Golaga Tambah Gumebyar
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 91 kali

Nembus dalan gedhe sing nyam­bungake Purbalingga-Pemalang, belok kiwa (yen saka arah Purbalingga) tumuju kecamatan Karangreja, panjenengan bakal ngliwati obyek wisata sing wujud guwa. Dalane kepara munggah. Ora mung munggah nanging ndedel. Seda­wane dalan akeh spanduk lan poster sing ngelingake amrih mobil lan bus nguta­makake keslametan tinimbang bantere kendharaan. Kiwa tengen dalan katon kebon-kebon sing dikebaki tanduran nanas madu. Godhonge luwih cilik, wohe uga luwih cilik, nanging rasane luwih legi. Hawa kang luwih adhem menehi rasa jenjem.

Obyek wisata sing mapan ing Desa Siwarak RT 01/07, Dhusun IV, Siwarak, Kecamatan Karangreja, Kabupaten Pur­balingga iku dijenengi Golaga, asal tem­bung Gowa Lawa Purbalingga. Kahanan Gowa Lawa dina iki wis beda banget karo kahanan 18 taun kepungkur nalika Penu­lis mampir obyek wisata alam iki. Taun 2001 kahanane isih reged, durung ana taman-taman, dhasare guwa uga isih akeh lendhute. Wanci awan isih akeh tinemu lawa-lawa sing pating glantung ing langit-langit guwa. Ambune kotoran lawa krasa badheg lan apek.

Akhir Juli 2019 Penulis entuk kalodha­ngan nikmati wisata gratis tekan Golaga. Tekan desa Siwa­rak udakara jam 11:00 esuk. Tekan gapura sing diwe­nehi pepethan lawa gedhe sing mabur, bis lan mobil wisa­tawan mlebu aneng papan parkir Go­laga sing jem­bar. Tiket obyek iki mu­rah (cukup Rp. 15000 dina Senin-Jemuwah utawa Rp. 20000 saben Setu lan Ahad). Ngliwati penjagaan tiket lan belok ne­ngen, pengunjung bakal tekan ing lurung tumuju gerbang mlebu guwa. Ing kanan kering ana tanduran-tanduran kembang sing asri nadyan isih katon arang.

Ing pucuking gang iki ana papan pa­jang kiwa tengen sing menehi ketera­ngan ngenani Golaga. Sing siji nuduhake riwayat dumadine guwa lawa iki. Manut pajangan informasi mau, Golaga mujud­ake lava tube utawa lorong lava kang dumadi saka aliran lava gunung api. Apa satemene lava iku? Lava iku mujudake material sing wujud cairan panas sing mu­rub, yen wis adhem lava mau banjur dadi watu. Perangan aliran kali lava sing katon methungul banjur beku lan dadi watu, nanging ing ngisore watu mau lava terus ngalir nganti entek. Nalika aliran lava entek mili tekan lembah, ngisore wa­tu selubung mau dadi growongan. Pa­pan iku satemah dadi guwa lan dipang­goni lawa.

Papan pajang sijine menehi ketera­ngan riwayat ketemune Guwa Lawa ku­wi. Manut keterangane Kades Siwarak sing asmane Daru Wikarta (1893 tekan 1946) jaman penjajahan Walanda, ana wong sugih mblegedhu ing Desa Siwarak jenenge Ki Keli. Ki Keli iku kondhang je­jere tuan tanah sing nguwasani lahan ko­pi. Lahan iku disebut central coffee (yen nurut basa manca) utawa kopi san­tri (manut basa lokal). Sateruse lahan iku kecekel ana tangane Ki Wangsa Dirana.

Sawijining dina Ki Wangsa Dirana angon wedhus ing lahan kopi. Amarga kahanane sing edhum lan eyup katam­bahan angin semribit, Ki Wangsa Dirana sakala ngantuk liyer-liyer bablas turu. Turune angler dhasar awake kesel. Ko­capa bareng tangi nggoleki wedhus sing mau diengon ilang. Nadyan sugih kela­ngan wedhus siji Ki Wangsa Dirana isih eman-eman mula dheweke terus bengok-bengok nyeluki buruh lan tangga kiwa tengen. Kabeh diajak nggoleki wedhuse sing ilang. Digoleki mrana-mrene ora ketemu. Ki Wangsa terus pren­tah wong-wong sing teka ana pa­pan kono supaya mbabati grumbul lan rerunggutan. Bareng dibabati lagi konangan jebul ana growongan sing tumuju ngisor lemah. Ora ngerti apa we­dhuse Ki Wangsa Dirana digondhol ula mlebu bolongan kuwi, sing cetha gro­wongan iku dadi temuan sing nyalawadi.

Ki Wangsa Dirana terus lapor karo aparat desa. Aparat desa terus lapor munggah. Pemerintah pusat menehi ka­w­igaten kanthi ngirim ahli Geologi saka ITB menyang Siwarak. Sawise ditliti lagi kedenangan yen ing ngisor lahan iku jebul ana guwa sing dawa lan jembar. Ahli Geologi iku uga menehi gambaran yen guwa mau duwe potensi alam sing mirunggan lan bisa dikembangake dadi obyek wisata. Sateruse wiwit 30 No­pember 1979 Golaga dikemonah lan di­kembangake dadi obyek wisata.

Munggah sethithik ngliwati lurung banjur tekan papan sing memper pang­gung. Rombongan bisa foto bareng ing areal iki. Mlaku maneh bisa nyawang ta­man bermain kanggo bocah lan kebon bi­natang mini. Ana serombongan rusa sing lagi wira-wiri golek pangan. Mentok dalan belok nengen. Kanan kering lurung katon wit senggani sing kembange ungu katon endah ngrenggani gang tumuju lawang mlebu guwa. Wit senggani ngo­no satemene tanduran liar sing urip ana alas, nanging ing obyek Golaga iki ditandur dadi ta­naman hias sing nambahi asri.

Ngliwati dalan undhak-undhakan mudhun, pe­ngun­jung wis meh mlebu guwa. Saka kadohan katon rerung­gutan sing nutup guwa. Katon tu­lisan GOLAGA. Mlebu guwa langsung bisa nyumurupi se­sawangan sing gemebyar. Guwa iki wis diwenehi rerenggan lampu-lampu kanthi maneka warna. Wis ora ana kesan ku­muh utawa reged (jenes). Dhasare gu­wa dumadi saka watu-watu dhatar sing resik nadyan teles (lembab) wis ora ka­ton maneh lawane jalaran ndhelik. Jare lawa-lawa lagi metu wanci meh Mag­hrib. Keterangan sing diwenehake de­ning Pemandu Wisata sing ngaku je­nenge Slamet kandha yen Golaga saiki wis ora dikemonah dening pamarentah, nanging dikelola dening Obyek Owabong sapanunggalane. Golaga mujudake obyek guwa sing dawa, pengunjung kudu nlusuri guwa sing dawane kurang luwih 700m......sapepake 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang cedhak karo GUSTI ALLAH, ora ateges wis ora duwe luh maneh.

Klik

KUBURAN NDHUWUR LEMAH

Masyarakat Dayak Benuaq nduweni cara unik jroning ngramut jisim kulawargane kang wis tilar donya. Yakuwi ora mendhem si mayit nanging dilebokake ing kothak kayu banjur digantung. Sawise mataun-taun, kothak mau banjur dibukak. Tengkorake banjur dilebokake ing kayu kang dicagaki. Umume, saben kulawarga nduweni kuburan dhewe-dhewe, ora dikubur ing kuburan umum. (d/ist)***

Pethilan

Ngatutake publik jroning ngrembug amandemen

Swara rakyat mung dibutuhake na­lika pemilu

Kompromi politik manthengi mawujude kabinet

Kuwi rak asil proses politik

Pulisi nlesih kelompok kang gawe rusuh demo

Pancen wis tugase