Luweng Gunung Kidul Nggembol Crita Nggegirisi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 82 kali

Para sutresna PS tamtu wis padha pirsa, ing Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, akeh tinemu guwa utawa luweng sing kaendahane merak ati. Akeh sing ngarani, kaendahane pindha ‘swarga’. Luweng-luweng kasebut cacahe ana atusan iji. Akeh sing dadi papan plesiran kanggo seneng-seneng. Ananging ora sethithik uga sing karana angker, banjur dadi papan tirakat kanggo golek kamulyaning urip.

 Sok ngonoa, ing walike kaendahane luweng kasebut, ora akeh sing ngerti, sebageyan luweng-luweng ing Gunung Kidul mau pranyata ngandhut sejarah sing peteng lelimengan. Saka atusan luweng kuwi, ana sing tapak sejarahe marai githok mengkirik, ngiris ati. Malah, saka jero luweng-luweng kasebut, asring keprungu swara-swara gaib sing ora tinemu nalar.

 

Luweng Jurang Omah

Salah sijining luweng sing nyalawadi kasebut ing antarane yaiku sing sinebut Luweng Jurang Omah. Luweng iki mapan ing laladan Semanu, Gunung Kidul. Ing luweng iki, menawa dionceki memburi, pranyata wis tau kanggo papan ngguwang jisim utawa mayit para penjahat lan preman. Para penjahat lan preman mau dibrasta dening negara kanthi cara ditembak, wektu kuwi kondhang kanthi sebutan Penembak Misterius utawa Petrus. Prastawa kasebut dumadi ing taun 1983.

Miturut pratelane warga ing sakiwa tengen luweng, ing taun 1983 kasebut, ing wayah wengi, kadhangkala ana kendharaan sing ngliwati dalan-dalan desa tumuju Luweng Jurang Omah. Swara mesin kendharaan mandheg ing cedhak luweng. Sabanjure mung sepi nyenyet. Ora gantalan suwe, keprungu maneh swara kendharaan ninggalake luweng, ngliwati dalan-dalan desa, lan ilang ing petenging wengi.  Warga padha ora wani metu. Esuke, warga mung nemokake tapak-tapak rodha mobil utawa truk. 

Warga ing sakiwa tengen luweng njlentrehake, yen prastawa kasebut kedadean ing wayah udan, rasane kaya ora ana kedadean apa-apa ing Luweng Jurang Omah. Ananging, menawa keda­deane ing mangsa ketiga, ora let suwe banjur akeh manuk gagak sing nglinteri, mabur ing sakiwa tengen luweng.

Malah, nalika angin sumiyut banter, ambu bathang nggembuleng bakal dirasakake warga ing kiwa tengen luweng. Saka kene, bisa disimpulake, kendharaan sing ngliwati desa mau yaiku kanggo nggu­wang mayit para penjahat sing ditembak mati, lan diguwang ing jero luweng.

 

Luweng Grubug lan Luweng Jomblang

Kejaba Luweng Jurang Omah, luweng-luweng ing Gunung Kidul sing nggembol sejarah nggegirisi kaya ing dhuwur isih ana maneh. Sebut wae Luweng Grubug lan Luweng Jomblang. Luweng loro iki padha-padha dumunung ing Dusun Jetis Wetan, Desa Pacarejo, Semanu, Gu­nung Kidul.

Luweng Jomblang sing endah iki jerone kurang luwih 80 m, dene jembare cang­kem luweng udakara 50 meter. Menawa ing ndhuwur luweng kita mung bisa nemoni gunung karst lan alas jati sing meranggas, ananging ing jero luweng Jomblang iki, kita bakal nyawang ijone alas sing subur. Maneka lumut, paku-pakuan, nganti wit-witan gedhe sing tuwuh kanthi rapet.

Alas kanthi maneka wit-witan sing pepak banget, beda adoh klawan alas ing dhuwure sing merangas. Mula, dening para winasis alas ing jero luweng iki asring sinebut alas purba. Maneka vegetasi kasebut umure bisa nganti maewu-ewu taun, lan tekan saiki isih terus urip. Kabeh mau bisa kita temoni ing jero Luweng Jomblang.

Ing cedhak luweng Jomblang uga tinemu kaendahan sing kurang luwih padha, yaiku Luweng Grubung. Luweng Jomblang lan Luweng Grubug iki gathuk, disambung terowongan sing dawane kira-kira 300 mater. Luweng Jomblang lan Luweng Grubug sing endah kuwi, tekan saiki dadi papan ju­jugan para ‘petualang’sing kepi­ngin blusukan ing guwa, yaiku ang­gone mudhun kanthi nggunak­ake tali. Ing jero luweng, para ‘pe­tualang’ mau bisa meruhi ‘swarga’ sing kaendahane merak ati.

Ananging sapa ngira, ing walik sesawangan sing sarwa endah mau, pranyata ing Luweng Jom­blang lan Luweng Grubug iki nggem­bol sejarah sing nggegirisi. Wis dudu wadi maneh, ing Luweng Jomblang lan Luweng Grubug iki, jaman biyen tau dadi papan kanggo mbrastha utawa mateni marang wong-wong sing dinuga anggota PKI (Partai Komunis Indonesia). Atusan utawa nganti ewon anggota PKI, mati dicem­plungke ing luweng loro iki.

Miturut crita warga ing sakiwa tengen luweng, wong-wong sing dinuga PKI mau dijejer-jejer ing lambe luweng, mripate didhipet, tangane siji lan sijine ditaleni.  Nalika salah sijining  ditembak lan tiba ing jero luweng, wong-wong sing ditaleni dadi siji mau melu kecemplung luweng.  Wong-wong sing dicemplungake Luweng Grubug lan Luweng Jomblang kasebut ora mung sethithik, ananging mbok menawa nganti atusan. Prastawa kasebut kedadean ing taun 1966-1968.

Ya, senajan prastawa kuwi wis udakara 50 taun kepungkur,  ananging crita sing ngge­girisi kasebut tekan saiki isih dadi pocapaning warga ing Gunung Kidul. Pak Untung (75), salah sijining warga sing omahe ora adoh saka luweng nyritakake, dheweke isih kelingan, kepiye wong-wong sing dinuga PKI kasebut dipateni lan diguwang neng luweng.

Miturut pratelane Pak Untung, wong-wong sing dicemplungke luweng mau akeh banget. Ananging persise pira, ora ana warga sing ngerti. Pak Untung nambahake, prastawa nggegirisi kuwi kedadean ing wayah bengi. Warga ing kiwa tengen luweng ora ana sing wani metu saka omah. Meh saben bengi, wong-wong sing dinuga anggota PKI sing arep dipateni, diangkut kendharaan, mudhun ing dalan, lan mlaku jejer-jejer kanthi tangan ditaleni, mlaku tumuju lambe luweng.  Sauwise tekan lambe luweng, banjur dipateni, mayite dicemplungke luweng.

Miturut Pak Untung, anggone mateni wong-wong sing dinuga anggota PKI mau biasane wayah bengi, yaiku saka jam 10 nganti tekan esuk.

“Aku isih kelingan banget, wektu kuwi malem Selasa Kliwon. Wong-wong sing dipateni akeh banget. Diwiwiti jam 10 bengi, nganti padhang esuk, wancine warga padha arep neng pasar. Aku nganti ora sida neng pasar, amarga isih akeh wong-wong sing wira-wiri ing cedhak omahku,” akune Pak Untung. 

Senajan prastawa kuwi wis suwe banget, Pak Untung ngaku tekan saiki kadhangkala isih tom-tomen. Miturut Pak Untung, warga ing sakiwa tengen luweng ora mung pisan pindho krungu jeritan me­melas, jeritan kelaran saka jero Luweng Jomblang lan Luweng Grubug. Swara-swara ngiris ati kuwi dipercaya saka jisim-jisim sing puluhan taun kepungkur dicemplungake luweng.

Lha, ing taun 1982 kepungkur, balung-balung atusan utawa ewon wong sing diguwang ing jero Luweng Jomblang lan Luweng Grubug, wusanane diresiki dening pemerintah. Saka maneka crita sing sumebar, ana telung truk balung-balung sing kasil dijupuk saka jero luweng kasebut.

Sok ngonoa, senajan balung-balunge wis dijupuk, nanging jeritan nggegirisi lan swara-swara gaib kadhangkala isih keprungu saka jero Luweng Jomblang lan Luweng Grubug. Salah sijining warga Jetis sing ora gelem disebut jenenge nyritakake, “Aku wis biasa, ora wedi maneh krungu jeritan-jeritan memelas kuwi,” ujare dheweke.

 

Luweng Sampang

Kejaba Luweng Jurang Omah, Luweng Jomblang, lan Luweng Gru­bug, ing Gunung Kidul uga ditemokake atu­san luweng kanthi maneka ukuran. Me­nawa ing dhuwur njlentrehake luweng-luweng sing nggembol sejarah sing ngiris ati, isih ana maneh luweng-luweng ing Gunung Kidul sing dadi papan pertapan utawa tirakat, yaiku mligine kanggo mburu ka­mulyan. Luweng kasebut ing antarane yaiku Luweng Sampang.

Sinebut Sampang karana luweng iki mapan ing Dhukuh Sampang, Gunung Kidul. Miturut sejarah sing pinercaya, Luweng Sampang tau dadi papan ngaso sawetara Sunan Kalijaga, yaiku nalika Sunan Kalijaga leledhang ing Gunung Kidul. Luweng Sampang uga dipercaya dadi papan tapa brata Raja-raja Keraton Ngayogyakarta. Mula, ngungak sejarahe kaebut, Luweng Sampang tekan saiki isih kerep kanggo papan mertapa lan tirakat masyarakat.

Ing dina-dina tertemtu, Luweng Sam­pang kerep ditekani warga sing jaluk pesugihan. Biasane juru kunci ngancani saben malem Jemuah nganti ritual ram­pung. Malah, pejabat sing kepingin mung­gah pangkate utawa pengusaha sing kepingin sukses usahane, uga ana sing ngadani ritual ing Luweng Sampang iki.

Kejaba Luweng Sampang, isih ana maneh luweng sing ndudut ati ing Gunung Kidul, kayata Luweng Cokro ing Pedhu­kuhan Blimbing, Desa Umbulrejo, Keca­matan Ponjong. Perlu dimangerteni, Lu­weng Cokro iki wis tau kanggo papan wong nglalu. Utawa Luweng Seropan, sing ing sasi Maret 2013 kepungkur njaluk korban telu ‘pecinta alam’. Telu-telune tiwas katerjang banjir sing tanpa dinuga. Isih akeh luweng-luweng sing ndrawasi, sebut wae Luweng Sriti, Luweng Kalisuci, Luweng Pindhul, Luweng Jlamprong lan sapanunggalane. 

Nah, ing walike luweng-luweng ing dhuwur sing kaendahane tan kinira kase­but, pranyata nggembol sejarah sing ngge­­girisi. Kabeh mau sok ngonoa ora ndadekake masyarakat wedi. Malah, tekan saiki, luweng-luweng kasebut dadi papan wisata sing ditekani warga saka maneka papan. Kanthi mangkono, ekonomine war­ga sakiwa tengen luweng temtu melu ka­angkat. (Agung Hartadi)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih