Bebering Makna Crita Wayang Nggambarake Laku Jantraning Manungsa
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Watak Lan Wayang - Dibaca: 73 kali

Wayang minangka perangan saka kabudayan bangsa Indonesia akeh ngandhut makna-makna simbolis lan filosofis. Wayang wis ngliwati sejarah lan pangrembaka kang dawa. Sejarah pangrembakane wayang iku wis akeh kaserat dening para sarjana kayata Dr. JJ. Ras, Dr. GAJ. Hazeau, utawa KGPA Kusumodilogo kang ngandharake kanthi rinci mungguh kapan wayang iku lair, kepiye wujude, engga fungsi pagelaran wayang kang awale minangka keleng­kapan upacara tradhisional:

Mungguh pagelaran wayang iku awale minangka dadi ganepe upacara tradhisional, budayawan Ir. H. Yuwono Sri Suwito (mantan Ketua Dewan Ke­budayaan D.I. Yogyakarta) mratelakake, ing jaman Mataram Hindhu-Budha udakara ing abad 9 tekan 10 Masehi, rikala ana upacara panetepan sima (tanah perdhikan) kadang kala dikan­theni pahargyan pagelaran wayang. Sawatara prasasti nyebutake, mungguh wayang kang ginelar iku mbabar lakon “Ramayana” lan “Bhimakumara”. Dene ing jaman saiki pagelaran wayang kang ana sambung-rapete karo upacara ritual, uga isih bisa dipethuki. Kayata ing Upacara Ruwat Bocah Sukerta kang njupuk lakon “Murwakala” lan ing Upacara Nyuwun Jawah kanthi lakon “Udan Agung Udan Mintaya”.

 

Seni Widya Ing Pagelaran Wayang Purwa.

Ing pagelaran wayang bisa kasumurupan wujude maneka warna kagunan wayang kulit purwa kang umume digolongake dadi seni widya (filsafat lan pendhidhikan), seni drama (pentas lan karawitan), seni gatra (tatah lan sungging), seni ripta (sanggit lan susastra), lan seni cipta (konsepsi lan garapan gagrag anyar).

Mungguh ing babagan seni widya (filsafat lan pendhidhikan), pagelaran wayang kulit

iku bisa kabage dadi telung perkara sing disebut “3 W” (yaiku: Wulangan, Wejangan, lan Wedharan). Dene kang dimaksudake mangkene:

1. Wulangan, ing pagelaran wayang purwa mujudake ajaran kang sumbere kajupuk saka lingkungan ngelmu kebatinan. Wulangan bisa ditrepake ing wirama gamelan “Pathet Nem”. Jlen­trehe:

a.   Mungguh gegambaran kang gumelar ing alam padhang (alam bendha) lan alam biologis ing pagelaran wayang iku tinemu nalika janturan (ing adegan jejer). Sabanjure lakune wadya­bala kang diterusake ing wirama “Pathet Sanga” kang isine nggambarake kahanan ing pratapan sarta lakune sang sinatriya (bambangan) ing satengahe wana utawa ing karang padesan. Ge­gambaran bab kahanan alam iku nge­lingake marang manunggaling pa­nguripan kang dumadi saka manungsa, alam ing sakitere lan panguwasane Gusti Kang Maha Agung.

b. Mungguh tata-laku sasamaning manungsa (masyarakat) iku kudu laras karo tata susila kang lumaku ing alam kabudayan.

c. Mungguh saka lingkungan ing alam batine manungsa iku bisa dipethik: ing sakehing piwulang, kang wose ngundhakake drajating manungsa ing bab rasa kasusilan lan pengalamane manungsa sajroning masyarakat.

2. Wejangan. Wejangan kang tumanduk ing pagelaran wayang iku ditrepake ing wirama “Pathet Sanga”. Wejangan kababar dening pandhita ing pratapan (utawa dewa) marang satriya. Isine wujud pemut marang manungsa (generasi mudha) supaya padha ngudi kasampurnaning urip, kayata:

a. Wejangan kang bisa nikelake kabisan ing babagan rasa kasusilan engga rasa sejati.

b. Wejangan bab laku nggayuh kasampurnan kanthi nindakake darma (kuwajiban) sarta

kanggo nemokake kasekten lan aji jaya kawijayan.

c. Wejangan bab kasampurnaning urip.

3. Wedharan. Wedharan kang tu­manduk ing pagelaran wayang iku di­trepake ing “Pathet Manyura”. Wedharan uga awujud pitutur-pitutur, iya pratelan ing jejeran natkala ndhungkap dumadine Perang Brubuh. Sawise tampa kawruh kang awujud wejangan-wejangan kaya kang ana ing “Pathet Sanga”, sawijining satriya sabanjure ngatonake kabisane mbrantas dur angkara murka. Tumindak kasebut dilakoni kanthi tanpa rasa kanepson lan tanpa pamrih.

