Ndandakne Putu
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Cerita Cekak - Dibaca: 406 kali

PEEH, jian ra lumrah.  Biyen yen ketemu kanca sekolah sing ditakokne ajeg anakmu pira, pensiunmu ka­pan, wis mantu apa durung lan anak-anake wis dha mentas apa sik kuliyah. Arang banget sing nakokne utangmu pira, wis du­we omah dhewe apa durung, wa­ni rabi loro apa ora. Nanging saiki kanca-kancaku sing arang ketemu takone luwih spesifik, lekmu ndandakne putu wis dadi apa durung? Cethuk gapyuk karo Danu takone ya, “Lekmu ndadak­ne putu kae dadi lanang apa wedok, Drun?”

Pitakonan ngono kuwi jane lumrah lan ora aeng. Wajar, pan­cen sawetara wektu kepungkur anggonku mantu anak wedok akeh dirawuhi tamu sing racake kanca-kanca kantor lan kanca se­kolah biyen. Nanging yen pita­konan ngono kuwi lho, kok sajake lek ora menakne ati. Mosok putu kok didan­dakne? Kaya klambi sragam utawa sepe­dha amoh wae. Apa ora ana ta ukara li­ya? Yen karepku ki mbok ya takon ngang­go ukara sing luwih adhem, upa­mane piye, wis duwe putu pira? Lanang apa wedok? Ngono lho, ora kok milih ukara ndandakne putu. Peeh jian marahi anyel tenan.

Ora sir nyauri dikira aku budheg uta­wa angkuh, takwangsuli kok atiku ora sreg karo pitakone. Ya najan kepeksa kudu takwangsuli kanthi cekak aos, “wis” ngono wae. Ngrungu wangsulanku ngo­no kuwi sajake kanca-kancaku kok ma­lah mesem ngece. Ora marem. Ngempet guyune. Walah, aneh ta. Aku kudu mang­­suli piye jal?

“Sokur ta lek wis kasil,” ngono se­man­tane Tasman sajak piye.

“Saiki wis dadi pira lek ndandakne putu, Kang Drun?” takone Amrul ngam­bali maneh pitakonan sing taksiriki kuwi.

“Ya sik siji sing keri iki. Ganep telu lek karo anake sing mbarep, Mas.”

“Waah, sumbut wisan,” aloke Teguh.

Iki ukarane Teguh kok nylekit. Mosok  duwe putu kok dipadhakne ngingu pitik, wis ngendhog njur netes kuthuk sing kenek didol njur bathi. Sumbut piye, ukurane apa?

“Lekmu mantu ngundang wong te­lung ewu luwih. Kabeh kanca guru pa­tang kecamatan kok undangi. Pejabat dinas kabupaten lan bupati sak wabupe ya dha rawuh,” Teguh nerangake nalika weruh aku bingung ora mudheng ka­repe.

“Sejene wong sing teka ndelok wa­yang kulit sewengi natas lan kethoprak kae, pa ya sumbut ta, Kang Drun?” im­buhe Mas Amrul.  “Nde gawe mantu lek ngramekne patang dina kebak tontonan  kuwi wis wong peng-pengan. Lek ra Kang Drun angel golek tandhingane.”

Aku isih meneng. Ora bisa komentar apa-apa. Jer nyatane sing diucapake Te­guh lan Amrul kuwi bener. Anggonku mantu anak penggulu kae pancen kliwat gedhen. Karepku ya syukuran, ora golek becekan utawa sumbangan. Malah aku wis disumbang Dhik Panji lan Dhik Anis dadi MC. Ki Dhalang Sudadi ya nyumbang wayangan sewengi natas komplit, sak bregada sindhen lan niyaga.

 Mung dhagelan sing lagek ngetop ing……………

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Saupamane wae kabagyan iku bisa dituku, mesthi wong-wong sugih bakal nuku kabagyan mau. Lan kita bakal kangelan oleh kabagyan ksb merga wis diborong wong kang sugih mau. Nanging tujune ka­bagyan kuwi anane mung ing njero  ati lan pikiran. Ka­bagyan iku mung bisa didu­weni dening wong kang pin­ter nindakake sukur.

Klik

ARIF WICAKSANA

Grengsenge mbabat alas kanggo kabutuhan pembangunan kanthi ngurbanake sakehing warna-warna ijo ing alam, pranyata isih ana uga kang gelem ngalah lan ngajeni banget marang ‘pabrik’ oksigen ksb. Iki salah siji contone, dimen nylametake wit siji-sijine, panggawene dalan nasional lila dienggokake. Dadi, ayo ndadekake wit-witan minangka karib kita, ing ngendi wae. (d/ist)***

Pethilan

Amandemen gumantung keputusan politik

Gumantung kepentingane uga

Koalisi padhadene ngenteni capres cawapres

Intip-intipan rupa lawas

Lobi-lobi politik saya kerep

Kasak kusuk, nyang-nyangan…