Sang Empu 1 Loro-loro Topeng
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 288 kali

Yuswane wis kliwat sangang puluh taun, nanging isih katon bagas lan kuwat. Sing luwih nggumun-ake maneh  suwarane isih bening, kedaling ilat isih teteh lan napase isih cukup landhung. Iku Mbah Sastro Wijoyo. Lan gandheng dheweke iku empu karawitan, wong akeh luwih adhakan marabi Mbah Sastro Gender. Sejatine nyekel apa wae bisa. Wiwit kendhang, rebab nganti peking dheweke bisa nabuh tur mesthi apik. Nanging saben pagelaran karawitan dheweke mesthi dikon nyekel gender. Semono uga yen nabuhi wayang. Dhalange rumangsa kepenak yen sing nggenderi Mbah Sastro.

Ing atase seniman sing wis temen-temen njiwani senine, Mbah Sastro Gender tansah bingar kaya ora tau susah. Dhasar piyayine pancen grapyak sugih omong, tur akeh guyone, dadi nyenengake sing diajak guneman. Nanging akhir-akhir iki kok katon beda. Katon surem pola-tane. Lan ora akeh guneme. Embuh ana apa. Yen bab kulawarga wis ge-nah ora, sabab anak-anake wis padha mapan uripe lan padha bekti marang wong tuwa.

Bisa uga karana weruh glagat iku Marsidi sing padha-padha ahli karawi-tan merlokake nemoni Mbah Sastro. Ora arep ngurus perkara olehe katon rada susah. Iku rak klebu degsura, ingatase bocah enom ngurus-ngurus patrape wong tuwa. Marsidi mung arep ngajak omong-omong, kojah-kojahan, mligine perkara karawitan sing dadi kasenengane Mbah Sastro Gender wiwit bocah. Sapa ngerti iku bisa nglipur atine.

Nalika Marsi tekan omahe Mbah Sastro, njagragake sepedha motore ing latar banjur mlaku nyaketi lawang omah. Saka njaba wis katon Mbah Sastro lagi lungguh legog-legog ing kursi. Ora katon esem kaya adate. Sajake swara sepedha motore Marsi babar pisan ora kuwawa narik kawigatene.

“Kulanuwun, Eyang,” uluk salame Marsi.

Wong tuwa iku noleh. Lagi nalika weruh Marsi, katon eseme ing lathi kang  wis kisut iku.

“Eeh, mangga!” tangkebe semanak. “Kene, lungguh kene.” Banjur rada sora suwarane, “Ndhuk Rani, gawekna wedang rong gelas, Ndhuk. Iki aku duwe dhayoh istimewa.”

Marsi mapan lungguh ing kursi tamu kang tinata rapi ing tengah pendhapa wangun sinom iku. Persis ing ndhuwure ana lampu robyong kang endah, maweh titikan yen sing duwe omah iku klebu wong kesait, tegese wong mampu ekonomine.

“Dikepenakake lungguhe, Nak. Rak padha slamet ta?”

“Pangestunipun Eyang wilujeng sowan kula.”

Wong tuwa iku nyawang Marsi sa-untara. Nuli keprungu…………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…