Bis Wolu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Apa Tumon - Dibaca: 162 kali

Memedi Kukusan

 

Lulus SMU ing umur 17 taun, aku  wis wani rabi. Keputusanku mau njalari kuwatire keluwargaku, utamane ibu lan simbah putri. Awit kejaba isih durung ngerti bot repote wong bebrayan, aku uga durung bisa masak. Ora nggumunake, wiwit SMP nganti SMU sekolahku ing kutha. Prekara mangan dipasrahake ibu kos.

“Ndhuk, karon kae mengko tapungna ya!” pakone simbok maratuwa sadurunge budhal menyang tegal karo sisihanku lan bapak maratuwa.

“Nggih, Mbok,”  wangsulanku lirih.

Sawetara menit aku mung ndongong nyawang beras  ing manci aluminium penyok, dandang lan kukusan. Salawase urip durung tau adang  nganggo piranti ngono kuwi.

“Dandange  isenana banyu, kukusane tumpangna dandang. Karone lebokna kukusan, banjur ditutup nganggo kekep,” ujare Mas Pur, sisihanku, sadurunge budhal mau.

Sawise pituduh iku  taktindakake, aku miwiti cethik geni. Blarak garing taksumed. Bareng genine murup lagi taktumpangi carang garing. Nanging sedhela-sedhela genine mati merga kerep tak tinggali metu. Aku ora tahan karo plepege. Mripatku pedhes, mbrebes mili merga ketampeg asep. Weruh gendul isi lenga gas, gage wae taksutak ing njero luweng, taksumet nganggo korek. Geni mubal. Banjur takblusuki kayu garing sing gedhene sapupune wong lemu. Kanthi mangkono genine dadi anteng, ora mundar-mundur, asepe ya ora akeh.

Watara sepuluh menit candhake ana kedadeyan sing njalari aku keweden. Priye yen ora wedi weruh kekep mumbul-mumbul kaya disebul dening kukusan. Githokku mrinding lan gegancangan mlayu metu.

“Sliramu kok ana kene, wis mateng ta Dhik olehmu adang?” sisihanku sing ndhisiki mulih gumun weruh aku ana njaba kanthi kahanan pucet.

“Mas … ana medi kukusan ing pawon. Aku wedi.”

“Aneh-aneh wae, mosok ana medi kukusan,” ujare bojoku sinambi nuntun aku tumuju pawon kanggo nyatakake sing takkarepake medi kukusan iku.

Priya sing gemati iku mbukak kekep, bareng weruh kahanane njero kukusan dheweke mesem. Ujare, “Bojoku ayune dhenok dheblong, adang jemek ngliwet gosong”. Sisihanku tetembangan sinambi megal-megol, gawe aku sing nganyer ana cedhak lawang gumun semu anyel. Sabanjure kukusan diangkat lan segane ditumpleg ana ember plastik. Aku kaget weruh segane jemek kaya bubur.

“Takkandhani ya, Dhik, iku mau dudu medi kukusan. Nanging anggonmu ngiseni banyu ing dandang kakehan, banjur ing dhasare kukusan ora mbokwenehi nyaton. Nyaton ki iki lho!” ujare bojoku nyekel bathok cilik sinambi nuduhake carane nyelehake nyaton iku.

Trinilya Kinasih-Kediri

 

 

Merga Jenenge Padha?

 

Simbahku biyen dadi jagabaya. Yen saiki sebutan jagabaya iku diganti dadi kepala urusan pemerintahan. Simbahku oleh bengkok patang hektar. Yen ditanduri pari bisa metu nganti 40 kuintal. Simbahku jenenge cilik Gombak. Adhi misanane simbahku jenenge  uga Gombak. Laire taun 1900.

Nalika semana yen ora seneng marang uwong tinamtu, cak-cakane gawe karti sampeka. Umume sing dindelake kanggo nyilakani wong sing ora disenengi mau nggunakake santhet utawa teluh braja. Simbahku klebu sing bakal disanthet. Kanggo nyingkiri santhet, simbahku yen turu ana nglemah. Wondene adhine simbah turune ana dhipan jalaran ora ana sing arep nyanthet.

Pas simbahku disanthet, cebloke nyang omahe Gombak, si adhi misanan. Dheweke lara, terus tinggal donya.Dene simbahku waras-wiris. Panjenengane seda taun 1975. Apa  sedane Gombak, adhi misanane simbah, merga santhet  nyasar? Wallahu’alam bisawab.

Triwahyono BA-Godean YK

 

 

Bis  Wolu

 

Nalika aku isih anyaran ndherek paklik ing Yogyakarta, panjenengane ngepasi duwe gawe mantu putrane lanang. Resepsine digelar ing salah sijine gedhong sewan. Dene acara ngundhuh mantu dianakake ing omah kanthi prasaja. Undhangan ngundhuh mantu uga ora akeh kaya ing gedhong. 

Daleme paklik mlebu dalan kampung, kira-kira 500 meter saka dalan gedhe. Aku tinanggenah dadi penerima tamu. Supaya rombongan tamu ora kesasar, ing prapatan dipasang janur kuning lan ditunggoni kurir loro. Yen rombongan tamu wis tekan prapatan, salah sijine kurir kudu enggal ngabari aku saperlu dakcepakake kursi-kursine.

 Nalika kuwi salah sijine kurir lapur yen rombongan tamu sing bakal rawuh mau nitih bis wolu. Aku rada  bingung.

“Dospundi niki Paklik, tamune nitih bis wolu. Mangka kursinipun namung 150, ateges kirang 170,” ucapku gugup.

  Paklik mangsuli kanthi sareh, “Rungokna sing tenanan sik ta, sing dimaksud kurir bis wolu iku ora kok bise cacah wolu,nanging bis saka PO Wolu. Yen bis sing dicarter rombongan tamu rawuh mrene mung siji.”

“Oh, ngaten ta, Paklik,” kandhaku karo kukur-kukur sirah. Nanging aku ya dadi ayem, merga ora ndadak golek tambahan kursi 170. Apa tumon?

H. Subroto Asmoro-Sidoarjo

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih