Dolan Menyang Pengging Umbul Kuna Nanging Tetep Kaloka
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 48 kali

Taun 1935 Sinuwun Paku Buwono X saka kraton Sura­karta Hadiningrat yasa pasi­raman kagem keng garwa, putra dalah para sentana da­lem. Kang kapilih laladan Peng­ging. Persise dumunung ing dusun Ba­nyudana kalebu we­wengkon desa Benahan, Kec. Pengging Kab. Boyolali. Penere uda­kara 13 Km sak­kidul wetane kutha Boyolali utawa 25 Km saka kutha Solo.

Sumber banyu (tuk) ing Pengging iki kabare ora tau asat na- dyan mangsa ketiga ngerak kaya wektu sakiki. Mula kapilihe umbul ing Peng-ging kagem madege pasiraman “kagu­ngan dalem” aran pas banget. Apa­maneh yen digandhengake karo kasu­nyatan sejarah jarene rikala jaman pamarentahane kraton Pajang ndu- weni panguwasa banyu umbul Pengging wis diilekake mlebu kraton sakperlu kanggo ngisi blumbang-blumbang lan taman ing njero kraton liwat Kali Braja. Uga sak­dururge Sinuwun Paku Buwono x banyu umbul Pengging wis mlebu Kraton Su­rakarta Hadiningrat liwat Kali Larangan.

Minggu kapapat pungkasan sasi Juli wingi penulis nglegakake dolan menyang umbul Pengging kang sakiki dikemonah Pemkab Boyolali dadi obyek wisata “Pemandian Umbul Pengging” kanthi kekancing Perda Kab. Boyolali no. 9 Taun 2018 kanthi tarip retribusi dina biasa Rp. 3.500,- lan kanggo dina-dina khusus Minggu lan dina libur, Natal lan Warsa Enggal, Padusan (ngarepake wulan Pasa) apadene syawalan kanthi tarip Rp. 4.500,-. Uga pengunjung kang arep langen, ciblon utawa ambyur-ambyuran isih dibebani retribusi maneh ning ya ora larang. Ing umbul Ngabeon kanthi tarip Rp 2.500,- dene yen adus ing umbul Temanten utawa umbul Dhudho mung Rp 1.500,-

Telung Umbul

Manuk prenjak sakjodho kang sajake nembe pasih-pasihan sarana miber saka pang wit mlinjo sinambi ngoceh ngganter methukake jangkahku mecaki dalan kang edhum. Ati iki ora selak sesawa­ngan wewangunan kuno, jadhul nanging anggun mamerake ornamen ciri khas Kratonan kang ngundang gawe ngungun.

Padusan alami kang duwe sumber banyu dhewe-dhewe ing wewengkon iki ana telu cacahe. Loro kang kinupeng cepuri dhuwur yakuwi kang aran Umbul Ngabean lan Umbul Temanten. Miturut katerangane petugas, mbiyene ing Um­bul Ngabean sakliyane dadi papan pasi­raman uga dadi pesanggrahan kagem garwa, putra lan sentana krabat kraton. Mulane kahanane luwih tumata apik, endah lan becik jalaran tansah di­openi dening juru kunci kang ngrangkep dadi abdi dalem, kanthi gelar Hangabeni. Mulane pasiraman kang khusus iki suwening suwe kanthi sebutan (karan) umbul Ngabean

Petugas kang ditemui penulis ing um­bul Temanten aweh katerangan ma­nawa umbul kang ambane 25x35 meter ka­sebut ndu­weni tuk kembar kang jejer sakjodho ora beda pinanganten kang di­lungguhake ing pelaminan. Sakkiwa­te­ngene umbul Temanten iki sakiki tambah rame kanthi anane kolam pemancingan. Pengunjung kang rawuh niyat ngenggar-enggar manah bisa pesen dhedharan awujud iwak loh kang digoreng, dibakar utawa dipepes miturut pesenan.

 

Bulus sakjodho

Ing sakkidule umbul Te­manten ana umbul kang uku­rane luwih cilik kang disebut umbul Dhudho. Jarene ing um­bul iki mbiyene tinemu bulus sakjodho, lanang wadon. Kekarone tansah runtang-run­tung ngalor ngidul kebak sih katresnan. Nganti gawe meri sapa bae kang nyawang. Ndilalah liya wektu bulus wadon ilang (musno) lan bulus lanang nandang papa cintraka urip ijen, kang tembene umbul kang cethek kasebut karan Umbul Dhudho (tanpo bojo).

Miturut pengamatan penulis, umbul Dhudho kang kira-kira mung setengah awak wong dewasa iki sakiki didadekake bocah-bocah ci­lik padha ajar nglangi. Saka siji loro pengunjung kang ditakoni penulis ngandhakake manawa wis sakuntara iki Umbul Dhudho kasebut didadekake sarana hidroterapi. Miturut Bu Sri kang pidalem ana desa Seyegan garwane nandang stroke ringan. Mula seminggu kaping pindho garwane latiyan ngobahake sikil lan tangane ing umbul Dhudho. Pengakuan sakemper uga dicritakake Pak Giyono Saka Ngasem jarene putrane kang nembe klas III SD tiba rikala bal-balan. Mla­kune durung bisa normal, nanging jarene saka ajeg terapi ing umbul Dhudho wis ana kemajuan.

Dadi Ora maido yen Umbul Dhudho sakiki tambah rame kanggo sarana “penyembuhan” kanthi hidro terapi. Rasa kesel ngubengi Umbul Pengging ora dakrasa. Anyepe banyu tuk kang gawe seger otot bebayu ngobahake lamunan­ku. Aja nganti Umbul Pengging nasibe kaya Umbul Cakra ing desa Tulung Kab. Klaten. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang cedhak karo GUSTI ALLAH, ora ateges wis ora duwe luh maneh.

Klik

KUBURAN NDHUWUR LEMAH

Masyarakat Dayak Benuaq nduweni cara unik jroning ngramut jisim kulawargane kang wis tilar donya. Yakuwi ora mendhem si mayit nanging dilebokake ing kothak kayu banjur digantung. Sawise mataun-taun, kothak mau banjur dibukak. Tengkorake banjur dilebokake ing kayu kang dicagaki. Umume, saben kulawarga nduweni kuburan dhewe-dhewe, ora dikubur ing kuburan umum. (d/ist)***

Pethilan

Ngatutake publik jroning ngrembug amandemen

Swara rakyat mung dibutuhake na­lika pemilu

Kompromi politik manthengi mawujude kabinet

Kuwi rak asil proses politik

Pulisi nlesih kelompok kang gawe rusuh demo

Pancen wis tugase