Tradhisi Pengetan Haul Mbah Sindujoyo
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 91 kali

Nate Jejuluk Sunan Amangkurat saka Kesultanan Mataram, uga dadi Senopatine Pangeran Ampeldenta Surabaya

Durung suwe iki warga Lumpur lan Kroman kutha Gresik, ngadani pengetan haul tumrap Mbah Sindujoyo. Pengetan haul Mbah Sindujoyo kang kaping 330 taun iki antara liya mawa rerangken isti­ghotzah, tampilan seni tradhisi Pencak Macan lan tradhisi larung petik laut Ban­dungan. Pengetan haul mawa isti­ghot­zah wis diadani luwih dhisik ditekani ewonan jama’ah manggon ing sada­wane dalan RE. Martadinata sacedhake pesisir lor kutha Gresik kang wewatesan langsung karo Selat Madura.

Perlu kawuningan uga yen saka papan Jl. RE.Martadinata mau, kita bisa ngematake pulo Madura saka kadohan. Katon ngegla prenah Mercusuar Sem­bilangan ing kecamatan Socah lan tower-tower dhuwur prenahe kutha Bangkalan. Wondene seni tradhisi Pen­cak Macan ditampilake amarga kesenian kasebut mujudake seni tradhisi kang wis lumaku turun- temurun kang­gone ma­syarakat pesisir mligine ing Lumpur lan Kroman. Pemain Pencak Macan ora mung ngemungake para sepuh, remaja, nanging uga para pemain cilik kang minangka dadi penerus sarta pelestari seni tradhisi kasebut. Pencak Macan, adate tampil ing prosesi adicara Ngundhuh Mantu, nalikane temanten kakung diarak menyang daleme teman­ten putri.

“Adicara haul mawa istighotzah won­ten panggenan mriki salintune saking masyarakat lokal Gresik, ugi dipun dugeni jamaah saking dhaerah kabupaten sa­nesipun. Awit haul Mbah Sindujoyo me­nika sampun dipun sumurupi sok sinten kemawon. Mbah Sindujoyo menika mi­turut Serat Babat Tanah Jawi, ugi kawastanan Ra­den Pangaskarta, kecathet salah satunggling se­no­pati Ampel­denta Surabaya lan kaparingan tanah perdikan (tanah jembar minangka ganja­ran lan bebas sa­ka pajeg) aran Kraman utawi Kroman same­ni­ka. Piyambakipun ugi nate dados senopati piyandelipun ratu kraton Sura­karta nalikanipun ngrangket satungga­ling adipati Banyumas jaman semanten. Peparab Sindujoyo menika wau nggih paringanipun ratu kraton Surakarta,” mangkono ujare Cak Fatah, pecinta sejarah marang PS.

 

Asal-usule Mbah Sindujoyo

Manut kang tinulis ing buku Sekilas Sejarah Hari Jadi Kroman karangane sedulur Loemaksono kang alumni fa­kultas hukum Unair Surabaya lan uga sar­jana S-2 STAI Qomarudin Bungah Gresik, nelakake yen dhek biyene ing dusun Klanting kecamatan Tikung La­mongan, ana sawijining guru ngaji aran Kening. Nalika ngancik taun 1608 Ma­sehi, kandhutan sisihane nglairake bayi kakung. Wong tuwane bayi sakloron mau ngajab supaya ing tembene putra kakunge mau dadi putra kang tansah manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad lan Maha Kuwasa (Kawi : pangas­tawa) sarta dadia putra kang tansah nemoni rahayu slamet mukti uripe (Kawi : karta). Laras karo pangarep-repe kuwi, putra kakung mau banjur dijenengi Pa­ngastawakarta kang banjur diringkes dadi Pangaskarta. Umur-umurane ngan­cik telulas taun, Pangaskarta wiwit dipa­rengake lelaku lelana, golek ilmu, metu saka desane. Rong taun anggone laku lelana, Pangaskarta bali menyang desa Klanting awit kapang banget karo wong tuwane. Ing desane mau, Pangaskarta banjur nampa warta saka kanca-kancane sadesa yen sawatara wektu sadurunge ing desane ana kedadeyan rajapati kang nemahi sawijine santri saka Giri Kedaton. Santri mau sejatine arep bali menyang Cirebon, nanging amarga padha olehe padudon banjur nganti tiwas ing Klanting Tikung Lamongan. Saka pawarta anane kedadeyan kuwi, Pangaskarta kelingan yen Giri Kedaton kuwi mujudake kraton kondhang sarta papan pamulangan agama. 

Pangaskarta banjur ninggalake desane, lunga nyantri menyang Giri Kedaton. Wektu kuwi, Giri Kedaton wis kabawah dening Panjenengane Sunan Prapen (Sunan Giri ka-III). Entuk rong taun setengah anggone Pangaskarta nyantri ing Giri Kedaton, Sunan Prapen banjur meksa kapundhut bali ing Ngarsane Gusti Allah.

Sunan Prapen kapundhut nalika taun 1625 Masehi/1547 Saka katiti anane sengkala kang unine “Prapen Dadi Gulinganing Ratu”. Setaun sawise Sunan Prapen kapundhut, Pangaskarta karo salah siji kancane aran Imam Sujono, pamit ninggalale Giri Kedaton mangkat lelaku ngumbara nggoleki papan guwa Sigala-gala kang manut ujare ngakeh dununge ana gunung Kemukus Sragen Jawa Tengah saiki.

Ing satengahe paran, Pangaskarta dalasan Imam Sujono pethukan karo wong sedulur loro yatim piyatu aran Salam lan Salim. Saka mitra loro sadulur kembar Salam lan Salim kuwi, banjur bebarengan kabeh tumuju guwa Sigala-gala, banjur le­laku nenepi sarta semedi, nyucek­ake bathin sarta dhirine anggone bisa manembah mring Gusti Kang Mahasuci. Sa­wa­­tara ing wek­tu kuwi, pangu­wasa kang ba­wa­hi Kraton Kar­tasura lagi nedheng-nedhenge nga­dhepi Adipati Banyumas kang lagi mbalela ora­ netepi janji anggone bayar pajeg menyang Kraton Kartasura. Panguwasa kraton Kartasura wektu kuwi banjur utusan nemoni Pangaskarta, Imam Sujono dalasan Salam sarta Salim ing guwa Sigala-gala. Paraga papat banjur sowan menyang Kraton Kartasura. Wose rembug, Pangaskarta dalasan sakan­cane nyaguhi panyuwune Kraton Karta­sura supaya ngrungket Adipati Banyumas kang mbalela. Adipati Banyumas wektu kuwi kasil dirangket banjur disowanake menyang Kraton Kartasura. Adipati Banyumas banjur dikunjara. Wondene Pangaskarta kang kasil ngrangket Adipati Banyumas, banjur entuk peparab jeneng anyar saka Kraton Kartasura nganggo aran Sindu­joyo. Ujare wong kandha, Sindujoyo kuwi saka tembung Sing Diutus Joyo.

Sawatara kuwi, paraga Imam Sujono entuk peparab anyar Suragarjito. Paraga loro liyane sedulur kembar, Salam pepa­rabe Tirta Asmara lan Salim entuk pe­parab Ening Asmara. Sawise kasil aweh pambi­yantu marang Kraton Kartasura, Pangas­karta kang banjur kondhange jejuluk Sindujoyo, nulak sa­rana alus saka pan­jaluke ratu Kartasura kang duwe pangarep-arep Sindujoyo sa­kan­cane gelem tetep manggon ana Kartasura lan diseng­kakake minangka prajurit utama Kartasura.

Raja Kraton Kartasura ora bisa meng­gak kekarepane Sindujoyo sakanca. Pungkasane sarana nitih gethek, Sindujoyo melu ngintir katut iline banyu Bengawan Solo ngener mange­tan. Sawise pepisahan karo Suragarjito ing wengkon sacedhake Palang Tuban saikine, paraga Sindujoyo banjur nerusake laku nganti tekan panggonan kang kasebut wengkon Roomo. Jeneng desa mau isih ajeg ana nganti saiki. Ing desa kuwi malah ana salah sijine jinis kuliner kang diarani Sega Bumbu Roomo kang isih ajeg digawe dening puluhan ibu desa kono land didol ing pasar-pasar.

Sindujoyo banjur entuk putri ing desa kuwi, jejodhowan karo Nyai Pesalatan. Sindujoyo banjur nerusake lelakune uripe kanthi golek iwak ing segara minangka nelayan. Anggone dadi nelayan, Sindujoyo sabanjure njalari bisa tetepungan karo sawijine nelayan liya aran Mertajaya kang asal-usule saka wengkon Kurung klebu wengkon Ampeldenta Surabaya. Ana kang ngarani wengkon Kurung kuwi saikine kinaran Prapat Kurung kang pancen klebu Kecamatan Semampir Surabaya, cedhak karo Ampeldenta.  

Nuju sawijine wektu, nalikane Sindujoyo lelaku nenepi ing sapinggire Kali Mireng kang dinuga saikine sacedhake Pelabuhan Internasional JIIPE ing wengkon Manyar Gresik, Sindujoyo meruhi sawijine prau kang dinakodhahi dening Mertajaya saka Amperldenta Surabaya. Kang dadi pitakonan, Sindujoyo ora mangerteni kena apa wektu kuwi prau kang dipandegani Mertajaya mau kebak dening prajurit. Mertajaya banjur nelakake yen dheweke sawadyabalane kuwi minangka prajurit saka kraton Ampeldenta kang arep nglurug Kidang Palih kang lelaku balela sarta ora tundhuk marang kraton Ampeldenta. Kidang Palih wektu kuwi pancen kaloka bab kasektene. Mangerteni yen kraton Ampeldenta wektu kuwi merlokake pambiyantu, Sindujoyo banjur ngajak Mertajaya sawatara bali menyang Ampeldenta dhisik saperlu sowan marang Pangeran Ampeldenta. Nalika kekaropne marak seba, Pangeran Ampeldenta bungah banget yen Sindujoyo mbiyantu Ampeldenta . Wewaton riwayat lelakune Sindujoyo ing sangarepe Pangeran nalika iku, banjur Pangeran Ampeldenta ora wigah-wigih banjur ngangkat Sindujoyo minangka Senapati Ampeldenta. Wose crita, ing perang tandhing ing palagan, Senapati Sindujoyo kasil ngasorake Kidang Palih saka tlatah Gumeno nganthi dadi tiwase. Kidang Palih tiwas amarga kena sanjata keris paringane Pangeran Ampeldenta. 

Amarga gedhe sedyane sarta lelabuhane marang kraton Ampeldenta, Sindujoyo banjur kaparingan tanah ganjaran jembar wujud tanah perdikan (bebas saka maneka tarikan pajeg). Tanah perdikan mau aran Karang Pasung kang mujudake cikal bakal saka desa Lumpur lan Kroman sarta sawatara desa liyane tumekane jaman saiki. Manut cathetan sejarah, Sindujoyo kasil ngajak kulawargane kabeh wiwit manggon ing Karang Pasung kono ngepasi 27 Rajab 1061 Hijriyah dinane Ahad 16 Juli 1651Masehi. 

Rerangken liyane sajrone pengetan haul Mbah Sindujoyo yaiku arak-arakan kabeh warga desa Kroman lan Lumpur k. Warga prasasat tumplek blek ngebaki Jalan Sindujoyo, prapatan Pasar Gresik, Jalan Usman Sadar sinambi maca shalawat nabi lan diramekake uga karo rombongan seni tradhiosi Pencak Macan. Kabeh nuju pesareyane Mbah Sindujoyo kang manggon ana Makam Dalem desa Karangpoh kutha Gresik. Ing pesareyane Mbah Sindujoyo, warga rong desa yaiku Lumpur lan Kroman padha dedonga murih paraga kang diakoni minangka leluhur cikal bakal desa, entuk dalan padhang nampa kanugrahan kaswargane Gusti Allah.

 

 RERANGKEN LIYANE WUJUD PETIK LAUT BANDUNGAN   

Kaya kang dicritakake ing ndhuwur, yen dhek isih jaman sugenge Mbah Sindujoyo uga mujudake sawijine tukang golek iwak utawa nelayan. Nganti saiki warga desa Lumpur lan Kroman kang pancen cedhak pesisir, isih akeh kang nyambut gawe padinane dadi nelayan. Mula ing pesisir sisih lor desa, kebak prau-prau nelayan. Panguripane nelayan kang lagi njahit jaring, nambal prau, mepe  iwak, mikul iwak saka pesisir menyang TPI (Tempat Pelelangan Ikan) saben dinane uga dadi sesawangane para peziarah pesareyane Syekh Maulana Malik Ibrahim kang lunga teka ing sacedhake lokasi pesisir kono awit terminale maneka bus pariwisata saka dhaerah-dhaerah liya pancen manggon pesisir kono mau.

Minangka kanggo mengeti yen pawongan Mbah Sindujoyo dhek biyene mujudake nelayan sarta munjukake rasa agunging panuwun sarta syukur marang GUsti Allah kang tansah paring rejeki akeh wujud tangkepan asile golek iwak ing satengahe segara, warga Lumpur lan Kroman ngadani tradhisi turun-temurun wujud petik laut Bandungan.

Kanggone warga nelayan kelurahan Lumpur lan Kroman kuwi, adicara tradhisi Bandungan mujudake salah sijine warisan leluhur nglarung sesaji ing satengahing segara. Tradhisi Bandungan diadani turun – temurun dening para nelayan saben taun sepisan.

Gandheng karo adicara tradhisi Bandungan, mulane wiwit esuk kabeh ubarampe kang diperlokake wis disiapake ing sawijining papan kang diarani Bale. Padatane saben dinane bale iki dianggo papan ngumpul lan ngasone para nelayan. Ing sakupenge kelurahan Lumpur lan Kroman tinemu pirang – pirang bale, antara liya Bale Cilik, Bale Kambang utawa Bale Gedhe, Bale Purba, Bale Pasusukan, Bale Metoko lan Bale Wonorejo. Ing Bale-bale kuwi, kabeh ubarampe utamane wujud sesajen ditata lan ditliti murih aja ana siji wae kang keri. Ana tumpeng gedhe jangkep karo lawuh urap – urap lan panggang ingkung uga asem – asem iwak segara. Woh – wohane kang wajib ana, wujud gedhang mas. Wondene woh – wohan ganepane bisa wae ditambah semangka utawa melon, jeruk, duku, jambu. Saliyane kuwi isih ana tumpeng cilik cacah sanga dikantheni lawuh endhog godhok sakulite. Banjur ana bubur maneka werna, cacahe sangang takir. Jajan pasar antara liya klanthing maneka werna, uga cacah sangang takir. Tumpeng cilik, bubur lan jajan pasar kang sarwa cacah sanga ditata rapi ing prau cilik (miniature). Ing satengahe prau cilik (miniature) diwenehi prapen cilik bakaran menyan kang arum gandane ngaluk – aluk. Kabeh ubarampe kang diwadhahi miniatur prau kuwi mujudake sesajen kang dilarung ing tengah segara.

“Ubarampe sesaji larung ingkang cacahipun sarwa sanga menika wonten gandheng raketipun kaliyan Mbah Kyai Sindujoyo salah satunggaling pandherek saking Kanjeng Sunan Prapen putra saking Kanjeng Sunan Giri. Sarwa cacah sanga menika dhapur wujud angka sanepa ingkang mengku pangertosan supados kita tansah enget kaliyan lelabuhanipun Walisanga kala wekdal semanten,” ujare sawijine sesepuh desa Lumpur – Kroman aran Abd.Mudjib (63) marang juruwarta majalah PS minggu esuk kuwi.

Nalika kabeh ubarampe wis siyap, banjur digawa lan dikirab nuju prau kang wis disiyagakake ing pinggir segara. Prau kang disiyapake cacahe kabeh ana lima. Cacah telu prau wis diiket dadi siji nganggo pring dawa lan diteleni raket banget. Prau cacah telu iki kanggo ngangkut kabeh warga kang melu larung sesaji. Isine prau, dikebaki warga karo maneka tumpeng gedhe komplet salawuhe barang.

Wondene prau loro liyane diisineni mligi kabeh ubarampe sesajen Larung Bandungan kaya dene jajan pasar, tumpeng cilik lan prapen ngobong menyan. Rombongan larung sesaji tradhisi Bandungan saubarampene kabeh kaangkut nganggo prau nuju Surasane donga ngaturake ras syukur marang Gusti Allah awit wis kaparingan seger waras slamet, desane reja, asil iwak isih kena kanggo nyukupi anggone ngaurip lan ing wektu sabanjure rejekine tansah sempulur. Sabubare pada ndedonga ngaturake gunging panuwun lan rasa syukur marang ngarsane Gusti Allah Kang Maha Agung, para nelayan banjur padha nyandhak tumpeng gedhe salawuhe, dhahar bebarengan ing dhuwur prau satengahing segara.

“Tradhisi Bandungan kanthi larung sesaji menika wosipun namung setunggal inggih menika ambabarake raos syukur ugi gunging panuwun dumateng Gusti Allah saking para nelayan ingkang sampung kaparingan slamet anggenipun makarya wonten segara sarta rejeki katah ugi barokah,” mangkono imbuhe sesepuh Abd. Mudjib.

Manut katrangan saka Imron Hamzah salah siji pemimpin remaja lingkungan desa kono, nalika jaman umur cilikane biyen nganti taun 1965 – an, saben taun ing salah sijine bale ing desa kono tansah diadani tradhisi sedhekah bumi nanggap wayang purwa. Tradhsi kuwi mau uga kanggo mengeti jasa-jasane Mbah Sindujoyo. Lakon kang kagelar, ora entuk diganti – ganti crita liyane kejaba kudu Baratayudha Jayabinangun perang antarane Pandhawa karo Kurawa. Emane nalika wayang purwa dikepyakake, wektu jaman semono sithik akeh lumrahe isih dikantheni mawa omben – omben inuman mendemi kang kudune didohi awit bab kuwi wis cetha diharamake dening tuntunan agama.

“Sareng ngaten wekdal semanten wonten sakupengipun desa menika kabangun pabrik – pabrik enggal laras kaliyan jaman pembangunan. Dharatan pesisir segara kathah ingkang kedah dipun reklamasi utawi diuruk kangge pabrik ugi pelabuhan ngantos tengah segara. Reklamasi segara menika damel populasi ulam segara tansaya kirang. Wekdal samangke ulam jinis kerang, simping, tripang, blonyo sampun boten wonten malih. Sedaya lajeng namung dhapur crita kemawon. Asilipun para nelayan ugi suda, mboten saged kathah kados jaman rumiyin. Nanging bab menika nggih sampun dados resiko para nelayan mriki. Kawontenan menapa kemawon, warga saged nampi awit pakaryan minangka nelayan menika sampun kalampahan turun – temurun,” kandhane sesepuh Abd.udjib marang PS nalika mlaku bebarengan saka melu nyekseni tradhisi Bandungan. (*)

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih