Ngundhakake Syukur ing Riyaya Qurban
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 52 kali

Riyaya Qurban mono salah siji dina riyayane kaum muslimin lan rahmate Gusti Allah SWT tumrap umate Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Bab iki dijlentrehake ing Hadits, ing kono Anas ra. A. ngandhakake, Kanjeng Nabi SAW ngrawuhake pendhu­dhuk Madinah kang dhek jaman jahilliyah ndarbeni dina riyaya loro lan wong-wong mau padha suka parisuka. Ing kono pan­jenengane banjur ngendika, “Aku nekani sira kabeh, mangka sira duwe riyaya loro kang sira rayakake ing jaman jahilliyah, banjur Gusti Allah ngijoli dina riyaya loro mau kanthi kang luwih becik saka keka­rone yaiku Idul Qurban lan Idul Fitri.”

Saka Al Bara’ Azib Ra, Kanjeng Nabi SAW ngendika, “Satemene kang sepisanan ditindakake ing Riyaya Qurban iki yaiku shalat, sabanjure kita mulih mbeleh ke­wan qurban. Sapa wonge kang nindakake kaya iki, mangka wis cundhuk karo sun­nahe, lan sapa wonge kang mbeleh sadu­runge shalat, mangka belehen mung daging kanggo kulawargane lan ora kalebu ibadah. (HR. Bukhari lan Muslim).

Kanjeng Nabi Muhammad SAW. “Dina-dina iki dina kanggo mangan, ngombe, sarta dzikir marang Gusti Allah SWT”. (HR. Muslim) ing kene cetha lamun ing Riyaya Qurban ana ibadah kang gedhe ganja­rane, yaiku shalat Id  lan mbeleh kewan qurban.

Apa ta pangerten mbeleh qurban iku? Qurban mono jeneng utawa istilah kang diwenehake marang sato kewan belehan (unta, sapi, utawa wedhus) ing dina Riyaya Qurban ing dina Tasyrik (11, 12, 13 Dzulhijjah) saperlu kanggo ngibadah utawa nyedhaki marang Gusti Allah SWT.

Qurban disya­riatake marang umat Islam adhe­dhasar Al Qur’an. “Mangka adegna shalat krana Gus­timu lan padha qurbana sira”. (QS. Al Kautsar: 2). Miturut ahli tafsir, kang dikarepake qurban ing ayat iki yaiku mbeleh kewan qurban kang katindakake sawuse shalat Id (Tafsir Ibnu Katsir 4:505 lan Al Mughni 13:360). Wondene dalil sunnahe mangkene. Diriwayatake dening Anas r.a, “Kanjeng Nabi SAW qurban kanthi domba lanang loro warna putih campur ireng lan asungu. Panjenengane mbelehe kekarone kanthi astane dhewe karo maos basmalah lan takbir”. (HR. Bukhari lan Muslim).

Uga diriwayatake dening Imam Tur­midzi lan Ibnu Majah saka “Aisyah r.a. manawa Kanjeng Nabi SAW ngendika, “Mbeleh kewan qurban mono sawijining amalan kang paling diremeni Gusti Allah SWT saka anak Adam (manungsa) ing dina iku lan enggal-enggal ditampa Gusti, nganti diibaratake sadurunge getihe kewan belehan nyenggol lemah. ”Nanging riwayat iki ora kuwat alias lemah krana ing sanad-e ana Abu Al Mutsana Sulai­man bin Yazit lan dheweke iku wis dilemahake dening para ulama lan hadits. (Takhrij Mi­syatul Al Mashobin 1:452)

Senajan mangkono, para ulama sarujuk, manawa nin­dakake qurban mono sawiji­ning amalan kang paling uta­ma ing dina iku lan luwih uta­ma maneh tinimbang sadrema nindakake infak. Imam Ibnu Qudamah Rah kandha, “Kanjeng Nabi SAW wis nindakake qurban, mangkono uga para khalifah sawuse Kanjeng Nabi. Saupama nindakake sedekah biasa luwih afdhal mesthi manungsa wis padha nindakake.” Lan panjenengane ngendika maneh, “Ngutamakake sedekah ing atase mbeleh kewan qurban marakake ditinggalake Sunnah Rosulullah SAW”. (Al Mughni 13:364).

Wondene hukume mbeleh kewan qurban mono sunnah muakkadah (banget diutamakake), malah sawetara ulama majibake tumrap kang kuwawa. Nanging panemu kang kuwat yaiku panemune jumbur ulama kang nelakake manawa sunnah muaakkadah iku dimakruhake ninggalake tumrap wong kang sanggup nindakake.

Imam Ibnu Hazit Rah kandha, “Ora ana kabar kang shahih kang nuduhake manawa salah siji saka sahabat nganggep hukume wajib”

Hukum sunnah iki bisa dadi wajib dening siji saka sebab loro. Sepisan, lamun wong mau nadzar qurban. Angka loro, lamun dheweke kandha nalika tuku utawa anduweni kewan kasebut. “Iki kewan arep kanggo qurban” kanthi omongan kiang samakna karo iku.

Perlu kawuningan menawa saben ibadah mesthi ana hikmahe, kalebu ibadah qurban ing Riyaya Qurban. Nanging, ora angger wong bisa ndeleng hikmah mau liwat penalaran akal lan pikirane. Mung Gusti Allah kang pirsa wewadi lan hikmahe kabeh wulangan agama, hikmah-hikmah mau ana kang digenahake liwat Kitab Suci Al Qur’an utawa Sunnah Rosul, nanging ana uga kang ora disenggol babarpisan. Perangan hikmah kang ora disenggol dening Allah iki, mung bisa dikawuningani lan diayati dening kalangan tartamtu kang ing Al Qur’an ingaran arrasik huuna Fil’ilmi, yaiku wong kang kandel imane lan kaparingan kaluwihan ngelmu dening Allah (Surat Ali Imran 3:7).

Wondene hikmah qurban bisa diprinci mangkene:

- Taqarrub (ngraketake) marang Gusti Allah SWT.

- Ngurip-urip Sunnah Ibrahim lan semangat pengorbanan.

- Bage-bage kasenengan marang kulawarga, sedulur, sahaya, lan fakir miskin.

- Tandha syukur marang Gusti Allah SWT.

Kejaba iku kewan qurban sing sah mung onta, sapi, lan wedhus. Onta minimal umur 5 taun. Sapi minimal umur 2 taun, wedhus minimal umur 1 taun.

Wondene syarat sahe kewan qurban, yaiku kewan kang bebas saka cacat. Ora sah mbeleh kewan kang cacat kang ing antarane: kang lara lan katon larane, kang wuta sisih lan katron piceke, kang pincang lan katon pincange, kang banget kurune nganti ora duwe sungsum maneh, kang saperangan sungune utawa kupinge, lan ora kang kalebu pantes kanggo didadekake kewan qurban, yaiku kang pecah utawa ompong untu ngarepe kang pecah bungkus sungune, kang gudhiken, lan sapanung­galane.

Urutan kewan qurban kang afdhal: onta siji kanggo wong siji, sapi siji kanggo wong siji, wedhus siji kanggo wong siji, onta siji kanggo gabungan wong pitu, sapi siji kanggo gabungan wong pitu.

Wondene donga kang diwaca nalika mbeleh: “Bismillahi Allahu Akbar”. Donga mau oleh ditambah, “Allhumma hadza minka walaka Allahumma hadza an…”

Tegese: Ya Allah, belehan niki saking Panjenengan lan kagem Panjenengan. Ya Allah, belehan niki atas nami … (nyebutake jenenge kang qurban) (HR. Abu Dadu).

(*)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih