Temu Manten Adat Bubak Kawak Masyarakat Sidoarjo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 76 kali

Ngenani fungsi lan perane ing abad ka-10 nganti ka-12, wilayah Kabupaten Sidoarjo kalebu wilayah bersejarah lan bisa dijejerake (dipadhakake) karo Si­ngo­sari lan Kediri. Pakar sejarah ngan­dhakake yen kerajaan Daha ana ing tlatah Sidoarjo, jeneng Daha uga asring (bola-bali) disebut ing kitab Negara Kertagama. Ing khasanah sastra, mligine Kisah Panji, jeneng kerajaan Kediri, Daha lan Singosari tansah nyawiji jalaran raja tetelune kerajaan kasebut isih ing lingkup kerabat.

Ing wilayah iki diprangguli maneka adat, lan ing sawetara dhaerah adat ka­sebut wis arang diprangguli krana pe­nga­ruh teknologi lan perkembangan jaman sarta sistem religi (agama) sing dianut.

Salah siji adat kang unik yaiku “Temu Manten Adat Bubak Kawak”. Temu manten kang dimaksud dikantheni karo lara pangkon (tiran pitik jago).

 

Kronologi Upacara

Ing dina, tanggal lan jam kang wis di­te­tepake, penganten kakung lan putri nindakake rerangken upacara mangke­ne. Sing sepisan, penganten putri wis siap nampa tekane penganten kakung. Dheweke kaapit kaloro wong tuwane (bapak lan ibune) lan disekseni sanak ka­dang lan tangga teparo kang nges­treni.

Sing kapindho, tekane penganten kakung ing omahe penganten putri, kan­thi iringan gamelan Jawa-Timuran. Sing katelu, penganten putri nampa tekane penganten kakung ing ngarep lawang omah utawa ing ngarep gapura tarub (ba­ngunan sawetara kanggo upacara kajadan). Istilah liya penganten kakung ditampa ing regolan/pregolan. Kabeh (penganten kekarone) wis nggawa ubarampe perlengkapan upacara. Tula­dhane sawur, endhog, banyu godhong kelor lan kembar mayang.

Sing kapapat, upacara bubak kawak, temu penganten diwiwiti kanthi dialog kang kajibah nggawa “lara pangkon” (makili penganten putri). Ing dialog iki kang kajibah nggawa lara pangkon lan kang nampa njlentrehake makna lan tu­juan urip manungsa mbangun bale wis­ma, werdine/tegese saben kelengkapan upacara lan lambang-lambang sing di­fungsikake. Basa Jawa dialek Jawa Ti­muran kang digunakake kebak sanepan, pasrah penampi “lara pangkon” kairing kanthi beksan.

 

Perlengkapan Upacara Penganten

Gedhang raja, tegese pihak kakung minangka raja urip bebrayan utawa pe­nanggung jawab keluarga. Benang lawe, amrih pasangan penganten ing wektu singkat pikantuk keturunan (karepe aja suwe-suwe duwe turun). Degan (kambil enom) tegese bibit kang ateges pangu­ripan. Bubak kawak, perabot pawon di­jlentehake maknane. Jodhang (kothakan kayu pesegi) isine panganan kanggo nglengkapi sesuguhan para tamu, lam­bang kemakmuran. Tombak, lambang ka­satriyan penganten kakung lan pe­lindung urip bebrayan. Kakung dituntut mampu “ngayomi, ngomahi, nganaki” mung­guh lumakune urip bebrayan. Lara pangkon, wujude tiruan pitik jago nglam­bangake kejantanan penganten kakung. Ing cucuke lara pangkon diselipi dhuwit kanthi makna amrih pihak kakung pinter golek rejeki. Suwalike pihak putri pinter ngatur rejeki.

Sapungkure pasrah penampi lara pang­kon, dibacutake kanthi upacara temu manten, sungkeman marang wong tuwa lan dibacutake kanthi upacara “thuthul endhog” tegese endhog pitik sing wis dicawisake ing ketukkan menyang ba­thuke penganten putri, sawise iku di­ba­langake (dibandhemake) menyang sawijining papan. Yen endhog kasebut pecah, ateges anak sepisanan putri, dene yen ora pecah, anak sepisanan kakung. Penganten kakung teka menyang pe­nganten putri kairing gendhing “Giro Ja­ten” lan wektu upacara pasrah penampi lara pangkon, beksan kairing gendhing “Jula-Juli”. Yen ana kang padha karo upacara “Lara Pangkon” ing Malang, ning “Lara Pangkon” ing Sidoarjo ana variasi kang beda minangka ciri khas lokal utawa kedhaerahan. (*)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng