Pasareyan Sunan Gunung Jati
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 150 kali

Rinengga Keramik Tandha Tresna Puteri Ong Tien

 

Menawa kita plesir utawa ziarah ing pasareyan Wali Sanga, kita bakal nemoni bab-bab kang sakral lan istimewa. Embuh kuwi babagan sejarahe, karomahe, utawa barang-barang kang rinengga ing pasareyan kasebut.

Contone yaiku ing pasareyan Sunan Gunungjati, Cirebon, Jawa Barat. Kita wis padha pirsa, kutha Cirebon klebu salah sijining kutha pesisir lor sing  potensi pariwisatane pepak banget. Cirebon uga nggembol sejarah sing dawa, yaiku mligine babagan syiare Islam ing wewengkon Jawa sisih kulon.

Lha, nalika diurut  sejarahe, syiar Islam ing Cirebon lan sakiwa tengene, ora bisa uwal marang jasa lan andhile Sunan Gunung Jati, yaiku siji-sijine Wali Sanga sing mapan ing Jawa sisih kulon.  Mula, yen sasuwene iki, akeh masyarakat sing ziarah ing pasareyan Sunan Gunungjati, kabeh mau wis sak mesthine. Senajan pasareyan kasebut adoh saka punjere kutha Cirebon, ananging pasareyan kasebut tetep ditekani ewon peziarah.

Umume, sing ziarah ing pasareyan Sunan Gunung Jati mbok menawa mung ziarah wae. Dadi, ora pati nggatekake kanthi permana maneka kaendahan keramik lan guci ing pasareyan kasebut. Akehe keramik ing pasareyan mau mbok menawa mung digatekake satleraman. Ora akeh sing mangerteni, keramik-keramik sing akeh kuwi, pranyata ngandhut crita asmara sing merak ati.

 

Putri Ong Tien

Dicritakake, ing taun 1479 M, Syarif Hidayatullah alias Sunan Gunung Jati anggone nyebarake agama Islam tekan ing negeri Cina utawa Tiongkok. Laladan sing ditekani Sunan Gunung Jati kasebut jenenge yaiku Nan King. Ing kana, dheweke ajejuluk Maulana Isnanul Kamil.

Syiare agama Islam ing Tiongkok iki pranyata akeh godha lan alangane. Kanthi kawicaksanan sing diduweni Sunan Gunung Jati, maneka rubeda mau ora ndadekake Sunan Gunung Jati surut anggone nyebarake agama Islam. Wusanane, Sunan Gunung Jati ketemu klawan puteri Cina kang asmane Ong Tien.

Akehe warga Cina sing padha ngrasuk agama Islam, anjalari Kaisar Hong Gie saka Dinasti Ming, ora sarju. Mula, Kaisar Hong Gie banjur ndhawuhi Maulana Isnanul Kamil alias Sunan Gunung Jati, supaya teka ing keraton, ngadhep marang dheweke.

Nalika Sunan Gunung Jati wis teka, Kaisar Hong Gie ngundang Ong Tien, anake wedok sing wektu kuwi isih ngancik remaja. Kaisar takon marang Sunan Gunung Jati ngenani kahanan wetenge Ong Tien sing sansaya gedhe, apa penyakite lan kepiye carane anggone nambani.

Sunan Gunung Jati nyauri, putri Ong Tien ora gerah. Dheweke satemene lagi ngandhut. Krungu apa sing dikandhakake Sunan Gunung Jati, Kaisar Hong Gie ora percaya lan duka. Miturut kaisar, weteng gedhe ing putrine kuwi amarga bokor kuning. Kaisar ndakwa Sunan Gunung Jati wis ngapusi, mula kudu lunga saka Tiongkok.

Ditundhung lunga saka Tiongkok, Sunan Gunung Jati mung bisa pasrah. Nyatane, wusanane kabukten yen putri Ong Tien pancen ngandhut temenan. Putri Ong Tien sing wiwit kepranan atine marang kawicaksanan Sunan Gunung Jati, ora kuwagang ngampet kangen. Lumakuning wektu, sansaya suwe wetenge sang putri sansaya gedhe, ndadekake Kaisar Hong Gie sungkawa banget. Malah, Putri Ong Tien uga katon ora sumringah uripe.

