Ulur-ulur Jum’at Legi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Kejawen - Dibaca: 54 kali

Upacara adat Ulur-ulur minangka upacara kanthi ancas tujuan kanggo nekakake rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad krana wis pinaringan rejeki akeh. Upacara iki minangka upacara mul­yakake banyu, krana banyu wis menehi panguripan marang tanduran lan kewan duweke warga Desa Sawo, Gedangan, Ngentrong, lan Gamping Tulungagung.

Perlengkapan upacara dumadi saka padupan, kanggo ngobong menyan. Jodhang kanggo ndeleh sesajian. Payung kanggo pengkormata. Sapu tangan, minangka simbol ing wektu nglampet (mbendhung banyu). Godhong gedhang, godhong sawo, lan kething minangka pralambang lan wadhah banyu. Musik pengiring, reog kendhang. Tembang pambuka, Onang-onang, Monggang, Gangga Mina, lan Srampat Tulungagung.

Ubarampe sesaji kanggo upacara dumadi saka dupa/menyan lan lenga wangi kang gandane dipercaya disenengi banget dening roh alus, lan cok bakal kanggo tumbal. Ing upacara iki mbutuhake cok bakal cacah lima, sing papat dideleh ing pojokan, dene sing siji dideleh ing papan sesembahan.

Cok bakal dumadi saka gula gimbal, gula gringsing, endhog pitik kampung, gantal, benang, sisir, kaca milon, miri, lan badheg kang dideleh ing jero takir. Fungsine cok bakal kanggo tulak balak lan kanggo ngaweruhi Kaki Dhanyang lan Nyai Dha­nyang amrih upacara bisa lumaku lancar.

Gula gimbal lan gula gringsing kanggo ngawe­ruhi cikal bakal desa. Endhog pitik kampung mi­nangka pralambang kang­go tansah eling marang asal-usule. Gantal, amrih pikantuk keslametan. Sisir lan kaca milon kanggo instrospeksi diri.

Kembang telon dideleh ing jero bokor lan dicampur karo banyu telaga, fungsine kanggo sesuci dhiri. Jajan pasar arupa asile prodhuk­si Desa Sawo, Gedangan, Ngentrong lan Gamping. Jinis jajan dumadi saka jadah, gedhang goreng, jenang, wajik, krupuk, nagasari, lan liya-liyane.

Keleman yaiku panganan saka uwi-uwian (pala kependhem). Badheg mi­nangka inuman ing wektu nglampet. Saliyane iku, badheg dipercaya minangka inumam kesenengane roh alus.

Ubarampe sesaji liyane sing kudu ana, yaiku gedhang, klapa gadhing, benang, badheg, lenga wangi, kembang telon, ukir, kang dideleh ing rege. Jumlahe ubarampe sesaji lima, diwenehake marang juru kunci, sesepuh, ing papan sesembahan, ing reog, lan gamelan. Ubarampe sesaji sing diwenehake juru kunci lan sesepuh minangka sembulihe, dideleh ing papan upacara minangka tebusan, ing gamelan supaya unine apik (ora slendro) lan swarane bisa tekan njaban desa.

Gedhang raja maknane amrih pikantuk pemimpin kang wicaksana. Klapa gadhing mak­nane amrih dadi wong kang wi­guna tumrap nusa lan bangsa. Benang lawe minangka pangiket rasa. Lenga wangi dipercaya minangka wewangian kang disenengi roh alus. Ukir, dhuwit saanane minangka sembulih sesepuh. Makutha digawe saka janur minangka pralambang kebesaran utawa penghormatan. Beras kuning minangka panganane kewan kang ana ing tlaga.

Para pelaku upacara uga nggawa maneka tumpeng, antarane liya buceng kuat, buceng brok, ambengan sekul suci ulam sari, lan sega golong. Saben desa paling ora nggawa tumpeng siji. Tumpeng pokok ing upacara iki diwenehi lawuh ing­kung, lan tumpeng liyane lawuhe werna-werna.

Arak-arakan dhek dina Jum’at Legi tanggal 20 Juli 2018 kepungkur katon me­riyah banget. Barisan sing ngarep dhewe, cucuk lampah ikone Telaga Buret yaiku lele raseksa lan bulus raseksa. Samburine barisan sesepuh desa, lan barisan dupa. Samburine maneh barisan putri dhomas, lan barisan kasepuhan. Dene barisan sing mburi dhewe, grup reog kendhang lan grup SMAN I Campurdarat.

Wektu rombongan arak-arakan mlebu ing papan upacara (Telaga Buret) kairing gendhing “onang-onang”. Dhukun wanita nyipratake banyu telaga kang wis dicam­puri kembang talon marang kabeh peserta upacara, kanthi tujuan sesuci dhiri lan ngarep-arep berkah saka Gusti Kang Akarya Jagad. Wektu nyipratake sesajian siraman kairing gendhing “Monggang”. Nyiapake ubarampe sesaji lan jajan pasar dening juru kunci kairing gendhing “Onang-onang”. Wektu nglarung jajan pasar menyang telaga kairing gendhing “Mong­gang”. Dene purnane upacara sawise slametan, lan murak berkat bareng­             bareng. (*)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…