Crita Paskah
- I. Crita Paskah
D h a n d h a n g g u l a
1. Crita Paskah saking kitab suci
Sinerat ing Perjanjian Anyar
Crita sangsara wiwité
Gusti Yesus dèn ukum
Kadhawahan pidana salib
Siniksa lir durjana
Déning bangsanipun
Amung kèndel tan suwala
Wit mangertos niku kedah pun lampahi
Nebus dosamimg donya
2. Dipun sambung sèdanira nenggih
Pinaku ing kayu salib nyata
Redi Golgota dunungé
Wanci soré jam telu
Langit peteng hoyag kang bumi
Pratandha Kristus séda
Ari Jum’at niku
Yusup king Arimatéa
Nyuwun idin mundhut jasadipun Gusti
Nuli kakubur sigra
3. Panutupé crita Paskah niki
Wungunira Sri Yesus king séda
Anèng dina kateluné
Yèku ing dina Minggu
Nalikané para pawèstri
Andhèrèk Magdalèna
Tindak maring kubur
Pirsa kubur sampun menga
Sarta séla kanggé nutup sampun nggoling
Jasad Kristus tan ana
4. Wonten priya anèm-anèm kalih
Jumeneng ing pinggir kubur samya
Sarwa séta agemané
Nyata malékat iku
Ingkang tedhak saking wiyati
Kapireng angandika
Sadaya pra ibu
Sami dipun pidhangetna
Yesus Kristus mboten wonten anèng ngriki
Sampun wungu king séda
5. Agé wartakna mring para murid
Sebaren pawarta ingkang nyata
Yesus wungu king sédané
Sumebar warta iku
Petrus mlayu arsa nuwèni
Ènget ngendikanira
“Tigang dinten rampung”
Padaleman suci ika
Kang pranyata inggih sang guru pribadi
Petrus énggal makarya
6. Jangkep sampun kawan dasa ari
Para murid kempal andedonga
Ngèsti puji sang Pamasé
Kagyat pra murid iku
Nyata Gusti inggih ngrawuhi
Sedaya datan sabar
Sami rebut maju
Gya sungkem angaras pada
Risang Guru paring berkah ngendikani
Dadiya pangon sira
7. Pangon iku darbé tresna asih
Marang kéwan ingoné sedaya
Nora dipun bédakaké
Ngupadi kang lumayu
Déné sakit dipun jampèni
Padha tetep èstokna
Kabèh wekas ingsun
Tumeka ing akhir donya
Sira kabèh bakal tetep sun jampangi
Makaten dhawuhira
8. Titi sampun crita Paskah iki
Kang tinata déning tiyang wredha
Mugi wonten paédahé
Sakadar urun urun
Kagem putra lan wayah sami
Ingkang maksih taruna
Lestarya mituhu
Sadaya ngandikanira
Yesus Kristus inggih Sang Guru sejati
Sinembah ing bawana
9. Ing wasana “Sugeng Paskah” sami
Maring sadaya ingkang mahargya
Ari Paskah ing samangké
Mangga sareng nyenyuwun
Mugi Gusti tansah ngayomi
Nyebar asih lan tresna
Maring titahipun
Ingkang dhumawah ing dosa
Wasanané kèntas king naraka geni
Saged minggah ing swarga
II. Pitutur Marang Putra Wayah
G a m b u h
1. Pidhangetna tuturku
Putra wayah muga padha nggugu
Aja dumèh rumangsa bisa mandhiri
Lali maring wajibipun
Manembah maring Hyang Manon
2. Ana èsem lir madu
Leléwané sétan iku mau
Ngajak lali janjimu maring negari
Wekasané kapiluyu
Nurut sétan datan kraos
3. Puk-undhung bandhanipun
Wani nilep arta reksanipun
Nanging Allah ingkang Maha Welas Asih
Sétané sakkal katundhung
Wekasan sira andhéprok
4. Nangisi lampahipun
Mula supé dhateng tuturipun
Para sepuh miwah ajaran agami
Wusana namung keduwung
Anèng kunjara tan lolos.

