Omah joglo gedhe platarane amba,
gawangane jero, kinupeng tegalan amba ing kiwa tengen lan mburi, katon ngengkreng
kanthi pondhasi dhuwur. Lawange telu kaya lumrahe omah joglo. Ukurane kusen
lawang amba, luwih-luwih lawang tengah sing godhongane lawang ana papat. Yen
dibukak ngeblak krasa amba oblah-oblah. Disawang saka dalan omah iku katon
wingit, apa meneh ana wit ringin ketel ngrembuyung ing ngiringan omah.
“Mbah Karjan ki ngingu jim. Aja mlebu omah iku,
mundhak dadi tumbal,” ngono ujare Mariyati sing omahe pernah kulone Mbah
Karjan, nalika aku sinau klompok jaman SD biyen.
“Kowe ngerti saka ngendi?” pitakonku.
“Saben malem Jemuah Legi Mbah Karjan ngobong menyan,
ambune nganti tekan omahku kene,” jlentrehe Mariyati.
Critane Mariyati narik kawigatenku, nganti aku wedi
karo omah iku. Na-nging tekane jodho pancen ora bisa ditulak. Klebu jodhoku
karo Karsidi pu-tra ragile Mbah Karjan, iya kang njalari aku manggon ing omah
sing takwedeni kuwi. Janjane ing sisih tengen omah joglo diyasakake bangunan
anyar. Nanging mung cukup kanggo ruwang tamu, kamar siji lan pawon. Mula aku
lan bojoku kepeksa turu ing salah sijine kamar njero omah joglo.
Disawang saka bale ana kamar telu jejer. Saben kamar
mung ditutup slambu, ora ana godhongan lawange. Bareng mlebu kamar sisih wetan,
ya kamar sing arep tak panggoni, lagi cetha satemene kamar telu iku ora ana
singgetane. Ngeblak. Kanggo wates antarane kamarku lan kamar tengah, dening Mas
Sidi dialing-alingi kain sing ditaleni rafia.
“Dhik, aja menyang senthong te-ngah iku ya!” welinge
sisihanku nalika aku lan dheweke iwut nata kamar sawise dina iku dinyatakake
sah bebojowan.
“Lha nyapa ta, Mas?”
“Senthong iku kanggo nyimpen barange bapak.”
“O ngono,” tanggapanku nadyan ing bathuk iki kalimput
pitakonan karo apa sing dikarepake ‘barange bapak’.
Wengi iku nepaki malem Jemuwah. Hawane panas ungkeb.
Sisihanku wis ngorok. Watara jam rolas aku krungu suwara glodhagan ing senthong
tengah. Eling pesene sisihanku, takwu-rungake anggonku arep nyatakake sing
glodhagan iku swara apa? Anehe sisihanku kok kaya ora krungu. Kamangka swarane
banter banget. Kadhang glodhagan, kala-kala bag bug kaya natapi tembok. Nganti
adzan subuh suwara iku lagi mandheg.
“Mas, sampeyan mau bengi apa ora krungu swara glodhagan
ing senthong tengah?” pitakonku esuke nalika sarapan bareng.
“Palinga suwara tikus, Dhik,” ngono wangsulane
sisihanku ora maremake atiku.
Nalika
sisihanku karo wong tuwane budhal menyang……….
Yen kowe weruh semut kepleset lan
ceblok ing banyu, mula angkaten lan tulungana dheweke... Sapa ngerti kuwi dadi sebab anane ampunan
tumrapmu ing akherat mengko.
FESTIVAL CAGANARES
Caganers yakuwi sawijining festival kang dianakake saben wulan Desember ing daerah Catalunya utawa Barcelona, Spanyol. Festival iki bakal ndadekake sapa wae gedheg-gedheg. Kepriye ora, merga masyarakat ing kono ngumpulake maneka figur tokoh dunia kang lagi mbukak kathoke lan (ngapunten) bebuwang. Tokoh duniane macem-macem, kaya Ronaldinho, Albert Einstein, Michael Jackson, Donald Trump, Barrack Obama, lsp. Festival iki ngemu teges yen sapa wae satemene padha tanpa ndeleng trah utawa jabatane nalika bebuwang. (d/ist)***
LP Banda Aceh ribut, 113 napi kabur
Sapa
sing betah nang pakunjaran?
Cawe-cawene guru ora bisa digenteni
Apamaneh
sing jenenge Pak Google
600 dina kasus penyerangan Novel durung kawiyak
Aparat
lagi asyik ngetung dina mbokmenawa