Ngungak Kiprahe Mangkunegara VI
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 125 kali

Kadipaten Mangkunegaran ngalami adil lan makmur sakwise panguwasa ditanganni dening KGPAA (Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya) Mangkunegara VI, awit manut sejarah lan sumber sing bisa dipercaya sing kaimpun dening PS saka sadhengah sumber nyebutke, sakwise  Mangkunegara V wafat, diganti KGPAA Mangkunegara VI iki putra saka Mang­ku­ne­gara V sing ibune asma RAy Dunuk. Mangkunegara VI lair kanthi asma RM Suyitno ing tanggal 13 Maret 1857. Pas RM Suyitno disengkakke ngaluhur lan dijumenengke minangka Mangkungara VI, kondisi managemen keuangan kadipaten Mangkunegaran lagi ambleg, kaya dene kahanan ing wektu iki.

Amarga, para panguwasa akeh sa­lahe ing bab anggone nggulawenthag bisnis-e marang bangsa penjajah. Isih ditambah, gula sing wanci kuwi minangka salah sijine komoditi utama Mangkune­garan, regane ing pasaran ndonya tambah anjlog (utawa mudhun), saengga ndadeke pabrik gula akeh sing bangkrut. Mula saka kuwi minangka pangarsa,  sing bisa ma­ngerteni kahananne ekonomi ing kerajaan sing meh ambruk, enggal-enggal Mangku­negara VI banjur ngupaya kanthi adus kringet lan ngetok pikiran, paribasan sirah dinggo sikil, kosok baline sikil dienggo sirah.

Nadyan direwangi mangkono, nanging asile cukup mitayani, awit ora wektu suwe wusananane bisa kasil nggawa owah-owahan sing menjila ing Kadipaten Mang­kunegaran. Mangkunegara VI kasil ngga­wa Mangkunegaran saka situasi meh bangkrut, merga kakehan utang marang Kerajaan Walanda, bisa pulih dadi ora duwe utang, malah surplus. Wiwit  tanggal 1 Juni 1899 kabeh pabrik sing diduweni Mangkunegaran diurus lan ditangani langsung dening Mangkunegara VI. Ing bab iki Mangkunegara VI minangka pe­mimpin perusahaan, banjur misahake an­tarane mlebu metune dhuwit perusahaan karo kebutuhanan intern Pura Mangku­negaran.

Kajaba saka kuwi anggone ngolah eko­nomi lan dhuwit migunake prinsip- prinsip manajemen Jawa, yaiku aturan ing pangu­ripan, aturan ngupaya lan aturan nyambut gawe.

Mangkunegara VI anggone nyehatake panguripane ekonomi kraton trah dinasti Mangkunegaran, ora mung mikir dina iki wae, nanging uga mikirke dina menga­repe. Dadi lageyane pemimpin lan kawu­lane ora mubra-mubru anggone migunake dhuwit, sanadyan sarwa turah lan kecu­kupan apa wae sing dibutuhke, malah kepara turah-turah.

Saengga Mangkunegara VI tansah nduweni dana cadhangan (celengan), nge­­nani bab iki kabukten, nadyan pi­yambake wis mudhun saka tahta-ne, nanging kahanane Kadipaten Mangkune­garan isih nduweni tabugan akehe ora kurang saka 10 juta gulden. Ora tekan semono wae, Mangkunegara VI nalika isih nduweni panguwasa uga mbangun ke­kuatan Legiun Kadipaten Mangkunegaran kanthi dhana sing kacukupan, ndadeke kekuwatan korps bisa  pulih maneh. Mang­kunegara VI uga mbangun panggo­nan gladhen para seniman Kadipaten, malah  ing Kampung Nayu, uga mbangun pang­gonan gladhen kabudayan asal Kadipaten Mangkunegaran.

Saka kene katon, yen Mangkunegara VI nduweni pepinginan dene Kabudayan Kadipaten Mangkunegaran tetep bisa lestari, saengga perlu diuri-uri.

Dimangerteni, Mangkunegara VI uga ngowahi pentas wayang kulit, sing maune dilakoni sewengi natas diringkes dadi mung 4 -5 jam. Nadyan mengkono tetep tanpa uwal saka isine crita, mengkono uga wayang wong uga ora uwal saka kawi­gatene. Ya Mangkunegara VI iki sing sepi­sanan menehi palilah yen wayang wong, bisa digelar ing njaban benteng Kadipaten  Mangkunegaran, saengga bisa langsung dideleng lan dadi panglipure dening kawula. Ringkese crita, ing tanggal tanggal 11 Januari 1916 Mangkunegara VI mundur saka panguwasane, bebarengan keluwar­gane, kanggo cumondhok ing Kutha Surabaya, Jawa Timur.

Ing Kutha Pahlawan iku Mangkunegara VI aktif ing lakune pergerakan Budi Utomo. Nganti saksedane, ing tanggal 25 Juni 1928 lan disarekke ing Astana Utara, Kam­pung Nayu, Banjarsari, Solo. Minangka kang­go tuladha para pemimpin nagara, amrih rakyate bisa adil lan makmur. Mula sawenehe wong sing pengin ngudi ke­tentreman, karukunan banjur padha rem­bugan, ngudi cara kanggo nuladhani kiprahe Mangkunegara VI iku bisa su­mram­bah marang kaum mudha taruna.

Kanthi mengkono banjur warga kiwa tengene makam Astana Utara iku banjur nganake prosesi grebeg Astana Utara ing saben setaun sepisan. Dadi prosesi ritual Grebeg Astana Utara iku minangka acara budaya kanggo ngleluri kabudayan Jawa sing nduweni makna filosofi dhuwur, yaiku nuladhani kiprahe para leluhur anggone berjuang kanggo  bangsa lan negara iki. Ing acara kasebut ora liya kanggo nyonto labuh labete KGPAA Mangkunegara VI, mligine marang gumregahe panguripane kawula ing bab ekonomi sing maune reka­sa pulih dadi makmur.

Pancen ritual kabudayan Jawa Grebeg Astana Utara iki klebu anyar, awit lagi wiwit taun 2012 di gelar, nanging nyatane oleh panyengkuyung sing guyub lan rukun de­ning warga Kampung Nayu, Kecamatan Banjarsari, Solo. Buktine, ing acara prosesi ritual sing kaping 7 ing taun 2018 iki isih bisa lumaku lan tambah rame katimbang taun-taun sadurunge. Prosesi ritual Grebeg Astana Utara taun iki dikepyake durung suwe ing wanci sore. Udakara jam 2 awan atusan wong wis padha nglumpuk tumpleg bleg ing lapangan Prawit.

Marga ya saka lapangan ini kirab Gre­beg Astana Utara bakal diwiwiti, banjur terus arak-arakan tumuju Astana Utara, pase ing makame Mangkunegara VI, sing adohe udakara 3 kilo meter. Kirab budaya kasebut dumadi saka maneka warna ke­lompok tetumpakan lan kelompok ke­senian lan budaya. Ing antarane kelompok tokoh wayang wong, punakawan, buta, badhut, bathik carnival, reog, lsp. “Grebeg iki kanggo pepeling marang masyarakat, anane pemimpin sing ber budi bawa leksana lan gelem tancut taliwanda, kanggo mbelani bangsa lan nagara,” ujare Eko Sriyanto, salah sijine wong sing ndu­weni gagasan nggelar budaya Grebeg Astana utara iki marang PS sing nemoni ing sela-selane acara iku.

Eko Galgendu, mangkono udang-undangane akrab iki nambahi, yen Mang­kunegara VI sing sumare ing Astana Utara, Kampung Nayu, Banjarsari iki perlu dadi patuladan sing becik, minangka pemimpin sing ora wigah-wigih anggone kiprah num­pes penjajah lan nggumregah­ake para kawula anggone nggayuh keadilan lan kemakmuran. Mula nalika panguwasa dikuwasani dening Mangkunegara VI, ing Kadipaten Mangkunegaran lan masyarakat Solo lan kiwa tengene dadi tata titi tentrem, kerta raharja, gemah ripah loh jinawi.

Gegandhengan karo bab mau, Eko pengin nuladhani kiprahe Mangkunegara kasebut, awit kahanan saiki sing tansaya akeh masyarakat cilik sing tambah rekasa, tambahe kemlaratan, pengangguran lan kejahatan sing disebabke akeh-akehe bab marga paribasan rayahan tegal sawah, mbujung cukup kanggo kabutuhan ing saben ndinane. Mula sakwise Eko lan rombongane rampung kirab, banjur nganakke umbul donga ing sangarepe makame Mangkunegara VI lan garwane. Ing kono Eko dhewe sing mimpin umbul donga, sing ora liya ndongakake arwahe KGPAA Mangkunegara VI lan nyenyuwun berkahe wong agung (leluhur), amrih bangsa lan nagara iki tansah pinayungan ing Gusti Kang Maha Wikan bisa pulih kaya wingi uni, ora mung udreg mbujung dadi panguwasa lan njajah bangsane dhewe. “Ing wektu keri-keri bangsa kaya di kothak-kothak, saengga akeh sing padha crah, mula saka kuwi ing kalodhangan iki, ayo padha guyup rukun amrih kokoh lan santosa nagara iki,” pangajake.

(Kang Hong)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Apa gunane kasuksesan yen bab kuwi ora mupangati tumrap kita, keluarga lan wong liya.

Klik

Omah Teko

Kaya apa omah impenmu? Apa sing gaya Eropa kanthi maneka saka ing njerone? Utawa pengin sing gaya minimalis nanging tetep nyaman? Kanthi ndeleng maneka inspirasi ing majalah utawa internet, para maos bisa nggathukake maneka desain saengga muncul gaya omah kang unik lan beda saka sing liyane. Salah sijine yakuwi kaya omah kang modhel teko iki? Mbokmenawa kanthi model teko iki para maos bisa nemokake ‘kehangatan’ ing njerone. (d/ist)***

Pethilan

Korupsi proyek mesjid, bupati Solok Kidul resmi ‘tersangka’

Koruptor Indonesia pancen kendel mesisan keblinger!

Prioritas masyarakat jroning blanja ritel nggeser

Dhuwite dicelengi nggo mudhik

Wong cacah 5 kang dinuga teroris dirangket ing Bekasi

Aja lena…