Wong Jawa Ora Duwe Adat Tatacara Potong Tumpeng?
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 82 kali

Adat tatacara kuwi werna-werna. Kena diarani meh saben bangsa nduweni tatacarane dhewe dhewe. Ana kang mung sarwa prasaja, lan kosokbaline ana kang anggone nindakake kanthi rowa lan gedhen gedhenan, sarwa-sarwi ngedab-edabi kanthi ngetokake wragat kang ora sethithik saengga akeh nampa pangalembana saka kana-kene.

Kang mangkono mau jeneng ora maido, sebab nglungguhi unen unen kang sumebar ing bebrayan Jawa unine “desa mawa cara, kutha mawatata”. Kabeh kabeh mawa carane dhewe dhewe kang wis dadi paugeran kan kemantepane.

Mung carane sawenehing bangsa kang kang maune uripe mung prasaja kathik suwening suwe marga srawung klawan bangsa liya kang jarene kahanane sarwa sarwi luwih maju banjur niru patrap lan kelakuwane bangsa liya mau, sanajan menawa diecakake ing bebrayane sejatine ora cocog babar pisan. Kajaba mangkono uga ora bisa ngetrepi lan geseh maknane. Kapriye anggone ora mangkono, sebabe pancen geseh kabudayane. Isih maneh ancas tujuwane lan makna kang dikarepake genah seje banget, malah kalamangsane bisa diarani cengkah utawa ngalor ngidul.

Ing jaman kang wis sangsaya maju iki akeh tinemu bebrayan Jawa sing padha  keli marang budaya manca saengga akeh sing banjur padha niru niru nganakake ropyan ropyan kanggo mengeti lan mahargya ambal warsa dina kelairane kanthi ngadani adat tata-cara anyar sing diarani “ulang taun”.

Tata cara ulang taun mau sejatine niru lan tumapak wiwit jaman kita isih dijajah dening Walanda: dadi kena diarani tatacara tinggalane penjajah utawa kabudayanane bangsa manca. Sebab sejatine bangsa kita kuwi wiwit jaman ja-majuja wis nduweni cara mengeti kahanan mau, malah luwih tliti lan luwih patitis maneh. Nanging emane sing dharbeke dhewe kuwi mau dianggep luwih asor. Jarene kok njawani banget, luwih adi jarene kang weton utawa darbeke bangsa kulonan (klebu Walanda) kang diarani “jaarig” (diwaos yareh). Jenenge wae sajak hebat, tembung Walanda lan mesthi bae ora didarbeki dening bangsa lan basa Jawa. Jaman semana pancen wong wong akeh padha kumlanda landa (niru tingkah polah lan adat tatacarane wong Landa). Lagak lagune banjur padha salin slaga omong lan sapadhane wong Jawa mau mesti banjur karo mentheleng, sarta panyawange marang nunggal bangsane sajak banjur adoh lan ngasorake banget.

Kabeh kang  mambu karo Jawa, ya jeneng, tindhak tandhuk, lan solah bawa, suguhan lan rerupan kang diwujudake kanggo ubarampe, waton asipat Jawa, jarena asor (ora bergengsi) lan ngisin-ngisini. Kuwi jaman semana, bareng jamane wis malih grembyang marang samubarang kang jeneng Walanda padha miris lan ngedohi mundhak diarani dudu pejuwang lan ora anti kolonialis.

Nanging bareng jamane wis mundhak tentrem lan wong wong bali mikirake maneh apa apa kang “saka manca”, rasa ngremehake apa bae kang sarwa Jawa wiwit muncul  maneh. Apike sethithik dene  ana bab bab kang samesthine dhuwe tatacara manca banget dijawakake utawa migunakake sarana Jawa, supaya padha dikira asli Jawa lan dudu cara kang “dijawak-jawakake” lan kang sabenere asli ngamanca. Contone sing gampang bae, apa kang diarani upacara magas tumpeng sing mratah ing ngendi endi ing saben diadani malem renungan, tirakatan ing tanggal 16 Agustus kanggo mapag pengetan HUT Proklamasi Kemerdekaan RI. Yektine iki dudu adat Jawa lan sejatine mung kanggo nutupi tatacara asline “ngiris utawa motong roti taar” kang genah asale saka Eropah. Supaya ben ketok asli Jawa, mula kue taar kuwi njur diganti nganggo tumpeng sega.

