Ngguyang Jaran Kepang ing Bendung Kayangan
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 39 kali

Ing tlatah Jawa nguri-uri lan meme­tri tradhisi Saparan wis lumrah lan ja­mak. Klebu ing wewengkon Kulon Progo, Daerah Istimewa Yogyakarta. Kaya ta, Saparan Rebo Pungkasan, Kembul Sewu Dulur, dikepyakake ing Bendung Kaya­ngan, Pendoworejo, Girimulyo.

Saparan taun iki, ngepasi karo surya kaping 7 Nopember 2018, dina Rebo Legi. Sing nengsemake ing kalodangan iki uga dirawuhi para pangembating praja tataran propinsi lan kabupaten. Klebu dirawuhi Drs Sutejo Wakil Bupati Kulon Progo kang makili bupati. Sarta bocah-bocah SD anggota pramuka.

Adicara mlaku kanthi regeng. Bupati Kulon Progo dr Hasto Wardoyo, nalika pa­ring sesorah sing diwaos dening wakile, ngandharake, panjenengane tansah mongkog lan remen. “Wonten ing wekdal ingkang mirunggan punika kula awit naminipun Pemerintah Daerah Ka­bu­paten Kulon Progo ngaturaken nderek bingah awit kaleksananipun adicara punika. Awit kanthi nindakaken adicara Saparan punika nedahaken bilih warga ing Desa Pendoworejo punika pinter anggenipun ngaturaken raos syukur wonten Ngarsanipun Allah SWT,” ngen­dikane, karo kagungan keyakinan, yen mengkone desa kene bisa dadi desa kang subur, makmur,  gemah ripah loh jinawi. Sa­engga mahanani tumraping uripe pa­ra warga masyarakat.

Ing kalodangan iki, panjenengane uga kagungan panyuwunan, supaya tra­dhisi sing saben taun dikepyakake, terus dimemetri, dilestarekake. Amarga, wu­jud adicara sing wis nyawiji karo adat istiadat desa Pendoworejo.

“Wonten wekdal ingkang sae menika kula ugi gadhah pangajap, sumangga kula lan panjenengan sami nindakaken malih krida pembangunan, saha ngles­tantunaken malih krida gotong-royong supados tansah lumampah kanthi sae ing pagesangan warga masyarakat Kulon Progo, ingkang sak estu saged paring pangaribawa saha paring panjurung dumateng lampahing krida pembangu­nan ingkang dipun adani dening pama­rintah punapa dene warga masyarakat,” pratelane.

 

Mula Bukane

Anane tradhisi iki, mula bukane mung prasaja wae. Dikepyakake mung neng pe­dhusunan. Sabanjure, ing tahun 1990-an dikemonah kanthi kreatif. Kayata disengkuyung para seniman, mligine Godod Sutejo (65). Kembul Sewu Dulur dadi katon meriah, Saparan Rebo Pungkasan tetep lestari tekan titi wanci iki. Diregengake maneka werna seni lan budaya, dadi tontonan kang narik ka­wigaten warga masyarakat. Uga sarana kanggo narik wigati para wisatawan, luwih-luwih seka negara manca.

Wiwit tanggal 6 – 7 No­pember diadani festival budaya. Kayata ditampilke seni jathilan, pagelaran wa­yang kulit, karnaval budaya, pentas tari, angguk. Sarta diregengake para sepuh, padha melu senam ing we­wengkon Bendung Kaya­ngan, taichi on the river side lan tontonan liyane.

Kembul Sewu Dulur nge­mu surasa, para warga Desa Pendoworejo padha ngumpul. Wujud guyub-rukun, warga dhusun: Ngran­cah, Gunturan, Njetis, Turusan, Kepek, Banaran, Tileng, Kalingiwo lan Gunturan.

Puncak adi­cara Sa­paran Rebo Pungkasan neng Ben­dung Kaya­ngan. Diwi­witi kanthi arak-arakan seka lapa­ngan Desa Pendoworejo. Kirab kelom­pok kesenian, para warga sing nggawa tenongan, warga ma­sya­rakat lan tamu undangan.

Ing adicara puncak acara, uga diwacakake “Mantram Pamerti Adat Kembul Se­wu Dulur”, diwaca dening brayat ageng LKJ Sekar Pangawikan Yog­yak­arta kang di­pandegani dening R Bambang Nur­singgih. Maca kidung dhan­dhanggula, asma­radana, gurit, sinom. Kaya ta maca:

“Gara-gara, apa ta tandhane gara-gara kang tumanduk ing desa Pendha­wa­reja. Kawula geger gombel nyamek­takake ubarampe pametri Adat Kembul Sewu Dulur, memule Mba bei Kayangan, Kyai Dira lan Kyai Somaita ing Bendungan Tempuran Kayangan Kali Ngiwa lan Kali Nggunturan Pendhawareja, Girimulya, Kulon Praga ngiras pantes ngguyang jaran klangenane Bei Kayangan, gawe regenge swasana. Krana legawa, trampil, trengginase tetunggul, warga, seniman, agawe ayom, ayem, tentreme gotrah Pendhawareja, Girimulya, Kulon Praga nir ing sambekala.

Warga Pendhawareja, Girimulya, Kulon Praga, sumaraha, aneng ngarsane Pangeran, Lumantar Kidung PAmerti Adat Kembul Sewu Dulur, memule Mbah Bei Kayangan, Kyai Dira lan Kyai Somaita, minangka srana ambuka wiwara kaptine nararya, satemah Cipta, Karsa lan Rasane, kasdu ngupya Bendungan Tempuran Kayangan ing kali Ngiwa lan Nggunturan Pendhawareja, Girimulya, Kulon Praga dadi papan panaliten lan papan wisata kondhang, kang murakabi myang panggesangane warga desa Pendhawareja, Girimulya, Kulon Praga.

Gusti ingkang Maha Rahim, patik nyuwun pangaksami, dhumateng Ndika Ingkang Maha Asih Sir rullah, Dat tullah, Sipat tullah, patik minangka duta tata tentreming bumi, nyuwun wicaksana, nyuwun panguwaos amrih kuwaos, anyirnakaken tumindak ingkang sisip.”

Sawise tekan bendungan, padha lingguh neng klasa sing digelar ing sa­pinggire kali. Ubarampe neng njero teno­ngan, ana sega, ingkung, tempe bacem, peyek, gudhangan lan sapanunggalane, ditata kanggo kembul bujana bebarengan.  Nanging, kang wigati yaiku bothok lele lan panggang mas utawa endhog ceplok ora nganggo uyah. Bothok lele lan panggang mas, ora saben dina ana. Klebu panganan kang langka.

Sadurunge kembul bujana, dipimpin dening kaum utawa rois, paring jurung pandonga kanggo keslametan para warga Pendoworejo. Sarta uripe bisa guyub-rukun lan luwih apik seka tahun-tahun kepungkur. Saliyane kuwi, uga wujud syukur marang Gusti Allah sing Maha Welas lan Asih.

Kejaba kuwi, ing Bendung Kayangan uga diayahi ngguyang jaran kepang. Ngguyang jaran iki uga ngleluri adat sing wis diayahi para leluhur. Yaiku minangka perlambang, Mbah Bei Kayangan sing dadi pawang jaran nggone Raja Maja­pahit, Prabu Brawijaya. Ngguyang jaran kepang dipimpin dening sesepuh desa Pendoworejo, R. Praja Mulyono sing uga kagungan Sanggar Bodronoyo.

Pancen, ngguyang jaran kepang ora bisa dipisahke karo crita Mbah Bei Kaya­ngan. Diayahi neng Bendung Kayangan, tempuran kali cacahe loro. Yaiku seka Kali Ngiwa (tuke neng Kiskendo) lan Kali Gunturan (tuke neng Purworejo). Dije­nengi Kayangan, amarga ana perengan sing tegak lurus neng Gunung Kayangan.

Dene Mbah Bei Kayangan, miturut cerita, dadi pendhereke Prabu Brawijaya sing mlayu bareng karo Kyai Somaitra lan Kyai Diro. Mlayu seka wewengkon Majapahit tekan desa sing saiki diarani Pendoworejo. Takan kene, banjur tapa, gentur raga neng tempuran Kali Ngiwa lan Gunturan. Nalika tapa entuk wangsit supaya babat alas, gawe sawah lan manggon neng wewengkon kene, gawe bale wisma.

Mbah Bei Kayangan minangka pepun­dhen, cikal bakal desa kene. Kanggo paring pakormatan saben dina Rebo sing pungkasan ing sasi Sapar, dening para warga dikepyakake Saparan Rebo Pungkasan. Tekan titi wanci iki terus dimemetri lan tetep lestari.

Kanthi isih lestarine tradhisi iki lan  kawateke Kidung Pamerti Adat Kembul Sewu Dulur, kalis king godha rencana. Ndayani makmur suwure Kabupaten Kulon Progo. Matek kidung wis purna. Mamrih adate lestari. Minangka kidung panutup. Ingkang samya angestreni. Pametri antuka mulya. Kupyane pra warga nenggih. Tempuran minangka papan. Pangupajiwane wargi. Rahayu, rahayu, rahayu. Nuwun. (Sedjatiawan/PS)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe weruh semut kepleset lan ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke...  Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan tumrapmu ing akherat mengko.

Klik

FESTIVAL CAGANARES

Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***

Pethilan

LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur

Sapa sing betah nang pakunjaran?

Cawe-cawene guru ora bisa digenteni

Apamaneh sing jenenge Pak Google

600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak

Aparat lagi asyik ngetung dina mbok­menawa