Respati Lair (1)
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Padhalangan - Dibaca: 199 kali

Swuh rep datapitana, anenggih nagari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linuwih, dasa sepuluh, purwa wiwitan. Sanadyan kathah titahing

dewa ingkang kasongan ing akasa, sinangga pratiwi,kaapit samo­dra, kathah ingkang anggana raras,tan kadi Negari Purwacarita ya Medhang­kamolan. Mila kinarya bukaning

kandha awit ngupaya nagari satus tan antuk ka­lih, sanadyan sewu tan jangkep sedasa.

 Dhasar negari ingkang panjang punjung, pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem lan raharja. Pan­jang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gu­nung. Negara kang ngungkurake pagu­nungan, nengenake pasabinan, ngeri­ngake pategalan, ngayunake bandaran gedhe. Loh tulus kang sarwa tinandur,  murah kang sarwa tinuku. Gemah lam­pahing nangkodha surya ratri datan ana pedhote, labet datan ana sangsayaning margi. Aripah, janma kang samya be­bara jejel apipit, aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking har­janing nagari.

Ingon-ingon bebek sapi pitik iwen tan ana cinancangan, yen awan aglar ing pa­ngonan, yen sore padha mulih ana kan­­­dhange dhewe-dhewe. Dhasar ne­gara gedhe obore, padhang jagade, dhu­wur kukuse,  adoh kuncarane. Bebasan kang celak manglung, ingkang tebih tu­miyung. Mboten ngemungaken ing tanah Jawa kemawon kang sami nungkul, sa­na­dyan dumugi tanah sabrang kathah para raja kang sami sumawita tan ka­rana ginebaging ajurit, amung kayung­yun mring kautamen, sami atur putri minangka panungkul. Ing saben rikala mangsa sami asok butu bekti glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni guru bakal guru dadi.

Sinten ta jejuluking narendra ingkang ngrenggani puraya gung Purwacarita? Mboten sanes inggih Raden Turunan, kan­thi ngagem jejuluk Prabu Kandhiha­wan ya Kandhihawa. Narendra kang ru­ruh pasemone, alus bebudene. Ngagem jamang garudha mungkur miwah praba. Prabu Kandhihawan ya Raden Turunan nglintir keprabone rama marasepuh, Prabu Sri Mahapunggung ya Darmami­kukuhan.

Nuju ari sajuga sang nata ingkang wicaksana lan berbudi bawa leksana  nga­wontenaken pasewakan agung. Denadhep warangkanata awasta Patih Mandasrawa. Dene kang minangka pa­rampara ya nujume negara Purwacarita mboten sanes keng rama piyambak kang peparab Begawan Andha.

Mangkana sawusnya satata leng­gahira, alon wijiling pangandika kang kawiyos ing lesan, “Nuwun Rama Bega­wan, langkung rumiyin ingkang putra ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk pepada jengandika, Rama.”

“Hiya anak angger Prabu Turunan, banget ndadekake suka renaning pang­galihku dene Anak Prabu bekti marang wong tuwa. Ora kliwat pudya panges­tuku genti tampanana.”

“Sanget ing pamundhi kula, mugi an­dadosna jimat paripih. Mugi katuran leng­gah ingkang prayogi, Rama Bega­wan.”

“Praptaku ana kene kaya wus ora kurang sawiji apa, Anak Prabu.”

“Kakang Patih Mandasrawa. Apa ora ndadekake…………….

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Urip iki cekak banget yen mung trima diisi karo rasa gela lan benci.

Klik

TRADHISI KAUL LAN ABDA’U ING MALUKU TENGAH

Iki sawijining tradhisi mbeleh wedhus ngarepake Idul Qurban. Ditindakake kaping pindho, yakuwi sing umum sawise shalat idul adha, lan ana maneh sing khusus. Sing khusus kanthi mbeleh wedhus 3. Sadurunge dibeleh, tetelune wedhus iki digendhong jarit dening tetuwane adat lan diarak keliling sinambi sholawatan nuju pelataran masjid Negeri Tulehu sawise Ashar. Tujuane ritual iki kanggo tolak balak lan nyenyuwun panga-yomane Gusti Allah kanggo masyarakat Tulehu. (d/ist)

Pethilan

Polri wiwit ngrasakake anane konflik pemilu

Digulung wae pak

Pasangan capres-cawapres setuju pemilu dhame

Pendhukunge sing dikon gontok-gon­tokan

Capres-cawapres nyiapake tim sukses

Sukarelawan, nanging ana pamrih