Putri Ong Tien njaluk idin marang ramane, saperlu nusul Sunan Gunung Jati sing wis bali ing Jawa. Kaisar Hong Gie  menehi idin. Kanggo nebus rasa salahe marang Sang Sunan, para pelaut saka Tiongkok didhawuhi ndherekake Putri Ong Tien, kanthi dikawal kapal pitu sing isine atusan keramik kang endah-endah. Kabeh mau minangka hadiah kanggo Sang Sunan. Putri Ong Tien uga nggawa layang saka ramane, kang isine supaya Sang Sunan saguh nampa putrine minangka garwane.

Kanthi ati kang ikhlas, Sunan Gunung Jati wusanane dhaup klawan Putri Ong Tien. Emane, umur bebrayan antarane Sang Sunan klawan Putri Ong Tien ora suwe. Putri Ong Tien seda nalika umure isih mudha, yaiku 23 taun. Dene umure Sang Sunan, nganti 100 taun luwih.

Keramik tandha tresna Putri Ong Tien marang Sunan Gunung jati iku, tekan saiki isih bisa kita pirsani ing kompleks Pasareyan Sunan Gunung Jati. Ana sing dipasang ing tembok pasareyan, ana uga sing dideleh ing sakiwa tengen pasareyan, ing antarane awujud guci, piring lan maneka warna keramik. Pasareyan putri Ong Tien dhewe, dumunung ora adoh saka pasareyan Sunan Gunung Jati. Ing cedhak pasareyan putri Ong Tien iki, guci keramik ukuran gedhe dipasangi.

Lha, kanthi mangerteni crita lan tapak sejarahe keramik-keramik tandha tresna ing Pasareyan Sunan Gunung Jati iki, ziarah utawa plesiran ing pasareyan Sunan Gunung Jati dadi luwih ana maknane.

 

Akeh Wong Ngemis

Mung emane, menawa kita ziarah utawa plesir ing Pasareyan Sunan Gunung Jati iki, kita asring  keganggu anane warga sing njaluk sumbangan utawa ngemis kanthi rada meksa. Ana warga sing ngalang-alangi nganggo tangan, lan ora ngidinake peziarah mlebu sadurunge peziarah menehi sumbangan. Malah, ana bocah-bocah cilik sing anggone njaluk nganti nggeret klambine sing pada ziarah barang. Kahanan iki temtu nggriseni lan anjalari peziarah utawa masyarakat sing plesir dadi keganggu.

Senajan kita wis ngleboni dhuwit ing pirang-pirang kothak sumbangan, kita tetep mung bisa mlebu paling adoh ing ngarep lawang tumuju pasareyan inti Sunan Gunung Jati. Tur maneh, ing sakiwa tengen kompleks pasareyan, akeh wong padha ngemis.

“Satemene wis bola-bali ditertibake dening petugas. Wis tau, sing padha ngemis mau dicekel pulisi saperlu didhidhik. Ananging seminggu sabanjure, wong-wong mau bali maneh, ngemis ing njaban kompleks pasareyan iki," ujare salah sijining petugas keamanan.

            Sing penting, imbuhe, menawa ziarah utawa teka ing pasareyan Sunan Gunung Jati iki, yen ora arep menehi sumbangan marang sing ngemis, dienengake  wae wong-wong kuwi lan langsung mlebu kompleks pasareyan. *** (Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Yen kowe mapan ing wayah sore, aja ngenteni wektu esuk lan yen kowe ana ing wayah esuk, aja ngenteni wektu sore.

Klik

KAMPUNG INDIA

Kampung Madras mujudake sawijining kampung ing kutha Medan kanthi surasa India kang kenthel banget. Mayoritas pendhudhuk ing kene pancen keturunan wong India Tamil kang agamane Hindu. Ing kampung iki, kita bakal ngawruhi sakehing wong praen India, pakaian khas India, panganan India, perayaan agama Hindu, nganti jeneng dalan kang sarwa India kayadene Jl. Mahayana, Jl. Kalingga lsp. Saengga kaya-kaya kita lagi ora ing Indonesia. Mula ora nggumunake yen kampung iki banjur dijuluki Little India. (d/ist)

Pethilan

Parpol-parpol rebutan mlebu kabinet Jokowi

Lomba nodhong jabatan diwiwiti….

Pascapilpres, koalisi oposisi isih durung jelas

Sing jelas isih padha ‘galau’

Joko Widodo-Ma’ruf Amin disengkakake minangka Presiden-Wapres RI 2019-2024

Sugeng makarya…