mau sinebut minangka “bolongan biru”.

9. Antelope Canyon (Arizona)

Kang paling sering dikun­jungi dening para wisatawan yaiku sawijine negara kang ana ing Southwest Amerika, Antelope Canyon kang mapan ing sak ndhu­wuring tanah Navajo cedhak Page, Arizona. Ne­gara iki klebu loro kang pinisah. Perangan slot fotogenik negara, disebut kadidene Upper Individual Antelope Canyon, utaw “Crack”, dene sijine mapan ing hilir di­sebut Antelope Canyon.

Jeneng Navayo kanggo Upper Antelope Canyon yaiku bighanilini Tse, kang tegese “papan iline banyu kang mili liwat watu-watu”. Kekarone mapan ana Bab LeChee Bangsa Navajo.

10. The Wave (antarane Arizona lan Utah-USA)

The Wave ginawe sangka tumpukan pasir 190 yuta taun kawuri kang wis owah dadi watu. Formasi iki durung akeh sing padha weruh. Mung bisa diakses kanthi laku dharat liwat lenggak-lenggoke dalan sing banget nguras tenaga kang terus munggah ndeder nganti telung mil liwat dalan kang kaya-kaya wis diatur sadu­runge.  (Pakne Novie, maneka sumber)

Donya Branane Luthfi Hasan Ishaaq Wiwit Kawiyak
Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) mratelakake wis nyumurupi sakehing donya branane tersangka perkara suap (beselan) impor daging sapi klawan tersangka Luthfi Ha­san Ishaaq. Nanging KPK nulak ngumum­ake asil temonane marang masyarakat engga tim aset racing rampung anggone nyambutgawe.

Luthfi Hasan Ishaaq, tersangka suap impor daging sapi

“Tim iki lagi ibut nyambutgawe ing la­pangan. Wis ana sawatara kang diweruhi gegayutan karo LHI. Mengko yen wis komplit bakal diumumake apa wae donya branane,” kandhane juru wicara KPK Jo­han Budi SP, Kemis mentas iki. LHI mujud­ake cekakan saka Luthfi Hasan Ishaaq.

Manut Johan, penyidik nyujanani do­nya brana kasebut mujudake perangan saka ‘pencucian uang’ saka tersangka kang uga tilas presiden PKS (Partai Keadi­lan Sejahtera, Red) iku jalaran ora salaras karo profil-e. “Manut profiling iku sajak aneh,” ujare Johan.

Kanggo perkara iki, tambahe Johan, Luthfi dituding nerak Pasal 4, utawa Pasal 5 Undang-undang Nomer 8 Taun 2010 ngenani Pemberantasan dan Pencegahan Tindak Pidana Pencucian Uang juncto Pa­sal 55 ayat 1 ke-1 Kitab Undang-Undang Hukum Pidana (KUHP). Johan nambahake maneh, berkas tindak pidana korupsi lan pencucian uang ing perkarane Luthfi ba­kal didadekake siji.

Luthfi Hasan Ishaaq ditetepake mi­nangka tersangka kasus penyuapan sa­wise KPK nangkep pawongan kang dadi kepercayaane yaiku Ahmad Fathanah ing Hotel Le Meridien, Jakarta, dhek 29 Janu­ari kepungkur. Fathanah dinuga minangka pawongan kang ngatur mlebu metune dhuwit kanggo Luthfi.

Dheweke ditangkep jalaran nampa dhuwit Rp 1 miliar saka Juard Effendi lan Arya Abdi Effendi, lelorone petinggi PT In­doguna Utama, perusahaan impor da­ging sapi. Dhuwit iku disumurupi ditujok­ake kanggo Luthfi supaya PT Indoguna Utama antuk kuota impor daging ing Kementerian Pertanian. Kejaba iku, Luthfi dikabarake wis nampa mobil Land Cruiser saka Komisaris PT Radina Niaga, Elda Devianne Adiningrat.

Kanggo ngudi nganti ngerti tenan ma­rang perkara iki, KPK tansah njaluk katra­ngan marang pehak-pehak kang diang­gep weruh thek kliwere perkara kasebut. Sutiana Astika, sisihane Luthfi Hasan wis dipriksa minangka saksi gegayutan pe­nyidikan perkara dugaan tindak pidana pencucian uang (TPPU) iki. “Dipriksa mi­nangka saksi kanggo Luthfi,” kandhane Kepala Bagian Pemberitaan dan Informasi KPK Priharsa Nugraha.

KPK mriksa Sutiana jalaran wanita iki dianggep weruh bab donya brana kang diduweni Luthfi Hasan. Sanajan wis nyu­murupi donya branane Luthfi kang dinuga gegayutan karo tindak pidana pencuciang uang. Nanging, engga tulisan iki diung­gahake cetak, KPK durung nyita donya branane Luthfi kang wis disumurupi mau.

Saliyane manggil Sutiana, KPK uga manggil Lusi Tiarani Agustine. Ibu rumah tangga iki dinuga isih nduweni gegayutan karo Luthfi. KPK uga manggil sawijining pelajar jenenge Darin Mumtazah, Manajer Cabang Bank Muamalat Giarti Adningrum, lan pejabat pembuat akta tanah (PPAT) Elly Halida.

Dene bukti anyar kang ditlesih KPK arupa sesambungan (komunikasi) anta­rane Luthfi karo pawongan kang disebut nganggo kode ’Bunda’.

Ing perangan liya, dugaan kartel (pa­kumpulan pabrik gedhe kang ngasilake lan ngedol barang-barang kang padha) impor daging sapi isih ndadekake rega ing pasar stabil ing rega dhuwur. Manut panalitiyan, Sabtu kepungkur rega daging sapi ing Surabaya nggayuh Rp 85 ewu/kg. Dikuwatirake, mapag tekane sasi Pasa Ramadhan Juli mengko, rega daging sapi bisa mundhak nyengkrek nganti Rp 150 ewu.

Kesangkute Menteri Pertanian (Men­tan) Suswono uga diajab enggal disumu­rupi, “Yen aku percaya banget, kaya mangkono kuwi. Jalaran Luthfi ora ana ing komisi kang kesangkut ngenani impor daging. Tegese, ana wong nomer loro kang diseleh, mulane dheweke dinuga dodolan pengaruh minangka ketua partai gedhe,” kandhane pengamat hukum saka Universitas Trisakti, Abdul Fickar Hadjar, Sabtu mentas iki.

Manut kandhane, kalungguhane Sus­wono minangka kadher PKS, mbukak ke­mungkinan yen kang gegayutan dinuga nduweni lelabuhan minangka ‘perpanja­ngan tangan’ Luthfi Hasan ing perkara kasebut. Klebu oknum ing direktur jen­deral peternakan dan kesehatan hewan Kemtan.

Bener ana Dirjene kang tinanggenah minangka pelaksana. Bisa wae Dirjen-e kena. Yen menteri duwe karep dheweke instruksi mengisor, dening Dirjen dida­dekake dhasar hukum jalaran wis ana instruksi menteri, banjur dheweke wani nindakake tambahan kuota daging,” jlen­trehe  Fickar Hadjar.

Sutiana Astika (tengen), sisihane Luthfi Hasan sing nomer siji, lan Lusi Tiarani Agustine (bojo nomer 2) dipriksa KPK

Sawatara iku, Sutiana Astika sishane Luthfi nomer siji, lan Lusi Tiarani Agustine, sisihane sing nomer loro uga wis dipriksa ing panggonan seje ing Kuningan. Ram­pung dipriksa, Lusi kang metu dhisik we­gah aweh katrangan marang wartawan. Mangkono uga Sutiana Astika, dheweke langsung mlebu mobil Terrios ireng lan langsung nggeblas ninggalake gedhong KPK.

Anane tokoh sing jenenge ‘Bunda’ iki kawiyak nalika penyidik KPK mriksa ru­wang kerjane Luthfi Hasan ing kantor Fraksi Partai Keadilan Sejahtera (PKS) ing DPR, wiwitan Pebruari 2013. Nalika peng­gledhahan, staf ahli Luthfi, Rantara, ana ing kono ndhampingi penyidik.

Rantara crita, nalika ana pemeriksaan, ana salah siji penyidik kang nggledhah ruwang kerjane Luthfi mriksa laptop duweke. “Emailku (saka laptop) uga di­priksa KPK,” ujare marang Tempo, Kemis, 11 April 2013.

Penyidik mriksa mbaka siji pesan ing kothak masuk email-e Luthfi. Kabeh di­tindakake ing ngarepe Rantara. “Pranyata ana jenenge Bunda,” kandhane Cacahe email saka Bunda iku akeh banget.

Pehak penyidik uga kober takon ma­rang Rantara apa maksude jeneng ‘Bun­da’. Rantara mung gedheg. Saliyane email saka Bunda, uga ana kodhe-kodhe tar­tam­tu ing email kasebut. Rantara uga kandha ora ngerti tegese kodhe kasebut.

Kanggo mriksa email saka Bunda lan kodhe-kodhe ing laptop-e Rantara, penyi­dik uga netepake nyita laptop staf-e Luthfi kasebut. “Kamangka iku uga ana isine skripsiku,” kandhane Rantara.

Gegayutan karo kahanan pasar daging sapi, importir kandha ana ‘celah’ ing pe­laksanaan importasi. Anane importir kang nerak praktek perizinan lan penyelundu­pan cukup dadi bukti. “Tegese, penga­wa­san ing Kementerian Pertanian sajak kurang kukuh,” ujare Ketua Komite Da­ging Sapi (KDS) Jakarta Raya, Sarman Simanjorang.

“Sanajan ora ana gegayutane lang­sung antara korupsi lan rega daging sapi saiki, nanging karo-karone butuh tumin­dak rikat. Sebab, tanggal 7 Juli wis mlebu sasi Pasa Ramadhan. Aku kuwatir rega daging sapi bisa nyengkrek nganti Rp 150 ewu,” tandhese.

Pemerintah diajab nindakake penga­wasan kang kukuh marang pelaksanaan importasi iki. Audit BPK nembe iki nye­butake sawatara importir kabukten nin­dakake pelanggaran. Ana 21 importir di­sumurupi ngimpor daging lan jeroan sapi tanpa liwat prosedur karantina.

Sarman ngajab supaya pelaku pelang­garan ditertibake. Instansi kang gegayu­tan mesthine nduweni rekam jejak para importir sadurunge menehi rekomendasi. Bab iki uga lumaku kanggo Kementerian Perdagangan lan Kementerian Perin­dustrian. Apamaneh panetepan kuota ditemtokake ing rapat koordinasi.

Saliyane bacute audit, Sarman nge­likake supaya pemerintah nyiapake pa­sediyan daging mapag tekane Riyaya kang bakal teka telung sasi engkas iki. Saben taune, kebutuhan daging nalika Riyaya rata-rata nggayuh 15 ewu ton. Sanajan ing kahanan normal, rega daging ing wayah kasebut cukup dhuwur. Riyaya taun kepungkur, rega daging sekilone nggayuh Rp 120 ewu.

“Bisa dadi mengko nggayuh Rp 150 ewu sekilo yen saiki ora dikawekani,” kandhane.  (Tim)

Santosa, Dhalang lan Pengrajin Wayang Thengul
Pak Santosa

Arang ana dhalang sing uga pinang­ka pengrajin wayang, apamaneh dadi dha­lang ora mung mligi dhalang sajinis, se­mono uga kerajinan wayang sing digarap.

Nanging ora mangkono kanggone Pak Santosa, dheweke bisa ndhalang lang ngga­we wayang 3 jinis, yaiku pinangka dhalang wayang Thengul. Wayang Krucil lan Wayang Kulit. Kanggo gawe wayang telung jinis mau klebu mumpuni.

Dipethuki ana dalame, Kalangan Ping­gi­ran, Desa Padangan, Kecamatan Pada­ngan, Kabupaten Bojonegoro lagi nggle­put nggarap wayang Krucil lan wayang Thengul pesenane priyayi Bandung sarta pesanane Dinas Kebudayaan lan Pariwi­sata Kabupaten Bojonegoro.

Pak Santoso kang miyos tanggal 16 Agustus 1945 iki, asline pinangka dha­lang wayang Thengul. Wayang Thengul mujudake wayang golek khas Bojone­go­ro. Protholan Sekolah Teknik Negeri (STN) klas loro iki nekuni dadi dhalang wiwit umur 15 taun, yaiku taun 1955-an jaman kuncarane wayang Thengul.

Sekolah ditinggalake banjur nekuni pinangka dhalang wayang Thengul, senajan kala semana isih bocah. Bisa ndha­lang mung sarana tekun nonton pa­gelaran wayang Thengul kang katin­dakake dhalang Samijan sing kondhang kanthi sebutan dhalang Geyer. Dhalang Samijan, mujudake pencipta wayang Thengul, kang tembene dadi ikon Bojo­negoro. Anggone ngripta wayang The­ngul, kadayan saka pagelaran wayang Menak saka Kudus, kang nalika semono sering digelaraken ing wilayah Cepu, Blora.

Menak Jingga, wayang Thengul karyane Pak Santosa

Bareng tanggapane dhalang wa­yang Thegul saya laris, Pak Santosa ban­jur yasa wayang dhewe. Taun 1958-1961 Pak Santosa anggone ndhalang nganti tekan Jatirogo, Rengel, Merakurak sali­yane laladan Bojonegoro dhewe. Pra­nya­ta kajaba dadi dhalang wayang The­ngul uga banjur ndhalang wayang kulit taun 1970 lan kang pungkasan pinangka dhalang wayang Krucil taun 2000.

Kajaba nggawe wayang Thengul lan wayang Krucil, uga nate nggawe wayang kulit, nanging mung sak kothak. Wiwit taun 1987 mugen nggawe wayang The­ngul lan wayang Krucil. Durung suwe iki, nampa pesenan rong kotak wayang Krucil lan wayang Thengul saka Pak Abun Ban­dung sarta sak kotak wayang Krucil saka Bupar Bojonegoro.

Pinangka dhalang lan pengrajin wa­yang Krucil, Pak Santosa wis ndhalang lan pameran ana Jakarta antara liya ma­pan ana Taman Mini, ana Monas, me­nyang Bali kaping 3, hotel Hayat Suraba­ya, Taman Budaya Surabaya wis bola-bali, pungkasan sasi Juni 2012 kepungkur pa­meran ana Bali.

Pengalaman kang ora bisa dilalekake

Mentahan wayang Thengul lan wayang Krucil

Pinangka dhalang wayang Thengul kang laris ing taun 1958, nate antuk tang­gapan 8 dina 8 bengi dhur ora le­ren. Ing tanggapan dina kang pungka­san, ana desa Banyu urip, kawengan sing meh ndadekake kedrawasan. Be­ngine bubar ndhalang ana Dhukuh Bru­jul, Padangan sedina sewengi. Esuke dheweke turu, karepe mung sedhela mangka awan iku nganti bengi ndha­lang maneh ana Banyu urip. Turu ana ngomahe Sumadi ing desa Banjarjo, sing duwe omah ngerti yen awan iku isih tanggapan, mula marga turune kepenak ora digugah. Tangi-tangi wis jam loro, kamangka mesthine jam 10.00 kudu wiwit ndhalang. Sing nanggap kongkonan nggoleki, nanging ora ketemu. Ora sabar nggoleki dhewe karo ngancam yen ketemu arep dipa­teni, merga dianggep nggawe wirang. Rong sasinan Pak Santosa dhelikan golek slamet merga digoleki terus karo sing nanggap gagal mau. Wani ndha­lang maneh, bareng wong Banyu urip sing nanggap batal dilakoni mau, mati sawatara sasi candhake.

Damarwulan, wayang Krucil karyane Pak Santosa

Wis 5 taun iki Pak Santosa ngayahi ndha­lang ing adicara bersih desa utawa manganan ing Kedinding, Desa Ngraho, Kedungtuban, Blora. Saben arep jejer, lam­pune listrik ing papan pagelaran (da­leme Pak Kamituwa) mesthi mati. Let li­mang menitan, urip maneh tanpa didan­ani. Isih ana ing Kedinding iki, yen nggelar wayang Krucil aja nganti ngetokake para­ga ula, amarga mesthi ditekani ula tenan. Mangkono uga pengalamane Pak Santo­so, nalika nggelar wayang kang ana para­ga ula, tanpa dingerteni sangkan parane, dumadakan ana ula ing ngarepe. Bareng paraga ula dicabut ula ing ngarepe mau rumangsane Pak Santosa mletik (menco­lot) ora karuwan parane. Para niyagane ya nggumun.

Manganan ing Gayam, maune ngang­go pagelaran wayang Krucil, nanging banjur ganti kethoprak. Bubar iku, se­dhang panggonane manganan banyune dadi abang. Bareng nanggap wayang Krucil maneh lan dhalange Pak Santosa, banyune malih bening maneh nganti saiki.

Pengalaman nggawe wayang

Nate dipeseni nggawe wayang The­ngul karo Pamuji, warga desa Banjarjo Pa­dangan, kang uga dhalang lan pemain wayang wong. Tansah eling dinane wiwit nggawe wayang, dina Jemuah Legi. Pak Santosa nggawe paraga kanggo ratu Sa­brang. Balungan sirah wis rampung. Na­nging esuke nalika arep digarap maneh, ndadak bojone Pamuji njaluk wayang siji mau ora entuk diterusake lan supaya di­bu­wang menyang bengawan. Ditakoni, kena apa ora oleh diterusake, bojone Pa­muji mung ngomong “Pokoke ringgit sing sampeyan garap dhek wingi sonten am­pun diterusake, sampeyan larung dha­teng bengawan”.

Pak Santosa lagi ngecet wayang Thengul

Marga adreng panjaluke lan katone ngandhut bab-bab kang ora nalar, wayang klakon dibuwang menyang Kali Budhug, anak bengawan Solo ing tapel wates desa Kuncen karo Banjarjo. Nanging esuk ba­reng arep nggarap maneh, endhas wa­yang ratu sabrangan sing wingi sore dibu­wang ana kali Budhung, wis gumlethak campur bebakalan wayang liyane. Pak Santosa kaget, apamaneh bareng bojone Pamuji mara lan kipa-kipa, supaya wa­yang mau dibuwang, embuh menyang endi terserah. Akhire wayang digawa Pak No, menyang Balun. Embuh kawusanane kepriye.

Kapindho, Pak Santosa dipeseni puna­kawan Sabdapalon-Nayagenggong karo Gatot Sudjarwo, budayawan/uga pelestari wayang Krucil. Wayang Sabdapalon meh dadi, Pak Santosa malah perangan udel. Nalika natah, dumadakan mletik metu ge­nine. Diambali maneh, uga mangkono ma­­neh. Panggarepe dilereni, sesuk arep dikandhakake sing pesen.

Bengine Pak Santosa ngimpi, ing pe­ka­rangane ana pawongan angon jaran. Di­takoni (sajrone impen) jare ngaku utusane Mbah Gusti, mundhut banyu de­gan ijo. Esuke Pak Santosa langsung me­nyang omahe Pak Gatot Sujarwo, kandha yen ora wani nerusake natah wayang Sab­dapalon. Akhire wayang dipundhut pak Gatot, lan nganti saiki kasimpen.

Mangkono pengalaman nyalawadi nalika nggawe wayang. Sing nggelakake, dhek taun 1980-an, puluhan asil karyane wayang Krucil digawa kanca menyang Bali jare arep didolake, pranyata sak sen bae ora entuk dhuwit. Sing dadi keprihatinane Pak Santosa, angel nganakake regene­rasi. Kamangka yen ditekuni, dadi peng­rajin wayang Thengul apadene wayang Krucil, bisa ngayani. Eman durung ana ge­nerasi enom sing ketarik dadi peng­rajin. (J.F.X. Hoery)

Urun Rembug Bab Tembung: Sugeng lan Wilujeng
Nanggapi seratane sedulur Edi Budijanto, Kebumen ing LSW PS No.14/2013, keparenga aku matur mang-kene. Wis rada suwe tembung: Sugeng lan Wilujeng dadi rembug ana ing dhaerahku. Jalarane kaya dhawuhe kadang Edi Bu­dijanto, akeh para pranata cara, penyiar radio sing ngagem ukara “Wilujeng… (enjing, siang, sonten, dalu, tindak, rawuh, lsp)”  kanggo ngganti ukara “Sugeng… (en­jing, siang, sonten, dalu, tindak, rawuh, lsp)”. Kamangka biyen-biyen sing kalumrah nganggo tembung “Sugeng”.

Aku sing dianggep ngreti basa Jawa (jalaran langganan majalah Jaya Baya lan Panyebar Semangat) dadi paran pitakone kanca-kanca. Sejatine tembung wilujeng lan sugeng iki mentas bae dirembug ana ing majalah “Jaya Baya”. Ya rada gayeng, jalaran ana sing mbenerake tembung wi­lujeng lan ana uga sing mbenerake tem­bung sugeng, manut alasane dhewe-dhe­we. Ing kono penulis ya ndherek-dherek urun rembug sagadukku, sing isine padha karo sing dak aturake iki. Supaya olehku matur duwe gondhelan kang maton kepa­rengna aku bukak-bukak, biyak-biyak sim­penan buku sing wis suwe ora dak senggol. Manut buku-buku mau mangkene:

1.    Buku Unggah-Ungguh Basa Jawi, karangane Wardono, BA. Ditulis ing kaca 33 tembung slamet iku ngoko, kramane wilujeng, krama inggile sugeng.

2.    Buku Bausastra Jawa, karangane S. Prawiro Atmodjo. Ing kaca 365 ditulis yen slamet iku tembung ngoko, kramane wilujeng, krama inggile sugeng.

3.    Buku Bausastra abasa Walanda (ora karuwan asmane sing ngarang jalaran samake wis ilang). Tulisane Jawa lan Latin, sethithik tulisan Arab. Ing kaca 373 tinulis: (sugeng,K.h, selamat,N, wilujeng,K) heil; welva­rend gezond; angaturaken kasuge­ngan gelukwenschen. Saliyane iku ing kaca 412 disebutake: wilujeng Het is een Krama-vorm van waluya, waras, ical sakite.

Katrangan: ing saburine aksara Jawa ana tulisane K.h= Krama hinggil, N= ngo­ko, K= krama.

Dadi yen mirid saka telung buku kase­but bisa dak aturake mangkene:

a.     Buku warna telu mau kabeh ngandhakake manawa: slamet iku tem­bung ngoko, wilujeng iku krama, sugeng krama inggil.

b.    Sanadyan ta tembung wilujeng, sugeng, widada, basuki, raharja, rahayu lan liya-liyane, kabeh mau dasanamane slamet nanging sejatine olehe migunakake lan tegese ora bisa padha persis. Manut “konteks ukarane” lan kahanane.

c.     Manut buku bausastra sing abasa Walanda ing dhuwur, tembung wilujeng saliyane kramane slamet asline krama saka tembung waluya tegese waras, mari utawa ilang larane.

Dene tuladha sing ana ing buku iki wis cetha yaiku: Angaturaken kasugengan. Yen wong Surabaya, Malang, migunakake tembung waras iku padha karo slamet.

Tuladhane: Waras a Cak! Tegese: Rak ya padha slamet ta Mas!

Dadi yen migunakake ukara “Wilujeng… (enjing, siang, sonten, dalu) ya wis ma­thuk.

Banjur kepriye becike olehe migu­nakake? Sugeng apa Wilujeng?

Aturku: Aja ninggal tata lan rasa. Lire:

-      Aja ninggal tata : aja ninggal pathokan, paugeran sing wis ana. Yen paugerane tembung slamet iku ngoko, wilujeng iku krama, sugeng iku krama inggil, anggon kita migunakake ya manut unggah-ungguh sing ana. Yen marang wong sing kita ajeni olehe matur: Sugeng… (enjing, siyang, sonten, dalu, rawuh, tindak lsp). Yen marang sapadha-padha: Wilu­jeng… (enjing, siyang, sonten, dalu, rawuh, tindak lsp). Dene yen ing pasamuwan mau sing kita adhepi campuran sing kita gunakake becike krama inggil bae.

-      Aja ninggal rasa: senadyan manut paugeran wis bener, nanging yen ing ati krasa nggrenjel jalaran ora lumrah, ya aja digunakake. Manut umume bae, nanging diudi dibenerake mbaka sethithik amrih bisa migunakake manut paugeran.

Mung iki sing bisa dak aturake. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula. (Ki Mandroguno-Trenggalek)

SL 17 / 2013
Superman

Bono   :            “Ben, kowe seneng nonton film?”

Beni    :            “Iya Bon. Aku paling seneng nonton Superman.”

Bono   :            “Tenane? Yen pancen seneng tenan, aku takon ya, kudu isa njawab.”

Beni    :            “Siap Bon. Apa sing dadi pitakonmu?”

Bono   :            “Sebabe apa Superman klambine nganggo aksara S?”

Beni    :            “Kecil… kuwi. Sebabe jenenge Superman, dadi aksara awal dadi inisiale, yakuwi S.”

Bono   :            “Wo… cethek banget ilmumu. Salah kuwi.”

Beni    :            “Lho… sing bener apa?”

Bono   :            “Sebabe ukurane sing pas yaiku S. Yen nganggo L bakal kegedhen, apa maneh nganggo XL mesthi logro banget.”

Beni    :            “Semprul tenan ki.”

(kir. Agus Junaedi- Warak Salatiga)

Batman

Beni : “Bon, kowe ngerti Robin?”

Bono   :           “Ya ngerti, kuwi kancane Batman nggon film.

Sing kaose tulisane R.”

Beni : “Yen Robin, kaose tulisane R. Lha Batman kok ora B, kenapa Bon?”

Bono   :           “Kan wis ana gambare lawa.”

Beni : “Halah… ilmumu ya mung cethek.”

Bono   :           “Lho, lha apa sebabe kok ora ditulis B?”

Beni : “Sebabe aksara B wis dienggo Bobo.”

Bono   :           “Wow… kowe ya semprul.”

(kir. Agus Junaedi- Warak Salatiga)

Mundur
“Umek ujian nasional mundur asline encene ngisin-isini, apane pegaweyan saben taun ae kok isok kacau, niki bukti nek ndhuk kono onok maneka kepentingan dadine sing ngerjakna cetak iku tak kira polih gonta-ganti. Apaa sing nggarap cetak iku duduk percetakan negara ae. Supayane wektune isok ditata, tur pengalam­an pe­ngiriman merga saben taun dikerjakna dadi gak perlu golek-golek tenaga anyar tah tukang kirim anyar sing mesthi sok kerep kacau. Apamaneh saniki ujian soale akeh, artine saben ruangan sing arane soal iku isok rong puluh macem, apamaneh distribusine nek gak ngati-ati, merga ngurusi wong sak Indonesia ya butuh wektu kang omber. Barek kerahasiaan kudu dijaga sing temenan. Prasaku nek muk sekedar percetakan ae Indonesia niki wis gak kurang-kurang akehe. Niki isok gae pengalaman pait muga-muga ae ndhuk bacute isok luwih apik maneh. Perkara telate distribusi soal ujian prasaku gak perlu sampek nglengserna Menteri. Tapi niki gae peringatan nek gawe gedhe, koyok ngono iku butuh koordinasi mateng, dietung adoh sadurunge, gak beda barek nek ngurusi hajian iko. Sing mesthi onok ae masalahe. Apane encene ngursi barang akeh barek wong akeh pisan” omonge Ning Sumeh nrocos.

“Ya iki ning, salah siji akibat saka akehe pendhudhuk Indonesia. Sing diurusi kabeh-kabeh tambah akeh, stok pangan kudu akeh, stok obat kudu akeh, ngurus hajian kudu akeh, ngurus ujian ya kudu akeh, bawang ya kudu akeh, daging ya kudu akeh, minyak ya kudu akeh. Lha nek sing ngurusi salah etung thithik ae akibate ya dadi gedhe, sing arane bawang mundhak ngeget semono uga daging, saniki buah,” saute cak Bedja.

Cak Ari melok omong “Makane dulur, pendhudhuk Indonesia saniki wis seprapat milyar, la nek gak padha melok KB pendhudhuk sedhela ae jumlahe tambah akeh nemen, lek nek tambahe ngeget, terus daya dukung liya­ne gak ngatasi, makane sing arane asil pembangunan iku polih gak ketok. Dhuwik negara muk entek gae subsidi, tah gae mbayar tagihan saka luar negeri. Makane ayo dulur sing arane program KB disuksesna. Dua anak cukup”.

Pak Lik Dur nimbrung “Pancene ya tak rasakna kok dulur, anak thithik barek anak akeh niku encene pas ngrawate ya abot, endhog situk wayahe dipangan arek sitok dibagi lima, niku nek anake lima, kasih sayang ya ngono, wayahe isok nggendhong sampek tuwuk engkuk adhine nangis tah mbakyune nagis, polih genti sing dimomong, gurung engkuk nek wis wayane sekolah tah kuliah, nek muk dhuwik pas-pasan, arek-arek gak isok sekolah tutuk, ya polih sak keneke. Akhire, ya nambah keluarga miskin thok, merga gak isok metas”.

(Sing  melok ngrasakna susahe akeh pendhudhuk  : Cak Ari, Cak Bedja, Pak Lik Dur barek Ning Sumeh)

Email saka Jakarta; Telung Jam ing Singapura
Anakku lagi tuku karcis ana mesin

Supaya efesien, mula anakku tak ajak budhal numpak pesawat kang paling esuk. Budhal saka bandhara Sukar­no-Hatta kang jam 06.20 lan tekan Batam jam 08.10. Pancen Jakarta-Batam mung sejam punjul sithik wis tekan. Mung resi­kone yen budhal pesawat esuk, saka omah ya kudu esuk banget.

Jam 03.30 aku karo anakku diterke sopir wis budhal saka omah Cibinong. Yen ora budhal esuk bisa-bisa telung jam lagi tekan. Malah aku nate, saka ban­dhara tekan omah rikala saka bandhara jam 17.00, limang jam nembe tekan omah. Kamangka yen budhal jam, 03.30 mau sejam wis tekan bandhara. Lan ma­neh yen budhal esuk mau, jarang banget pesawat delay (budhal telat). Kena dipes­thekake budhal mesthi on time.

Amarga angkahku mengko yen ana Singapura mung sedhela lan uga ora akeh bregutenge utawa ora kobol-kobol, mula ya budhale disiasati esuk mau. Alham­dulillah, pesawat Garuda kang tak tumpangi jam 05.45 wis diaba boarding (penumpang mlebu pesawat).

Biyasa, saiki jenenge pesawat ana ju­rusan ngendi wae kok ya kebak. Apama­neh jurusan Batam, ora Garuda thok mas­kapai liyane ya kebak. Jenenge pe­sa­wat Garuda wae saiki ya akeh sedulur-sedulur kita TKI kang numpak lan arep balik menyang Singapura/Malaysia. Oleh­ku ngerti mau, amarga sinambi mle­bu pesawat aku ngobrol karo sedulur-se­dulur kita mau.

Amarga budhal esuk, mula jenege mri­pat iku yen wis lungguh ana njero pe­sawat, wis ora bisa diajak kompromi ma­neh. Arep apa maneh yen ora banjur turu,  merem!!!!. Ngerti-ngerti wis diaba pramu­grari yen pesawat arep landing (ndharat) ana Batam. Bandhara Batam klebu ban­dhara kang gedhe, lan uga landhasan pa­cune dawa. Mula pesawat olehe landing ya enak. Pesawat ora usah langsung nge­rem ndadak, kaya yen landing ana ban­dhara Yogyakarta, Malang, Ternate kang landhasane pancen ora dawa.

Bubar njupuk bagasi, aku banjur lang­sung tuku tiket nyebrang menyang Singa­pura kanggo wong loro ana bandhara mau. Manut panemuku, yen pengin ngirit regane tiket nyebrang, luwih becik tuku ana bandhara. Yen tuku ana pelabuhan luwih larang. Apamaneh tuku budhal-mu­lih, mesthi luwih murah. Semono uga yen para maos arep tindak numpak pesawat, kepengin murah yen tindak aja pas liburan sekolah, dina libur, Jumat, Sabtu, Ming­gu, Senin. Nanging yen tindak dina Sela­sa, Rabu,Kamis budhal mulih biyasane bakal entuk tiket murah. Apa maneh tuku­ne adoh sadurunge budhal.

Kebukten, olehku tuku tiket nyebrang menyang Singapura saka pelabuhan Batam centre mung Rp 270.000,00 bu­dhal-mulih wong loro. Aku dhewe ya gu­mun kok murah. Setengah ora percaya aku dikandhani dening anakku wadon regane tiket kang murah mau. Sengaja apa-apa tak kongkon tuku dhewe, su­paya pengalaman.

Metu saka bandhara aku wis dipapag dening staf, terus tak kandhani yen aku bakal nyebrang menyang Singapura dh­isik. Mula aku njaluk diterke menyang pela­buhan Batam Centre, lan koperku tak kong­kon nggawa menyang kamar hotel, sa­engga aku mung nggawa tustel wae. Na­nging ya mesthi ora lali dompet aja nganti keri. Lan dhuwit dolar Singapura, bisa ijol ana bandhara utawa ana pela­buhan.

Tekan pelabuhan aku kari ngijolake voucher (tiket) kang wis tak tuku ana ban­dhara mau. Kari milih budhal kang jam pira. Nanging aja lali mbayar pajek 7 do­lar Si­ngapura (1 dolar = Rp 7.846,00). Aku se­ngaja milih kang budhal paling ce­pet, uda­kara jam 10.00-an. Aku nyawang anakku, katon olehe bungah sida tekan Singapura, mengkono batine. Jenenge wong tuwa ya apa maneh yen mung kepengin nyeneng­ake anak. Yen anake seneng wong tuwa ya bakal seneng. Apa­maneh anak kang tasah nurut lan tu­hu marang wong tuwa.

Ora nganti sejam kapal cepat wis arep mlebu pelabuhan Singapura. Yen kapal mlebu pelabuhan, mesthi ngliwati obyek anyar Singapura pulo Sentosa. Katon ba­nget Pemerintah olehe greget narik wisa­tawan menyang Singapura. Pulo kang biyen mung wujud pulo lan alas cilik, saiki disulap dadi obyek kang narik kawigaten. Sakiwa-tengene pulo mau ana pulo ga­weyan (urugan) kang saiki akeh hotel lan omah super mewahe.

Ana pelabuhan katon kapal-kapal kang ditambat. Malah ana kapal wisata “Star Cruises” kang gedhe banget kae. Rikala kapal kang tak tumpangi mlebu pelabuhan mau, katon wisatawan lagi pa­dha gladhi ana ing pinggiran kapal kepri­ye yen ngadhepi bebaya ana kapal.

(Ana Candhake)