Seri Patilasan Majapahit ing Gunung Kidul
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 83 kali

Pasareyan Nyai Lambangsari Semin, Paring Piweling

Swasana kutha Kecamatan Semin Gunung Kidul tambah dina tambah rame. Sawernane wewangunan kantor apa­dene toko tuwuh kembang kadidene kem­bang nuju anjrah. Semono uga ka­ha­nane dalan terus diapike, amrih lu­makune dol tinuku sarta donya wisata budaya bisa lancar sarta tambah maju.

Durung kinawruhan kalawan cetha, tembung Semin iku mengku surasa apa. Ana sing duwe panemu tembung semin ana gathukane karo lelakone wong Sa­min, golongan masyarakat sing tekan dinane iki isih ngugemi tradhisi lawas warisan leluhur. ana uga sing ngga­thuk­ake karo lenga samin sing kalumrah kang­go nggoreng martabak.

Uwal saka iku, sing cetha tembung Semin minangka gantine tembung Mlam­bang, jeneng kunane Semin. Sarta masyarakat Semin mracayani menawa cikal bakal anane Semin yaiku Nyai Lam­bangsari, asal saka Majapahit, sumare ana ing Pasareyan Mlambang Padu­kuhan Semin, Desa Semin. Kapernah sisih kulon pasar Semin. Cedhak dalan menggok arah Karangmaja.

“Nggih leres niku mas, Nyai Lam­bangsari cikal ba­kal wontenipun Semin,” mang­kono pratelane Mbah Prapta Sastra Su­harjo (72) juru kunci pasareyan Mlambangsari Se­min pinuju resik-resik ngarepake dina malem Se­lasa Kliwon

Dununge mae­san ana ing we­wengkon pasare­yan sisih kulon. Wis kacungkup prasaja. Temboke dicet werna ijo. Pa­yo­ne cara omah kampung. Ora pati amba. Watara 3x5 meter pesagi. Jobine wis dikeramik werna putih. Tembok sisih kidul bukakan winates pager nganggo lawang saka wesi. Maesane Nyai Lam­bangsari mung dhewekan.

“Kacariyos jaman rumiyin maesan­ipun saking kajeng,” imbuhe mbah Prapta.

Anggone ngganti wis kepara suwe. Mung wae mbah Prapta ngaku wis ora eling taun pira anggone ngganti. Ja­larane diganti merga kayune wis rusak dipangan rayap jaman jobine isih saka lemah sarta durung kacungkup. Jaman semana mligi diwenehi eyup-eyup bukakan. Payone saka seng.

Asma Lambang­sari iku mujudake as­ma sesilih. Miturut do­ngenge leluhur, ja­man sugenge, piyayi Majapahit iku dhemen migunake basa lam­bang sajrone rerembugan kalawan para pendhereke. Amrih aman sarta ora gampang dingerteni dening liyan.

“Nyai Lambangsari kapitados tasih kalebet putra Sinuhun Brawijaya pung­kasan,” mbah Prapta nerangke.

Asma asline sapa sarta putra nomer pira durung kinawruhan. Nanging jaman lolos saka kedhaton bakda Majapahit ketekan wadyabala jurit Demak, bareng karo ingkang Rama. Banjur dhedhepok ing tengah wana sing sakbanjure katelah Mlambang. Mungguh lelakone kurang luwih mangkene.

Kocap nalika lakune rombongan Si­nuhun Brawijaya pungkasan ngliwati alas ing sakulon Manyaran sing banjur ka­telah Semin, Nyai Lambangsari matur marang ingkang rama, nyuwun supaya kaparingan idin palilah sawatara wektu leren ing papan kono. Ora bisa ndhereke ingkang rama sing bakal neruske laku mangulon.

Pranyata ingkang rama nayogyani. Sawatara abdi dalem kadhawuhan ngi­ring sang putri anggone ngaso ana ing papan kono. Sarta kaparingan bebektan wujud sanjata cundrik sarta cundhuk menthul saka emas minangka tandha sih katresnan ingkang rama marang Nyai Lambangsari.

Sakwise ingkang rama nerusake la­ku, Nyai Lambangsari banjur paring dha­wuh marang abdi dalem saperlu babad alas ana ing sakidul kali. Ing wuri katelah Kali Oya. Sawise resik banjur kareka wujud plataran mujur ngetan ngulon. Ing sisih Kidul didegi pomahan sarana de­dunung sajrone leren ana ing kono.

Ukurane ora pati amba. Watara nem ping sanga meter pesagi. Sing penting cukup kanggo turu wong sak byarat. Adhepe pomahan ngalor ngarepake kali. Bebalung digawe saka kayu taun. Raga­ngan payon saka pring. Dene panutup payon saka alang-alang garing.

Nyai Lambangsari uga paring dha­wuh supaya enggal nenandur wiji bebek­tan saka Majapahit. Kayata kacang ijo, jagung sarta jawawut. Jaman semana jawawut mujudake sumber pangan mi­kantuki. Dene wiji pari gaga sawatara wektu isih kasimpen ana ing wadhah. Nembe katandur sawise papan panan­dur wis rampung kagarap.

Kanggo nyukupi kabutuhan sayuran, para abdi kadhawuhan golek gego­dhongan ana ing sakiwa tengen papan kono. Kabutuhan da­ging kacukupi kanthi beburon ke­wan wa­na. Upama­ne pitik alas apa­dene kancil. Dene nuju kepingin ma­ngan iwak banyu, golek ing kali. Lire sajrone dhedhepok ing kono uripe sarwa kacukupan.

Bab iku nda­deke Nyai Lam­bang­sari krasan. Apa maneh hawa sakiwa tengen wana, sanajan adhem na­nging nye­gerake awak. Sing baku ru­mangsa aman saka pango­yake wadyabala jurit Demak. Mula banjur njupuk putusan nedya netep ing sa­kidul kali. Ora bakal neruske laku nu­tuti ingkang rama.

“Eyang Sunan Kali ugi na­te tindak daleme Nyai Lambangsari,” piterange mbah Prapta

Eyang Sunan Kali kautus Raden Patah bebujuk Nyai Labangsari amrih gelem manggon ana ing Demak. Nanging Nyai Lambangsari tan arsa. Dheweke kuwatir, upama sida manggon ing Demak, kudu salin kapitayan.

Kocap papan sakiwa tengen daleme Nyai Lambang­sari tambah ra­me kara­na ana­ne kagiyatan dol tinuku ing titi­wanci tartamtu. Ma­lahan ana ma­sya­rakat pa­dhu­kuhan liya sing uga banjur melu gawe omah ing kono. Nda­deke swa­sana tambah re­geng. Kagiyatan ulah patanen uga tam­bah gayeng.

Apa maneh nuju mangsa pa­nen, tambah re­geng. Pa­dha ngge­lar upacara kembul bojana minang­ka sarana munjuk syukur, awit asil panen apik sarta bisa nyukupi kabutuhan. Apadene wujud pakurmatan marang Dewi Sri, pi­narcaya sing ngreksa tandur­an pari. Dina liya nga­nake upacara ber­sih dhusun.

Nyai Lambang­sari banjur nganake rerembugan kala­wan masyara­kat. Wose papan kono banjur dikepyake dadi padhukuhan kanthi tetenger Padukuhan Mlam­bang. Dening ma­sya­rakat, Nyai Lambangsari didu­nung­ke dadi pangarsa padhukuhan.

Sawise ngasta pangarsa padukuhan, Nyai Lambangsari seda. Layon banjur kapethak ana ing Padhukuhan iring ku­lon. Wujud pakurmatan, Nyai Lambang­sari didunungke minangka cikal bakal Padhukuhan Mlambang. Pasareyane katelah pasareyan Mlambang. Lestari tekan dinane iki. Dene jeneng Padhu­kuhan Mlambang banjur salin wujud dadi Semin.

“Nanging boten terang, wiwit kapan nami Mlambang gentos dados Semi,” terange Mbah Prapta.

Sing cetha Nyai Lambangsari tumrap masyarakat Semin tansah kapundhi. Nuju wulan Ruwah padha paring pakurmatan mirunggan. Kadhangkala ana sing ru­mangsa diweruhi wewujudane. Pasur­yane kuning resik. Dedeg piyadege lencir. Anggone macak cara jawa, kembenan. Rikma digelung ing sisih ndhuwur, ri­nengga cundhuk mentul.

Nuju ngatonake wewujudane, asring paring weling. Mung wae ora gampang ngerteni, merga asring nggunake basa lambang. Dadi kudu wicaksana ing naya nalika nedya ngerteni makna sing kamot ing njerone. Tuladhane tembung dara muluk jroning kayun.

Manuk dara yektine lambang pletiking cahya Ilahi, ngamping-ampingi sukma kawula sakwise oncat saka raga nalika laku tumuju paran dununge alam ka­leng­gangan, saprelu manunggal kala­wan Sukma Kawekas.

Wekasing carita, muga bisa dadi sa­rana kamulyaning masyarakat Semin ing jaman millenium kiyi.

n

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng