Sedhekah Jamboleka Ing Tal Pitu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 53 kali

Ngancik sasi Sura akeh tradhisi bu­daya kearifan lokal dianakake masya­rakat ing pedhusunan. Manekawerna tradhisi mau minangka wujud rasa syu­kur marang Gusti lan budaya naluriake eling marang leluhur. Sasi Sura tumrape masyarakat Jawa, kapitayan sasi apik kanggo mawas diri, ngaca kapribaden anggone nglakoni urip setaun kang uwis dilakoni. Apa sing salah ing panjangkah didandani, semana uga laku becik diga­wa kanggo sangu urip sajroning setaun kang arep dilakoni.

Maneka werna tradhisi ma­syarakat Jawa, salah si­jine tradhisi sedhekah bumi Jamboleka kang dileksanak­ake warga desa Ngledok, Nga­blak lan Tal Pitu Kecama­tan Karangpandan, Kabupaten Karanganyar. Warga telung desa iki saben taun nganak­ake  tradhisi bersih desa ana makam Jamboleka.

Punden Jamboleka mitu­rut katerangane Sunarto, kun­cen kang jejibahan ngru­mat makam, manggon ing desa Tal Pitu. Jamboleka nduweni nama asli Aryo Kusuma. Pu­tra Prabu Brawijaya V kang dilairake liwat ibu selir Rara Sapudi. Sejarah iki asil katerangane pa­ra pinisepuh run temurun lewat simbah simbah mbiyen.

“Nganti tumeka saiki ora ngerti sapa sejatine nama asli Rara Sapudi. Asale saka pulau Sapudi sakcedhake pulau Ma­dura,” ujare pria kang uwis rong puluh taun ngemban  jejibahan kuncen makam Jamboleka.

Pinangka jejere putra nata, Aryo Ku­suma pasuryane bagus kaya dene Prabu Brawaijaya V ramane. Ngancik yuswa dewasa, Aryo Kusuma dipundhut mantu dening Adipati Jaran Panole I saka Madura. Adipati Jaran Panole I seda, banjur Aryo Kusuma diangkat Bupati Sumenep jejuluk aran Jaran Penole Sumenep. De­ning kang ramane, Aryo Kusuma uga di­da­dekake senopati kapal perang Maja­pahit wilayah Wetan.

Mlebu taun ‘sirna ilang kertaning bumi ‘, pupute kejayaan Majapahit nalika kalah perang lawan Demak, Aryo Kusu­ma linggar  saka Kraton Majapahit nganti tumeka punthuk Jabaleka ing pereng sisih kulon gunung Lawu. Manggon ana Jabaleka, Aryo Kusuma jeje­luk Aryo Leka. Kadigdayan lan kasektene digunakake kanggo nulungi warga desa kang mbu­tuhake pitulungan. Tu­mindak becik, apik lan dhe­men tetulung Aryo Leka ban­jur kaceluk aran Ki Ageng Aryo Kusuma.

Nama Ki Ageng sejatine jejuluk para priyagung Maja­pahit kang uwis mandhita dadi rakyat biasa. Anggone menehi pikurmatan nama, ja­laran warga desa njunjung dhuwur lan mundhi kawiba­wane. Pakurmatan mau ngan­ti tumeka saiki ora luntur, senadyan uwis limang atus taun luwih dilakonii. Pakurmatan marang Ki Ageng Aryo Kusuma ora mung di­wujudake nalika sasi Sura liwat sedekah bumi Jamboleka. Nanging saben ndina tertamtu, mligine dina Jumat Pon, warga nganakake ziarah lan donga leluhur kanggo Ki Ageng Aryo Kusuma.

