Perkara proyek Hambalang, Menkeu lan Men PU Dicokot Alot

Rizal Mallarangeng nuntut Menteri Keuangan Agus Martowardojo lan Menteri Pekerjaan Umum (PU) Djoko Kirmanto uga diproses KPK.

Menteri Keuangan Agus MartowardoyoRong minggu kepungkur sawise Andi Mallarangeng ditetepake dadi tersangka korupsi proyek Hambalang, keluwargane tilas Menteri Pemuda dan Olahraga (Menpora) iki wiwit omong banter. Dheweke kabeh nuntut su­paya Menkeu Agus Martowardojo lan Men­teri Pekerjaan Umum (PU) Djoko Kir­manto uga diadili.

Sawatara iku, Selasa (18/12) tilas Men­pora Adhyaksa Dault ‘dipanggil’ Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) sa­perlu dadi saksi ing perkarane Andi Mal­larangeng.

“Yen kakanganku salah, Menkeu lan Men PU uga salah, aku mung kepengin fair,” kandha Juru Wicarane keluwarga Mallarangeng, Rizal Mallarangeng, Selasa (18/12).

Manut Rizal, mesthine sing sa­lah ora Andi ijenan. Sebab, Menkeu ora ngundang Menpo­ra ing prosedur kang mbutuhake tandhatangane Men­pora.

Dikandhakake, kanggo proyek mul­tiyears pengaji Rp 1,2 triliun, sla­ras karo peraturan Menteri Keuangan No 56 taun 2010 kudu ditandhata­ngani Menpora lan Menteri Pekerjaan Umum. Yen ora, mula mudhune dha­na proyek iku je­las nyalahi aturan.

“Anehe, sing teken Wafid Muharram. Nanging geneya kok diteken. Saupama telepon Andi mesthi Andi teken. Nanging iki ora ana siji-sija surat kang njaluk su­paya Andi teken. Menteri PU uga ora te­ken, sing teken Dirjen. Kok tetep wae Menkeu menehi dhuwit,” tandhese.

“Iki masalah birokrasi Indonesia. Eling kandhane kakanganku, pelajari kesalah­an­ku, pelajari kesalahane Menkeu lan Men PU,” tambahe.

Rizal mitakonake pemahamane wong anggone maca lapuran Badan Pemeriksa Keuangan (BPK) ora kabeh paham. Ge­neya, iki sesambungan karo dhuwit pan­jer. Uang muka, uang muka, lan uang mu­ka. Geneya disebut minangka pituduh marang kapitunane negara, geneya tan­sah Andi Mallarangeng kang disalahake,” ujare Rizal.

Sekmenpora Wafid MuharramEngga saiki pehake percaya, Andi Mal­larangeng ora salah marang pelaksanaan proyek gunggunge Rp 2,5 triliun kasebut. Rizal ngandhakake, saora-orane ana masalah gedhe loro ing pelaksanaan pro­yek Hambalang iki. Sepisan, yaiku admi­nistrasi internal pemerintahan. Kapin­dhone, yaiku masalah iline dhana peme­nang tendher proyek Hambalang.

Manut Rizal, proposal pengajuan proyek Hambalang kang ditindakake mul­tiyears utawa taun jamak iki ora ditandha­tangani Menpora sing nalika iku dijabat dening Andi Mallarangeng. Nanging, kan­dhane, proposal iku ditandhatangani de­ning Sekretaris Menpora, Wafid Muhar­ram.

Sabanjure, PT Adhi Karya (AK) Tbk lan PT Wijaya Karya (WK) Tbk minangka pemenang tendher proyek pengaji Rp 1,2 triliun ora digarap dhewe, nanging disub­kontrakake marang 55 perusahaan.

Perusahaan loro kang paling gedhe yaiku PT Dutasari Citra Laras (DCL) kang­go pekerjaan mechanical enggirering pe­ngaji Rp 229 miliyar lan PT Global Daya Manunggal (GDM) kanggo pekerjaan konstruksi kanthi pengaji Rp 127 miliyar.

“Duwit iki apa ana sing ilang? Iline dhuwit gedhe Adhi Karya wis kawruhan ing Teuku Bagus, lan Arief Taufiqurah­man,” jlentrehe Rizal. Teuku Bagus yaiku Direktur Operasional I PT AK lan M Arief Ta­u­fi­qurahman yaiku Divisi Konstruksi PT AK.

Sawatara iku, tambahe Rizal, tandha-tandhane kapitunane negara saka proyek Hambalang manut BPK tanggal 30 Okto­ber 2012 pengaji Rp 243,6 miliyar. Saora-orane ana rong sebab utama. Salah sijine gegayutan langsung karo PT AK yaiku pencairan uang muka (panjer) pengaji Rp 116,9 miliyar mujudake pituduh anane kapitunane negara. Geneya iki dianggep pituduh kapitunan negara, kamangka (dhu­wite) isih ana ing BUMN,” kandhane.

Isih ing audit BPK, Rizal njlentrehake ing proses pengerjaan konstruksi pro­yek Hambalang, pituduh kapitunan negara Rp 75,7 miliyar saka pe­kerjaan mechanical electrical kang mu­judake perangan peker­jaan PT Dutasari Citra Laras. Dene pituduh kapitunan ne­gara Rp 51 miliyar saka pe­kerjaan konstruksi kang mu­judake perangan PT Global Daya Manunggal.

Ditambahake, ana pehak-pehak kang dinu­ga minang­ka master mind proyek Ham­balang. Sebab, tabel proyeke digawe kontraktor sing ngerti banget marang proyek lan tabel finansial-e digawe tim marketing.

“Yen mangkono, coba takon wae menyang Adhi Karya, Teuku Bagus lan Arief sarta Mahfud Suroso kang gawe lapuran palsu. Ora ana wong liya sing bisa gawe iku, kudu ana wong proyek. Mena­wa wae siji, dheweke, utawa telu-telune. Menawa wae uga ana wong liya ing waliking iki,” tandhese.

Kemenkeu dhewe ngaku bakal ngor­mati sekabehing proses hukum ing pe­nyidikan dugaan kasus korupsi proyek pembangunan pusat pelatihan olahraga nasional ing Bukit Hambalang, Bogor, Jawa Barat kasebut. “Kementerian Keu­angan wis nindakake kang dianggep bener lan wis nurut aturan,” kandhane Juru Wicara Kementerian Keuangan, Kiagus Ahmad Badaruddin.

Pencairan anggaran sawijining ke­menterian utawa lembaga negara, kan­dhane, pancen mbutuhake pasarujukan Kemenkeu. Nanging dheweke nandhes­ake, ora ateges bab-bab kang nerak hu­kum ing sawijining proyek kudu dilim­pahake menyang Kemenkeu.

Saliyane iku, KPK uga ngundang tilas Kepala Badan Pertanahan Nasional (BPN) Joyo Winoto, pegawe BPN jenenge Swin­tang-Staf Direktur Pengaturan dan Pe­ngadaan Tanah BPN, lan Kasubag TU BPN, Yuliarti Arsyad.

Dipanggil

Menpora Andi MallarangengKomisi Pemberantasan Korupsi (KPK) wis netepake Andi Mallarangeng mi­nangka tersangka ing kasus dugaan korupsi proyek Hambalang. Nanging pan­dheseke marang KPK bali tuwuh maneh. KPK diijab supaya miyak kesangkute Menteri Keuangan Agus Martowardoyo ing kasus kang padha.

Saengga KPK ‘manggil’ Wamenkeu Anny Ratnawati. Dheweke dipriksa minangka saksi kanggo tersangka Andi Mallarangeng lan Dedi Kusnendar.

Anny teka watara jam 09.40 ing Gedhong KPK Jl.Rasuna Said, Kuningan, Jakarta, Rebo (19/12). Saliyane Anny, KPK uga wis njadwalake pemeriksaan marang Sekjen Kemenkeu Kiagus Ahmad Bada­ruddin. Dene manut Kabag Pemberitaan Priharsa Nugraha, Anny dipanggil KPK minangka saksi kanggo kasus Ham­balang. “Saksi kanggo AM lan DK,” kan­dhane.

Wakil Ketua Komisi XI bidang Keu­angan DPR Harry Azhar Azis nganggep ana sing aneh ing penetapan tersangka kasus Hambalang.

“Mesthine Andi Mallarangeng dite­tepake bareng karo Agus Martowardoyo kang nadhatangani pencairan dhana Hambalang kehe Rp 1,2 triliun,” ujare Harry.

Harry nambahake, Menkeu nyairake dhana Hambalang sanajan ora ana tandhtangane Andi Mallarangeng kang tinanggenah minangka Menpora. Ka­mangka, kanggo nilai kontrak sandhu­wure Rp 1 miliyar, menteri wajib nan­dhatangani anggaran.

“Andi Mallarangeng minangka pe­nanggungjawab Kemenpora didadekake tersangka, nanging Agus Martowardoyo kang nyairake dhuwite kok malah di­anggep ora nindakake kesalahan,” ujare Harry.

Mula saka iku, dheweke ndhesek KPK supaya nlesih kesangkute Menkeu kanggo miyak alesan ing waliking pencairan dhana Hambalang.

“Geneya kok nganti wani nyairake dhana Hambalang tanpa  menteri kang gegayutan kang jelas-jelas nerak aturan keuangan negara,” tandhese Harry.

Ing audit investigasi tahap I Badan Pemeriksa Keuangan (BPK), tambahe, uga disebutake kesangkute Menkeu. Menkeu disebut wis nindakake pelang­garan klawan nyairake dhana tanpa anane tandhatangane Menpora lan mung adhedhasar tandhatangane Sekretaris Menpora, nalika iku Wafid Muharram.

n (Tim)

Ngemplang Hambalang, Andi Alfian Mallarangeng Dipriksa BPK

Ngemplang Hambalang, Andi Alfian Mallarangeng Dipriksa BPK

Anyar Katon, Dredah Masalah | Posted by | December 30, 2012

Nazaruddin lan Wafid Muharam kukuh yen sing dadi dhalang Hambalang Menpora Andi Alfian Malarangeng lan Ketua Umum Partai Demokrat Anas ...

Sapepake

Wanodya Dirudapeksa Pengamen Telu

Wanodya Dirudapeksa Pengamen Telu

Anyar Katon, Dredah Masalah | Posted by | December 18, 2012

Pancen wis ora tata maneh tumindake penga-men 3 sing jenenge Fendi (19), Supri lan Ipung (22) iki. Lha kepriye, Sujiati ...

Sapepake

Bab KPK, Akhire Presiden Melu Cawe-cawe

Bab KPK, Akhire Presiden Melu Cawe-cawe

Anyar Katon, Dredah Masalah, Flash | Posted by | December 10, 2012

Sawise diantu-antu, Presiden Susilo Bambang Yudhayono akhire kanthi tegas mrentahake Polri supaya masrahake sawutuhe penanganane perkara huk

Sapepake

Adrian tiwas Dening Kancane Nunggal Kelas

Adrian tiwas Dening Kancane Nunggal Kelas

Anyar Katon, Dredah Masalah | Posted by | December 6, 2012

Gegeran utawa tawuran antar pelajar, akhir-akhir iki kerep dumadi. Ora mung ing kutha gedhe wae, nanging ing kutha cilik uga ...

Sapepake

Page 4 of 19« First...23456...10...Last »