Lumbung Suku Sasak lan Fotografer Cilik
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Plesir - Dibaca: 106 kali

Kang uga narik kawigaten ing Pulo Lombok yaiku wewangunan kang wujud lumbung. Lumbung ing tlatah Lombok pancen unik. Wujude memper wewa­ngu­nan topi sing disangga cagak papat. Ana lumbung asli kang digunakake kang­go nyimpen pari lan asil tetanen liyane kaya kang tinemu ing perkampungan Sasak Ende. Saliyane iku uga ana lumbung-lumbung kang digawe mung kanggo pepasren (hiasan) kaya kang tinemu ing kam­pung Suka­rara, Jonggat, Lombok Tengah. Lum­bung sing digu­nak­ake kang­go pepasren ban­jur memper gazebo ing omah-omah jaman sa­iki. Lum­bung sing dieng­go pepas­ren iki mula ora dienggo nyimpen pari ka­ya lum­bung sing asli.

Ing Pulo Lom­bok iring lor uta­mane ing per­kam­pungan Suku Sasak akeh tinemu wewangunan jejer-jejer wujud bale. Ing jejeran liya uga dibangun lumbung pari. Bangunan liya kang dadi ciri khas Suku Sa­sak yaiku anane bangu­nan gedhe kang diarani bale bale. Ana uga bale gedhe sing dibukak sesisih kanggo papan kumpule warga Sasak. We­wa­ngunan iki di­arani baruga. Baruga uga digunakake mi­nangka papan kanggo nin­dakake ritual agama utamane menehi pakurmatan pung­ka­san marang jenazah kang bakal dikubur. Wewangunan kang wujud bale iki sateruse dadi ciri khas Suku Sasak kayadene omah joglo sing dadi identitas Jawa Tengah.

Wewangunan wujud bale sing digu­nakake kanggo lumbung pari ing Pulo Lombok pancen khas. Sing unik, lumbung-lumbung ing papan kene kabeh digawe wujud omah panggung. Ing desa-desa Lombok perangan kidul dha­sare lumbung iki digunakake kanggo bale. Ing Lombok iring lor ora kabeh de­sa duwe lumbung. Perangan lumbung sing digunakake kanggo nyimpen pari se­meleh ana dhuwure panggung sing adate dumadi saka cagak cacah papal. Kanthi cara kuwi papan panyimpenen pari ora semeleh ing lemah. Bangunan iki memper karo wewangunan lumbung ing tlatah Austronesia.

Ing puncake lumbung dibangun em­pyak sing wujude memper topi.

Wewangunan wujud topi ing empyak omah iki sing dadi ciri khas arsitektur Suku Sasak. Tutupe empyak iki ora diga­we saka gendheng, nanging saka tum­pukan godhong alang-alang garing. Ca­gak utawa saka cacah papat nyangga blandar lan pangeret sing ditumpangi empyak sing digawe saka pring ditutupi tumpukan alang-alang kuwi. Kabeh pera­ngan lumbung penyimpenan pari iki ditutup rapet, kejaba ana bolongan per­segi papat sing dienggo dalan kanggo nyelehake pari nalika bakal nyimpen pari ana lumbung. Sing narik kawigaten, wong Suku Sasak wis ngrancang bisane ngamanake lumbung saka tikus. Amrih tikus ora bisa mlebu lumbung, ana pucuk­ing saka (cagak) papat sing nyangga lumbung digawe jelepreng.

Jelepreng iku apa? Manut ketera­ngane Sofyan, pemandhu wisata ing Kampung Tenun Sukarara, saweneh kons­­truksi kanggo ngawekani supaya tikus lan kewan liyane sing nggremet liwat saka (cagak) lumbung ora bisa mlebu ing papan panyimpenan pari. Jelepreng bisa digawe saka kayu utawa adhonan semen lamun cagake cor-coran. Wujude jelepreng iku kayadene lempengan jembar kang nutup puncake cagak (saka) sangisore blandar. Supaya tikus ora bisa mlebu, lempengan iki diga­we 90 derajat. Kanthi mangkono, tikus bakal kangelan yen arep nggremet mlebu lumbung. Tikus mesthi bakal tiba ing le­mah lamun menek tekan jelepreng kuwi satemah lumbung panyimpenan pari bakal kalis saka ama tikus.

Akehe lumbung ing perkampungan Suku Sasak nuduhake lamun wong­wong Sasak iku wis maju. Lumbung dibangun minangka papan panyimpenan asil pa­nen. Simpenan pari garing sing ana lum­bung iku kanggo pasedhiyan lamun ana ketiga dawa utawa paceklik. Lumbung-lumbung pari iki satemene menehi piwu­lang marang kita kabeh lamun urip mono ora mung sapangarepan. Nandur panen banjur digunakake kangge seneng-seneng. Wong urip iku kudu mikirake dina mburi. Dina iki bisa nandur lan pa­nen sing becik. Dina sesuk durung mesthi tandurane bisa tuwuh subur lan ngasil­ake sing becik. Dina iki nandur pari. Du­rung mesthi kasil jalaran sing thukul ma­lah suket teki. Mula becik wong iku tan­sah nyisihake kang diduweni dina iki kanggo ngawekani kahanan kepepet. Mangkono sateruse umpama dibacutake tekan mikirake akhirat mula bakal kete­mu saka piwulang anane lumbung iki.

Konstruksi kang disebut jelepreng uga narik kawigaten jalaran jelepreng iki mujudake lokal genius. Kanggo ngawe­kani serangan tikus ing lumbung, leluhur wong Suku Sasak jebul wis nemokake cara jitu. Nadyan wujude prasaja, jelaprang nyata piguna kanggo nyegah simpenan pari supaya kalis saka ama tikus. Konstruksi sing padha satemene bisa digawe ing omah-omah modern ja­man saiki. Anane jelepreng uga nuduh­ake lamun leluhur wong Sasak iki uga genius.

 

Tanjung Aan lan Fotografer Cilik

Ora kalah karo wisata ing Pulo Bali, Pulo lombok uga nduweni gisik samodra kang endah sesawangane. Salah siji gisik samodra (pantai) sing nyengsemake iku diarani Tanjung Aan. Gisik Tanjung Aan iki manggon ing iring kidul pulo Lombok sing adohe 75 km saka kutha Mataram lan 3 km saka Pantai Kuta, Lombok. Pan­tai sing ngandhep samodra Hindia iki ndu­weni garis pantai rong kilometer da­wane. Beda karo segara kidul Pulo Jawa sing ombake gedhe lan ndrawasi, segara kidul pulo Lombok iku banyune anteng mahanani ati kang jen­jem, ayem, lan tentrem.

Kayangapa kaendahan Gisik Tanjung Aan iki? Gisik Tanjung Aan nyuguhake gumelare gisik sing jembar gilar-gilar kanthi ba­nyu samodra sing anteng lan ora jero banyune. Wedhine putih resik saperangan uga ditemokake we­dhi sing rupane krim kekuning-kuningan memper woh mrica sing lagi dipepe. Sing nambah ka­en­da­han gisik iki anane gumuk-gumuk sakiwa tengene gisik kuwi. Para wisatawan bisa munggah ing gumuk-gumuk mau lan ngresepi kaendahan alam kang gawe takjub. Para pandhe­men sel­fie utawa fotografi bisa njupuk gambar-gambar panorama alam sa­ma­reme.

Gisik Tanjung Aan pancen mamerake kaendahan alam kang tanpa pepindhan. Ing papan kene akeh wisatawan manca negara kang teka saperlu ngresepi gisik kang banget endahe mau. Puncak tekane wisatawan manca yen pinuju wulan Fe­brua­ri tekan Maret gegayutan karo anane festival bau nyale (nyekel cacing laut) kang diadani ing perangane Pantai Se­ger, ora adoh saka Tanjung Aan kene iki. Satemene papan iki bisa digunakake kanggo snorkeling (slulup ing segara), surfing (selancar), lan swimming (la­ngen). Saliyane iku, sedawane pinggir gisik iki uga akeh tinemu paying-payung kayu raseksa lan rajutan damen kanggo disewakake marang para pelancong. Wisatawan bisa leyeh-leyeh klekaran ana ngisore paying-payung iki sinambi nyawang kaendahane samodra kidul lan gisik kang gumelar gilar-gilar.

Sing unik ana Gisik Tanjung Aan iki ya­iku anane para fotografer cilik sing pa­dha tawa jasa njupukake gambar. Bocah-bocah saumuran SD utawa SMP padha nekani para wisatawan kang teka ing gisik kono. Wisatawan lokal lan man­ca dadi sasaran promosi foto. Jalaran asring ketemu wong manca, bocah­bocah iki uga mahir nggunakake basa Inggris. Bocah-bocah mau banjur nuduhake papan-papan kang endah sing bisa digunakake kanggo foto kanthi latar pemandhangan gumuk-gumuk aneng sebrang. Bocah-bocah sing katone mung kayadene foto­grafer amatir iki jebul duwe pengalaman kang mirunggan ngenani fotografi. Buk­tine asil jepretane fotografer-fotografer cilik iki bisa ngasilake foto-foto kang nyengsemake ora kalah yen dibandhing fotografer-fotografer profesional. Akeh wisatawan domestik sing nggumun nyumurupi asile foto bocah-bocah cilik mau. Kanthi action mencolot munggah, wisatawan sing dipotret iku bisa katon kaya wong mabur. Kanthi sikil diangkat, wisatawan sing difoto mau banjur katon kayadene ngidak gundhukan lemah (sing sejatine gunungan ing sebrang). Kanthi nyurung tangan loro bakal katon ing foto kayadene lagi nyurung gunungan. Yen teka ana kono karo pasangan (garwa) mula bisa gawe kenangan kayadene ga­we gambar waru (lambang tresna) nggu­­nakake tangan, sapiturute. Conto asile jepretan fotografer cilik iki bisa dipriksani ing gambar!

Pira akehe tips kang kudu diweneh­ake marang para fotografer cilik iki? Satemene fotografer-fotografer cilik iki ora mathok upah kang gumathok. Bocah-­bocah iku mung ngenteni pawewehe para wisatawan saikhlase. Bubar njepret samareme, diwenehi sepuluh ewu ru­piah wae wis bungah. Piye bisane bocah-bocah cilik iki wasis dadi fotografer? Salah siji fotopgrafer cilik sing ngaku jenenge Nurul crita yen anggone wasis njepret nggunakake HP utawa kamera canggih jalaran padha asring nggunak­ake lan coba-coba. Karana asring jeprat-jepret lan naliti asile, fotone katon endah nyengsemake. Bocah-bocah iku uga niteni posisi panggonan kang pas kanggo njupuk gambar. Aksi kang ditindakake dening wisatawan uga bisa disinau sawise njumbuhake asile jepretan mula wisatawanbanjur bisa katon kaya dene mabur, ngidak gunung, nyurung gunung, sapanunggalane.

Anane fotografer cilik sing wis padha wasis njupuk gambar iki nuduhake lamun pengalaman iku wigati sajrone wong sinau. Bocah-bocah ing Tanjung Aan iki ora nate sinau teori fotografi lan basa Inggris kanthi melu kursus. Kanthi nekad wae bocah-bocah mau nyoba nggunakake kamera utawa HP kanggo njupuk gambar. Awale asile fotografi mau uga durung maremake ananging sawise bola­bali nyoba apamaneh kanthi pepenginan entuk tips saka para wisa­tawan, bocah­bocah mau duwe sema­ngat kanggo ngasilake jepretan sing nyengsemake. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang cedhak karo GUSTI ALLAH, ora ateges wis ora duwe luh maneh.

Klik

KUBURAN NDHUWUR LEMAH

Masyarakat Dayak Benuaq nduweni cara unik jroning ngramut jisim kulawargane kang wis tilar donya. Yakuwi ora mendhem si mayit nanging dilebokake ing kothak kayu banjur digantung. Sawise mataun-taun, kothak mau banjur dibukak. Tengkorake banjur dilebokake ing kayu kang dicagaki. Umume, saben kulawarga nduweni kuburan dhewe-dhewe, ora dikubur ing kuburan umum. (d/ist)***

Pethilan

Ngatutake publik jroning ngrembug amandemen

Swara rakyat mung dibutuhake na­lika pemilu

Kompromi politik manthengi mawujude kabinet

Kuwi rak asil proses politik

Pulisi nlesih kelompok kang gawe rusuh demo

Pancen wis tugase