“Reribet lan uneg unege warga dietokake ana ing ngarep makam nalika warga desa ziarah. Pangajape, Ki Ageng Aryo Kusuma mireng lan menehi pepa­dhang”,  kandhane kuncen makam ana ing katerangane

Warga kapitayan, lumantar Ki Ageng Aryo Kusuma Gusti menehi pepadhang marang warga desa kang nandhang reribet. Uneg uneg di kandhakake juru kunci saantarane, panen di pangan ama, dodolan tuna, lara ora mari mari, apes lan lelakon lelakon urip liyane. Budaya eling leluhur nganti teka sak iki isih terus diles­tarekake warga telung desa, senadyan jaman uwis  maju lan modern, nanging kabeh mau tetep ora dilalekake.

“Ki Ageng Aryo Kusuma uga kaceluk aran Ki Ageng Jamboleka. Jalaran papan paleremane manggon ana sisih ndhuwur punthuk Jaba­leka,” ujare nambahi katera­ngane

Atusan taun punthuk Jabal Leka ora disenggol lan diowahi tatanane. Tetanen atusan taun isih ngadek lestari sakiwa tengene makam. Kandhane kuncen makam, pendhudhuk desa nduweni kapitayan ora wani jupuk kayu lan barang apa wae sing ana njero makam.

Kapitayan iki ora amarga tahkayul, nanging ngemu kekarepan kanggo njaga lan nglestarekake alam padesan. Turun temurun kapitayan mau terus diuri-uri, asile tetanen bisa ngancik umur atusan taun ana ing Jamboleka. Ron kolang kaling, aren, keningar, sonokeling, siwalan, preh, kemuning, pring, mahoni, ringin lan tetanen liyane rone ngrem­buyung.

Sisih kiwa lan tengene makam Ki Ageng Aryo Kusuma, ana makam garwane kang nama Raden Ayu Retna Kuning, makam Pangeran Aryo Tejo, Pangeran Joko Lelana, Pangeran Putih lan makam Eyang Garuda Gondokusuma pindhahan saka wewengkon liya kang di semareake ana ing punthuk Jabaleka.

Akeh cerita ngenani keangkeran punthuk Jabaleka kandhane juru kunci ana ing katerangane. Diceritakake, nalika jaman penjajahan, para pejuang nate dioyak oyak tentara Landa  wiwit saka Solo nganthi tumeka Karangpandan. Para pejuang ora mangerteni yen we­wengkon Karangpandan di kepung ten­tara Landa kang mudhun saka Ta­wangmangu. Maju tatu, mundur ajur, jalaran pasukan perang kalah akeh lan senjata kalah modhern.

“Tinimbang seda sengsara, para pejuang ndhelik ana punthuk Jabaleka,” ujare kuncen makam nyeritakake kedadeyan kang nganeh-nganehi ing jaman perjuangan.

Penjajah sing ngerteni para pejuang ndhelik ana njero punthuk Jabaleka, banjur ngepung  ngudani mimis bedil lan basoka. Anehe, mimis kang ditembak­ake penjajah ora ana sing ngenani awake para pejuang. Granat basoka ditembakake ora bisa mbledos nalika tekan punthuk Jabaleka. Penjajah ngira para pejuang uwis mati diudani mimis, padhahal ana njero punthuk Jabaleka isih waras wiris.

Cerita aneh ing jaman perjuangan mau nganti teka saiki isih dieling-eling dening warga desa, gunane, kanggo mratandhani anggone para leluhur menehi pengayoman.

Cara ngelingake lan nglestarekake diwujudake warga telung ndesa lewat tradhisi sedhekah bumi Jamboleka. Desa Ngledok minangka desa pambarep jejibahan miwiti sedhekah bumi Jambo­leka kang sepisan. Dina sesuke banjur disusul Desa Ngablak lan Desa Tal Pitu pinangka desa paling ragil. Saben sasi Sura makam Ki Ageng Haryo Kusuma ora sepi saka pawongan ne­neka.

Warga desa lan warga saka njaban Kabupaten Karanganyar padha ndedo­nga lan ngalap berkah menyang makam Tal Pitu. Akeh pawongan cocok nalika ngalap berkah nyeyuwun marang Gusti ing makam Ki Ageng Haryo Kusuma. Amrih pesanggrahan makam ora suk sukan, pelataran makam diwenehi kajang  kanggo acara donga yasin tahlil lan ngujubake maneka werna sesaji para pelaku ritual.

Kaya dene sedhekah sesaji saben sasi Sura kang dileksnakake dening warga desa. Saben kepala kelu­warga menehi sesaji sega asahan kang isine, sega gu­rih, krupuk abang, dele ireng, gereh pethek, tahu tempe, perkedel, gedhang setang­kep kang di delehake ana njero wadhah baskom blirik. Nalika nyawisake uba rampe sesaji, ana wewaler kang ora kena diterak nalika nggawe sega asahan, warga desa ora kena ngicipi uba rampe kang lagi dimasak.

“Pantang uba rampe se­saji diincipi,” ujare Sunarto nandhesake katerangane

Kapitayan iki ora tanpa sabab, ana kedadeyan aneh nalika salah sijine warga desa saktengahing masak ngicipi masakan lambene perot. Warga rumangsa, ana pawongan ora katon wujude napuk pipi banjur cangkeme perot. Lewat juru kunci makam, warga desa banjur njaluk pangapura menyang makam Ki Ageng Aryo Kusuma. Sesaji sing uwis mateng di masak banjur diganti nganggo sesaji anyar tan kena diicipi.

Rasane mbuh asin mbuh cemplang miturut juru kunci ora dadi perkara, sing penting wewaler aja dilanggar. Maneka werna sesaji kang diaturake warga menyang makam, mbeleh wedus dadi salah sijine sesaji sing ora kena di lalekake. Saben sadesa mbeleh wedhus siji ana njero makam. Papan kanggo mbeleh wedus ana ngisor uwit pakel lan dhuwet ing sisih pinggir pekarangan makam.

Warga uwis nyawisake papan mligi kanggo masak. Bumbu pawon lan sak panunggalane sarwo anyar, ora kena diwenehi sisa. Nate kedadeyan salah sijine warga desa ndhelikake torpedo nalika mbeleh wedus ana ing makam. Akibate, aurate warga desa abuh. Kang­go ngilangake wewaler, warga desa njaluk pangapura menyang makam Ki Ageng Aryo Kusuma lan mbeleh wedhus anyar kanggo sedhekahan.

Wewaler lan tradisi uwis dadi kapitayan warga telung desa. Atusan taun tradhisi sedhekah bumi dicekel lan di lestarekake nganti tumeka saiki. Kekarepane ora mung ngajari becik ma­nungsa eling marang leluhure, nanging mangerteni perlune sesambungan apik antarane manungsa lan alam semesta. Lestarine alam kabeh gumantung saka ulahe manungsa. Alam kang lestari bisa kanggo menehi warisan para anak putu ing tembe mbesuke.

Alam menehi panguripan marang manungsa liwat sumber banyu lan asil bumi. Alam uga menehi paukuman sebab akibat, sapa kang ngrusak bakal ngundhuh bencana. Alam tumindhak jujur, nandur pari thukul pari, nandur tela thukul tela, semana uga bencana alam. Alam dadi guru pasinaon becik lan luhur. “Sastra cetha tan tinulis”, pasinaon bebrayan kang nyethakake kuwasane Gusti ing jagat gumelar. Alam menehi pralambang lelakone jagad kang arep kedadeyan, mung wae anane bisa maca pralambange alam, manungsa kudu sinau marang alam.

Nyandhing lan nyawiji marang alam lewat tradisi sedhekah bumi Jamboleka dadi salah sijine cara pasinaon warga desa Ngledok, Ngablak lan Talpitu nalika ngaturake rasa syukur marang Gusti.

“Asile ora mung ndadekake pa­nguripane tentrem ayem, nanging mu­bra mubru sandhang pangane,” kan­dhane jurukunci.

(Judiantoro)  

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…