Hiburane Masyarakat Jawa Kuna
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 57 kali

kejaba kabutuhan pokok kaya ta sandhang pangan lan papan. Manungsa uga butuh hiburan kang bisa nglipur atine kalane nandhang sungkawa. Kejaba kuwi hiburan uga digunakake manungsa kanggo nyegerake pikirane surasa judheg kang lair saka pakaryan lan pakulinan kang ditindakake saben dinane.

Yen ngomongake hiburan manungsa jaman saiki pancen ora kurang-kurang. Sasat manungsa ing jaman iki wis ora kekurangan hiburan. Apa maneh kalane perkembangan teknologi tansaya nggampangake anggone manungsa golek hiburan. Nanging banjur kepriye kahanane kalane manungsa golek hiburan ing jaman biyen. Luwih-luwih ing era jawa kuna kang wis dadi mesthi jaman kuwi durung duwe teknologi kaya jaman saiki.

Lumantar sumber lan sauntara data sejarah disebutake yen seni pertunjukan wis ana ing Jawa wiwit abad 9 M. Ing jaman kuwi seni pertunjukan rancake ing papan-papan kang rame utawa dalan kang utama. Ing jaman kuwi hiburan saliyane ditontonake kanggo panglipur. Hiburan uga digunakake kanggo ngregengake sawijining adicara kang kagelar dening sawijing kerajaan. Ing babagan iki bisa dituduhake saka cathethan kang ngandharake hiburan kanthi wujud pagelaran wayang digunakake kanggo ngregengake peresmian dhaerah sima (dhaerah kang bebas pajek) kalane pagelaran wayang mau katindakake. Pawongan sing nonton pagelaran ora mung wong saka dhaerah kang dhaerahe diangkat dadi sima. Nanging uga akeh warga saka dhaerah liya kang pengin nonton pagelaran wayang iku mau.

Titi Surti Nastiti, sawijining Arkeolog Puslit Arkenas sajroning bukune ‘Pasar di Jawa’ ngandharake yen hiburan ing jaman biyen ora mung dipentasake dening seniman-seniman istana wae. Jalaran ing masyarakat umum ana uga pawongan kang mentasake hiburan. Pawongan kang nduweni kaluwihan ing babagan seni iki adate nggunakake kaluwihane kanggo golek pangupa jiwa. Amarga ing jaman kuwi pasar mung rame ing wektu tartamtu. Mula amrih pawongan mau tetep bisa nduweni pengasilan. Pawongan kang duwe kaluwihan ing babagan seni mau tansah pindhah-pindhah anggone gawe pertunjukan. Saka kene bisa kadudut pakaryan dadi pengamen ngono wis ana wiwit jaman Jawa kuna. Ing jaman kuwi pengamen sinebut menmen. Menawa wae panyebut menmen iki kang saiki owah dadi pengamen.

Ngenani pengamen jaman saiki lan pengamen jaman biyen pancen akeh bedane. Jinise hiburan sing ditampilake dening pengamen jaman biyen kapetung luwih akeh tinimbang pengamen jaman saiki. Jinis-jinis hiburan kang dipentasake dening pengamen jaman biyen saliyane bisa didulu lumantar cathethan lan prasasti. Uga bisa diwawas saka panel-panel relief candhi. Salah sijine candhi kang reliefe ana gambar pakaryan ngamen kang ditindakake wong Jawa jaman biyen yaiku candhi Borobudur.

Sajroning prasasti Wahuru I (873 M) tinemu tembung widu mangidung. Tembung iki yen kajarwakake ing basa Jawa jaman saiki kurang luwih nduweni teges wanita kang pinter nembang. Saka kene bisa diwawas yen pakaryan sindhen wis ana wiwit jaman biyen. Kanthi anane sindhen iki bisa didudut hiburan kanthi wujud tetembangan (olah swara) wis ana ing jaman kawuri. Ing perangan liya, profesi iki uga klebu pejabat kerajaan kang sinebut watak i jro kang bisa kagolong dadi abdi dalem. Merga klebu pejabat kerajaan wanita kang duwe pakaryan iki oleh  gaji kanthi cacah tartamtu lan wujud tartamtu saka kraton papane suwita.

Ana sindhen samesthine ana dhalang lan wayang. Telu perangan iki dianggep samubarang sing ora bisa dipisahake. Bukti ngenani wayang kang dadi hiburan ing jaman kuna dumunung ing prasasti Kuti kang asale saka tahun 840 M. Prasasti kang ing jerone tinemu tembung haringgit iki ditemokake ing laladan Joho, Sidoarjo. Hiburan wayang iki ing jaman biyen klebu sawijining hiburan kang mirunggan. Kahanan iki disebabake dhalang ing jaman Jawa kuna mujudake salah siji pejabat kerajaan saka kelompok warga I dalem.

Panduga ngenani wayang kang wis ana wiwit jaman kuna. Uga dikuwatake kanthi prasasti liya kang nyebutake sawijining lakon kang diabedekake sajroning prasasti. Ngenani prasasti kang ing kono nulisake lakon wayang yaiku prasasti Wukajana. Ing prasasti kasebut tinemu lakon Bhimma Kumara yaiku sawijining lakon nyritakake Kicaka kang nandhang wuyung klawan Drupadi. Ing prasasti kuwi ditulisake dhalang mentasake lakon Bhimma Kumara marang hyang. Lan tekan saiki prasasti kang isine ngandharakake lakon wayang kang nate dipentasake ing jaman kuna ya mung prasasti Wukajana wae.   

Kejaba kuwi ing jaman kuna jinise wayang maneka werna. Kejaba ana wayang kulit, ing jaman jawa kuna uga wis ana wayang wong, lan wayang beber. Bukti ngenani wayang wong ing jaman jawa kuna dibuktekake ing prasasti dhimanasrama. Ing prasasti sing asale saka jaman Mpu Sindhok iku mau tinemu tembung wayang wong. Dene kabar ngenani anane wayang beber ing jaman kuna bisa didulu lumantar brita saka cina. Ing brita kasebut sinebutake yen ing jaman katulise cathethan mau si penulis kang kapinujon nyambangi pulo Jawa meruhi ana priya kang lagi nggelar gulungan mawa gambar kang sinangga dening cagak saka kayu cacah loro. Priya kang nggelar gulungan mau nyuwara kanthi njelasake gambar ing gulungan kain. Ing gulungan kain kang kagelar dening priya mau ana gambar sairib manungsa, manuk, kewan galak, wulung, lsp. Saka cathethan mau cetha yen priya kang dimaksud mujudake sawijining dhalang wayang Beber.

Hiburan kanthi wujud beksan uga wis ana wiwit jaman kuna. Ngenani bukti saka perangan iki bisa tinemu ing sawetara prasasti lan kitab Negaraketagama. Ing perangan liyane seni beksan jaman Jawa kuna dinuga kaperang dadi loro yaiku beksan kang mawa topeng lan beksan kang tanpa topeng. Ngenani beksan kang mawa topeng ing antarane yaiku  mangkarat, matapukan, lan manapal. Dene beksan kang tanpa topeng yaiku manigel. Saliyane digunakake sawates hiburan ing jaman kuwi ana sawijining tari kang mung ditindakake kalane penetapan dhaerah dadi siwa (laladan bebas pajek). Ngenani beksan kang dimaksud yaiku beksan tuwung, bungkuk, ganding, lan rawanahasta.

Hiburan kang wujud lawak uga wis ana wiwit jaman kuna. Prasasti Poh nyebutake ana pawongan kang nglawak kanthi kairing swara gamelan lan pambeksa. Ing jaman kuwi lawakan bisa kaperang dadi loro yaiku lawakan kang katindakake lumantar lucune tetembung (marrirus) lan lawakan kang katindakake klawan tumindak utawa gerakan kang lucu (mabanol).

Sabanjure jinis hiburan kang klebu unik bisa diwawas ing relief candhi Borobudur. Ing relief candhi paling gedhe ing Asia Tenggara iku tinemu relief kang nggambarake pawongan kang lagi mainake kendhang lan maneka piranti liyane. Saka kene bisa diwawas petunjukan musik wis ditepumgi dening masyarakat Jawa ing jaman kawuri.

Kejaba kuwi lumantar relief iku uga bisa diweruhi yen hiburan kanthi wujud akrobat uga wis ana ing jaman kuwi. Anane relief kang nggambarake paraga kang mapanake salembar papan ing janggute lan si paraga mau katon njaga amrih papan mau ora ceblok. Saora-orane wis bisa digunakake kanggo bukti menawa seni akrobat wis dadi sawijining hiburane masyarakat Jawa kuna.

(P. Kusuma)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…