Keris, Asal- Usul lan Pigunane (7):
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 45 kali

Mitologi Jawa Bab Panggarape Keris

Caruban wesi kang becik bisa andayani angsare.

Dumadine cecaruban antarane wesi siji lan sijine iku manut para winasis bisa andayani marang daya anyar. Mula panyarube bahan iku ora kena mung gampang­-gampangan. Luwih-luwih yen jinis wesine luwih saka loro, telu, papat apa lima, panalitine uga ora baen-baen. Apamaneh jaman ndhisik iku durung ana bebadan kayadene labotarium. Dadi cara­ne empu milih lan nintingi wesi siji lan siji­ne kanggo nggarap keris iku racake ka­wawas kanthi kawaskithan lan rasa pangrasane empu kang yasa keris iku dhewe. Sanadyan mangkono, nanging petungane empu iku umume ora tau sisib, sabab sadurunge tumandang dilandhesi kanthi srana ‘cegah dhahar kalawan gu­ling’ nganti sasen-sasen, tetaunan, utawa malah ing salawase urip. Malah ana empu kang wani nyekel wesi panas mengang­gah, ndilati geni, lsp.

Mungguh manut panalitine para sepuh kang lebda ing kawruh tosan aji, campuran maneka wesi becik kang ka­carub lan bakal kawujudake dadi gegaman (keris, tumbak, lsp), ing antarane yaiku:

1. Wesi Mangangkang yen kaca­rub wesi Walulin: dayane becik, rupane biru klawu. Otote/serate dadi owah kaya wesi Malela. Yen dithinthing muni ‘deng-gung’ lan mbrengengeng. Yen kang­go duwung dhapur lenceng ndayani kang kagungan remen dadi prajurit, dene yen kanggo dhuwung dhapur luk ndayani remen among dagang lan padatane bisa kaleksanan kanthi sempulur.

2. Wesi Mangangkang yen kaca­rub wesi Ambal. Ulese malih dadi wungu sulak abang, otote alus kaya bludru, cahyane gilap agilar-gilar. Yen dithinthing muni ‘drung’ sajak gumeter. Yen kanggo keris apa tumbak, becike kanggo dhapur lenceng. Ndayani kanggo golek gaweyan ndayani ditresnani pandhuwure.

3. Wesi Tumbuk yen kacarub wesi Terate. Ulese malih dadi putih semu biru pating trenyep. Otote kasar. Yen dithinthing muni ‘nong-nong-brung’. Angsare: ndayani marang kasugihan utawa ditresnani wong akeh.

4. Wesi Tumpang yen kacarub wesi Welangi. Dadine becik. Ulese biru tuwa meles (memper nila). Yen dithinthing muni ‘jung-nging’ landhung. Yen kanggo yasa keris apa tumbak becik dhapur luk. Angsare: kang kagungan slamet. Sirik yen disilih-silihake wong liya. Kang kagungan umume cinaketan piyayi luhur.

5. Wesi Pulasani yen kacarub we­si Winduadi. Ulese dadi ijo sulak biru, yen digrajang dadi alus kaya bludru. Yen dimatake sajak medeni. Yen dithinthing muni ‘gung­wung’ . Kanggo keris dhapur lenceng apa “luk” padha becike. Lumrah diagem para nata. Angsare: kang kagu­ngan kadunungan drajad. Nanging yen kang kagungan dudu ‘trahing kusuma rembesing madu’, racake ora kuwat.

6. Wesi Karangkijang yen kacarub wesi Pulasani. Warnane dadi kaya watu Aceh, meles merak ati. Yen dithinthing muni ‘gur’. Yen kanggo duwung becik kang dhapur “luk”. Angsare: kang kagungan kadunungan ati sabar darana, seneng guna pangawikan lan diparani rejeki.

7. Wesi Karangkijang yen kacarub wesi Mangangkang Lanang. Warnane dadi ireng sulak ijo, sajak nglugut. Yen dithinthing muni ‘drung-jung’ landhung. Angsare: tansah kapengin mrentah wong kang nandhang salah. Cocog kanggo para senapati perang, sebab ndayani rasa kendel kang ngedab-edabi. Becik kanggo duwung dhapur “luk”.