Sejatine ing bebrayan Jawa pancen ya ana kang ngenani tumpeng mau, yakuwi bakda tumpeng kuwi didongani dening mbah Kaum utawa modin, pucuke tumpeng kuwi banjur dipagas lan di wadhahi dhewe sarta banjur kabagekake marang kang kagungan kersa (hajad) nganakake sesaji tumpengan mau, minangka berkat suci. Utawa rehne cacahe tumpeng ora mung siji banjur kawarisake marang mbah Kaum kang ndongani, minangka ngajeni marang pribadine. Sebab kepriye bae pucuking tumpeng kuwi mesthi mujudake bageyaning tumpeng kang tanak dhewe, Sawise pucuking tumpeng kapagas, mesthine tumpeng mau banjur kairis-iris dibage marang kang padha rawuh lan kadhahar kembul bebarengan. Lawuhe ya kang tinemu ana sakiwa tengene tumpeng mau. Menawa tumpeng janganan ya janganan kang ditata ing sakubenging tumpeng, dene menawa tumpeng megana, ya megana kang ana ing sajroning tumpeng lan ing sakubenge tumpeng mau, mangkono uga kalebu endhog godhogan minangka rerangkening megana utawa panganan.

Sing diarani janganan kuwi apa kang kalumrah diarani kuluban kang dumadi saja thokolan utawa tauge, kanggkung, mbayung, kobis, kacang gleyor diurap nganggo bumbu gudhangan (ora dipedhesi). Bareng ing jaman samengko wis padha ngerti marang paedahe apa kang diarani wortel, banjur katambahan iris irisan wortel, marahi warnane janganan katon luwih sumringah.

Dene kang diarani gudhangan, kuwi ya janganan (kuluban) kasebut ngarep mau, nanging diwenehi bumbu kang diarani bumbu gudhangan. Padha digawe saka kambil enom dibumboni uyah,salam,lan brambang-bawang, godhong jeruk purut, kencur, gula Jawa sethitik, moto, tumbar. Sawise bumbu diuleg lembut lan kacampur karo kambil parudan mau banjur diwungkus lan dikukus nganti mateng. Wondene kang diarani bumbu megana, kuwi ya dumadi saka kambil enom diparut, dibumboni brambang bawang, uyah, gula Jawa sethitik, salam laos, pete, rese utawa gereh, lombok abang, tumbar sethithik, Patrape kata nggawe bumbu gudhangan kanthi dikukus utawa diedang.

Panggawene tumpeng megana : nggawe tumpeng nganggo kukusan lanang. Yen wis arep mateng tengahe banjur dikrowok; segane krowokan diwadhahi ing wadhah liya. Pinggiring tumpeng aja nganthi ketipisen banget, nuli tilas krowokan sega mau diiseni janganan kang wis diurap nganggo bumbu megana nganti kebak banjur katutup nganggo sega krowokan mau dienet sawetara lan dikukus sateruse nganti tumpeng mau mateng lan tanak. Manawa uwis mateng banjur ditumplak lan wujud kaya gunungan tumpeng kang njerone isi megana. Tumpeng megana kuwi miturut asline ora diwenehi apa apa ing pucuke: ora nganggo sundukan endhog, lombok abang, brambang, trasi kaya yen tumpeng robyong. Anehe ing jaman samengko menawa gawe tumpeng, embuh tumpeng apa bae mesthi diwenehi pucuk kaya dene tumpeng robyong mau. Sebabe padha ora dingerteni kiraku ya mung saka mblilu tau, tanpa ngerti makna lan tegese Bebasan melu anut grubyuk ning ora ngerti rembug. Yen tumpeng megana kuwi mesthine ora nganggo pucukan lan uga ora dipajang lambunge. Tumpeng gudhangan utawa janganan uga ora nganggo pasren apa-apa, malah gudhangan bae ditata ngubengi tumpeng lan ing gudhangan mau ditatani endhog godhogan. Cacahe miturut yuswane kang diperloni, ora ateges menawa umure wis 80 taun banjur diwenehi endhog cacah 80, nanging bisa endhog siji makili umur sewindu, dadi cukup mung endhog 10 bae, mangkono sapiturute.

Ing jaman saiki iki akeh tinemu bab bab kang digawe gawe lan dialokake sajak tindak kang adhedhasar tradhisi utawa tatacara adat kuna. Kaya kang wus diaturake ing ngarep, ora sakabehe tumpeng kuwi kena dipajang lan direngga rengga, nanging kapriye maneh jamane wis obah owah. Gandheng saiki kiyi sakathahing bab kanggo perlombakan lan kanggo pamer apik-apikan, mula sanajan ora nduweni teges kang jero tetep ditempuh  lan diakokake jarene “tradhisional”. Ya pancen lucu tenan. Jalaran yektine kang padha gawe gaweyan mau mung padha kemudu kudu golek alem, golek biji kang onjo banjur bisa menang, nili nampa pangalembana saka tim panitisara lan pepunthone nampa bebungah saka pejabat, diwartakake koran lan televisi mrana mrene pinangka pelestari tradhisi.

Pawongan kaya mangkono kuwi saumpama ditlesih apa tegese, dak kira ora bisa aweh wangsulan kang mathon ning mung waton kang saka rumangsane anggone mangsuli saja bener senajan ora pener babar pisan, kaladuk ngawur. Luwih luwih menawa, sing njaluk katrangan mau wong manca, anggone menehi katrangan tansaya ora karuwan, sebab nduweni penganggep menawa wong manca mau. Ora bakal bisa nelusur samesthine; ora ngertiya jebul wong manca mau sejatine wis nyinau kabudayan Jawa kanhi njlimet mula diwenehi katrangan mau ya mung bisa ngguyu ing batine.

Mbaleni bab potong tumpeng, genah yen dudu tata cara Jawa luwih luwih tradhisional. Sing mesthi kuwi. Yen kepareng angarani: tatacara anyar kang ngemu surasa njawani lan kang digawe tradhisional, mawa kaangkah dadiya tatacara kang tradhisional.

Sangertine panripta sapisanan, bab mau kadadeyan ing sawijining upacara ulang taun, salah sijine adicara nganggo potong roti utawa kuwih taar kang gedhe, makhlum ana ing daleme salah sijine pejabat, dadi ora nggumunake menawa sarwa mewah lan gedhen. Gandheng ana adicara mau, ana kang  bisik bisik alok : lo, kok kaya ana ing Eropa nganggo potong roti barang. Sajake bab mau kepireng dening kang kagungan kersa mula ing liya taun banjur dhawuh, potong roti kudu diganti sing njawani. Ora ana pikiran liyane kejaba ngganti roti mau kanthi tumpeng: tumpeng mau wujude gedhe banget. Maune ya meh ora dadi kersane, nanging bareng dicaosi priksa manawa tumpeng mau bakal dipajang pajang lan direngga-rengga edi, sarta ora bakal katon wadhahe kang awujud tampah, banjur manggut manggut : ya waton ora katon le ndesit. Mangkono bibit kawite, jalaran banjur padha ditiru, embuh apa tegese. Mblilu tau, pokoke wis diwe-ruhi dening pangarepe: waton tiru tiru.

Malah ana kang gawe tumpeng gedhene jan ora mekakat nganti sondhul ing langiting pyan. Kamangka kagawe pesagi lan sungsun secara undhak-undhakan, Wis ora ngrupakake tumpeng maneh,  embuh apa banjur jenenge, waton gawe “sensasi” lan njur padha “diwah” Apa segane ya banjur kadahar lumrah bae ora.  Kamangka manawa tumpeng kuwi bakda dipagas pucuke banjur pada diedum utawa dibagekake nganti rata marang kang padha  rawuh lan uga banjur padha dirahabi.

Sebab miturut pangerten kejawen, sing sapa nggawe tumpeng,  mangka ora bisa entek kabage marang kang padha rawuh, ateges nyisa, jarene uga ora katrima lan uga ora bakal kabul panuwune.

Emane saiki kiyi ana kang duwe penganggep, mangan sega tumpeng kuwi ateges asor drajate banjur ora ngajeni marang tumpeng kang sejatine mengku teges kang jero, luhur, lan adi, yakuwi minangka lambange kemakmuran, lha kok mung desepelekake lan ana kalamangsane mung kanggo dolanan.

Kamangka ing jaman saiki ana upacara-upacara nganggo potong tumpeng mau sajak tumpenge mung kanggo payo-payo bae ben ketoke melu nguri uri budaya lan tradhisi Jawa. Sawise pucuke tumpeng dipagas ora banjur dibage warata marang kang padha rawuh. Nanging tumpeng kuwi mau banjur digawa bali mlebu,  bali menyang dhapur lan ing kana mesthine ya banjur diedum apa mestine. Kanthi mangkono sing jeneng tumpeng mau banjur dadi muspra, mubadhir ora ana tanjane. Mung kanggo pamer bae, tembunge saiki mung kanggo “show” bae. Apa kang mangkono mau wis jeneng marem ?

Gawe tradhisi anyar ya kena, nanging ditegesi sing apik-apik lan murwa sokur bisa murakabi tumrap bebayan. Aja nganti mung golek alem lan ’wah”,  Kuwi tegese mbeborosi sing ora ana tanjane.  Eling, senajan saiki kena diarani kemakmuran wis warata, nanging mung kanggo sawetara golongan bae. Nyatane sing padha kekurangan isih akeh. (Isti N)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Ati kang atos gampang nemoni dalan buntu.

Klik

BANGUNAN MODEL DHUWIT

Dhuwit pancen mujudake alat tukar kang penting kanggo masyarakat dunia. Saking pentinge nganti-nganti dadi inspirasi pembangunan sawijining gedhung ing Kaunas, Lithuania. Desain bangunan tingkat iki katon nyolok kanthi desain dhuwit minangka wujud fasad njaba bangunan ksb. (d/ist)***

Pethilan

Banyu Tarum Barat saya reget

Kan wis wiwit ndhisik?!

Pulisi kangelan ngluru sing nindakake teror obong-obong montor ing Semarang

Mumpung Imlek, coba njaluk tulung ahli Feng Shui…

Ngawekani golput, kudu intens ngenalake surat suwara cacah lima

Sing akeh mengko dudu golput, na­nging golyeng, golongan puyeng