Jimat Pecut Ing Situs Mbah Lembu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Pasujarahan - Dibaca: 61 kali

Sawijining situs unik, dumunung ing dhusun Boto, Pakis, Wonosari, Klaten, Jateng. Yakuwi reca kuna awujud lembu utawa sapi. Saengga masarakat kerep ngarani kanthi jeneng Situs Mbah Lembu. Ing situs iki, kanthi modhal endog pitik lan pirang-pirang lembar dhuwit, bisa entuk jimat ghaib. Jimat sing kerep digoleki yakuwi cemethi utawa pecut. Nanging kudu ngati-ati, ana wewaler sing kudu digatekake nalika cedhak papan situs.

Miturut Warsito (72), sesepuh desa Pakis nuturake, menawa dumununge situs Mbah Lembu kasebut jan-jane wis suwe ditemokake. Kira-kira kawit jaman Jepang biyen, nalika kalah dening Sekutu jroning perang donya II. Malah njedhule reca Mbah Lembu, diprecaya minangka tandha ghaib bakal kalahe Jepang jroning perang kasebut.

“Lan pancen bener, pirang-pirang minggu sawise reca Mbah Lembu dite­mokake, Jepang pungkasane kalah lan lunga ninggalake Indonesia,” critane Warsito marang PS.

Temonan reca Mbah Lembu biyene ora disengaja. Yakuwi nalika ana warga desa golek bekicot dianggo pangan pa­dinane. Jaman dijajah Jepang, panguri­pan pancen angel. Kalebu bab pangan, akeh warga masarakat sing kaliren utawa kurang gizi. Saengga pangan alter­natip kayata bekicot, keong, welut, walang, lan sumber protein liyane sing murah diluru dening warga.

“Wektu ndhokeri lemah lan suket ing kebon, ana warga sing ne­mokake reca kuna awujud sapi kasebut,” sam­bunge bapak Warsito maneh.

Temon kuwi sengaja di­dhelik­ake dening warga desa. Awit, padha kuwatir pehak Je­pang bakal ngangkut peksa, umpama krungu temon reca kasebut. Wa­yah wengine, para sesepuh desa akeh sing keta­man impen. Yakuwi diimpeni menawa pehak Jepang bakal kalah jroning pe­rang, lan eng­gal lunga saka bumi Nuswan­tara. Pranyata be­ner, sawise telung minggu saka dina temon kasebut, Jepang nyerah kalah marang Sekutu.

Nalika Jepang lunga, reca sapi ka­sebut lagi dibukak, lan dipindhah me­nyang tengah desa. Penere ing ngisor idume wit-witan gedhe. Jalaran diang­gep duwe jasa marang kalah lan lungane Jepang, reca sapi kuwi njur dikramatake dening warga. Malah ana sing wiwit aweh sesaji ing cedhake reca kanthi ajeg. Nganti sawijining dina, sesepuh desa diimpeni  ditemoni sawijining priya tuwa sing ngaku minangka penjaga reca kasebut. Penjaga reca kuwi njaluk supa­ya reca enggal dibalekake menyang pa­pan sing lawas. Yaiku papan sing pisanan ditemokake dening warga.

“Wekasan warga njur mbalekake re­ca menyang papan lawase. Tumekan sa­iki, warga desa kene ngarani papan lan reca kuwi kanthi jeneng Situs Reca Mbah Lembu,” critane.

Sawise Jepang lunga, genten tentara Walanda sing teka. Sepisah maneh, anane reca Mbah Lembu menehi sawab ghaibe. Nalika akeh pe­juang kamardikan sing ndhelik ing desa kasebut, kabeh kaya diayomi. Bola-bali tentara Walanda nge-bom desa kuwi, becik saka montor mabur utawa saka meriem tank. Anehe, ora ana siji-sijia bom sing nibani wilayah desa. Kabeh bom sing ceblok, ngenani laladan ing njaba desa.

Pancen ana siji loro bom sing ce­blok mlebu desa. Nanging bom-bom sing kebacut mlebu desa kuwi racake mesti macet, ora sida mbledhos. Sa­engga becik gerilyawan utawa warga desa sing ndhelik padha slamet. Ora ana sing kebledhosan bom. Malah tentara Walanda sing mbacutake ngoyak arep mlebu desa, pungkasane ora ana sing wani mlebu desa. Mbuh se­babe apa, angger wis tekan tapel wates desa, bia­sane konvoi tentara Wa­landa banjur man­­dheg. Utawa mung meng­gok ngu­bengi desa. Bab kuwi mesthi wae dadi misteri tumrap warga desa.

Kawit kabeh kedadeyan kasebut, war­ga tansaya precaya marang keku­watan ghaib reca Mbah Lembu. Reca Mbah Lembu diprecaya ngayomi desa saka kabeh bebaya sing teka saka ngen­di wae. Sacara turun-tumurun, warga de­sa ajeg ngrumat reca kuwi. Becik kahanan lagi susah utawa lagi seneng (panen).

 “Malah upama ana warga sing lagi bayen, lan umure bayi sepasaran (5 dina), biasane uga caos dhahar (sajen) ing papan reca Mbah Lembu,” pratelane.

Ujare kandha, ritual caos dhahar ka­sebut kanggo nyuwun sawab. Kareben bayi lan keluwargane tansah nemu  ke­slametan, bagas waras, lan kamulyan nganti tekan bayi dewasa mengkone. Nalika nindakake ritual, bayi digendhong dening wong tuwane kanthi ngubengi reca Mbah Lembu nganti ping telu. Ja­man saiki, reca kasebut wis diwenehi pager dening warga, kareben ora di­anggo tumindak sembrono dening bocah-bocah sing liwat.

Kejaba ritual bayen, masyarakat sakiwa-tengene uga nindakake ritual wektu mangsa tandur pari, lan mangsa panen. Tujuwane, supaya jroning mang­sa tandur lan panen mengko, ora ana gangguan lan bebaya. Ritual iki cukup prasaja, yakuwi menehi sajen awujud rokok ing papan reca Mbah Lembu.  Sa­liyane rokok, uga kerep ditambahi sega gurih, kacang dhele, lan pitik ingkung panggang.

 Nanging ana wewaler sing mligi, wektu mangsa tandur utawa mangsa panen teka. Ing jaman biyen, teknik wek­tu panen nganggo piranti sing kerep di­arani ani-ani. Yakuwi ngethok pari kanthi mlaku maju. Nah pantangane wektu nindakake ani-ani kasebut, yakuwi aja mbokongi (ngunduri) marang arah pa­pane reca Mbah Lembu. Saengga arahe kudu maju pinuju papan reca Mbah Lem­bu. Bisa diupamakake, mapane Mbah Lembu saemper kiblat nalika ritual manen pari.

 “Semono uga wektu nandur, biasane para kadang tani ora wani mbokongi ma­pane reca Mbah Lembu,” ujare Warsito maneh.

Upama wewaler kuwi diterak, ritual sesaji ing papan reca bisa muspra. Sing kerep dumadi, asile panen dadakan ora kaya sing dikarepake. Kaya ta dadakan diserang ama wereng, dadakan udan deres, utawa asile panen ora bisa mak­simal. Bisa uga, sanajan panen wis ditin­dakake, nanging wektu pari utawa beras didol, dadakan regane anjlok, murah banget. Nate kedadeyan, nalika wewaler kuwi dilanggar, ana sawijining warga dadakan tiba dhewe nganti bola-bali ing sa­wah. Wekasan dhe­weke lagi sadhar, jebul wis nerak wewaler kuwi.

Siji maneh sing kudu di­taati dening warga. Sapa wae sing isih ngo­peni sapi, kebo, utawa jaran kanggo ngewangi pagaweyan padinane, ora entuk milara kewan-kewan kasebut sanajan mung sithik wae. Upama  kanggo narik grobak, nglu­ku sawah, lan liya-liyane. Wektu dianggo kerja kasebut, aja pisan-pisan milara, kaya ta mecut, menthung, lsp.

“Biyen ana sing ne­kad menthungi sapi na­lika sapine mutung ora ge­lem narik grobage. Wekasane gro­bage malah dadi macet lan rusak. Lan wayah wengine, sing duwe grobag da­dakan lara adhem panas nganti rong minggu suwene,” critane.

Saengga jroning kahanan piye wae, kewan ingon-ingon aja pisan-pisan di­larani, sanajan kewan kasebut sajak wegah-wegahan anggone ngewangi makarya. Warga desa percaya kabeh kewan sing sikile papat ing desane, seja­tine minangka ingon-ingonan ghaibe re­ca Mbah Lembu. Saengga Mbah Lembu bakal nesu, upama kewan ingonane njur dilarani utawa dipilara dening warga.

Nate uga, biyen ana jaran darbene warga sing dadakan ketaman lelara. Jalaran ora pengen rugi, wekasane jaran kuwi dibeleh saperlu didol daginge. Na­nging apes, nalika arep dibeleh, jarane malah mbeker-mbeker njur mlayu ming­gat.

Sawise kuwi, jarane bali dhewe, nanging dadakan langsung ambruk lara maneh. Nalika arep dibeleh kaping pindhone, eh jaran kuwi meksa mbeker-mbeker maneh banjur mlayu lunga.

 “Pungkasane wektu jaran bisa bali maneh, mung ditokne dening sing duwe. Nganti jaran kuwi mati dhewe tanpa sida dibeleh. Jaran banjur dikubur kayadene ngu­bur jisime manungsa,” critane.

Saengga mbeleh utawa mateni ke­wan ingon-ingon uga dadi pantangan tumrap warga desa sakupenge. Warga biasane luwih milih ngedol kewan kuwi tinimbang mbeleh dhewe. Adole uga ditawakake dhisik marang tangga-te­parone. Upama wis ora payu, lagi didol menyang pasar utawa wong-wong njaba desa.

Biyen uga tau saka pehak Dinas Pur­bakala arep mindhah reca kasebut me­nyang museum Prambanan. Nanging mbuh geneya, mesti ana-ana wae ala­ngan sing njalari reca kuwi ora bisa di­pindhah. Saengga tumekan saiki, reca kuwi isih mapan ana ing papan lawase. Saliyane kuwi, warga desa dhewe uga pengin reca kuwi ora diowahi, utawa diganggu papane.

 “Warga precaya, upama reca di­pindhah menyang njaban desa, njalari ora ana maneh kekuwatan ghaib sing ngayomi uripe warga desa,” ujare.

Papan reca sing pisanan ditemokake kasebut, pancen kondhang minangka papan sing wingit. Kerep dumadi bab-bab sing aneh utawa ora tinemu nalar. Kaya ta kadhangkala diprangguli wujud wong tuwa kanthi rambut putih dawa. Malah sok-sok wong tuwa kasebut sa­najan ing wayah awan, uga kerep nje­dhul lagi tanen ing sawah utawa kebon. Nanging nalika dicedhaki utawa disapa, wong tuwa kasebut dadakan ilang tanpa tilas.

Nanging emane, pirang-pirang taun kepungkur ana wong sing ora tanggung-jawab, dadakan nyolong sirahe reca kasebut. Sirahe reca ditugel, saengga wujude saiki katon ora sampurna. Sa­najan wis ora sampurna tanpa sirah, war­ga tetep precaya marang kekuwatan ghaib saka sawabe reca Mbah Lembu. Buktine, isih akeh wong sing teka me­nyang reca Mbah Lembu saperlu nindakake ritual ngalap berkah.

“Salah sijine wujud ritual, yakuwi ngalap berkah nyuwun jimat ghaib sing wujude cemethi utawa pecut,” ujare.

Mligi, warga sing golek jimat pecut, racake saka warga njaba desa. Mbuh sapa sing pisanan miwiti, ing papan sakiwa-tengene reca Mbah Lembu, kerep ditemokake pusaka pecut. Ujare kandha pecut kasebut dhuweni daya kasekten. Wujude biasane wis ngakik, utawa kaya watu saemper fosil atos. Sanajan wujude mung ngono, daya ke­kuatan jimat pecut iki gedhe banget.

 “Kajaba dianggo kasekten lan keke­balan awak, jimat kuwi bisa uga dianggo nglancarake rejeki. Mligine tumrap para kadang tani lan warga sing ingon-ingon kewan ternak,” tuture.

Prosese nindakake ritual uga cukup gampang. Beda klawan ritual mangsa tandur utawa mangsa panen sing kudu nganggo ubarampe rokok minangka sesaji.  Ritual mburu pecut sekti iki, mung cukup nggawa ubarampe endhog pitik kampung lan pirang-pirang lembar dhuwit kertas. Cacahe endhog paling sithik siji. Lan cacahe dhuwit sembarang, nanging kudu dhuwit asli sing isih payu ing jaman saiki.

Sesaji kasebut mengkone bakal dido­kok ing ngisor, utawa ngarepe reca Mbah Lembu. Saengga ora nggumunake, wa­yah dina Setu esuk, biasane kerep dite­mokake dhuwit-dhuwit kertas pating blesah ing sacedhake reca, jalaran ka­terak angin. Lan ora ana wong sing wani njupuk dhuwit kasebut sanajan mung pecahan Rp 10 ewu utawa malah peca­han  Rp 100 ewu.

Ujare kandha sapa wae sing wani nju­puk dhuwit sisa ritual kasebut, bakal didadekake tumbal dening pelaku ritual sing wis kasil entuk jimat pecut. Tumbale bisa awujud nyawane sing njupuk dhuwit bakal dijaluk, utawa kadhangkala malah ketaman lara  kaya wong linglung utawa edan. Mbuh bener lan orane, sing cetha kapercayan kasebut isih keprungu tu­mekan saiki. Luwih-luwih nalika dolan menyang desa mapane reca Mbah Lembu. (Meddia)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saya tambah umur saya kabur mripat kita...Iki ora liya merga satemene Gusti Allah lagi madhangake mata batin kita kanggo ndeleng akhirat.

Klik

PASRAH DIPRIKSA DOKTER CILIK

Saperangan ing antarane kita ana kang duwe ingon-ingon ing omah. Apa kuwi asu, kucing, manuk, bebek, pitik lsp. Kerep kewan-kewan ksb nganti dianggep minangka perangan kulawargane dhewe. Malah saking rakete karo kewan ingon-ingone, kerep kewan ingon-ingone ksb pasrah nalika arep diapakake wae dening sing duwe. Kaya ing gambar iki contone. (d/ist)***

Pethilan

Ewonan seniman bakal dikerigake menyang sekolahan

Ngasah uteg tengene siswa

Uji materi nyalon presiden kemungkinan gagal

Calon akeh, patut ora?

Parpol ngerigake kekuwatan penuh ing Pilkada 2018

Ana sing pengin ngganti presiden pisan