Apik Meneng
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 582 kali

Menawa njlimeti kang istingarah ngrasakake nasib iki, aku teka banjur malih kaya en­thang-enthung. Tolah-toleh ka­ya wong kelangan jati dhiri. Mungguh nalare, jati dhiriku wus ilang saka bundhelaning urip. Mula saka kuwi aku banjur rumangsa dadi wong paling apes sangalam ndonya. Awit jati dhiri iku nunggal misah lan ajining dhiri. Kaya madu lan ma­nise. Eling-dieling, lamun bandha kang paling aji mono ajining dhiri. Pepuntone ana ‘ala’ utawa ‘apik’ aku mung me­neng.

Kamangka meneng iku jare ana menenge wong sugih ngel­mu, menenge wong kang wa­take pancen meneng lan me­nenge wong bodho. Mula sa­du­runge omong kudu dipikir dhisik. Aja nganti omong kang nglarani atine liyan, ora murakabi. Saya-saya ma­lah adu-adu utawa mitenah. Omonga kang bener. Utawa menenga!

Bener! Becike aku pancen kudu me­neng. Jalaran aku iki sejatine saka kula­warga wong kang ora apik. Blak kotang terus terang, aku mono wong plosok. Manggon sikil pagunungan gamping, pinggir alas jati. Bapakku sawijining blan­dhong. Mula jaman jarahan alas biyen bapakku kaya kere nemoni malem. Polahe kaya tempaling. Nungsang njem­palik ora merduli wayah. Rina wengi ngu­dang wadung. Kang sabanjure  ganti senso.

Kala semana sapa kang ora krungu kawentare Gangsar, Babatan? Njarah alas nggawa bala kurawa. Dhasar bapak wis atul ndlajahi dhaerah sasarane, ka­thik pinter milih kayu. Mula sedhela wae kampung karasku dadi kaya TPK. Di­kebaki kayu jati jarahan nganti dinunut-nunutake neng kampung karase tangga teparo.

Uripe kulawargaku kaya di-’bim sa­labim’. Saka asil adol kayu jarahan ba­pak terus tuku truk kanggo nglancarake usahane. Ngangkut kayu jarahan saka njaban dhaerah. Blora lan Grobogan. Sa­bacute banjur tuku graji mesin adeg pe­rusahaan kayu. Ngladeni pesenan omah, kusen, daun pintu, mebel lan liya-liyane. Kamangka miturut peraturan mesthine ora kena. Mosok ana perusahaan kayu kok awor alas? Nanging kena apa teka iya entuk izin usaha? Mulakna aku apik meneng.

Wiwit kuwi daktiteni. Pendhak kala mangsa bapak mesthi katekan tamu. Me­nawa ora butuh beselan temtu nje­jaluk sing ika, sing iki. Meja makan, kursi teras, dresoir, bangku taman apa meja pingpong. Wah, pokoke bapak kudu kur­mat karo atur kesaguhan, “Siap, Boss!”

Upama ora nyah-nyoh mangkono kena dipesthekake  perusahaane bapak bakal kiyamat. Apese katerak ‘operasi gabungan’ kang entek-entekane olehe dum-dum amplop iya entek-entekan. Wow, begjane bapak. Wong bodho dadi pangane wong pinter. Apa maneh sing bodho longa-longo nanging sok pinter ka­ya lugune bapak kuwi. Arep dakeling­ake, aku sumelang disalah pahami. Uta­wa malah diarani anak wani wong tuwa. Mulakna aku apik meneng.

Kedadeyan kasebut wis kelakon pi­rang-pirang taun. Saka nalika aku lagi mlebu SMP nganti tamat SMK. Lebar ku­wi aku arep………..

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih