Donya Branane Luthfi Hasan Ishaaq Wiwit Kawiyak
Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) mratelakake wis nyumurupi sakehing donya branane tersangka perkara suap (beselan) impor daging sapi klawan tersangka Luthfi Hasan Ishaaq. Nanging KPK nulak ngumumake asil temonane marang masyarakat engga tim aset racing rampung anggone nyambutgawe.

Luthfi Hasan Ishaaq, tersangka suap impor daging sapi
“Tim iki lagi ibut nyambutgawe ing lapangan. Wis ana sawatara kang diweruhi gegayutan karo LHI. Mengko yen wis komplit bakal diumumake apa wae donya branane,” kandhane juru wicara KPK Johan Budi SP, Kemis mentas iki. LHI mujudake cekakan saka Luthfi Hasan Ishaaq.
Manut Johan, penyidik nyujanani donya brana kasebut mujudake perangan saka ‘pencucian uang’ saka tersangka kang uga tilas presiden PKS (Partai Keadilan Sejahtera, Red) iku jalaran ora salaras karo profil-e. “Manut profiling iku sajak aneh,” ujare Johan.
Kanggo perkara iki, tambahe Johan, Luthfi dituding nerak Pasal 4, utawa Pasal 5 Undang-undang Nomer 8 Taun 2010 ngenani Pemberantasan dan Pencegahan Tindak Pidana Pencucian Uang juncto Pasal 55 ayat 1 ke-1 Kitab Undang-Undang Hukum Pidana (KUHP). Johan nambahake maneh, berkas tindak pidana korupsi lan pencucian uang ing perkarane Luthfi bakal didadekake siji.
Luthfi Hasan Ishaaq ditetepake minangka tersangka kasus penyuapan sawise KPK nangkep pawongan kang dadi kepercayaane yaiku Ahmad Fathanah ing Hotel Le Meridien, Jakarta, dhek 29 Januari kepungkur. Fathanah dinuga minangka pawongan kang ngatur mlebu metune dhuwit kanggo Luthfi.
Dheweke ditangkep jalaran nampa dhuwit Rp 1 miliar saka Juard Effendi lan Arya Abdi Effendi, lelorone petinggi PT Indoguna Utama, perusahaan impor daging sapi. Dhuwit iku disumurupi ditujokake kanggo Luthfi supaya PT Indoguna Utama antuk kuota impor daging ing Kementerian Pertanian. Kejaba iku, Luthfi dikabarake wis nampa mobil Land Cruiser saka Komisaris PT Radina Niaga, Elda Devianne Adiningrat.
Kanggo ngudi nganti ngerti tenan marang perkara iki, KPK tansah njaluk katrangan marang pehak-pehak kang dianggep weruh thek kliwere perkara kasebut. Sutiana Astika, sisihane Luthfi Hasan wis dipriksa minangka saksi gegayutan penyidikan perkara dugaan tindak pidana pencucian uang (TPPU) iki. “Dipriksa minangka saksi kanggo Luthfi,” kandhane Kepala Bagian Pemberitaan dan Informasi KPK Priharsa Nugraha.
KPK mriksa Sutiana jalaran wanita iki dianggep weruh bab donya brana kang diduweni Luthfi Hasan. Sanajan wis nyumurupi donya branane Luthfi kang dinuga gegayutan karo tindak pidana pencuciang uang. Nanging, engga tulisan iki diunggahake cetak, KPK durung nyita donya branane Luthfi kang wis disumurupi mau.
Saliyane manggil Sutiana, KPK uga manggil Lusi Tiarani Agustine. Ibu rumah tangga iki dinuga isih nduweni gegayutan karo Luthfi. KPK uga manggil sawijining pelajar jenenge Darin Mumtazah, Manajer Cabang Bank Muamalat Giarti Adningrum, lan pejabat pembuat akta tanah (PPAT) Elly Halida.
Dene bukti anyar kang ditlesih KPK arupa sesambungan (komunikasi) antarane Luthfi karo pawongan kang disebut nganggo kode ’Bunda’.
Ing perangan liya, dugaan kartel (pakumpulan pabrik gedhe kang ngasilake lan ngedol barang-barang kang padha) impor daging sapi isih ndadekake rega ing pasar stabil ing rega dhuwur. Manut panalitiyan, Sabtu kepungkur rega daging sapi ing Surabaya nggayuh Rp 85 ewu/kg. Dikuwatirake, mapag tekane sasi Pasa Ramadhan Juli mengko, rega daging sapi bisa mundhak nyengkrek nganti Rp 150 ewu.
Kesangkute Menteri Pertanian (Mentan) Suswono uga diajab enggal disumurupi, “Yen aku percaya banget, kaya mangkono kuwi. Jalaran Luthfi ora ana ing komisi kang kesangkut ngenani impor daging. Tegese, ana wong nomer loro kang diseleh, mulane dheweke dinuga dodolan pengaruh minangka ketua partai gedhe,” kandhane pengamat hukum saka Universitas Trisakti, Abdul Fickar Hadjar, Sabtu mentas iki.
Manut kandhane, kalungguhane Suswono minangka kadher PKS, mbukak kemungkinan yen kang gegayutan dinuga nduweni lelabuhan minangka ‘perpanjangan tangan’ Luthfi Hasan ing perkara kasebut. Klebu oknum ing direktur jenderal peternakan dan kesehatan hewan Kemtan.
Bener ana Dirjene kang tinanggenah minangka pelaksana. Bisa wae Dirjen-e kena. Yen menteri duwe karep dheweke instruksi mengisor, dening Dirjen didadekake dhasar hukum jalaran wis ana instruksi menteri, banjur dheweke wani nindakake tambahan kuota daging,” jlentrehe Fickar Hadjar.

Sutiana Astika (tengen), sisihane Luthfi Hasan sing nomer siji, lan Lusi Tiarani Agustine (bojo nomer 2) dipriksa KPK
Sawatara iku, Sutiana Astika sishane Luthfi nomer siji, lan Lusi Tiarani Agustine, sisihane sing nomer loro uga wis dipriksa ing panggonan seje ing Kuningan. Rampung dipriksa, Lusi kang metu dhisik wegah aweh katrangan marang wartawan. Mangkono uga Sutiana Astika, dheweke langsung mlebu mobil Terrios ireng lan langsung nggeblas ninggalake gedhong KPK.
Anane tokoh sing jenenge ‘Bunda’ iki kawiyak nalika penyidik KPK mriksa ruwang kerjane Luthfi Hasan ing kantor Fraksi Partai Keadilan Sejahtera (PKS) ing DPR, wiwitan Pebruari 2013. Nalika penggledhahan, staf ahli Luthfi, Rantara, ana ing kono ndhampingi penyidik.
Rantara crita, nalika ana pemeriksaan, ana salah siji penyidik kang nggledhah ruwang kerjane Luthfi mriksa laptop duweke. “Emailku (saka laptop) uga dipriksa KPK,” ujare marang Tempo, Kemis, 11 April 2013.
Penyidik mriksa mbaka siji pesan ing kothak masuk email-e Luthfi. Kabeh ditindakake ing ngarepe Rantara. “Pranyata ana jenenge Bunda,” kandhane Cacahe email saka Bunda iku akeh banget.
Pehak penyidik uga kober takon marang Rantara apa maksude jeneng ‘Bunda’. Rantara mung gedheg. Saliyane email saka Bunda, uga ana kodhe-kodhe tartamtu ing email kasebut. Rantara uga kandha ora ngerti tegese kodhe kasebut.
Kanggo mriksa email saka Bunda lan kodhe-kodhe ing laptop-e Rantara, penyidik uga netepake nyita laptop staf-e Luthfi kasebut. “Kamangka iku uga ana isine skripsiku,” kandhane Rantara.
Gegayutan karo kahanan pasar daging sapi, importir kandha ana ‘celah’ ing pelaksanaan importasi. Anane importir kang nerak praktek perizinan lan penyelundupan cukup dadi bukti. “Tegese, pengawasan ing Kementerian Pertanian sajak kurang kukuh,” ujare Ketua Komite Daging Sapi (KDS) Jakarta Raya, Sarman Simanjorang.
“Sanajan ora ana gegayutane langsung antara korupsi lan rega daging sapi saiki, nanging karo-karone butuh tumindak rikat. Sebab, tanggal 7 Juli wis mlebu sasi Pasa Ramadhan. Aku kuwatir rega daging sapi bisa nyengkrek nganti Rp 150 ewu,” tandhese.
Pemerintah diajab nindakake pengawasan kang kukuh marang pelaksanaan importasi iki. Audit BPK nembe iki nyebutake sawatara importir kabukten nindakake pelanggaran. Ana 21 importir disumurupi ngimpor daging lan jeroan sapi tanpa liwat prosedur karantina.
Sarman ngajab supaya pelaku pelanggaran ditertibake. Instansi kang gegayutan mesthine nduweni rekam jejak para importir sadurunge menehi rekomendasi. Bab iki uga lumaku kanggo Kementerian Perdagangan lan Kementerian Perindustrian. Apamaneh panetepan kuota ditemtokake ing rapat koordinasi.
Saliyane bacute audit, Sarman ngelikake supaya pemerintah nyiapake pasediyan daging mapag tekane Riyaya kang bakal teka telung sasi engkas iki. Saben taune, kebutuhan daging nalika Riyaya rata-rata nggayuh 15 ewu ton. Sanajan ing kahanan normal, rega daging ing wayah kasebut cukup dhuwur. Riyaya taun kepungkur, rega daging sekilone nggayuh Rp 120 ewu.
“Bisa dadi mengko nggayuh Rp 150 ewu sekilo yen saiki ora dikawekani,” kandhane. (Tim)
Penyerang Cebongan Kudu Diukum Abot
Kapolda Jogjakarta anyar Brigjen Pol Haka Aksana lan sing lawas Brigjen Pol Sabar Raharjo (kiwa) Nalika sawatara Jenderal Polisi lan ...
Panglima TNI: Prajurit kang nyerang Lapas Bakal Diseret Menyang Pengadilan Militer
Panitipriksa perkara penyera-ngan Lapas (Lembaga Pema-syarakatan) Kelas II B Cebongan, Sleman, Jogjakarta (23/3), nganti saiki isih terus lu
Irjen Djoko-AKBP Teddy; Nyebut ‘Restu Komandhan’
Irjen Djoko Susilo Kalungguhane tersangka suap simulator Surat Ijin Mengemudi (SIM). Djoko Susilo (DS) sajak wis ora bisa suwala. Sebab, .