 

Nggambarake laku jantraning manungsa

Pagelaran wayang kulit purwa sa­wengi natas iku sacara filosofis nggam­barake marang laku jantraning ma­nungsa. Pagelaran wayang wiwit jam 9 wengi tekan jam 6 esuk iku diperang dadi patang periodhe, yaiku (1) Pathet Nem, (2) Pathet Sanga (3) Pathet Ma­nyura, lan (4) Joged Golek. Mungguh jlentrehe mangkene:

a. Pathet Nem. Periodhe iki dumadi saka jam 21.00 (9 bengi) tekan jam 00.00. (tengah wengi). Periodhe Pathet Nem iku nglambangake marang perio­dhe bocah, ditengeri kanthi wujude wa­yang gunungan kang tumancep ing ge­debog pisang kanthi condhong mane­ngen. Periodhe iki diperang dadi 6 adegan, yaiku:

a. Adegan Jejer diterusake adegan Kedhaton. Adegan iki nglam­bangake bayi kang wis dimong  dening ibune.

b. Adegan Paseban Jawi. Adegan iki nglambangake bocah kang wis mangerti lan tetepungan karo lingkungan alam ing sakiwa-tengene.

c. Adegan Jaranan. Adegan iki nglambangake watake bocah kang durung dhiwasa. Lumrahe duweni watak kaya dene sato kewan, ora migatekake tatanan kang ana kajaba mung mikirake awake dhewe.

d. Adegan Perang Ampyak. Adegan iki nglambangake lakune bocah kang wis ngancik dhiwasa lan wiwit nga­dhepi sawernaning pepalang. Nanging sakabehing pepalang mau bisa diliwati kanthi aman.

e. Adegan Jejer Sabrangan. Adegan iki nglambangake bocah kang wis dhiwasa, nanging watake isih diku­wasani emosi lan kanepson.

f. Adegan Perang Gagal. Adegan iki nglambangake tataran uriping manungsa kang isih kang kahanan mangu-mangu, durung mantep lan durung manetep, jalaran durung duweni ancas lan tujuwan kang cetha.

2. Pathet Sanga. Periodhe iki du­madi saka jam 00.00 (12 bengi) tekan jam 03.00 wengi/esuk. Periodhe iki diawali kanthi muncule wayang gunu­ngan kang katanceb ngadeg jejeg ing tengah kelir. Periodhe Pathet Sanga iki diperang dadi telung adegan, yaiku:

a. Adegan Gara-gara diterusake adegan Bambangan. Yaiku sawijining satriya kang lumaku ing tengah alas didherekake wulu-cumbu, utawa lagi ngadhep saweneh­ing pandhita. Adegan iki nglambangake kahanane manungsa kang wiwit ngudi lan nyinau sakehing kawruh lan ngelmu ka­pinteran.

b. Adegan Perang Kembang. Adegan iki nglam­bangake tataraning manung­sa kang wis wani lan kuwawa ngalahake nafsu angkara murka.

c. Adegan Sintren. Adegan iki nglambangake sawenehing satriya kang wis netepake pilihane kanggo nempuh lakuning panguripan.

3. Pathet Manyura. Periodhe iki dumadi saka jam 03.00 bengi/esuk tekan jam 06.00 esuk. Periodhe iki ditengeri kanthi adeging wayang gunungan kang tumancep miring mangiwa. Periodhe Pathet Manyura diperang dadi telung adegan, yaiku:

a. Adegan Jejer Manyura. ing adegan iki paraga utama ing lakon wayang kasebut wis kasil mangerteni kanthi trawaca marang apa kang dadi ancas lan tujuwane urip, sarta wis ce­dhak marang gegayuhan kang digadhang-gadhang.

b. Perang Brubuh. Adegan Perang Brubuh dipungkasi kanthi sawijining kemenangan lan akeh kang dadi kurban. Adegan iki nglambangake tataraning manungsa kang wis kasil mberat lan numpes sakabehing pepalang, satemah wis kasil apa kang dadi ancas lan tujuwane.

c. Tancep Kayon. Wayang gunu­ngan ditancebake ing tengah-tengah kelir. Adegan iki nglambangake prosese mati. Jiwa ninggalake alam donya lan tumuju ing alam langgeng.

4. Tari Golek. Adegan iki mujudake adegan kang pungkasan saka pagelaran wayang purwa. ing adegan iki dhalang njogedake wayang golek. Makna pan­jogede wayang golek iki ngajab para pamirsa supaya karsa nggoleki makna lan intisari lakon ing pagelaran wayang sawengi natas kasebut, cocog karo pe­ngalaman pribadine.

(Ana Candhake)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih