Duren Raja Wis Dikenal Abad Wolu Masehi
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Laporan - Dibaca: 141 kali

Gegambarane Ana Ing Relief Candhi Borobudur

HE King of The Fruit, iku komentare ma­syarakat ndonya ngenani woh duren, utawa durian. Woh iki dikenal masya­rakat minangka rajane buah-buahan. Duren pancen dadi primadhona buah-buahan. Arepa Alfred Russel Wallace, sawijining ahli ilmu pengetahuan kang ngenalake duren marang masyarakat ndonya ngarani ambune duren kaya am­bune kewan luwak, nanging duren kanthi cepet dadi primadhona woh-wohan.

Nanging sabenere duren iku wis su­we raket ana ing masyarakat Indonesia. Ana ing abad wolu Masehi, duren kang nduweni jeneng ilmiah Durio Zibe­thinus Murr wis dikenal masyara­kat Jawa utawa Indonesia. Ana ing relief Candhi Bo­robudur digambarake ana abdi kang nyuguhake buah duren menyang sang raja utawa saora-orane sawijining penggedhe. Ya saka relief ing Candhi Borobuidur, Magelang.

“Relief minangka bukti menawa duren wis dadi buah-buahan favorit ka­lebu kanggo suguhan sesembahane,” critane Dr Muhammad Reza Tirtawinata, staf pengajar saka  Institut Pertanian Bogor ing sawijining sarase­han ngenani duren ing Se­rang, Banten durung suwe iki.

Minangka buah, durem bisa dikandhaake buah kang nduweni kontroversi. Akeh kang seneng marang duren. Ingga nganti ‘berburu’ buah iku. Ingga ana ngendi wae buah iku didol mesthi dipa­rani. Dhaerah utawa sentra buah duren mesthi akeh ditekani para duren mania. Ingga akeh kegiyatan kang­go nyengkuyung wong-wong kang seneng duren. Kaya ta festival duren ingga man­faatake kegiatan car free day kanggo para duren mania.

Nanging akeh kang ora seneng ma­rang duren. Mambu buah duren wae wis eneg. Ingga ana istilah mabuk duren. Mambu aromane buah duren wis ma­rakake mumet. Apamaneh ngrasakake buah sing jenenge duren basa Jawa lan uga Betawi. Wong Sunda ngarani buah duren iku kadu, menawa warga Manado ngarani buah iku jenenge duriang. Ing Ambon nyebut kanthi jeneng doriang, “Dadi bisa dikandhakake ing wilayah Indonesia duren minangka buah-buahan kang populer arepa sebutane beda-beda,” ujare Taufik Ridwan, event organizer kang lagi wae ngadani ‘festival duren’ ana ing acara Car Free Day ana ing Dalan Margo Utomo, Yogyakarta.

Ana acara kang diadani ing kidul Tugu Yogyakarta ana acara mangan duren bareng ing tengah dalan Tugu Yog­yakarta. Ya dina Minggu iku dalan kang tumuju Stasiun Tugu, Yogyakarta iku dalan Margo Utomo pancen bebas saka kendharaan nganggo mesin. Mula bisa lungguhan lesehan ing tengah dalan sinambi ngrahabi duren. Pihak panitia sengaja mecah duren kanggo dirahabi masyarakat. “Maneka duren saka sentra-sentra duren ing Jawa lan uga duren Sumatera,” critane Taufik Ridwan ma­rang wartawan.

Ana ing Festival Duren lomba duren Piala Raja. Lomba foto duren nganti lelang duren. Uga ana kang pamer lukisan duren.

“Pokoke kita nggawe acara kang apik, unik lan nyenengake,” panambahe pimpinan organizer iki.

Kanggo digawa mulih uga bisa tuku duren kanggo oleh-oleh. Sentra-sentra buah durem uga ana ing ngendi papan. Ing kutha Yogyakarta saliyane bisa teka ana sentra buah duren ing dhaerah Kulonprogo uga bisa tuku ana ing pasar-pasar buah ing kutha Yogyakarta. Ing dalan Diponegoro, sakulone Tugu Yogya. Ing dalan KHA Dahlan Yogyakarta, uga ana ing dalan Ipda Tut Harsono, Timoho, Yogyakarta. Malah ing dalan Timoho, Yogyakarta iki ana wong dodol duren 24 jam. Ya sedina full anggone dodol duren. Klebu siji-sijine pedagang ing Yogyakarta kang adol buah 24 jam.

“Ya aku, adhiku lan tenaga kang adol pancen manggon ana ing lapak kang tak sewa iku padha turu ya ana ing kono, saben dinane giliran jaga. Dadi jam pira wae menawa tuku ana ing kene ana sing ngedoli.” critane Fauzi Nur P, kang nduwe warung duren ana Lapak dalan Ipda Tut Harsono, Timoho, Yogyakarta. Duren kang didol saka dhaerah Padang, Medan, Lampumg ingga saka Purworejo lan Womosobo, Jawa Tengah.

Kena Apa Kok Thailand

Seminggune dheweke bisa nekakake duren kaping loro utawa telu/ Lan saben teka paling ora  ana 200 iji. Duren iku bisa didol antara Rp 45 ingga Rp 85 ewu saben ijine  gumantung ukuran durene. Pepayone pranyata ba-nget nguntungake. Menawa sepi paling ora sedina bisa Rp 1 juta. Menawa rame bisa nganti Rp 4 juta saben dinane. Ing Sleman, ing Kamal Wetan, Seyegan uga ana sawi-jining lapak duren kang nobatake dhewe minangka raja duren.”Duren ana kene ngangggo garansi menawa ora enak ra sah mba­yar,” kandhane sing dodol sinambi pro­mosi.

Dr. Muhammad Reza Tirtawinata saka IPB Bogor mratelaake sabenere raja buah kaya duren iku asale saka Indonesia. Punjere ana ing Kalimantan. Saka 13 spesies kang ana wolu ing antarane saka Indonesia. Mung wae ing bagian budidaya Indonesia kalah karo Tkailand. Racak-racake Duren Montong diimpor saka Thailand. Saben taune Indonesia ngimpor duren nganti tekan 19 ton.

Iku nuduhake menawa masalah budidaya perkebunan kaya duren, Thailand luwih maju tinimbang Indonesia. Ora mung duren wae, soal ekspor woh-wohan tekan masalah bibit kita pancen kalah karo negara kang dijuluki negara Gajah iku. Iki pancen dadi pitakonan kita minangka negara agraris.

(Hamid Nuri)

 

 

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…