8. Wesi Karangkijang yen kacarub wesi Mangangkang Wadon. Warnane dadi ijo sulak biru. Otote katon pating kerlip, yen dithintingi muni ‘deng-gung’mbrengengeng. Angsare: Cocog kanggo para senapati utawa wong sugih. Watake berbudi bawa laksana. Becik kanggo dhuwung dhapur “luk”. Yen kanggo duwung dhapur “lenceng”, watake ora jenak lan seneng pindhah-pindhah ta-ngan.

9. Wesi Karangkijang yen kacarub wesi Walulin. Warnane dadi ijo royo-royo. Otote memper kaya Wesi Malela. Yen dithinthing muni ‘gung-mung’ kaya nggereng. Yen kanggo duwung becik dhapur “lenceng”, angsare: cocog karo para warangkaning praja, sebab watake ‘ora mbau kapine’ (jejeg lan adil). Dene yen kanggo duwung dhapur “luk”, trep kanggo utusaning nagari utawa telik sandhi.

10. Wesi Karang kijang yen kacarub wesi Katub. Warnane dadi wungu sulak ijo. Otote ngrawit kaya ram­but. Yen dithinthing muni ‘kung-ngung’ mbrengengeng. Yen kanggo keris dhapur “luk” pantes diagem para prajurit samodra (angkatan laut). Angsare: kang kagungan dicedhaki kabegjan. Yen kanggo keris dhapur “lenceng”, trep kanggo ageme para among tani, sabab kang katanem tulus engga kalis ing ama.

11. Wesi Karang kijang yen kacarub wesi Kamboja. Warnane dadi biru mrusuh. Otote kaya gadhung pating trenyep. Yen dithinthing muni ‘thing-thing’. Yen kanggo keris dhapur “luk” pantes kanggo priyayi kang ulah kebatinan. Angsare: kang kadunungan ora pasah yen dijaili (dipiala) wong. Dene yen kanggo duwung dhapur “lempeng”, kang nduwe asring kelangan barang.

12. Wesi Karang kijang yen kacarub wesi Ambal. Warnane dadi biru sumilak resik. Yen dithinthing muni ‘thrung-ngung’ sajak gemeter. Becik kanggo duwung dhapur “lempeng” pantes kanggo ageme para senapatining prajurit. Kabeh prentahe bakal kaestokake. Yen kadu­nungan wong among dagang, bakal nggawa bebathen akeh lan ngadohake pialane liyan. Nanging yen kanggo keris dhapur “luk” akeh sambekalane.

13. Wesi Karang kijang yen kacarub wesi Tumbuk. Warnane dadi biru sulak ijo. Yen dimatake otote kaya kasar, nanging yen digrayang alus. Yen dithinthing muni ‘ngung’ nguman­dhang. Yen kanggo duwung dhapur “lempeng”, pantes diagem pawongan brewu,watake diluluti donya brana. Yen kanggo lelungan, ing ngendi papan rineksa para lelembut lan kalis saka sambekala.

14. Wesi Karang kijang yen kacarub wesi Werani. Warnane ijo mulus ariyem-riyem. Yen dithinthing muni ‘ming-ngung’ panjang. Becik kang­go keris dhapur lenceng. Kang kanggonan punjul ing sasama. Keris jinis iki ora minangka ageme piyayi lumrah.

15. Wesi Pulasani yen kacarub karo wesi nem werna yaiku wesi Mangangkang, Walulin, Katub, Kamboja, Ambal lan Winduadi. Salah siji angsare becik, nanging yen wesi 6 warna iku kacaruban jinis wesi liyane, angsare dadi panas, getas lan gampang putung, awit dudu jodhone. Ulese biru sulak ungu, otote kasar, gilap nanging tanpa cahya. Yen dithinthing muni ‘gur-dhung’ landhung. Kang kadunungan kerep nandang sakit. Mula aja nganti kacaruban karo jinis wesi liyane

16. Wesi Terate yen kacarub dadi karo wesi-wesi liyane kang becik. Angsare bakal tetep becik.

17. Wesi Mangangkang Lanang yen kacarub dadi siji karo wesi Walulin. Warnane dadi ireng meles sulak biru sajak nglugut. Yen dithinthing muni ‘drung-ngung’, mbrengengeng. Logam campuran iki kang becik kanggo keris dhapur “lempeng”. Angsare: kang kadunungan bisa dadi priyayi.

18. Wesi Mangangkang Lanang yen kacarub dadi siji karo wesi Tumpang. Warnane dadi biru sulak wungu, gilap pindha gedah. Yen dithinthing muni ‘prung-jung’, landhung. Kang becik kango keris dhapur “lempeng”. Angsarane: kang kadunungan kasembadan sedyane, diajeni wong akeh, dituwakake, lan ditresnani pandhuwure. Yen kanggo among dagang gampang antuk bebathen akeh. Suwalike yen keris iku mawa dhapur “luk”, kang kadunungan kerep kelangan.

 

Wesi kang kurang becik

Kajaba wesi kang (kasiyate) becik lan pinunjul, uga ana wesi kang kurang becik, ma­lah ana kang ora bisa dianggo ma­nungsa. Mungguh aran lan titikane wesi kang ora becik, ing antarane yaiku:

1. Wesi malik. Yen dithinthing muni ‘thong-brung’ landhung. Ulese ireng kadhuk merkutuk. Kang kanggonan omahane dadi sangar lan gampang katemah bilahi.

2. Wesi kanthet. Yen dithinthing muni ‘trung’, kemeng cilik. Ulese putih kaya wesi mentah, grajangane alus, belang-belang. Kang kanggonan kerep padu karo sing wadon, malah sok dadi pisahan. Uga bisa ngadohake paseduluran.

3. Wesi balitung (kang ala). Yen dithinthing muni ‘theng’ cekak. Ulese biru kaduk mangkak. Kang kadunungan bisa mlarat lan ana-ana bae kang ngengribedi uripe, luwih-luwih ing bab jejodhowan.

4. Wesi Mentah. Yen dithinthingi muni “Song-brung”. Ulese kaya omah keyong gondhang. Kang kadunungan asring kewirangan. Bojo lan sanak kadange asring dipilara wong liya. Duwung saka wesi mentah iki pantes dianggo badhut.

5. Wesi keleman. Yen dithinthing muni ‘prung’, cilik nanging landhung. Ulese ireng kasab larajak nglugut. Kang kadunungan dadi ngebreh lan kerep lara, asring kelangan, kerep didukani pandhuwure, atine tansah bingung. Satemah dadi kaya wong bodho ing samubarang karyane.

6. Wesi enuh. Yen dithinthing muni ‘mbrengengeng’ landhung. Ulese biru sulak abang, sawangane sajak wingit, dayane panas. Kang kadunungan malih duweni watak cengkiling, gawe kisruh lan gawe susahe wong liya.

Cathetan: Wesi kang watake ala iku sanadyan dicarub karo wesi jinis apa bae, dayane uga tetep ora becik kang kadunungan bisa nemoni karibedan warna-warna.

 

Teknologi Panggarape keris

Teknik panggarape keris iku pendhak empu siji lan sijine asring ora padha. Pendhak jaman uga ora padha lan ngalami owah-owahan, Cocok karo mekare teknologi kang tansaya maju. Teknik panggarape keris ing jaman saiki, ing antarane kaya kang dilakoni Ki Empu Jeno Harum Brojo saka desa Sumber­agung, Moyudan, Sleman. (Pirsanana: Buklet “Pameran Di Balik Rahasia Teh­nologi Pembuatan Keris” kang kababar Proyek Pengembangan Permesuman DIY, tim penyusun: Achmad Yusuf, Bejo Haryono, Basuki, Isma’un).

Kanggo nggarap saweneh keris Ki Empu Jena Harum Brojo mawa bahan baku wesi dlurung (wesi as mobil) kang ing jaman saiki disawang minangka barang kang banget atos. Sanadyan mangkono nanging Ki Jena Harum Brojo uga gawe katemtonan (syarat-syarat) marang gunggunge maneka bobot logam lan lapisan (sap-sap) logam (wesi, lsp) kang trep karo tangguh keris kang bakal ditandangi manut syarat­syarat lan ukurane.

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan