“Titi Mongso”, Pameran Koran lan Majalah Lawas
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 68 kali

Pameran kang njupuk irah-irahan Titi Mongso (titi mangsa), durung suwe iki diadani ing kutha Yogyakarta. Pameran kang diadani manggon ing Bentara Budaya kutha Gudheg iki, pancen mligi kanggo mamerake pirang-pirang koran lan majalah weton lawas utawa tempo doeloe, ana maneh kang ngarani jadul (jaman dulu). Manut panitia penyelenggara, ing pameran iki ora kurang saka cacah 200 arsip koran lan majalah lawas kang kasil dikumpulake sarta dipamerake. Koran lan majalah kang dipamerake, mujudake karya cetak lawas kang tau diwetokake utawa terbit ing Indonesia antarane taun 1871 tekan 1972. Manut kurator Bentara Budaya Yogyakarta Hermanu, kabeh koleksi kang dipamerake mujudake terbitan sadurunge tanggal 17 Agustus 1972 utawa sadurunge Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) kawiwitan dicakake. Mula saka kuwi, kabeh tulisan kang dipacak sajrone Koran lan majalah mau isih migunakake basa Melayu lan Ejaan Yang Belum Disempurnakan (EYBD).

Kurator BBY Hermanu nandhesake yen pameran iki mujudake asile kerja bareng antarane Bentara Budaya karo para kolektor koran lan majalah lawas kang sumebar ing pirang-pirang kutha. Ana kolektor saka kutha Yogya dhewe, kaya Yan Arista. Kolektor asli saka Yogya iki, pancen duwe koran lan majalah kang diterbitake nalikane jaman Hindia Belanda, jaman perang revolusi ngrebut kemerdekaan,perang mertahanake kemerdekaan, jaman kemerdekaan nganti tekan saiki. Beda maneh kolektor saka kutha Magelang aran Haris K, kang melu mamerake koran lan majalah babaran taun 1950 tekan 1970. Koran lan majalah kang melu dipamerake racake isih katon cetha tulisan lan gambare kaya dhek dibabar sepisanan biyene.

“Pameran iki nandhesake yen koran lan majalah lawas mujudake sumber informasi ngenani kedadeyan biyen nalikane koran karo majalah kuwi dibabar. Saka koran lan majalah mau, kita bisa mangerteni maneka kedadeyan lan informasi. Mulane maca koran karo majalah lawas iki padha karo kita mbukak bank data informasi jaman lawas,” kandhane Hermanu kurator Bentara Budaya Yogyakarta.

 

Bank Data

Koran Bintang Barat kang dibabar saka Betawi/Batavia, mujudake koran paling lawas kang dipamerake ing pameran. Koran mau babaran edisi 22 April 1871 nganggo basa Melayu, dibabar seminggu kaping pindho, saben dina Sabtu lan Rebo katiti ing Koran Bintang Barat mau ing saben kababar mesthi dikantheni teks tulisan : “Kaloear di Betawi saban hari Sabtoe dan Rebo”. Koran kang kababar dhek jaman Hindia Belanda iki, tulisan lan gambare isih migunakake cithakan handpress yaiku modhel nyithak koran lan majalah utawa liyane lumantar cithakan huruf ing lempengan timah. Saka koran lan majalah kang dipamerake ing pameran Titi Mongso bisa didudut yen koran lan majalah kang dibabar antarane taun 1940 nganthi tahun 1950-an, keh-kehane durung migunakake gambar ilustrasi lan foto kang dening redhaktur utawa penulise lumrahe kanggo luwih miterangake sawijine tulisan utawa pawarta. Yen ana siji loro, kuwi wae isih wujud gambar utawa foto ireng putih. Gambar lan ilustrasi ing babaran koran lan majalah entuk kawigaten luwih mirunggan saka para redhaktur pener-bitan sawise taun 1970-an munggah. Cithakan koran lan majalah wis akeh migunakake mesin offset sarta gambar lan ilustrasine ana kang wis full colour. Saka gambaran kang wis kasebut ndhuwur banjur bisa dimangerteni ngenani kedadeyan tuwuh kembange jagade penerbitan koran lan majalah ing Indonesia wiwit jaman Hindia Belanda tekan jaman wis merdeka.

Dadi Alat Perjuangan

Pameran koran lan majalah lawas Titi Mongso, kejaba mamerake penerbitan nalikane jaman Hindia Belanda, uga mamerake koran kang dibabar nalikane sawise jaman kamardikan. Ing jaman-jaman perang ngukuhi kamardikan nalikane pemerintah berjuang lumantar maneka perundingan malah nganti lumantar ngangkat senjata utawa perang, koran lan majalah nalika semana uga mbiwarakake pawarta semangat perjuangan. Cetha banget yen penerbitan pers nalika semana uga dadi alat perjuangan kang ora kena disepelekake.

Ana koran Soember babaran tanggal 22 Juli 1947 contone, ngemot pidhatone Panglima Besar Jenderal Soedirman kang ngajak kabeh bangsa Indonesia nalika semana anggone kudu siyap siyaga ngadhepi perang kanggo ngukuhi  kamardikan lumawan agresi Belanda kang kepengin njajah maneh. Pidhatone Jenderal Soedirman kuwi dibabar ing pawarta utama (headline) koran Soember mawa  irah-irahan “Kemerdekaan Jang Kita Miliki Harus Kita Pertahankan Sampai Titik Darah Penghabisan”. Sawatara koran Pelita babaran tanggal 6 Juli 1949 ngemot pawarta bab baline Presiden Soekarno dalasan Wakil Presiden Moh. Hatta lan sawatara pemimpin Indonesia liyane kang arep bali menyang kutha Yogyakarta kang wektu kuwi dadi punjering pamerintahan republik Indonesia. Wektu kuwi tentara Belanda pancen wis ditarik metu saka kutha Yogyakarta.

Koran Sedar babaran 17 Oktober 1949 ngemot pawarta pidhatone Menteri Pertahanan RI Sri Sultan Hamengku Buwono IX  kang wektu kuwi paring piweling yen bangsa Indonesia kudu siyap lumawan tentara Belanda yen samangsane pihak kekarone padha ora ketemu sarujuk nalika ngadani pirembugan ing meja perundingan. Pidhato Sultan Hamengku Buwono IX minangka Menteri Pertahanan RI wektu kuwi kang dipacak ing koran Sedar katulis mangkene : “Djika Belanda teroes meneroes bersikap keras dan tida pantes, dikwatirken aken meledak pertempoeran setjara besar2an di seloeroeh Indonesia”.

 

Sum Kuning Pingine Dadi Wartawan

Koran lokal saka Yogyakarta kang dipamerake ana ing pameran Titi Mongso, antarane Kedaulatan Rakyat kang mbabar wartane ing rubrik Si Tjantik, ngangkat asil wawancara juruwartane karo Sumarijem kang banjur kondhang dijenengi Sum Kuning mawa irah-irahan “Sum Kuning Pengin Jadi Wartawan”. Sumarijem utawa Sum Kuning wektu kuwi dadi kondhang amarga minangka wanita kang ing padinane adol endhog dirodhapeksa dening sawatara priya. Kedadeyane  dhewe dhek tanggal 21 September 1970 lan sabanjure dadi pocapan ing ngendhi-endhi panggonan. Pengadilan tumrap Sum Kuning banjur lumaku nganti pirang-pirang sasi, Sum Kuning malah dinuga gawe lapuran palsu. Pungkasane pak hakim wektu kuwi mutusake Sum Kuning ora salah lan banjur dibebasake saka paukuman. Metu saka paukumane, nalika ditemoni juruwarta koran Kedaulatan Rakyat Yogyakarta, Sum Kuning ditakoni ngenani pepinginane.Wektu luwi Sum Kuning kandha yen pengin dadi wartawan. Ditakoni maneh bab apa alesane gek pengin dadi wartawan ?. “Wartawan iku, kancane akeh,” mangkono wangsulane Sum Kuning wektu  kuwi kang dipacak Kedaulatan Rakyat babaran 25 Desember 1970.Koran liyane saka kutha Yogyakarta kang melu dipamerake yaiku koran Bernas. Emane Koran Bernas saikine wis ora kababar maneh, sawatara Kedaulatan Rakyat isih ajeg kababar tekan saiki.

 

Pers Basa Jawa

Kiprahe jagad pers kang nganggo basa dhaerah mligine basa Jawa minangka pelestari basa tinggalane para leluhur, pelestari tradhisi lan kabudayan adi luhung sarta minangka sarana perjuangan, pranyata uga wis ana wiwit jaman puluhan taun dhek biyen. Kacetha kang tinemu dipamerake ing pameran Titi Mongso kuwi, dhek taun 1920 tau ana majalah aran Kedjawen kang nganggo basa Jawa. Ing kutha Yogyakarta uga tau kababar koran basa Jawa Kembang Brayan. Ora keri ing pameran iki uga dipajang majalah kang kababar kawitan dhek tanggal 2 September 1933 tinggalane swargi Dr. Soetomo Maha Putra, ora liya majalah kinasih Panjebar Semangat. Majalah kang dicithak saka Jl. Bubutan/GNI Surabaya iki ajeg kababar saben dina Sabtu tekan saiki. Uga ana majalah Jaya Baya kang kababar wiwitan dhek 1 Desember 1945 lan isih terbit nganti saiki.

Taun 1970 – 1980-an, ing kutha Solo tau kababar Koran basa Jawa yaiku Dharma Kandha lan Dharma Nyata. Senajan koran loro-lorone wis suwe ora kababar maneh, salah sijine redhaktur koran Dharma Kandha kang ajeg nulis nganthi saiki yaiku Arswendo Atmowiloto. Saliyane kuwi, uga dipamerake sawatara arsip lawas saka koran lan majalah saka era/jaman kang beda lan kababar mawa fokus mligi kang uga beda. Contone ana majalah mligi kasusastran kaya majalah Sastra, banjur mligi kabudayan ana majalah Budaya. Sawatara kang mligi mbabar bab filsafat ana majalah Basis. Majalah mligi lelipur utawa hiburan, ana majalah Varia lan Monalisa. Koran nasional saka kutha Yogyakarta Kedaulatan Rakyat babaran lawas uga ana dipamerake, semono uga koran Kompas babaran wiwitan tanggal 28 Juni 1965 uga dipajang ing pameran.

Gandheng karo pameran koran lan majalah lawas iki, kurator BBY Hermanu kandha yen pameran kaya ngene iki kena kanggo bahan studi tumrap sapa wae, awit materi kang dipamerake menehi bukti lan informasi ngenani maneka media massa saka maneka jaman kang beda-beda lan aweh pituduh bab tuwuh kembange media pers kang tau ana ing Indonesia.

“Kita seneng banget amarga pameran iki bisa menehi informasi maneka werna mligi koran lan majalah sing nate kababar dhek jaman semana. Uga kita matur nuwun banget marang para kolektor lan perawat koran lan majalah lawas saengga koleksine isih migunani nganthi saiki,” ngendikane budayawan Sindhunata ing pembukane pameran Titi Mongso, Pameran Koran lan Majalah Lawas. n

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng